4 Contoh Artikel Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema yang Menarik dan Strukturnya

4 Contoh Artikel Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema yang Menarik dan Strukturnya – Salah satu tugas yang diberikan guru kepada siswa pada saat mata pelajaran bahasa Jawa adalah membuat artikel yang menarik dengan menggunakan bahasa Jawa.

Secara garis besar sebenarnya hampir tidak ada perbedaan yang mencolok dalam proses pembuatan artikel yang ditulis dalam bahasa Jawa dengan artikel yang ditulis dengan menggunakan bahasa Jawa.

Sebab, semuanya harus menaati prosedur penulisan artikel yang baik. Adapun artikel yang baik itu harus dapat dibagi menjadi tiga yakni bagian pembuka, bagian isi, dan bagian penutup.

Penulisan Contoh Artikel Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema

https://www.freepik.com/author/rawpixel-com

Meski demikian, dalam proses menuliskan artikel bahasa Jawa. Hal yang harus kamu perhatikan adalah ejaan dan tata penulisannya.

Sebab, ada beberapa kata di dalam bahasa Jawa yang memiliki perbedaan antara pengucapan dengan penulisannya.

Supaya makna atau pesan yang ingin kamu sampaikan lewat artikel dapat dipahami oleh pembaca sesuai dengan harapan.

Pastikan lebih dahulu ejaan yang kamu gunakan untuk menuliskan artikel sudah benar atau belum.

Banyak cara yang kamu lakukan untuk mengetahui bagaimana penulisan menggunakan bahasa Jawa yang baik dan benar.

Selain dapat mempelajarinya lewat kamus bahasa Jawa yang bisa diunduh secara gratis dari internet. Kamu dapat pula mempelajarinya dengan membaca contoh-contoh berikut.

4 Contoh Artikel Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema

Di bawah ini akan disampaikan beberapa contoh artikel bahasa Jawa menarik dengan berbagai tema

Contoh Artikel Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema 1

Abdi Dalem Encik ing Kasultanan Yogyakarta

Abdi Dalem Encik iki mujudake abdi dalem khusus ing Kasultanan Yogyakarta. Saliyane duwe tugas utawa masak lan nyepakake panganan marang kaluwarga Sultan.

Tugas liya sing kudu ditindakake Abdi Dalem Encik yaiku ngramut piranti mangsak duweke kasultanan sarta ngramut papan lenggahe Sultan kang lagi jumeneng nata.

Senajan tugase ‘mung’ masak, nanging tugas kang ditindakake Abdi Dalem Encik iki ora gampang.

Ing jaman biyen para Abdi Dalem Encik iki ditugasake kanggo nyiptakake maneka jinis panganan. Lan panganan kang diciptakake iki kudu duwe nuduhake ciri khas kulinere wong Jawa.

Sajroning ngupayakake panganan jinis anyar kang dirasa bisa sababag klawan panganane wong Eropa.

Abdi Dalem Encik iki kabantu dening abdi dalem keparak estri sing cacahe 20 wong. Saka ketekunan lan gedhene tekade para Abdi Dalem Encik anggene ngayahi jejibahane.

Akeh banget jinis panganan kang kasil kacipta. Sajrone ngupayakake masakan jinis anyar, para Abdi Dalem Encik ora mung migunakake tata cara masak kanthi cara tradisionalnanging uga migunakake teknik masak eropa.

Salah siji panganan kang dimasak kanthi tehnik campuran kang kasil ditindakake Abdi Dalem Encik yaiku suwar-suwir bebek. Masakan iki mujudake salah siji dhaharan karemenane Sultan Hamengkubuwana VII.

Contoh Artikel Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema 2

Kaunikan Jadah lan Wajik

Jinis jajanan tradisional utawa kang kerep sinebut jajanan pasar iku akeh banget. Nanging sapa ngira ana jajanan pasar sing dadi seksi madege kerajaan Majapahit nanging isih lestari tekan jaman saiki.

Jajanan kuwi yaiku jadah lan wajik kang digawe saka bahan kang padha yaiku beras ketan. Ing dhaerah-dhaerah tartamtu jajanan iki mujudake panganan wajib sajroning wong duwe gawe mantu.

Kocape, anane jajanan iki ngemu pralambang lan panyuwunan supaya wong kang dirabekake iku ing tembe mburine anggene mbangun balewisma tetep rumaket lan ora gampang dipisahake.

Senajan anane jadah lan wajik karo tradisi mantu ing masyarakat Jawa kapetung wajib. Nanging durung ana sing mangerti wiwit kapan jajanan iki dikenal masyarakat Jawa.

Ana kang duwe panduga jadah lan wajik wis dikenal masyarakat Jawa luwih saka 1.000 taun kepungkur.

Panduga iki lair saka anane penemuan tembung jwadah sajroning Kidung Harsa Wijaya.

Ing kidung kang isine nyritakake perjuangane Raden Wijaya nalika yasa kerajaan majapahit iku disebutake yen jwadah iku klebu sawijining amik-amikan utawa nyamikan.

Bab iki kang sabanjure ndadekake para panliti duwe yakin yen jwadah kang disebutake sajroning kidung kasebut padha karo jadah.

Ing jaman kawitane, jadah mujudake sawijining jajanan kang mung bisa ditemokake nalika ana wong mantu utawa slametan.

Merga rasane kang gurih lan enak ndadekake jajanan iki disenengi wong akeh. Kahanan iki kang banjur dimanpangatake sawetara pawongan kanggo golek tambahan rejeki kanthi dodolan jadah.

Menawa wae kawitane mung coba-coba. Nanging bareng panampane pasar apik. Dodolan jadah iki akeh kang banjur dadi penggaweyan utama.

Jinis jadah kang didol ing pasaran ana maneka macem. Salah sijine yaiku jadah tempe kang mujudake jajanan khas saka Sleman.

Miturut maneka sumber, jajanan iki wis ana wiwit taun 1950-an kepungkur. Kang sepisanan dodolan jajanan iki yaiku Mbah Carik utawa kang pinaringan asma Sastra Dinomo.

Jajanan iki wiwit kawentar nalika jajanan iki dadi salah siji jajanan kang dadi karemenane Sri Sultan Hamengkubuwana IX.

Contoh Artikel Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema 3

Tempe Unik saka Karibia

Tempe mujudake panganan khas Indonesia kang miturut cathethan kuna wis dikonsumsi masyarakat Indonesia wiwit atusan taun kepungkur.

Serat Centhini kang karipta watara abad 16 M, ing salah siji bab-e nulisake anane tempe kang dikonsumsi wong Jawa.

Senajan tempe akeh dirembug ing serat centhini. Nanging akeh ahli sejarah sing duwe panduga tempe wis ditemokake adoh sadurunge serat centhini katulis.

Jalaran, ing serat sri tanjung kang katulis ing abad 12 nyebutake sawijining panganan kang wujude mirip tempe lan panganan kasebut diwenehi jeneng tumpi.

Umume tempe digawe saka kedele kang diproses kanthi cara fermentasi. Nanging ing jaman saiki bahan dhasar kanggo nggawe tempe ora mung sawates kedhele.

Putri Gremmer, warga diaspora Indonesia kang saiki manggon ing kepulauan Karibia kasil nyiptakake tempe unik saka maneka bahan.

Tempe asil gaweyane Putri iki kapetung unik. Jalaran saliyane rupane beda karo tempe umume. Tempe gaweyane Putri iki ora mung digawe saka kedhele wae.

Putri bisa nggawe tempe saka kacang ijo, kembang telang, kentang, lsp. Saliyane bisa nggawe tempe kanthi maneka bahan.

Putri uga bisa gawe tempe kanthi maneka werna. Kasile Putri nyiptakake tempe kanthi maneka werna iki ndadekake tempe dadi kaangkat drajate lan luwih dikenal wong manca negara.

Contoh Artikel Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema 4

Suguh Tamu ala Yogyakarta lan Surakarta

Ing wewengkon Yogyakarta lan Surakarta ana istilah USDEK kanggo nyebut suguhan kang diparingake marang tamu. Anggene maringake kudu manut urutan lan sing maringake utawa nyuguhake iku para sinoman.

USDEK dhewe mujudake cekakan saka unjukan, sop, dhaharan, es krim lan, kondur. Tata cara anggene maringake  USDEK marang tamu iku mangkene.

Nalika ana tamu teka menyang acara resepsi nikahan. Samungkure tamu kasebut lungguh. Ora watara suwe bakal ana sinoman kang nyuguhi unjukan. Lumrahe unjukan sing diparingake yaiku teh anget.

Samungkure nampa teh anget lan teh kasebut disruput. Tamu mau bakal pikantuk suguhan kapindho kang wujude sop.

Ngenani sop kang biyasane disuguhake ing adicara resepsi nikahane wong Solo lan Yogya iki lumrahe sinebut sop manten. Beda karo daerah liyane.

Sop manten kang disuguhake iki tanpa migunakake sega. Minangka sesulih saka sega biyasane diganti nganggo bihun utawa markoni.

Sawise diparingi suguhan arupa sop, tamu bakal pikantuk maneh suguhan kaping telu yaiku dhaharan.

Jinis dhaharan kang disuguhake ora ana ketentuane. Awit jinis suguhan dhaharan iki dipasrahake manut kuwasane sing duwe gawe. Suguhan pungkasan sing diparingake marang tamu yaiku es krim utawa es podeng.

Suguhan es krim utawa es podeng iki pancen sengaja mapan ing pungkasan. Jalaran es krim utawa es podeng iki dianggep sarana kanggo pencuci mulut.

Samungkure suguhan kabeh wis ditampa dening tamu. Sabanjure tamu wis bisa kondur.

Demikian contoh artikel bahasa Jawa dengan berbagai tema. Semoga contoh artikel di atas dapat bermanfaat bagi yang membutuhkan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta