Ringkasan Cerita Legenda Bahasa Jawa Tangkuban Perahu Singkat dan Jelas

Ringkasan Cerita Legenda Bahasa Jawa Tangkuban Perahu Singkat dan Jelas – Legenda merupakan salah satu jenis cerita yang kebenarannya banyak diyakini oleh suatu kelompok masyarakat.

Biasanya cerita legenda ini memiliki keterkaitan dengan awal mula suatu tempat atau terjadinya sesuatu fenomena tertentu. Salah satu cerita legenda yang ada di Indonesia adalah cerita legenda Tangkuban Perahu.

Nah, dalam artikel di bawah ini Mamikos akan memberikan bagaimana cerita bahasa Jawa Tangkuban Perahu yang singkat dan jelas. Yuk, baca ringkasannya!

Ringkasan Cerita Legenda Bahasa Jawa Tangkuban Perahu Singkat dan Jelas

pinterest.com

Di bawah ini adalah ringkasan cerita legenda Tangkuban Perahu dalam bahasa Jawa.

Asal Usul Sangkuriang

Jaman biyen ana sawijining wanita mudha ayu kang urip ing pinggir alas. Wanita ayu iku aran Dayang Sumbi.

Piyakmbake urip ing pinggir alas karo anake lanang kang diwenehi jeneng Sangkuriang. Saliyane anake lanang, dheweke dikancani karo asune kang aran Tumang.

Senajan urip ing pinggir alas nanging Dayang Sumbi seneng banget. Dheweke ora nate getun karo pilihan uripe.

Kamangka sejatine Dayang Sumbi iku mujudake sawijining putri saka kerajaan gedhe. Nanging, dheweke luwih milih urip ing pinggir alas kang adoh saka kraton.

Salah siji alesan kena ngapa milih urip ing pinggir alas merga Dayang Sumbi rabi klawan asu sing aran Tumang.

Senajan wujude asu, nanging sejatine Tumang iki mujudake salah siji dewa sing dikutuk amarga nindakake sawijining kaluputan.

Babagan ngenani Tumang kang sejatine mujudake dewa kang lagi dikutuk iki mung dingerteni Dayang Sumbi dhewe. Saengga babagan iki ndadekake Sangkuriang ora ngerti sapa bapake kang sejati.

Dayang Sumbi Ingin Makan Hati Rusa

Sawijining dina Dayang Sumbi ngomong marang Sangkuriang yen dheweke kepengin banget mangan ati kidang.

Minangka anak sing bekti marang wong tuwa, Sangkuriang banjur nuruti panjaluke ibuke. Kanthi dikancani Tumang, Sangkuriang budhal mbebedhag menyang alas.

Senajan isih cilik nanging Sangkuriang iki klebu bocah sing kendel. Dheweke wis kulina mbebedhag maneka jinis kewan ing alas.

Saka anggene kulina mbebedhag ing alas iki ndadekake Sangkuriang pinter golek kewan ing alas. Ya, merga babagan iki sing ndadekake ibune tegel ngakon Sangkuriang golek kidang menyang alas.

Sawise sarapan, Sangkuriang banjur pamit menyang ibune lan banjur budhak mbebedhag menyang njero alas.

Saliyane ngajak Tumang kanggo ngancani mbebedhag. Sangkuriang uga ora klalen nggawa paser kanggo gamane nalika mbebedhag ing jero alas.

Dina iki mujudake dina sing apes kanggone Sangkuriang lan Tumang. Jalaran wiwit esuk nganti bedhug kekarone ora ketemu klawan kewan siji-sijia.

Rasane kewan-kewan ing njero alas padha singitan. Kahanan kaya ngene iki ndadekake Sangkuriang wedi ora bisa nuruti panjaluke ibune.

Sangkuriang ora kepengin ndadekake atine ibuke kuciwa merga ora bisa nuruti nggolekake ati kidang kaya sing dijaluk ibune.

Nalika srengenge wiwit mangklung mangulon dumadakan ana kidang gedhe kang metu saka sawalike rerungkutan.

Sangkuriang sing lagi leren langsung cekekal tangi sinambi njupuk pasere. Saliyane iku Sangkuriang uga ngakon menyang Tumang supaya enggal siyaga.

Sawise diincer Sangkuriang banjur nguculake pasere. Apese, pasere ora bisa ngenani kidang gedhe sin lincah kasebut.

Merga gagal anggene maser kidang lan wedi mulih tanpa nggawa ati kidang kaya sing dijaluk ibune. Ing kono ndadekake Sangkuriang kesetanan lan wusanane mateni Tumang.

Sawise Tumang dipateni, atine banjur dijupuk dening Sangkuriang. Dene daginge ditinggal ngono wae ing njero alas.

Tekan ngomah Sangkuriang langsung masrahake ati kasebut marang Dayang Sumbi. Weruh Sangkuriang mulih nggawa ati mesthi wae ndadekake Dayang Sumbi seneng banget atine.

Wektu iku Sangkuriang goroh ngenani ati sing digawa mulih. Dheweke matur yen ati sing dipasrahake marang ibune iku ati kidang lan dudu atine Tumang.

Sawise nampa ati asil saka Sangkuriang mbebedhag ing alas. Dayang Sumbi banjur ati kuwi dimasak lan sawise mateng dipangan bareng karo anake.

Kemarahan Dayang Sumbi

Nalika Dayang Sumbi lan Sangkuriang mangan kanthi lawuh ati. Dayang Sumbi kelingan karo Tumang sing ora melu mulih Sangkuriang.

Ing wektu iku Dayang Sumbi takon marang anake ing ngendi Tumang lan kena ngapa Tumang ora melu mulih Sangkuriang.

Kanthi entheng Sangkuriang ngomong amrih ibune ora perlu ngarep-arep baline Tumang, jalaran Tumang ora bakal bali selawase.

Wangsulan kaya mangkono mesthi wae ndadekake ibune kaget. Jalaran mokal Tumang ora bali. Merga ngrasa ana sing disingidake anake.

Wusanane ibune ndhedhes lan ngakon Sangkuriang blaka ngenani alesan apa sing ndadekake Tumang ora bakal bali selawase.

Merga didhedhes ibune, wusanane Sangkuriang blaka yen Tumang wis dipateni. Lan ati sing dipangan dheweke lan ibune iku dudu ati kidhang nanging atine Tumang.

Wangsulane kaya ngene iki sanalika ndadekake Dayang Sumbi nesu. Piyambake ora ngira anake bakal tumindak kaya mangkono.

Saking nesune karo tumindake Sangkuriang kang dibiji wis kliwat wates. Dayang Sumbi nuthuk sirahe anake nganggo enthong nganti metu getihe.

Apa sing ditindakake ibune iki ndadekake Sangkuriang lara atine. Jalaran dheweke ngrasa ibune luwih tresna marang Tumang tinimbang dheweke.

Kegawa lara atine merga ngrasa ora ditresnani ibune ndadekake Sangkuriang minggat. Sangkuriang mlayu menyang alas kanggo nenangake atine.

Sawise atine lerem, Dayang Sumbi nggoleki anake. Emane, senajan wis digoleki nanging piyambake ora kasil nemokake Sangkuriang.

Sangkuriang Mengubah Namanya Menjadi Jaka

Sawetara taun sawise kedadeyan kuwi Sangkuriang wis tuwuh dadi nom-noman kang sekti lan gagah pideksa.

Dheweke asring ngumbara tekan sadengah papan kanggo meguru. Sawise mataun-taun ninggalake tanah klairane Sangkuriang ngrasa kangen.

Kegawa rasa kangene marang tanah klairane, Sangkuriang mutusake bali. Nalika bali menyang tanah klairane iku Sangkuriang ketemu klawan sawijining wanita sulistya kang narik kawigatane.

Dheweke banjur kenalan karo wanita kasebut. Nalika kenalan karo wanita sing narik kawigatene iku Sangkuriang nganggo jeneng Jaka.

Dene si wanita iku ngaku yen jenenge Rarasati. Tanpa dinyana wanita iku uga katarik klawan Sangkuriang.

Gilir gumantine wektu sesambungan antarane Sangkuriang lan Rarasati iku tansaya cedhak. Ing sawijining dina nalika pepasihan.

Sangkuriang ndelehake sirahe ing pangkonane Rarasati. Ing wektu iku Rarasati ngaras rambute Sangkuriang kanthi kebak asih.

Nalika kuwi Rarasati kaget amarga sirahe Sangkuriang ana sing pithak. Sanalika Rarasati kelingan karo anake sing wis suwe ngilang.

Rarasati banjur takon marang Jaka ngenani sirahe sing pithak. Jaka utawa Sangkuriang banjur blaka kang nyebabake sirahe dadi kaya ngono iku merga dithuthuk nganggo enthong ibune.

Wangsulane Sangkuriang iki mesthi wae  ndadekake Rarasati kaget. Jalaran priya sing sasuwene iki ditresnani jebul anake dhewe.

Nalika ngerti yen Jaka iku sejatine Sangkuriang banjur Rarasati njaluk amrih sesambungan sing wis dipungkasi.

Nanging Jaka utawa Sangkuriang ora trima. Dheweke tetep mbatek lan meksa amrih Rarasati gelem dadi bojone.

Merga ora ana dalan liya kanggo mungkasi pepinginane Jaka utawa Sangkuriang. Rarasati utawa Dayang Sumbi banjur nduweni panjaluk digawekake tlaga lan prau sing gedhe kanthi wektu sewengi.

Yen Jaka utawa Sangkuriang bisa mujudake panjaluke kuwi. Dayang Sumbi bakal gelem dipek bojo dening Sangkuriang.

Sangkuriang Berusaha Mewujudkan Keinginan Dayang Sumbi

Merga wis kebacut tresnane marang Rarasati sagunung gedhene. Sangkuriang nyoba sakuwat tenagane kanggo mujudake panjaluke Rarasati sing mokal diwujudake wong sembarangan.

Kanggo mujudake pepinginane Rarasati iku Sangkuriang banjur njaluk tulung marang bangsa jin. Saka pambiyantune para bangsa jin iki ndadekake pakaryane Sangkuriang dadi luwih cepet.

Ing kalane Sangkuriang nyoba mujudake panjaluke Dayang Sumbi. Ing sanggar pamelengan Dayang Sumbi nyenyuwun marang Kang Kinrya Jagad murih apa sing ditundakake Sangkuriang bisa gagal.

Nalika ing sanggar pamelengan iku Dayang Sumbi nampa wangsit. Ing wangsit kang ditampa iku Dayang Sumbi diakon ngebong tumpukan kawul.

Dayang Sumbi nuruti wangsit kang ditampa kuwi. Sawise ngebong kawul, Dayang Sumbi uga nabuh lesung senajan wektune isih wengi.

Weruh ana kawul sing kobong kang ndadekake langit semburat abang lan krungu swarane lesung kang ditabuh ndadekake jago padha kluruk.

Para jago iki padha kluruk jalaran ngira wis teka wayah esuk. Swara kluruke jago iki ndadekake bangsa jin sing ngrewangi Sangkuriang mlayu.

Merga ditinggal bangsa jin iki kang ndadekake usahane Sangkuriang kang mung kari nggawe prau sing bakal digunakake lelayaran karo Dayang Sumbi gagal.

Sawise nindakake wangsit kang ditampa iki Dayang Sumbi banjur nemoni Sangkuriang. Ing wektu iku Sangkuriang isih katon ngrampungake praune.

Tekane Dayang Sumbi iki ndadekake Sangkuriang kaget banget. Nanging ing perangan liya tekane Dayang Sumbi iki ndadekake Sangkuriang sadhar.

Dheke sadhar yen playune bangsa jin kang ngrewangi penggaweyane iku mesthi ana gandheng cenenge karo Dayang Sumbi.

Nalika nekani Sangkuriang iki Dayang Sumbi ngomong kanthi blaka yen piyambake iku sejatine ibune Sangkuriang.

Nanging Sangkuriang ora percaya. Jalaran mungguhe dheweke ing wektu iki samesthine ibune wis tuwa lan mokal isih enom.

Dayang Sumbi dan Sangkuriang Moksa

Senajan Dayang Sumbi wis menehi katrangan menawa dheweke duwe ajian kang ndadekake dheweke ora bisa tuwa, tetep wae Sangkuriang ora percaya.

Malah ing wektu iku Sangkuriang duwe panduga yen Dayang Sumbi nolak katresnane jalaran ana priya liya sing disenengi Dayang Sumbi.

Kahanan sing kaya ngene iki ndadekake Sangkuriang nesu. Dheweke banjur nyadhuk prau sing durung dadi iku sarosane.

Prau iku mencelat adoh lan nalika tiba menyang bumi dumadakan ana bledheg sing ndadekake prau iku gunung.

Sawise iku Sangkuriang kang wis dikuwasani hawa nepsu kepengin ngruda peksa Dayang Sumbi. Weruh anake wis kesetanan.

Dayang Sumbi mlayu ninggalake papan kono sinambi ndedonga marang Kang Maha Wikan. Merga welase Kang Maha Wikan dongane Dayang Sumbi dikabulake.

Dayang Sumbi moksa lan malih dadi gunung kang saiki sinebut gunung Putri. Dene Sangkuriang kang terus ngoyak Dayang Sumbi wusanane ilang ing alam gaib.

Demikian ringkasan cerita legenda bahasa Jawa Tangkuban Perahu yang bisa disampaikan. Semoga artikel ini bisa bermanfaat bagi yang membutuhkan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta