Contoh Cerita Rakyat Bahasa Jawa Beserta Unsur Intrinsik dan Ekstrinsik

Contoh Cerita Rakyat Bahasa Jawa Beserta Unsur Intrinsik dan Ekstrinsik – Indonesia kaya sekali dengan cerita rakyat. Seringkali cerita rakyat ini diceritakan ulang oleh seorang penulis dengan beragam teknik penulisan.

Meski dituliskan ulang, tetapi inti dari ceritanya tetap sama. Sehingga kandungan atau pesan yang terdapat dalam cerita rakyat itu tetap terjaga.

Pada artikel ini Mamikos akan membahas cerita rakyat mengenai Maharaja Pretu yang memberikan informasi mengenai asal-usul sejumlah tanaman menurut kepercayaan masyarakat Bali.

Sebelum membahas mengenai unsur intrinsik dan ekstrinsiknya. Sebaiknya kamu baca lebih dulu ceritanya

Contoh Cerita Rakyat Bahasa Jawa dari Bali

https://wikimedia.org/

Maharaja Pretu

Jaman biyen ing Bali ana raja kang lalim lan kejem banget. Apa sing ditindakake dening rakyate mesthi diluputake. Lan saben-saben rakyate kang dianggep luput mesthi diwenenhi paukuman kang abot.

Raja kang nduweni tumindak sawiyah-wiyah kaya ngono mau jeneng Maharaja Wene. Gendhenge nduweni tumindak sing kaya mangkono. Kabeh rakyate klebu para punggawa lan sentana kerajaan babar pisan ora seneng marang raja kasebut.

Malah akeh sing nduweni pepinginan kanggo merjayani raja kasebut kanthi maneka cara. Merga akeh sing mengenake raja mau seda, ndadekake atine Maharaja Wene ora tentrem.

Ing ngendi wae papane lan kapan wae wektune atine tansah goreh. Piyambake wedi mati. Masia wedi mati nanging Maharaja Wene tetep ora ngowahi tumindake.

Suwening suwe merga rakyat lan para kawulane wis ilang kesabarane. Rikala Maharaja Wene lagi ngaso ing taman.

Piyambake dipulasara dening sawijining pandhita kang lagi nyamar nganti tiwase. Eloke nalika Maharaja Wene mau tiwas.

Saka tutuke metu bayi cilik lanang sing rupane bagus banget. Gandhenge bayi mau laire saka wong kang tiwas merga dianiyaya, bayi mau banjur diparabi Pangeran Pretu.

Dina ganti minggu, minggu ganti wulan, lan wulan ganti taun. Kairing lumakune wektu Pangeran Pretu tuwuh dadi priya dhiwasa kang ora mung bagus pasurnyane wae.

Nanging uga bagus akal budi lan tumindake. Apa sing ditindakake dening Pangeran Pretu tansah gawe bungahe liyan.

Saben dina sing ditindakake dening Pangeran Pretu mung loro. Sing kapisan yaiku sinau lan sing kapindho yaiku tetulung marang sapa wae kang mbutuhake.

Anggene tetulung ditindakake kanthi ikhlas, ora ngarep sembulih marang sing ditulung. Kajaba kuwi anggene nulung liyan uga ora mbedakake drajat lan pangkat. Sapa wae wonge kang ngalami kesusahan mesthi bakal ditulung dening Pangeran Pretu.

Merga nduweni tumindak sing becik kuwi Pangeran Pretu banjur didadekake raja. Kalane mrentah Pangeran Pretu nduweni pepinginan ngowahi dharane rakyate.

Ing jaman kuwi rakyat pulo Bali sing dadi kawulane Maharaja Pretu mung dhahar banyu tebu. Kahanan sing kaya mangkene banjur nuwuhake pepinginan tumrap Maharaja Pretu kanggo ngowahi dhaharane kawulane kanthi panganan liya sing luwih maregi.

Kanggo mujudake pepinginane kuwi Maharaja Pretu banjur lunga ninggalake kerajaane sawetara wektu kanggo nemoni Batari Siti.

Sawise ketemu Maharaja Pretu banjur mblakake maksude menyang Batari Siti. Wiwitane Batari Siti nulak aweh bantuan menyang Maharaja Pretu.

Apa sing ditindakake dening Batari Siti kuwi sejatine ujian kanggo Maharaja Pretu. Piyambake pengin nguji apa Maharaja Pretu kuwi mau temenan utawa ora anggene njaluk tulung.

Bareng yakin yen Maharaja Pretu temenan anggene njaluk tulung. Batari Siti banjur ngutus Maharaja Pretu supaya nemoni Batara Indra supaya diwulangi kepriye carane ngolah sawah.

Ing wektu kuwi Batari Siti sempet kandha yen bantuan sing bisa diwenehake mung cukup menehi ngerti sapa paraga sing bisa aweh bantuan menyang Maharaja Pretu.

“Bisaku aweh bantuan ya mung menehi ngerti iku mau. Sawise iku kowe kudu ngrampungake sekabehane dhewe, tanpa ana rowang,” ujare Batari Siti.

“Kasinggihan Batari,” ucape Maharaja Pretu.

Ora watara suwe saka kuwi. Maharaja Pretu lunga menyang kahyangan kanggo nindakake apa sing diajab dening Batari Siti.

Piyambake nemoni Batara Indra.  Sawise ketemu Maharaja Pretu banjur mblakake sekabehane maksude. Wektu keprungu panjaluke Maharaja Pretu, ana rasa kang kurang mranani tumrap Batara Indra.

Ratuning para dewa iku mau nduweni panangkep yen Maharaja Pretu kaya wis ngasorake kawibawane. Merga ora nrimakake kahanan sing kaya ngono mau. wekasane Batara Indra nantang Maharaja Prelu perang.

Perang antarane Batara Indra lan Maharaja Pretu iku rame banget. Ing perang kasebut Batara Indra wekasane bisa dikalahake dening Maharaja Pretu.

Batara Indra ora ngira yen piyambake bisa dikalahake dening manungsa. Merga rumangsa isin, lan isih ora trima merga bisa dikalahake manungsa. Batara Indra banjur lunga menyang kratone Batara Wisnu.

Satekane kratone Batara Wisnu ana kabar sing gawe lingseme Batara Indra. Dening sisihane Batara Wisnu, Batara Indra dikandhani yen wektu iki Batara Wisnu lagi nata ing ngarcapada kanthi nitis ing anggane Maharaja Pretu.

Sanalika Batara Indra ngoklok lan langsung kepengin menyang ngarcapada kanggo njaluk pangapura menyang Maharaja Pretu.

Ing perangan liya, kabar ngenani Maharaja Pretu yen sejatine titisane Batara Wisnu uga dirungu dening Sang Hyang Kesuhun Kidul. Dewa kang mihak Batara Indra kalane paprangan biyen rumangsa luput lan kepengin nebus kaluputane.

Anggene nebus kaluputane yaiku kanthi menehi winih cacah papat kanthi jinis kang beda, kang bakal diterake dening manuk cacah papat kanthi jinis beda uga menyang Maharaja Pretu.

Utusane Sang Hyang Kesuhun Kidul mau yaiku manuk dara ditugasi nggawa winih rupa ireng, kuteh (dara kucir) ditugasi nggawa winih rupa putih, puter ditugasi nggawa winih rupa kuning lan kutut ditugasi nggawa winih rupa abang.

Lakune para manuk iku mau wiwitane lumaku kanthi lancar. Emane nalika ing satengahe dalan lakune para manuk diganggung dening gandarwa. Gangguan sing ditindakake dening gandarwa kasil nyebabake winih sing digawa dening manuk kutut ceblok.

Cebloke winih sing rupa kuning merga gangguane gandarwa iku mau dilapurake meyang Sang Hyang Kesuhun Kidul. Laporane para manuk utusane iku sanalika gawe muntabe Sang Hyang Kesuhun Kidul, lan muntabe iku dibarengi kanthi wetune supata.

“Mbesuk yen ana reja-rejane jaman. Upamaa bisa tuwuh, winih rupa kuning iku mau ora bakal bisa dipangan dening manungsa. dheweke mung bisa dadi bumbu utawa pewarna. Tumrap dharane manungsa.”

Merga supata sing kaya mangkono iku mau wekasane winih werna kuning mau dadi kunir.

Sawise nglaporake kedadeyan kang dialami menyang Sang Hyang Kesuhun Kidul, manuk cacah telu sing isih nggawa winih diprentahake nerusake lakune.

Manuk cacah telu mau ditampa kanthi becik dening Maharaja Pretu. Kabeneran tekane manuk cacah telu mau bareng klawan tekane Batara Indra kang bakal njaluk pangapura.

Tekane manuk cacah telu kang bakal ngaturake winih lan Batara Indra kang bakal njaluk sepura ditampa kanthi becik dening Maharaja Pretu. Ing kalodhangan kuwi Batara Indra gelem ngulangi Maharaja Pretu tetanen.

Winih sing digawa manuk cacah telu mau wekasane ditandur. Lan ing tembe winih wing werna abang tuwuh dadi pari gogo, winih sing werna putih dadi pari biyasa, lan pari sing werna ireng tuwuh pari ireng.

Sauntara kuwi kalane pari-pari mau awoh, Dewi Sri sing sisihane Batara Wisnu mapan ing njero pari-pari iku mau. Ing perangan liya abdine Dewi Sri sing sajodho uga melu tumurun ing ngarcapada. Abdi sing lanang njilma dadi pohung. Dene abdi sing wadon njilma dadi jagung.

Saka pangupayane Maharaja Pretu iki mau, kalane tandurane wis bisa dipanen. Kawulane wis ora dhahar sarine tebu maneh.

Kawulane ganti dhahar beras sing dicampur klawan pohung lan jagung. Anggene dhahar dicampur merga kanggo pepiling samubarang bakal nemu kepenak yen antarane bendara lan abdi/kawula bisa nyawiji.

Unsur Intrinsik Contoh Cerita Rakyat Bahasa Jawa Maharaja Pretu

Setelah membaca cerita Maharaja Pretu dalam bahasa Jawa, berikut ini unsur intrinsik dari Cerita Rakyat Maharaja Pretu.

1. Tokoh

Maharaja Pretu

Sosok petinggi yang merupakan titisan Dewa Wisnu yang baik hati dan suka menolong

Batari Siti

Baik hati suka menolong

Batara Indra

Seorang dewa yang memiliki sedikit rasa sombong dan merasa lebih baik dari manusia

Sang Hyang Kesuhun Kidul

Seorang dewa yang memiliki sedikit rasa sombong dan merasa lebih baik dari manusia

2. Tema

Kemasyarakatan

3. Latar

Bumi tempat tinggal manusia dan kahyangan tempat tinggal para dewa

4. Alur dan plot

Maju

5. Sudut Pandang

Sudut pandang orang ketiga serba tahu

6. Amanat

Jangan suka merendahkan orang dan seorang pemimpin harus berani berjuang untuk memakmurkan rakyatnya

7. Gaya Bahasa

Penulis memakai bahasa Jawa ngoko lugu dengan tujuan agar pembaca dapat lebih memahami cerita yang dibuat penulis.

Unsur Ekstrinsik Contoh Cerita Rakyat Bahasa Jawa Maharaja Pretu

Berikut ini unsur ekstrinsik dari Cerita Rakyat Maharaja Pretu

  • Latar belakang penulis yaitu penulis tinggal di daerah pedesaan saat cerita rakyat ini ditulis
  • Latar belakang masyarakat yaitu masyarakat pedesaan yang sebagian besar berprofesi sebagai petani yang merangkap menjadi peternak sapi dan kambing
  • Nilai dalam cerita rakyat yaitu pentingnya tugas pemimpin dalam memikirkan kesejahteraan rakyatnya
  • Sikap pengarang adalah mengkritisi orang yang merasa paling benar dan paling hebat sendiri
  • Keadaan lingkungan pengarang adalah masa bodoh dengan politik dengan segala dramanya, sebagian dari mereka sudah bahagia ketika rumput untuk ternaknya sudah tercukupi.

Demikian contoh cerita rakyat bahasa Jawa lengkap dengan unsur intrinsik dan unsur ekstrinsiknya. Semoga artikel ini membuatmu semakin mahir dalam menentukan unsur intrinsik dan ekstrinsik dari sebuah karya.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta