3 Contoh Cerita Hari Raya Idul Fitri Bersama Keluarga Bahasa Jawa Singkat
Jika kamu ingin mencari contoh cerita hari raya idul fitri bersama keluarga dengan menggunakan bahasa Jawa singkat, kamu dapat menemukan contoh-contohnya pada artikel berikut.
3 Contoh Cerita Hari Raya Idul Fitri Bersama Keluarga Bahasa Jawa Singkat โ Momen lebaran merupakan saat-saat yang paling dinantikan oleh umat muslim di seluruh dunia. Pada momen ini, umat muslim sering menghabiskan waktu untuk berkumpul bersama keluarga besar.
Biasanya setelah melakukan bermaaf-maafan bersama keluarga inti. Umat muslim akan melakukan silaturahmi ke keluarga besar dan kemudian dilanjutkan silaturahmi ke tetangga terdekat.
Selama melakukan kegiatan ini seringkali terjadi cerita yang menarik dan indah untuk dikenang hingga beberapa tahun ke depan. Jika kamu masih kebingungan untuk membuat cerita bahasa Jawa dengan tema idul fitri. Kamu dapat melihat contoh-contohnya pada artikel berikut.
Contoh Cerita Hari Raya Idul Fitri Bersama Keluarga Bahasa Jawa Singkat
Daftar Isi [hide]

Di bawah ini adalah contoh cerita bahasa Jawa dengan tema idul fitri bersama keluarga
Contoh Cerita Hari Raya Idul Fitri Bersama Keluarga 1
1. Klambi Anyar kanggo Arga
Telung dina iki Arga katon sedhih. Perkarane dheweke durung ditukokake klambi anyar karo wong tuwane.
Arga pengin banget duwe klambi anyar kaya kanca-kancane. Nanging merga wong tuwane nembe pikantuk musibah. Rasane pepinginane Arga kanggo duwe klambi anyar mokal keturutan.
Dodi sing ngerti masalah kang dialami Arga sejatine pengin aweh pambiyantu. Nanging, dheweke bingung kepiye carane.
Sawijining dina ana kurir kang ngeterake paketan gedhe menyang omahe Dodi. Mesthi wae Dodi seneng banget.

Advertisement
Paketan kuwi mujudake kirimane Pakdhene Dodi sing pidalem ing Kalimantan. Nalika paketan dibukak. Dodi seneng banget jalaran isine akeh jajanan kang enak lan sandhangan anyar kang apik-apik.
Apese, nalika dicoba jebul ana sandhangan kang keciliken. Wektu kuwi dheweke kelingan karo Arga kang durung duwe sandhangan anyar kanggo lebaran.
Dodi pengin banget menehake sandhangan sing ora sedheng kuwi marang Arga. Senajan Arga kuwi dudu kaluwargane, nanging merga ibune Arga wis mataun-taun buruh umbah-umbah ing omahe Dodi.
Arga lan wong tuwane wis dianggep kaya kaluwarga dhewe karo kaluwargane Dodi. Saben kaluwargane Dodi kerep aweh pambiyantu.
โBu, menawi sandhangan sing keciliken niki upami diparingake Arga menapa pareng?โ takone Dodi menyang ibune.
โYen Arga gelem nampa malah kebeneran, Dod.โ
Wangsulane ibune iki gawe atine Dodi marem banget. Bengine, nalika malem takbiran Dodi dolan menyang omahe Arga kanthi diterake bapak lan ibune.
Bapak lan ibune Dodi jagongan karo wong tuwane Arga ing njero omah. Dodi lan Arga lungguhan ana ing emper.
โDod, aku duwe hadiah kanggo kowe. Muga-muga kowe gelem nampa,โ ujare Dodi sinambi ngelungake bungkusan werna coklat menyang Arga.
โApa iki Dod?โ takone Arga.
โCoba bukaken dhewe!โ ujare Dodi.
Nalika bungkusan dibukak, mripate Arga katon kaca-kaca merga weruh klambi koko anyar ing tangane.
โIki tenanan, Dod?โ
Dodi manthuk.