5 Contoh Teks Eksposisi Gamelan Bahasa Jawa dan Strukturnya Lengkap
Salah satu tugas yang didapat siswa pada saat mata pelajaran bahasa Jawa di sekolah yaitu guru memberi tugas murid membuat teks eksposisi tentang gamelan.
Di dalam mengerjakan tugas ini, sering membuat siswa kesulitan. Sebenarnya yang membuat siswa kesulitan dalam mengerjakan tugas ini ada dua macam yakni siswa belum tahu apa itu teks eksposisi dan apa itu gamelan.
Supaya kamu bisa mengerjakan tugas ini, sebaiknya kamu mengetahui dulu pengertian dari teks eksposisi dan gamelan. 📖😊✨
Daftar Isi
Daftar Isi
Mengenali Teks Eksposisi dan Gamelan
Teks Eksposisi
Jika dilihat dari jenisnya teks eksposisi merupakan sebuah jenis teks nonfiksi yang ditulis untuk memberikan informasi atau pengetahuan yang disajikan dengan padat, akurat, dan singkat kepada para pembaca.
Teks ini ditulis hanya bertujuan untuk memberikan informasi kepada pembaca tanpa ada maksud untuk mempengaruhi pikiran pembaca.
Memahami Alat Musik Gamelan
Secara sederhana gamelan bisa diartikan sebagai sekumpulan alat musik tradisional Indonesia yang terdiri dari berbagai jenis instrumen dan berbagai cara memainkannya seperti kendang, saron, bonang, slenthem, gambang, gong dan beberapa perangkat musik lainnya.
Jika dilihat dari bahan pembuatnya gamelan bisa dibedakan menjadi dua jenis yakni gamelan dari besi dan tembaga.
Sedangkan apabila dilihat dari bunyi yang dihasilkan saat dimainkan. Gamelan bisa dibedakan menjadi dua yakni pelog dan slendro.
Alat musik gamelan dikenal di kalangan masyarakat Jawa, Sunda, dan Bali. Masing-masing dari ketiga gamelan ini memiliki keunikannya sendiri-sendiri.
Struktur Teks Eksposisi
Setelah memahami pengertian teks eksposisi dan gamelan secara singkat. Sebelum kamu mulai membuatnya.
Satu hal yang harus kamu lakukan adalah tahu bagaimana struktur penulisan teks eksposisi yang benar.
Nah, di bawah ini kamu akan diberikan cara menuliskan teks eksposisi tentang gamelan lengkap dengan strukturnya.
Teks eksposisi memiliki empat unsur utama yakni judul, tesis, argumentasi, dan reiteration.
Judul terletak di awal tulisan yang tujuannya memberi tahu kepada pembaca mengenai informasi apa yang hendak disampaikan.
Tesis merupakan bagian awal atau pembuka tulisan yang berisi tentang pandangan atau pendapat penulis terhadap informasi yang disampaikan.
Argumentasi merupakan bagian yang ditulis setelah tesis yang isinya tentang fakta yang menguatkan pendapat penulis.
Sedangkan reiteration merupakan bagian penutup yang merupakan kesimpulan singkat dari informasi yang disampaikan dalam teks.
Contoh Teks Eksposisi Gamelan Bahasa Jawa
Di bawah ini adalah beberapa contoh teks eksposisi Gamelan bahasa Jawa yang bisa kamu jadikan rujukan nanti.
1. Wonogiri Sentra Rancakan Gamelan
Tesis
Papan saka kayu kanggo mapanake piranti gamelan iku sinebut rancakan gamelan. Umume kayu sing digunakake kanggo nggawe rancak gamelan yaiku kayu sing duwe tekstur atos.
Saliyane saka awete kayu atos kang dipilih kanggo gawe rancak gamelan yaiku amrih kepenak nalika diukir kanthi maneka rerenggan.
Jinis-jinis kayu sing umume digunakake kanggo gawe rancakan yaiku kayu kayu jati, kayu mahoni, kayu nangka lsp.
Wonogiri mujudake salah siji dhaerah ing Jawa Tengah kang wis suwe kondhang dadi sentra penghasil rancakan gamelan.
Saliyane regane miring tinimbang daerah liyane. Rancakan gamelan saka Wonogiri disenengi jalaran gaweyane luwih alus lan luwih bakoh.
Argumentasi
Perangan liya kang ndadekake akeh wong sing padha teka menyang Wonogiri kanggo blanja rancakan dudu perkara rega lan kwalitas wae.
Nanging rata-rata para pengrajin rancakan gamelan kang deduning ing Wonogiri iki bisa menehi wawasan menyang pelanggane ngenani rerenggan kang bakal dipahatake menyang rancakane.
Saupamane ana wong sing tuku rancakan gamelan lan kepingin digawekake motif khas Yogyakarta. Para pengrajin rancakan gamelan bakal menehi ngerti kaya ngapa iku motif khas Yogya sing trep kanggo rancakan gamelan.
Tumrape pawongan sing durung dunuing gamelan. Tumindak kaya ngene iki wigati banget kanggo njaga kawibawane pelanggane.
Saengga pelanggan rancakan gamelan ora kisinan utawa kliru motif sajroning motif kang digunakake sajroning rancakan gamelan pesenane.
Gamelan lan rerenggane sajroning budaya Jawa iku bisa diperang dadi loro yaiku khas Yogyakarta lan Solo.
Sarehne pengrajin gamelan lan rancakan iki beda wong. Supaya ora salah wong sing pengin tuku utawa nempil piranti gamelan bisa mbedakake antarane sing khas Yogya lan sing khas Solo.
Aja nganti nganti kliru nggunakake rancakan gamelan. Bakal katon wagu yen gamelane khas Yogykarta nanging rancakane khas Solo.
Reiteration
Kanthi anane wawasan sing diwenehake para pengrajin rancakan gamelan saka Wonogiri iki ora mung bakal ndadekake wong luwih paham perangan-perangan saka gamelan. Nanging uga ndadekake wong luwih tresna marang budayane.
Kaluwihan pengrajin saka Wonogiri iki kang arang ditemokake ing papan liya.
Mula ora nggumunake yen pengrajin gamelan utawa wong kang kepengin ngrakit gamelan akeh sing teka menyang Wonogiri kanggo blanja rancakan gamelan.
2. Piguna Liya saka Gamelan
Tesis
Gamelan mujudake piranti musik sing mesthi ana ing saperangan gedhe kesenian ing Jawa. Saliyane ana ing pagelaran wayang. Gamelan uga bisa ditemokake ing kesenian liyane kayata ludruk, kethoprak, macapatan lsp.
Sairing lumakune wektu lan anane owah-owahan jaman. Pigunane gamelan ora mung kanggo ngiringi kesenian kang wis sinebut ing dhuwur.
Nanging ing jaman saiki gamelan wiwit digunakake kanggo sarana medhitasi utawa kanggo piranti pemulihan batin.
Anane piguna liya saka gamelan iki kang ndadekake akeh bangsa-bangsa manca sinau cara mainake gamelan.
Kanthi bisa mainakake gamelan sacara becik. Wong-wong saka manca iki kepengin ndadekake swara kang diasilake gamelan kanggo ngobati stress utawa kanggo kanca nalika nindakake medhitasi.
Argumentasi
Surasa ayem nalika ngrungokake gamelan nalika dimainake mujudake salah siji alesan wong saka bangsa akeh sing kepengin bisa mainakake gamelan sacara bener.
Senajan katone gampang, sejatine main gamelan iku kalebu angel. Pawongan kang kepengin bisa mainake gamelan sacara bener.
Saliyane bisa maca notasi gamelan kanthi bener. Pawongan iku uga kudu bisa lan ngerti tempo. Sawise bisa kekarone pawongan mau mesthi bisa main gamelan kanthi bener.
Gamelan kang dimainake sacara bener bakal nuwuhake rasa kepenak sarta rasa tentrem kanggo sing mirengake.
Wis akeh banget wong saka njero lan manca negara sing ngrasa ayem lan ilang strese nalika keprungu swara gamelan kang ngrangin.
Surasa ayem lan tentrem kalane mirengake gamelan iki kang ndadekake akeh wong manca negara padha kepingin bisa main gamelan. Pamrihe yen wis bisa mainake gamelan.
Pawongan mau bakal ngenalake metode ngubati stres nganggo gamelan ing negara asale.
Reiteration
Anane para bangsa manca negara kang sinau gamelan iki nyatane ora mung nuwuhake rasa mongkog ing batin nanging uga rasa miris kanthi bebarengan.
Rasa mongkog iku tuwuh jalaran weruh kesenian lokal disenengi wong akeh nganti wong saka manca negara.
Dene rasa miris tuwuh jalaran weruh ana kasunyatan nalika akeh wong manca negara sing nyinaoni gamelan.
Generasi mudha sing kudune njaga kelestariane malah luwih seneng lan khurmat marang budaya manca.
Malah ora sethithik kang ngasorake utawa ngrasa isin karo budaya lan tradisine dhewe tinggalan leluhure.
3. Sejarah Notasi Gamelan
Tesis
Gamelan ngono mujudake salah sawijining kesenian asli Indonesia. sajroning gamelan dhewe tinemu maneka alat musik kayata demung, kendang, saron, slenthem, gong, lan sapanunggalane.
Gamelan kang ana ing Indonesia iki bisa dibedakake dadi telu yaiku gamelan sunda, gamelan bali, lan gamelan Jawa. saben-saben gamelan iku mau nduweni titikan dhewe-dhewe.
Argumentasi
Yen ngomongake gamelan Jawa mesthine ora bisa diuwalake saka laras kepatihan. Iki disebabake gamelan laras kepatihan iki ana sambung rapete klawan panulisan notasi gamelan iku dhewe ing era modern.
Jaman saiki notasi gamelan dhewe wis nggunakake notasi angka. Ananging sapa ngira yen notasi angka sing digunakake ing dina iki kanggo mainake gamelan nyatane nduweni sejarah dhewe kang cukup dawa.
Sadurunge nggunakake notasi wujud angka kaya wektu iki notasi gamelan iku wujude garis-garis sing mirip klawan sandhi morse.
Amarga wujude isih garis-garis, cetha wae ing wektu iku gamelan isih kapetung angel anggene mainake.
Kahanan sing kaya mangkene iki tansah ndadekake Kanjeng Raden Mas Wreksodiningrat kegugah atine kanggo nindakake sawetara panliten amrih kepriye gamelan mau gampang disinaoni.
Nalika nindakake panliten mau Kanjeng Raden Mas Wreksodiningrat isih njabat dadi Kaliwon Sewu ing ndalem Kepatihan Kraton Kasunanan Surakarta lan isih nganggo jeneng Raden Ngabehi Jayasudira. Anggone nindakake panliten iki watara taun 1890 M.
Reiteration
Lumantar paneliten lan sumbangsihe Kanjeng Raden Mas Wreksodiningrat iki kang wusanane njalari ndadekake wong luwih kepenak anggene sinau gamelan.
4. Peran Gamelan ing Upacara Adat Jawa
Tesis
Gamelan ora mung dadi piranti musik kanggo hiburan utawa pagelaran seni, nanging uga nduweni peran wigati sajrone upacara adat Jawa.
Wiwit saka upacara mantenan, mitoni, nganti ruwatan, gamelan mesthi dadi piranti utama kanggo ngiringi prosesi kasebut. Ing budaya Jawa, swara gamelan dianggep nduweni daya magis kang bisa nggawa ketenangan lan kesakralan ing saben upacara.
Tembung “gamelan” dhewe asalé saka tembung “gamel” kang tegesé nyawiji utawa kerja bareng. Teges kasebut cocog banget karo maknane sajrone upacara adat, amarga gamelan nggambarake kebersamaan antarane manungsa lan alam semesta.
Argumentasi
Ing upacara mantenan contone, gamelan diputer nalika temanten mlebu utawa nalika prosesi sungkeman. Swara kendang, gong, lan saron kang diatur kanthi laras alus nggambarake rasa khidmat lan pangajab kabegjan kanggo pasangan manten.
Saliyane iku, ing upacara mitoni utawa tingkeban, gamelan uga dadi piranti kanggo ngiringi tembang dolanan sing ngemot pangajab supaya jabang bayi tansah slamet.
Nalika ruwatan, gamelan dipercaya dadi perantara kanggo ngundang roh alus supaya ora ngganggu manungsa. Laras slendro lan pelog sing khas dipercaya bisa netralake energi negatif.
Kabeh iki nuduhake yen gamelan ora mung duwé fungsi estetis, nanging uga spiritual. Wong Jawa percaya yen swara gamelan bisa ngresiki hawa ala lan nambah rasa tentrem sajrone ati.
Reiteration
Saka keterangan mau bisa disimpulake yen gamelan nduweni peran penting ing saben prosesi adat Jawa.
Ora mung minangka hiburan, nanging uga minangka piranti sakral sing njaga keseimbangan antarane manungsa lan alam. Kanthi mangkono, gamelan dadi warisan budaya kang kudu dilestarekake supaya ora ilang ditelan jaman.
5. Gamelan Minangka Sarana Pendidikan Karakter
Tesis
Gamelan ora mung bisa dianggep minangka alat musik tradisional, nanging uga bisa dadi sarana kanggo ngleksanani pendidikan karakter.
Ing saben sekolah utawa sanggar seni, sinau gamelan bisa nggawe bocah luwih disiplin, sabar, lan kompak. Iki amarga sajrone main gamelan saben wong kudu manut aturan irama, tempo, lan tanggung jawab marang peranane dhewe-dhewe.
Argumentasi
Nalika bocah sinau main gamelan, dheweke ora bisa tumindak sak karepe dhewe. Saben piranti gamelan nduweni peran sing ora bisa ditindhes piranti liyane. Yen salah siji ora nyelaras, kabeh irama bisa rusak. Saka kene, bocah sinau makna tanggung jawab lan kerjasama.
Saliyane iku, sinau gamelan uga nuntut rasa sabar lan fokus. Contone, wong sing main kendang kudu ngerti kapan wektu mlebu lan kapan kudu meneng. Yen dheweke kesusu, irama bakal owah lan ora serasi karo piranti liyane.
Wong Jawa biyen uga nggunakake gamelan minangka sarana kanggo ngedidik anak supaya ngerti sopan santun. Swara gamelan sing alus dadi simbol supaya manungsa kudu tansah tenang lan ora gampang nesu.
Saiki akeh sekolah sing wis ngenalake pelajaran gamelan kanggo nguri-uri budaya lan mbentuk karakter siswa.
Reiteration
Saka paparan mau bisa dideleng yen gamelan nduweni peran gedhe ing pambentukan watak bocah. Ora mung nguri-uri budaya Jawa, nanging uga nglatih disiplin, tanggung jawab, lan kerjasama.
Mula saka iku, gamelan pantes dilestarekake minangka sarana pendidikan karakter generasi muda supaya luwih ngurmati budaya lan nduweni jiwa rukun antar sesama.
Demikian contoh teks eksposisi tentang gamelan dalam bahasa Jawa. Semoga artikel ini dapat membawa manfaat baik bagi kamu yang sedang membuat teks eksposisi berbahasa Jawa.
Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu: