4 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Kesehatan dan Kebersihan Lingkungan secara Singkat

4 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Kesehatan dan Kebersihan Lingkungan secara Singkat – Selain sebagai hiburan sebuah karya sastra dapat dipakai sebagai sarana untuk mengampanyekan masalah kesehatan dan kebersihan lingkungan.

Sebenarnya himbaun untuk menjaga kesehatan dan kebersihan lingkungan sudah dilakukan dengan banyak jalan. Selain menggunakan poster himbauan juga disampaikan melalui penyuluhan. Namun, terkadang hasil yang didapat belum sesuai dengan keinginan.

Makanya, supaya lebih efektif himbauan ini kemudian disisipkan dalam suatu karya sastra baik dalam bentuk puisi dan cerita pendek. Supaya cerkak bahasa Jawa Tema Kesehatan dan Kebersihan buatanmu menarik ada beberapa cara yang harus kamu lakukan.

Tips Membuat Cerkak Bahasa Jawa

https://unsplash.com/@tylermorgan
  • Tentukan tema cerita yang akan kamu buat
  • Berikan gambaran jelas tentang tokohnya
  • Tentukan siapa sasaran pembacanya
  • Gunakan bahasa yang sesuai dengan sasaran pembacanya
  • Usahakan pesan yang disampaikan jangan seperti menggurui

Setelah mengetahui bagaimana tips-tipsnya, sekarang kamu sudah dapat mulai membuat sendiri cerkak. Tetapi jika masih kesulitan. Kamu dapat menyimak contoh cerkak berikut.

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Kesehatan

Di bawah ini adalah contoh cerkak bahasa Jawa Tema Kesehatan

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Kesehatan 1

Nalika Untune Vino Lara

Vino seneng banget ditukokake permen coklat karo Wawan, Paklike. Permen coklat paringane Paklike langsung dipangan karo Vino.

Ing satengahe mangan permen coklat. Ibune Vino mulih saka sekolahan kanthi nggawa kerdhus werna jambon.

“Le, iki jatahe ibu saka sekolahan. Maemen dhisik!” ngendikane Ibune.

Vino bingung kudu mangan sing endi dhisik.

Kerdhus werna jambon sing mentas ditampa saka ibune iki bola-bali disawang.

“Ndang maemen, Le. Eman-eman yen nganti mambu,” tambahe Ibune.

Vino langsung mbukak kerdhus kuwi. Nalika weruh isine kerdhus kuwi. Vino kaget. Vino ora percaya yen isine kerdhus kuwi jebul donat susu. Vino banjur njupuk siji.

“Ibu purun?” takone Vino.

“Ibu wis wareg. Telasna wae supaya cepet gedhe,” wangsulane Ibune.

Vino banjur mangan donat susu kuwi kanthi telap-telep. Kanggo sawetara Vino lali karo permen coklate. Samungkure maringake kerdhus werna jambon marang Vino.

Ibune banjur mlebu menyang kamar kanggo salin sandhangan. Rampung salin sandhangan. Ibune banjur jumangkah menyang pawon saperlu nyepakake mangan awan kanggo bapake Vino.

“Le, iki permene sapa? Kok pating mblasah ing kene?” pitakone Ibune.

Sanalika Vino mandheg anggene mamah. Dheweke kelingan maneh karo permen coklate.“Permen kula, Bu,” wangsulane Vino sinambi jumangkah nyedhaki ibune.

“Mbok yen wis ora dimaem, permene disinggahne sing permati. Eman-eman yen kepidak utawa dirubung semut.”

“Nggih, Bu, ngapunten. Kula kesupen.”

Sawise kuwi Vino banjur ngringkesi permen coklate. Permen coklat sing maune mblasah kuwi banjur diringkesi lan disimpen ing njero kulkas. Sawise kuwi Vino nerusake anggene mangan donat susu.

Nalika donate sisa siji. Dumadakan Vino mbengok, “Aduh….aduh….aduh.” Sawise kuwi Vino banjur nangis sinambi nyekeli pipine.

Keprungu swara anake mbengok, mesthi wae gawe kagete ibune sing lagi masak. Ibune banjur ninggal sawetara anggene masak saperlu mesthekake apa kang dialami Vino.

“Ana apa, Le?” takone Ibune.

“Anu, Bu. Waja kula sakit,” wangsulane Vino sinambi nyekeli pipine.

Ngerti untune Vino lara. Ibune banjur njupukake obat lara untu kanggo Vino. Emane nalika nggoleki obat ing kotak P3K.

Obat lara untu sing digoleki ibune ora ketemu. Ibune sempet bingung kudu piye kanggo ngusadani larane Vino. Arep ditinggal tuku obat samar yen masakane gosong.

Untunge wektu iku ibune kelingan karo ujare Bu Dewi, bidan Desa sing rong dina kepungkur dolan menyang omahe. Miturut Bu Dewi ana cara alami lan kapetung ampuh kanggo nambani lara untu.

“Le, saiki tulung njupuka andhuk cilik sing ana pemeyan, ya!” prentahe Ibune.

Tanpa takon apa tujuane ibune ngutus kaya mangkono. Vino langsung nuruti prentahe Ibune. wektu Vino njupuk andhuk. Ibune njupuk es batu kang ana ing njero kulkas.

“Bu, niki adhuke,” ujare Vino sinambi ngempet lara.

Kanthi rikat es sing mentas dijupuk saka njero kulkas iku banjur dibuntel nganggo andhuk cilik sing mentas dijupuk Vino.

Es batu kang wis dibuntel nganggo andhuk iku banjur diwenehake menyang Vino. Mesthi wae Vino ngrasa bingung.

“Niki damel napa, Bu?” takone Vino maneh.

“Saiki kompresna menang perangan untu sing lara lan gulumu sing kaku, Le. Ibu ngakon iki supaya awakmu bisa ngira-ira dhewe. yen krasa kadhemen dilereni sedhela. Banjur diambali maneh nganti larane suda.”

Wiwitane Vino babar pisan ora percaya. Pikire Vino apa iya lara untu bisa ditambani nganggo es batu.

Kamangka sasuwene iki Vino ngertine wong lara untu iku paling anti karo sing jenenge adhem. Buktine saben hawa adhem. Lara untune Vino kerep kumat.

Salungane ibune kang nerusake anggene masak. Vino banjur ngompresake es batu kang diblebet andhuk mau menyang pipi lan gulune sing krasa kaku. Semenit-rong menit kawitan isih durung ana owah-owahan sing dirasakake Vino.

Nanging bareng nyandhak lima las menit candhake. Lara untu sing dirasakake Vino wis akeh sudane.

Kahanan kaya ngene iki mesthi wae gawe bungahe Vino. Sajam candhake lara untu sing sempet dirasakake Vino ilang tanpa tilas. Kahanan iki mesthi wae gawe bungahe Vino.

“Bu, matur nuwun. Sakniki wajane Vino sampun boten sakit malih.”

Krungu apa sing dikandhakake anake ibune uga kaget. Jalaran piyambake ora ngira yen sing dikandhakake Bu Desi sawetara wektu kepungkur kabukti ampuh tenan.

“Yen wis mari tenanan. Aja lali ngonjukake sokur menyang Gusti Allah, Le.”

“Alhamdulillah,” ujare Vino. “Lajeng niki andhuke dideleh pundi, Bu?”

“Pepenen maneh wae, Le. Supaya garing,” wangsulane Ibune.

Sadurunge anake jumangkah saperlu nindakake prentahe. Ibune aweh prentah liya.

“Le, awakmu iku rak ya seneng mangan legi-leginan. Mulane ibu pesen, awakmu kudu pinter lan tertib anggenmu ngresiki untu. Pamrihe untumu ora kropos lan ora gampang lara untu.”

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Kesehatan 2

Aldo Kena Uler Lintang

Sasuwene iki Aldo jarang gelem diajak bapakke menyang tegalan. Nanging saiki beda. Jalaran Aldo ngrasa bosen ing ngomah lan ora kegiyatan kang bisa ditindakake kanggo ngilangi rasa bosen kang dirasakake.

Wusanane Aldo gelem diajak bapake menyang tegalan. Sadurunge budhal menyang tegalan. Aldo diutus bapakke nganggo krim anti-nyamuk.

“Hlo, kenging menapa kedah ndamel krim anti nyamuk, Pak?”

“Kanggo jaga-jaga supaya ora dicakot nyamuk sing mbebayani kanggo awake dhewe, Do. Soale awake  dhewe ora ngerti nyamuk apa wae kang ana ing tegalan.”

Diaturi bapakke kaya ngono Aldo bisane mung manut.

Sawise nganggo krim anti-nyamuk lan nggawa piranti kang dibutuhake. Kekarone banjur budhal menyang tegalan sing papane ora adoh saka omahe Aldo.

Tekan tegalan bapakke Aldo langsung njebol pohung. Dene Aldo babat-babat suket. Ing kalane mbabati suket. Tanpa dinyana tangane Aldo krasa panas banget.

“Adhuh……,” pambengoke Aldo sinambi ndelehake arit kang digunakake mbabati suket.

Keprungu pambengoke anakke. Bapakke langsung nglereni anggene njebol pohung lan mlayu nyedhaki Aldo. Bareng wis cedhak bapakke weruh Aldo lagi pringisan ngempet lara sinambi nyekeli tangane.

“Tanganmu kena ngapa, Do?”

“Mboten ngertos, Pak. Nanging tangan kula raose panas lan gatel sanget.”

“Coba tak deloke!”

Bapakke banjur niti priksa tangane Aldo.

“Wah iki tanganmu kena ulu uler lintang, Do.”

Merga ora kuwat ngempet gatel lan panase. Aldo ngukuri tangane sing kena ulu uler.

Ing kalane Aldo ngukuri tangane. Bapakke menggak, “Aja kok kukuri, Do. Mengko mundhak mbrentek tekan ngendi-endi!”

“Lajeng pripun, Pak? Kula boten kiyat ngempet niki.”

“Saiki awakke dhewe bali mulih dhisik. Nanging aja kok kukuri tenan, hlo!”

“Nggih, Pak.”

Gandhenge ora kuwat ngempet rasa gatel ing tangane. Pisan-pisan Aldo nyoba ngukur tangane kang kena ulu uler.

Batine Aldo kanthi ngukuri kuwi bisa nyuda rasa gatel kang dirasakake. Ning sing ditindakake Aldo nyatane kliru. Gatel sing dirasakake orane suda, nanging malah mbrentek tekan ngendi-endi.

Ngerti sing ditindakake kliru lan wis ora manut ature bapakke. Aldo arep sambat dadi ngrasa isin dhewe.

Saengga kanggo ngempet rasa lara kang dirasakake dheweke sabisa-bisane ngempet.

Ing wektu kuwi Aldo banget ngrasa salah. Saupama dheweke manut ature bapakke. Sameshine lara sing dirasakake ora bakal luwih nemen.

Tekan ngomah, bapakke langsung nimbali ibune Aldo.

“Bu, Bu… Tulung jupukna uyah lembut!” prentahe bapakke menyang ibune.

Ibune kang ibut masak ing pawon. Langsung njupukake uyah lembut. Ing kalane dijupukake uyah kuwi Aldo mbatin.

“Bapak iki kepriye sih? Mosok tangan kena uler kok arep diuyahi?” batine Aldo.

Sawetara wektu candhake ibune metu saka pawon sinambi nggawa uyah lembut.

“Iki uyahe, Pak! Arep digawa apa kok dadak ngakon dijupukake uyah lembut barang iki?” takone ibune.

“Iki, hlo tangane Aldo kena uler lintang,” wangsulane bapakke.

Ibune banjur takon Aldo endi tangane sing kena ulu uler.

“Endi tanganmu sing kena uler, Do?”

“Niki, Bu!”

“Biyuh-biyuh kok bisa dadi kaya ngene ambane? Iki mau kok kukuri apa piye?”

Aldo manthuk.

“Pak, ngapunten kula mboten manut ature panjenengan. Amargi kula mboten kiyat ngempet raos gatel lajeng kula kukur. Kula kinten gatele bakalan suda, nanging dadose malah kados mekaten.’

Sawise kuwi ibune banjur mblonyohi tangane Aldo sing kena ulu uler nganggo uyah lembut sing dijupuk saka pawon. Ajaib.

Sawise uyah lembut diblonyohake ing perangan tangane Aldo sing kena ulu uler. Rasa gatel lan panas kang dirasakake Aldo akeh sudane. Ora nganti sepuluh menit candhake rasa gatel lan panas kuwi ilang tanpa tilas.

Kahanan kaya ngene iki ndadekake Aldo nggumun. Kok bisa uyah lembut bisa didadekake tamba kanggo rasa gatel lan panas kang mentas dirasakake.

Merga pengin ngerti alesane. Aldo banjur nyuwun pirsa menyang bapak lan ibune.

Pitakon saka Aldo diwangsuli kanthi cetha lan trawaca dening bapak lan ibune. Saiki Aldo lagi ngerti yen uyah lembut kuwi kena kanggo tamba wong kang kena ulu uler.

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Kebersihan Lingkungan

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Kebersihan Lingkungan 1

Reresik Sarang Nyamuk

“Wa, yen rampung pasaran kuwi dolanane disigeki. Aja dijarke awut-awutan kaya mangkono,” ujare Puput menyang adhine.

“Dudu aku hlo mbak. Dolananku wis daksigeki kabeh kok. Sing durung disegeki kuwi dolanane Dewi, mbak, dudu dolananku,” semaute Dewa.

“Dolanane Dewi rak ya dolananmu ta? ayo gagih disigeki. Kae tontonen mendhunge wis peteng kae! Mengko yen udan dolananmu ilang embuh hlo. Ayo enggal disigeki!” prentahe Puput.

Kanthi rasa mangkel wekasane Dewa gelem nindakake prentahe mbake kasebut.

“Hla, Dewi ana ngendi Wa?” takone Puput.

“Aku ndak ngerti, mbak,” wangsulane Dewa sinambi nglebokake dolanane menyang njero keranjang.

Ora watara bocah sing digoleki njedhul.

“Hla, iki bocahe. Kowe saka ngendi Wi?”takone Puput menyang adhine.

“Aku mentas tuku bumbu, mbak. Ibu ngutus aku supaya dipundhutake bumbu soto ing warunge Budhe Maryam,” wangsulane Dewi.

“Suk-suk maneh yen arep ditinggal lunga, dolananmu sigekana dhisik. Jajal yen dolananmu ilang awakmu dhewe ta sing rugi?”

“Inggih. Mbak.”

“Ya, wis kana, enggal ewangana Dewa nyigeki dolanan. Ketarane arep udan. Mengko yen ora kok sigeki dolananmu kentir katerjang ilinging banyu udan!”

Dikandhani mbake kaya mangkono, Dewi banjur klunuh-klunuh jumangkah menyang latar.

Ing latar, Dewa sedulur kembare wis ibut nglebokake maneka jinis dolanan sing awan mau dienggo pasaran masak-masakan menyang njero kranjang.

“Sampeyan kuwi piye hlo mbak? Rampung dolanan ora gelem nyigeki. Gara-gara iki aku malih melu diseneni mbak Puput,” ujare sinambi mecucu.

“Ya, aku ngaku salah. Sejatine aku mau kepengin ngringkesi dolanan iki luwih dhisik. Nanging gandhenge ibu ngutus supaya dipundhutake bumbu soto rada ceper. Wekasane aku ora sempet nyigeki dolanan iki luwih dhisik. Lan awakmu aja sumelang, Wa. Aku nduwe oleh-oleh kanggo kowe.”

“Apa iku, mbak?”

“Aku nduwe jajan wafer coklat cacah loro. Mau susuk saka tukon bumbu ngendikane ibu entuk ditukokake jajan. Lan dhuwit iku banjur daktukokake wafer coklat kesenenganmu. Saiki iki siji kanggo kowe lan siji kanggo aku,” ujare Dewi sinambi ngelungake wafer coklat menyang Dewa, sedulur kembare.

“Wah, matur nuwun, ya mbak.”

“Iya, padha-padha. Heh, ayo ndang dirampungke anggene nyigeki dolanan. Mengko yen mbak Puput ngerti awake dhewe diseneni maneh!”

“Oke, mbak.”

Ora watara suwe bocah kembar iku mau rampung anggene nyigeki dolanane.

Sawise dilebokake menyang njero keranjang. Sawise kuwi kranjang isi dolanan iku mau banjur digawa menyang njero gudhang.

“Saiki wis rampung. Ayo, Wa, gek ndang adus. Ketarane anggene ibu masak soto sedhela maneh rampung. Ambune sing sedhep wis kaambu saka gudhang kene!” pangajake Dewi.

“Iya, mbak. Wetengku wis luwe tenan iki. Wah, ketarane sedhela maneh pancen udan, mbak. Iki wis wiwit gremis. Udan-udan maem soto sinambi ngombe susu anget mesthine enak tenan, ya mbak?”

“Wis mesthi kuwi, Wa,” wangsulane Dewi mesem.

Rikalane Dewa jumangkah ninggalake gudhang, sikile Dewa nyenggol kaleng tilas cet.

Lan isine kaleng iku mau langsung wutah. Sakawit Dewa rumangsa wedi bakal didukane mbake utawa bapake merga ngutahake isine kaleng bekas iku mau.

Nanging bareng ditilike apa sing utah saka njero kaleng cet iku mau. Dewa orane wedi nanging malah kamigilanen. Sing gila amarga weruh isine kaleng cet iku mau dudu Dewa wae. Nanging Dewi uga melu gila.

Bocah loro iku mau saking gilane nganti ora wani metu saka njero gudhang.

Bocah kembar iku mau ngrasa gila jalaran saka njero kaleng cet iku mau metu udhik-udhik sing wujude kaya uler nanging cacahe akeh banget.

“Mbak Puput, tulung iki ana uler akeh!” pambengoke Dewa.

“Iya, mbak tulung. Aku lan Dewa ora wani metu gara-gara ngerti akeh uler,” tambahe Dewi.

Keprungu pambengoke adhine cacah loro iku mau. Puput banjur mlayu menyang gudhang sinambi nggawa sapu lan cikrak.

Sajroning angen-angene Puput mbatin yen apa sing diweruhi dening adhine iku mau pancen uler.

Nanging, bareng tekan gudhang lan ngerti apa sing jarene adhine kuwi uler, Puput malah guyu dhewe.

“Sampeyan kok malah ngguyu ta, mbak?” takone Dewa sinambi ngrangkul Dewi amarga wedine marang kewan sing ana ing ngarepe.

“Ora ngguyu piye? Hla kowe sakloron kuwi lucu. Mosok uget-uget kok kandhakake uler,” wangsulane Puput.

“Mosok ta, mbak? Mosok iki anake nyamuk? Hla nyamuk rak ya bisa mabur. Dene kewan iki rak ya ora bisa mabur?” takone Dewa.

“Dewa, Dewa. Bocah ayu, mulane ta sregepa maca. Kanthi sregep maca kowe bakale ngerti proses owah-owahan sajroning uripe nyamuk. Ngertia ya, ndhuk, nyamuk kuwi miwiti uripe saka endhog, banjur dadi udhik-udhik kaya kuwi, sawise kuwi dadi kepompong, lan yen wis rampung dadi kepompong banjur lagi dadi nyamuk,” jelase Puput.

“Betul, betul, betul,” tambahe Dewi sing nirokake paraga kasenengane sajroning film kartun Upin & Ipin.

Weruh tumindake adhike sing kaya ngene iki Puput ngguyu tipis. Dene Dewa ngrasa rada mangkel amarga diece dening sedulur kembare.

“Eh, kewan iki asale saka ngendi?” takone Puput.

“Saka njero kaleng iki, mbak,” wangsule Dewa.

“Wah, bahaya iki. Mesthine banyu kang njero kaleng cet sing diendhogi nyamuk iku gara-gara ketrocohan udan wingi kae. Dewa, Dewi sadurunge adus, saiki mbak njaluk tulung jajal kaleng bekas sing ana njero gudhang iki ditokne kabeh ya!”

“Siyap, mbak,” wangsulane bocah kembar iku bebarengan.

Siji mbaka siji cet bekas sing ana njero gudhang iku ditokake. Bareng dietung cacahe kaleng cet bekas ana sepuluh kaleng.

Bareng dititi priksa dening Puput jebul kabeh kaleng cet bekas sing ora ana tutupe iku kebak klawan uget-uget.

Kaleng bekas cet sing isine banyu lan kebak klawan uget-uget iku banjur disuntak ing sangisore wit sawo dening Puput.

 “Aku kok mesakake ta mbak? Kena apa dheweke dipateni?”

“Yen, ora dipateni kewan iki bakale dadi nyamuk. Awakmu gelem dicokot nyamuk? Ngertia biyasane nyamuk sing ngendhog ing papan kaya ngene iki nyamuk Demam Berdarah. Awakmu gelem kena Demam Berdarah?”

Keprungu tembung Demam Berdarah, sanalika Dewa rumangsa wedi banget.

Dheweke rumangsa wedi jalaran ing kelase ana kancane sing kena Demam Berdarah lan wis seminggu luwih ora mlebu sekolah amarga nganti wektu iki. Kancane Dewa nunggal kelas kuwi isih diramut ing rumah sakit.

Saliyane kuwi bareng keprungu yen uget-uget kuwi bakale dadi nyamuk. Sanalika rasa gila lan jijike Dewa ilang.

Ing atine Dewa tuwuh rasa wani lan dheweke enggal ngrewangi mbake nyuntak kaleng bekas sing isine uget-uget kuwi ing sangisore sawo.

“Kok awakmu dadi kendel ngono, Wa?”

“Iya, mbak. Aku bakal nelukake nyamuk nakal. Gara-gara nyamuk kancaku ora mlebu sekolah lan kudu diramut menyang rumah sakit. Mbayangake wae aku ora wani, mbak. Mula supaya ora ana maneh sing mlebu rumah sakit uget-uget iki ora entuk dadi nyamuk.”

Keprungu apa sing diomongake Dewa, Dewi uga melu nyuntak kaleng bekas sing ana uget-ugete menyang sangisore wit sawo.

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Kebersihan Lingkungan 2

Tikus-tikus Nakal

Wis ana telung minggu iki omahe Vino ora aman. Akeh tikus sing pating sliwer. Ora mung iku wae.

Gara-gara tikus sing nyaba omahe nganti nyebabake sawetara kabel listrik ing omahe Vino pedhot.

Saliyane kuwi, buku lan sepatu kang disimpen ing gudhang padha rusak kabeh. Bapake Vino wis jibek. Piyambake wis kentekan cara kanggo ngusir tikus saka omahe.

Telung dina kepungkur tikus-tikus kuwi wis dipasangi racun lan lem khusus kanggo tikus. Anehe ora ana tikus sing keracun lan kena lem kasebut.

Merga ngrasa racun lan lem tikus sing dipasang ora ampuh kanggo nyuda tikus kang nyaba omahe. Wusanane racun lan lem tikus kuwi dipendhem karo ayahe Vino. Alesane supaya ora mbebayani kanggo kaluwargane.

Dina minggu sore adate Vino latihan bal-balan ing lapangan cedhak omahe. Nanging dina kuwi Vino malah dolan menyang daleme Om Wawan.

 “No, kok kadingaren awakmu ora latihan bal-balan?” takone Om Wawan.

“Sepatu kula bolong mergi dikrikiti tikus, Om,” wangsulane Vino.

“Hla, sepatumu kok deleh ngendi kok nganti dikrikiti tikus?” takone Om Wawan maneh.

“Nggih, ing papan samesthine, Om. Tapi sampun tigang minggu niki tikus sing nyaba griya kathah sanget. Maneka cara sampun ditindakaken Ayah. Nanging asile sami mawon. Cacahe tikus kados boten suda, nanging malah tambah kathah. Sepatu kula ingkang jebol niku namung salah setunggal korbane. Saliyane niku kabel-kabel ing nggriya kathah kang pedhot gara-gara dikrikiti tikus,” wangsulane Vino.

Keprungu apa sing dikandhakake Vino iki ndadekake Om Wawan kelingan lelakon sing nate dialami sawetara taun kepungkur.

Nalika kuwi omahe uga nate disaba tikus. Gara-gara tikus sing nyaba omahe kuwi ndadekake sentrat pakan iwake morat-marit sawise wadhahe dijebol tikus.

“Om, njenengan ngertos pripun carane supados tikus-tikus niku minggat saking nggriya kula?” takone Vino.

“Om ora yakin, nanging biyen Om nate kasil nganggo cara iki,” wangsulane Om Wawan.

“Carane pripun, Om? Kula sampun mangkel sanget kalih tikus-tikus niku. Saliyane nyebabake kathah karusakan. Swarane tikus-tikus ingkang playon ing nginggile plapon wanci dalu ngganggu sanget,” tambahe Vino.

Om Wawan ora langsung mangsuli. Piyambake meneng sawetara wektu sadurunge mangsuli pitakone Vino.

Sawise nenimbang apa sing bakal dikandhakake. Wusanane Om Wawan ndudohi Vino cara sing dirasa aman lan ampuh kanggo ngusir tikus.

“Awakmu goleka karbit. Mengko yen wis entuk. Karbite kuwi lebokna ing njero rong tikus,” ujare Om Wawan.

Sawise diwenehi ngerti Om Wawan. Vino ngucapake matur nuwun lan pamitan mulih. Ing satengahe perjalanan mulih. Vino mampir ing tokone Mak Sulinah saperlu tuku karbit.

“Nggawa apa kuwi, No?” takone ayahe.

“Karbit, Yah,” wangsulane Vino.

“Arep kok gawe apa?” takone ayahe maneh.

“Sanjange Om Wawan karbit niki saged didamel ngusir tikus.”

“Piye carane?”

Vino banjur nyritakake apa sing dikandhakake Om Wawan marang ayahe. Sawise kepriye carane nggunakake karbit kanggo ngusir tikus sing nyaba omahe. Ayahe banjur ngajak Vino nggoleki rong sing dinuga dadi ronge tikus.

 “Yah, ronge tikus niku napa kados niki?”

“Iya, Le. Bener. Ya, iku ronge tikus.”

Sawise kuwi karbit sing mentas dituku Vino ditokake saka wadhahe. Rampung kuwi karbite dilebokake menyang njero rong. Ora kelalen rong mau diurugi nganggo lemah.

“Saiki kari didelok asile ya, Le?”

“Nggih, Ya.”

Tekan ngomah Vino lan ayahe rada kaget. Jalaran swasana ing omahe dadi rada beda.

“Njenengan napa masang pewangi ruwangan, Bu?” takone Vino.

“Iya, Le. Iki maeng ing nyoba mbukak internet. Hla, ing kono ana maneka cara ngusir tikus kuwi bisa nganggo pewangi ruwangan. Miturut sumber sing ibu buka mau. Tikus kuwi ora seneng karo samubarang sing ambune wangi.”

Vino lan ayahe manthuk-manthuk.

Sawise ronge dileboni karbit lan omahe dipasangi wewangian wis ana owah-owahan ing omahe Vino.

Dhuwur plapon sing biyasane keprungu swarane tikus playon. Wengi kuwi dadi sepi. Ora mung iku wae.

Tikus sing biyasane clurat-clurut turut kabel uga katon. Kahanan kaya ngene iki ndadekake Vino lan kaluwargane seneng banget.

Dina candhake nalika ketemu Om Wawan. Ing kalodhangan kuwi Vino ngucapake matur nuwun jalaran wis diwenehi ngerti carane ngalahake tikus kang wis gawe sepatu bal-balan karemenane jebol.

Demikianlah contoh cerkak bahasa Jawa tema kesehatan dan kebersihan lingkungan. Semoga artikel ini membantumu untuk lebih mengenali sastra Jawa utamanya cerkak.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta