3 Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Kehidupan Sehari-hari yang Menarik
3 Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Kehidupan Sehari Hari Yang Menarik – Sebenarnya kisah-kisah yang terjadi atau dialami seseorang dalam kehidupan sehari-hari dapat digunakan sebagai sumber inspirasi dalam membuat cerita bahasa Jawa yang menarik.
Namun, perlu diingat untuk membuat kisah-kisah tersebut menjadi lebih menarik perlu dilakukan pengembangan. Sehingga ada unsur dramatis dalam cerita tersebut.
Tips Menulis Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Kehidupan Sehari-hari
Daftar Isi
Daftar Isi
Membuat cerita bahasa Jawa yang menarik tidak harus memakai bahasa-bahasa arkais atau bahasa krama.
Kamu bisa menggunakan bahasa Jawa ngoko atau bahasa Jawa yang kamu pakai sehari-hari untuk membuat cerita buatanmu menarik.
Di bawah ini adalah contoh cerita pendek bahasa Jawa yang diambil dari kisah sehari-hari
Contoh Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Kehidupan Sehari-hari 1
Memedi Sirah
Jaman isih cilik biyen, Mas Budi pancen klebu bocah sing mbelinge kliwat. Saben duwe kekarepan ora kena dipenggak.
Saka sipate sing kaya ngene iki kang ndadekake Mas Budi kerep banget kena masalah.
Masalah sing dialami Mas Budi iki ora mung klawan sapadane manungsa wae, nanging uga klawan bangsane memedi.
Hlo, kok bisa duwe urusan klawan bangsa memedi? Critane ngene.
Ing sawijining sore, wektu iku kira-kira ngancik wayahe ngarepake adzan magrib. Mas Budi sajak ora sabar kepengin dolan menyang omahe kancane ing sawetane Tembok Baluwarti, Solo.
Wis bola-bali ibune ngajab amrih anake gelem ngenteni rampunge adzan magrib. Nanging merga watake sing ora kena dipenggak.
Apa sing dikandhakake dening ibune paribasan mung mlebu kuping tengen lan metu kuping kiwa.
Anggene ngupaya amrih anggene anake dolan dina iku mau sabubare adzan magrib, sejatine ora kurang-kurang.
Malah ibune Mas Budi sempet ngendikan, “Yen kowe metu yah mene iki, bisa-bisa bakal ditemoni memedi hlo, Le. Apa meneh dolanmu ngliwati rumah sakit kae (jeneng salah siji RS ing Solo), kono kae kuwi dhaerahe gawat-kliwat,” marang Mas Budi.
Nanging orane wedi Mas Budi malah njawab, “Yen ana memedi sing wani ngeden-ngedeni, mbok tak pangane, bu.”
Judheg merga ora bisa menggak anake. Wekasane ibune Mas Budi ngolehi anake dolan rikala adzan ing masjid dhaerah Pasar Kliwon, Solo wiwit kumandhang.
Kanthi numpak sepedhah BMX Mas Budi dolan menyang salah siji omahe kancane. Ing wektu kuwi Mas Budi sempet ngejak kancane kang jenenge Mas Andri.
Merga dipeksa, wusanane Mas Andri gelem nyarujuki panjaluke Mas Budi. Bocah loro iku mau kanthi gendhengan numpak pedhah BMX ngliwati dhaerah sing mungguhe Mas Budi angker.
Tekan kono Mas Andri sing rada jerih anggene gocekan pundhake Mas Budi dirosani lan mripate merem dhipet lan ora kelalen sabisa-bisane ngrapal donga sing dibisani.
Mas Budi sing ngrasa kancane keweden iku, banjur nyoba nyairake swasana kanthi cara sing ora samesthine.
Mas Budi sesumbar, “Yen pancen ana dhemite. Metua! Aku ora wedi. Wani ngedeni aku, sida tak pangan kowe,” sumbare Mas Budi sinambi ngguyu cekakan.
Sabubare sumbar sing kaya ngono iku mau Mas Budi sempet ngomong maneh.
“Kowe ngerti dhewe ta, Kae hlo sawangen ora ana apa-apa ta?” ujare Mas Budi sinambi terus mancal sepedhahe.
Kanggo mesthekake apa sing dikandhakake kancane. Mas Andri banjur noleh menyang mburi.
Ning saiba kagete Mas Andri kalane noleh menyang mburi dheweke ngulati ana memedi gundul pringis kang ngoyak dheweke.
Memedi sing wujude sirah tanpa awak iku mau ngoyak bocah loro iku mau kanthi mringis, mamerake siunge.
Gandhenge keweden ngulati memedi sing ngoyak dheweke. Kanthi reflek Mas Andri langsung mencolot saka boncengane Mas Budi lan mlayu nggenthirit.
Weruh kancane mencolot lan mlayu Mas Budi bingung. Dheweke banjur noleh menyang buri.
Nanging durung nganti noleh memedi iku mau wis ing pinggire. Ngulati ana memedi tenan.
Mas Budi langsung nguncalake sepedhahe lan langsung playune Mas Andri sinambi mebngok njaluk tulung.
Apese wektu iku dhaerah kono sepi mampring jalaran wargane padha lagi menyang mesjid.
Ya merga ngalami kedadeyan sing kaya ngono iku mau kang ndadekake Mas Budi sadhar.
Wiwit dina kuwi dheweke ora kakon ati maneh. Dheweke uga dadi rada nurut marang apa sing dingendikake ibune. Jarene wani, bareng diwedeni nyatane wedi tenanan.
Contoh Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Kehidupan Sehari-hari 2
Klencutan Dhewe
Sabubare nyekel hp android tilase anake. Lagak lageyane Mbak Nurul rada seje. Mbak Nurul sing biyen jarang banget nggawa hp saiki sasat ora bisa uwal saka hpne.
Apa maneh sawise piyambake tuku powebank anggene pisah klawan hp-ne sasat mung wayahe turu kepati.
Saliyane kuwi Mbak Nurul sing biyen prasaja saiki dadi gelem brai. Menyang ngendi wae lungane mesthi macak mening.
Aja maneh lunga menyang pasar, hla tuku jangan lan lawuh menyang ethek sing mandheg ing protelon kidul omahe wae Mbak Nurul macak methithit lan dadak nganggo gelang sikil.
Owah-owahan sing ditindakake dening Mbak Nurul iki mesthi wae nuwuhake maneka pitakonan lan panduga saka tangga sakiwa tengene.
Salah siji panduga sing paling banter yaiku Mbak Nurul duwe gendhakan anyar.
Panduga sing kaya ngene lair jalaran Mbak Nurul saben kepethuk tanggane mesthi ngangkat hp-ne sinambi ngomong, “Iya, Mas. Ini saya sedang repot. Nanti sebentar lagi saya akan segera meluncur ke lokasi.”
Yen tumindak sing kaya mangkono mung ditindakake pisan pindho menawa wae para tanggane Mbak Nurul ora masalahake.
Nanging merga anggene nindakake bola-bali lan bisa dikandhakake dadi pakulinan anyare Mbak Nurul.
Mesthi wae akeh para tanggane kang kepengin mangerteni sapa ta Mas sing kerep ditelpon lan nelpon Mbak Nurul mau.
Kahanan sing kaya ngono lair merga ora mungkin Mas sing kerep ngubungi Mbak Nurul iku sisihane Mbak Nurul dhewe.
Jalaran anggene Mbak Nurul nyebut sisihane nganggo sebutan Yah utawa Pah.
Gandhenge kepengin ngerti sapa ta Mas mau. Para tanggane Mbak Nurul nganti lila nindakake laku detektif kanggo meruhi sapa ta sejatine Mas mau.
Sawise nindakake laku detekjtif mau wusanane para tanggane kasil meruhi paraga Mas mau.
Samungkure ngerti tanggane Mbak Nurul orane kaget nanging malah padha ngelus dhadha.
Jalaran Mas sing kerep disebut dening Mbak Nurul iku nyatane paraga karangan.
Tanggane Mbak Nurul sing ngerti dhisik dhewe yen sing digoleki iku paraga ora nyata yaiku Mbak Wina.
Ngertine Mbak Wina babagan iku nalika piyambake blanja menyang tokone Bu Ana, mantan bose Mbak Wina. Pinuju blanja iku mau Mbak Wina sempet ngrembug Mbak Nurul.
“Bu, si Mbak Nurul kae hlo kok dakdelok-delok sawise kerja nganti sampeyan pecat kok dadi rada seje ngono?” takone Mbak Wina menyang Bu Ana.
“Seje piye hlo, Jeng?” semaute Bu Ana semu takon.
“Kae hlo saliyane seneng brai Mbak Nurul uga sering banget telpon-telponan nganggo basa Indonesia. Gek yen nelpon katone mesra banget.”
“Mengko gek-gek bojone dhewe?”
“Ora. Hla, kae yen ngundang bojone nganggo tembung ayah, je. Mosok saklawase kerja nyang kene. Mbak Nurul ora nate ngangkat telpone?”
“Yen kuwi kerep. Eh, Jeng, apa pas nelpon iku mau Mbak Nurul sempet nyebut mie ayam ceker ngono?”
“Ho oh, Jeng. Mas sing dikarepake kuwi wong ngendi ta? aku kok penasaran kaya ngapa wonge.”
“Ealah yen Mas sing kuwi ora nyata. Kuwi mung karangane Mbak Nurul wae.”
“Sik..sik… aku kok ora mudheng. Piye maksude?”
“Maksude ngene anggene telpon Mbak Nurul kuwi ora tenanan. Dheweke mung nggaya nelpon wae supaya dianggep wah. Ngertiku ngene iki merga nalika kerja ing kene nalika Mbak Nurul lagi nelpon klawan Mas sing ceker ayam kuwi telpone dakrebut. Ing wektu kuwi aku sempet muni-muni maneka werna sing wose supaya ora ngganggu karyawanku ing jam kerja. Saiba isinku sawise aku muni-muni nganti gorokanku asat. Jebule hp-ne si Mbak Nurul iku ora dienggo nelpon lan mung disetting murub layare wae.”
“Tapi mosok ora tenanan ta, Bu. Hla, telpone kaya tenanan?”
“Yen sampeyan ora percaya coba sampeyan gatekke temenan!”
Diomongi kaya ngono Mbak Wina manut. Liya dina nalika Mbak Nurul nindakake pakulinan anyare.
Mbak Wina ngulati hp-ne Mbak Nurul kanthi temenan. Mbuh iku dina apese Mbak Nurul merga lali ora nyetting hp-ne apa piye, sing cetha kalane Mbak Nurul nelpon layar hpne mati.
Kahanan sing kaya ngene iki ndadekake wetenge Mbak Wina lan sawetara tanggane kang melu nonton tanggane liyane ngguyu cekikikan nganti mules wetenge.
Merga ana sing aneh Mbak Nurul banjur nguwisi anggene nelpon lan nonton hp-ne.
Samungkure ngerti yen dheweke durung nyetting hp-ne. Mbak Wina langsung mbrabak abang raine merga isin jalaran sandhiwara sing sasuwene iki ditindakake kabukak.
Gandhenge ora kuat ngempet isine. Mbak Nurul langsung nyetater motore lan nggelak motore sakayange. Niyate arep pamer kok malah klencutan dhewe.
Contoh Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Kehidupan Sehari-hari 3
Ula Mlebu Clana
Kedadeyan lucu iki dialami dening Mas Bambang rikala nindakake praktek ngajar utawa PPL ing Tuban sawetara taun kepungkur.
Wektu iku motore Mas Bambang disilih dening kancane kang sebut wae jenenge Mas Dharaka dolan menyang alas. Anggene Mas Dharaka dolan menyang alas wiwit esuk nganti tekan sore.
Ya gara-gara sepedhah motore dienggo dolan menyang alas iki Mas Bambang ngalami kedadeyan sing lucu nanging medeni.
Critane ngene, dina candhake sawise Mas Dharaka mbalekake sepedhah motor kang disilih. Sepedhah motor iku mau digawa Mas Bambang ngajar ing papane PPL-e.
Kebeneran dina kuwi anggene Mas Bambang budhal menyang sekolahan kang digunakake PPL kawanen. Merga budhale kawanen Mas Bambang ora kebageyan papan parkir kang iyup.
Kahanan iki njalari Mas Bambang markirake sepedhah motore ing parkiran kang ora ana iyup-iyupe.
Rampung markirake kendharaane Mas Bambang langsung mlebu menyang ruwangan kang digunakake posko kanggo para mahasiswa kang PPL ing sekolahan kasebut.
Dina kuwi Mas Bambang kebageyan praktek ngajar rampung ngaso. Saengga esuk kuwi Mas Bambang isih bisa leren sinambi nyepakake materi kang bakal dienggo ngajar.
Ing nyepakake materi kanggo mulang Mas Bambang keprungu swara kang rame banget saka arah parkiran.
Mas Bambang langsung menyat saka lungguhe lan jumangkah metu saka posko kanggo nlesih apa sing sabenere dumadi.
Tekan njaba Mas Bambang kaget banget merga sepedhah motore dienggo rubungan wong akeh. Sing ngrubung sepedhah motore Mas Bambang ora mung siswa kang sekolah ing kono wae.
Nanging uga para guru lan kanca-kanca PPL-e. Malah katon Mas Roni, kancane Mas Bambang nunggal jurusan katon nyemproti sepedhah motore nganggo semprotan nyamuk.
“Iki mesthi ana sing ora beres,” batine Mas Bambang.
Mas Bambang banjur mlayu nyedhak menyang wong-wong kang ngrubung motore.
“Wonten napa niki?” Mas Bambang takon.
“Anu Mas, wonten sawer teng motor njenengan. Niku Mas Roni lagi nyemproti motore njenengan supados sawer sing wonten lebete motore njenengan kersa medal,” wangsulane Mbak Novi salah siji kanca PPL-e Mas Bambang.
Emane masia wis disemproti nanging ula sing dikarepake tetep ora gelem metu. Gandhenge ulane ora metu-metu Mas Roni sing nyemproti iku mau nyerah.
“Sampun mawon, Mas. Menawi mawon samenika sawere pejah dhateng lebet. Mangke motore kula betane dhateng bengkel supados bathange didalaken,” ujare Mas Bambang.
Apa sing dikandhakake Mas Bambang iki ndadekake Pak Roni ngendhegake upayane ngetokake ula saka sepedhah motore kancane.
Wektu Mas Roni ngendhake upayane sing ana ing kono mung Mas Roni lan Mas Bambang wae.
Para siswa sing mau nonton wis bali menyang jero kelas lan guru sing melu nonton uga wis bali menyang ruwang guru.
Sawise kuwi Mas Bambang lan Mas Roni bali maneh posko PPL maneh. Wektu terus lumaku lan ora ana siji-sijia kedadeyan sing nganeh-anehi.
Kedadeyan sing nganeh-anehi lagi dumadi kalane Mas B bali saka sekolahan.
Nalika tekan bulakan (sawah amba) kidul sekolahan kang digunakake kanggo PPL.
Mas Bambang ngrasakake ana sing gremet-gremet ing kenthole. Mas Bambang banjur noleh mengisor. Mas Bambang kaget setengah mati nalika nyawang mengisor.
Mas Bambang weruh ana buntut ula werna ireng sing nglewer saka clanane sisih tengen.
Masia kaget campur wedi nanging untunge Mas Bambang bisa ngendhaleni dhiri. Mas Bambang banjur minggir lan kanthi ngati-ati lungguh sinambi njujurake sikile sisih tengen.
“La…Ula… kowe metua ya! Omahmu dudu ing kene,” ujare Mas Bambang sinambi terus ngobahake sikile sisih tengen kanthi alon.”
Mas ngobahake sikile sisih tengen iku mau supaya sing mlebu ing clanane enggal metu. Untunge ula iku mau kaya ngerti kang dikarepake Mas Bambang. Ula mau banjur metu saka clanane Mas B.
“Alhamdulillah sing mlebu clanaku iki mau jebule isih klebu jinis ula sawah. Dadi masia mau aku kecokot ora mbebayani. Ning untunge saiki wis rampung kabeh urusane,” ujare Mas Bambang ora suwe saka metune ula saka clanane.
Sawise kuwi Mas Bambang nerusakake lakune.
“Mbang, motormu tak bongkare ya? Iki aku wis oleh silihan alat kanggo mbongkar motormu ” takone Mas Roni.
“Ora usah,” wangsulane Mas Bambang cekak.
“Hla, ula sing ing jero sepedhah motormu apa wis metu?”
“Wis.”
“Kapan?”
“Sik tas wae. dheweke metu nalika aku perjalanan mulih mau. Malah dheweke sempet mampir mlebu ing clanaku mbarang,” wangsulane Mas Bambang sinambi nyopot sepatune.
Wiwitane Mas Roni nganggep wangsulane Mas Bambang guyon. Nanging bareng diyakinake yen Mas B ora guyon, orane mesakake kancane nanging Mas Roni malah ngguyu cekakaan.
“Hoallah Mbang… Mbang. Kowe kuwi kok mesakake temen. Wis njombomu kuwi kesuwen. Ora tau diampiri bocah wedok. E… bareng ana sing ngampiri malah bangsane ula. Mengko gek-gek ula sing mlebu clanamu ula wedok?” ujare Mas Roni sinambi ngguyu cekakan.
“Asemmm…. kancane apes malah seneng.
Weruh kancane mangkel Mas Roni tambah seneng lan ngguyune tansaya cekakan.
Demikianlah contoh cerita bahasa Jawa yang sumber ceritanya diambil dari kehidupan sehari-hari. Semoga artikel ini memberimu inspirasi dalam membuat cerita berbahasa Jawa.