4 Cerita Rakyat Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema yang Menarik
4 Cerita Rakyat Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema yang Menarik – Di Indonesia, banyak sekali cerita rakyat yang berasal dari berbagai daerah. Biasanya cerita rakyat memiliki banyak versi.
Dalam artikel ini, mamikos akan memberikan contoh cerita rakyat bahasa Jawa singkat berbagai tema yang menarik.
Walau kebenarannya belum terbukti, tetapi banyak cerita rakyat yang dipercaya kebenarannya. Beberapa cerita rakyat berhubungan dengan terjadinya asal-usul suatu tempat.
Kumpulan Cerita Rakyat Bahasa Jawa yang Menarik
Daftar Isi
Daftar Isi
Cerita Rakyat Bahasa Jawa dari Tulungagung
Asal-usul Desa Mirigambar
Ing jaman biyen ana salah siji prajurite Pangeran Diponegoro kang mlayu ngetan parane merga dioyak pasukan Walanda.
Kocape crita, prajurit mau teka dhaerah Tulungagung sisih kidul kang wektu iku isih wujud alas gung liwang liwung.
Saking kesele prajurit mau leren lungguh semendhe ing sawijining wit miri kang gedhe banget.
Nalika enak-enak leren. Prajurit mau weruh sesawangan kang nggumunake. Ing sacedhake anggene lungguh.
Prajurit mau weruh ana tumpukan watu kang kapendhem lemah. Anehe, tumpukan watu kang kapendhem lemah iku ana gambare kang werna-werna.
Kegawa rasa pengin ngertenine prajurit mau banjur ngadeg lan nyoba ndhukiri lemah kang ngurug tumpukan watu kasebut.
Saiba kagete nalika lemah kang ngurug tumpukan watu kasebut disisihake. Pranyata tumpukan watu sing ana ngarepe mujudake sisa-sisa candhi tinggalan jaman kawuri.
Sesawangan kang ana ing ngarepe iku nduweni penganggep yen papan sing ditekani iku ing jaman biyene mujudake sawijing desa makmur kang wis ditinggalake pendhudhuke.
Ing perangan liya, prajurit mau ngrasa ayem atine manggon ing papan kasebut.
Sanalika tuwuh pepinginane prajurit mau kanggo babad alas ing dhaerah kono. Cekake crita prajurit mau banjur nindakake babad alas ing dhaerah kono.
Sarehne wektu sepisanan teka ing dhaerah kono dheweke weruh ana gambar ing sangisore wit miri kang gedhe banget. Dheweke banjur nengeri dhaerah mau kanthi tetenger Mirigambar.
Wektu terus lumaku. Lan papan kang dibabad dening prajurite pangeran diponegoro mau dadi sawijining desa kang sacara administrasi klebu wewengkone kecamatan Sumbergempol, kabupaten Tulungagung.
Ngenani sapa jenenge prajurit sing babad alas mau akeh versine. Salah sijine ana kang nyebutake prajurit mau pinaringan asma Mbah Margono.
Miturut crita, Mbah Margono manggon ing Mirigambar nganti tekan sedane.
Cerita Rakyat Bahasa Jawa dari Kediri
Asal-usul Desa Pandantoyo
Senajan Pangeran Diponegoro kasil diasingake menyang Manado. Nanging pihak Walanda isih ngrasa durung marem.
Pihak Walanda pengin kabeh pengikute Pangeran Diponegoro dirangket lan diukum sing abot banget. Tujuane supaya ora maneh wong Jawa sing wani nglawan Walanda.
Gara-gara kahanan iki akeh banget prajurite Pangeran Walanda sing padha mlayu menyang dhaerah wetane Mataram.
Rancake para prajurit mau padha singidan ing papan kang angker lan gawat. Tujuane supaya ora ana wong sing wani ngoyak playune.
Sawetara prajurite Pangeran Diponegoro kang mlayu mengetan yaiku Mbah Tondo Mantri lan Mbah Seleh Raga.
Pawongan loro iku dicritakake mujudake prajurit kang sekti mandraguna lan pinter gawe siasat perang.
Merga terus dioyak pihak Walanda, Mbah Seleh Raga lan Mbah Tondo Mantri singidan ing sawijining alas kang cedhak karo gunung Kelud.
Playune Mbah Seleh Raga lan Mbah Tondo Mantri iki ora mung kanggo ngendhani pihak Walanda. Nanging uga kanggo golek papan urip kang anyar.
Sawise mlaku pirang-pirang dina. Mbah Seleh Raga ngrasa kesel lan ngelak banget. Piyambake banjur lungguh sumendhe ing sawijining wit kang gedhe banget.
Nalika lungguh kuwi, tanpa sengaja Mbah Seleh Raga weruh yen cedhak saka papan lungguhe iku ana sendhang kang banyune bening banget.
Kegawa rasa ngelake kang banget. Mbah Seleh Raga banjur langsung ngombe nganggo banyu sendhang kuwi.
Sawise rasa ngelake suda. Mbah Seleh Raga banjur tumenga menyang ndhuwur. Sanalika piyambake kaget jalaran wit sing disendheni mau jebul wit pandan kang gedhe banget.
Sawise ngombe banyu sendhang, Mbah Seleh Raga ngrasa pikantuk wisik. Isine wisik yaiku ngakon supaya Mbah Seleh Raga lan Mbah Tondo Mantri manggon ing papan kasebut.
Merga Mbah Seleh Raga lan Mbah Tondo Mantri padha ngrasakake ayem atine nalika leren ing papan kono.
Mbah Seleh Raga lan Mbah Tondo Mantri banjur babad alas papan kasebut. Sawise babad alas dening Mbah Seleh Rogo papan kasebut diwenehi tenger Pandantoyo.
Jeneng iki dijupuk saka kedadeyan sepisanan kang Mbah Seleh Raga alami nalika tekan papan kasebut. Piyambake ngerti ana sendhang ing sangisore wit pandhan kang gedhe banget.
Cerita Rakyat Bahasa Jawa Panji
Kisah Cinta Panji Asmarabangun dan Dewi Sekartaji
Wis pirang-pirang dina atine Panji Asmarabangun ngrasa sedhih merga Dewi Sekartaji mlayu saka kratone.
Sejatine ora kurang-kurang anggene Panji Asmarabangun nggoleki kembang atine. Nanging ana ing ngendi papane Dewi Sekartaji isih durung kinawruhan.
Kegawa rasa bingung lan sedhih ing atine. Panji Asmarabangun mlaku tanpa tujuan.
Dheweke mlebu metu alas, nekani maneka padhepokan ing wewengkon Jenggala lan Kahuripan, takon menyang ewonan wong lan nekani atusan desa. Emane, usahane nemokake Dewi Sekartaji isih durung kasil.
Merga wis kentekan cara. Panji Asmarabangun banjur golek guwa kang ana ing sacedhake gunung Kelud kanggo nindakake tapa. Yen adate Panji Asmarabangun nindakake tapa kanggo nambah kasaketene.
Nanging ing tapane iki Panji Asmarabangun nyenyuwun mring Gusti supaya diwenehi ngerti ing ngendi dununge Dewi Sekartaji.
Nalika tapane ngancik patang dina. Panji Asmarabangun pikantuk gambaran kang isine nyebutake yen Dewi Sekartaji ana ing sawijining dhaerah kang akeh wit jantine.
Sakawit Panji Asmarabangun bingung merga durung ngerti janti iku jinis tanduran sing piye.
Senajan isih bingung, nanging Panji Asmarabangun ngrasa marem merga wis ngerti ana ngendi papane Dewi Sekartaji. Sawise golek sisik melik ngenani ing ngendi dhaerah kang akeh wit jantine.
Wusanane Panji Asmarabangun entuk kabar yen papan kang dikarepake iku nyatane ora adoh saka papan kang digunakake dheweke tapa.
Lan pranyata sing aran wit janti iku wujude mirip karo wit turi. Sawise pikantuk informasi iki Panji Asmarabangun banjur jumangkah menyang papan kasebut.
Cekake crita, Panji Asmarabangun kasil tekan sawijining dhaerah kang ing kono akeh banget wit jantine.
Saiba bungah atine Panji Asmarabangun nalika dheweke tekan papan kono. Piyambake weruh Dewi Sekartaji kanthi kahanan kang tanpa kekurangan siji-sijia.
Ing perangan liya, Dewi Sekartaji kang ora ngira bakal ketemu kembang atine ing dhaerah kono uga ngrasa bungah atine.
Kekarone banjur
rerangkulan. Sawise padha andum kangen. Merga ngrasa papan anggone ketemuan iku
duwe sejarah tumrap uripe Panji Asmarabangun lan Dewi Sekartaji. Papan anggone
ketemuan iku banjur ditengeri Janti.
Ditengeri Janti merga ing papan kono akeh banget wit jantine. Lan ing perangan liya janti uga ngemu teges janjine ati.
Sawise ketemuan iku, Panji Asmarabangun lan Dewi Sekartaji ngucapake sumpah setya ora pepisahan maneh nganti tekan pupute yuswa.
Cerita Rakyat Bahasa Jawa dari Wonogiri
Legenda Mbah Jegot ing Alas Donoloyo
Ing jaman kawitan madege Kasultanan Demak, Raden Patah kang mujudake sultan kapisan ing Kasultanan Demak pengin nggawe masjid agung kanggo sembahyang kawulane.
Kanggo mujudake gegayuhane Sultan Demak ngutus para wali sanga golek kayu jati menyang alas Donoloyo kang ana ing dhaerah Wonogiri.
Sawise prentah ditampa, para wali sanga banjur lunga menyang alas donoloyo.
Tekan kono para wali banjur nembung menyang Ki Ageng Donoloyo. Miturut crita Ki Ageng Donoloyo mujudake pawongan kang duwe alas Donoloyo.
Rampung ngandharake angkah lan tujuane menyang alas Donoloyo. Para wali sanga diijini golek kayu jati sing disenengi lan dianggep pantes kanggo nggawe masjid demak.
Nalika sunan-sunan liyane golek kayu sing gedhe lan lurus wite. Sunan Kalijaga malah nglumpukake kayu sisane wali liyane.
Sisa-sisa kayu kang
sinebut tatal kuwi diklumpukake lan disusun nganti dadi saka. Cekake critan
sawise ngucapake matur nuwun merga dililani golek kayu jati. Para wali bali
menyang tekan Kasultanan Demak maneh.
Satekane wewengkon kasultanan Demak. Kayu-kayu jati iku banjur wiwit digarap kanggo mbangun masjid.
Akeh sing ngrasa nggumun karo apike kayu jati saka alas Donoloyo. Mung emane wektu iku ana kayu siji kang rada aneh wujude.
Senajan wujude gedhe, kayune ora lurus kaya kayu jati liyane. Merga wujude kang beda tinimbang kayu jati liyane.
Banjur para tukang lan para wong sing nonton proses pembangunan Masjid Agung Demak akeh sing maido lan ngilokna kasebut kanthi tetembungan kang ora pantes.
Menawa wae, merga rumangsa dipaido lan dielek-elek merga wujude ora sampurna. Kayu jati iku banjur mabur lan bali maneh menyang alas Donoloyo.
Tekan saiki kayu jati iku isih ana lan manggon ing satengahe alas Donoloyo. Warga sakiwa tengene alas donoloyo ngarani kayu kaseut kanthi sebutan Mbah Jegot.
Demikianlah 4 contoh cerita rakyat bahasa Jawa dengan berbagai tema yang menarik.
Tiap daerah di Jawa ternyata memiliki cerita rakyat bahasa Jawa masing-masing. Semoga dapat menjadi referensi sekaligus pengetahuan baru bagi kamu.
Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu: