Contoh Artikel Eksploratif Bahasa Jawa Singkat Beserta Strukturnya

Contoh Artikel Eksploratif Bahasa Jawa Singkat Beserta Strukturnya – Artikel eksploratif merupakan sebuah artikel yang dituliskan untuk membeberkan fakta yang didasarkan pada kajian yang telah dilakukan penulisannya.

Biasanya artikel jenis ini digunakan untuk menemukan penemuan-penemuan terbaru. Baik itu penemuan benda purbakala maupun khasiat dari suatu tumbuh-tumbuhan atau obat terbaru.

Sebuah artikel yang baik dan benar, di dalam penulisannya harus memiliki struktur penulisan yang runtut.

Struktur Penulisan Artikel Eksploratif

https://unsplash.com/@avcreations

Di bawah ini adalah contoh struktur penulisan artikel eksploratif bahasa Jawa.

Pembuka atau Kepala

Bagian awal dalam penulisan artikel eksploratif yaitu bagian pembuka. Bagian ini berisi tentang prolog, lead, intro, atau lumrahnya disebut dengan pembuka.

Biasanya bagian kepala memuat tentang uraian aktual yang penting untuk digunakan sebagai pijakan pada pembahasan artikel selanjutnya.

Kedudukan pembuka pada sebuah artikel sangatlah penting karena pembuka yang menarik akan membuat pembaca penasaran dan betah untuk membaca artikel hingga selesai.

Leher

Bagian leher biasanya digunakan untuk menyambungkan dengan isi materi selanjutnya. Pada bagian ini digunakan untuk menyampaikan pernyataan atau digunakan untuk memaparkan suatu permasalahan.

Isi atau Tubuh

Bagian ini adalah bagian yang terpenting di dalam sebuah artikel. Hal ini dikarenakan di bagian ini penulis menyampaikan segala permasalahan yang dituangkan pada artikel yang ditulisnya.

Penutup

Bagian ini berisi tentang kesimpulan dari pemaparan yang disampaikan penulis.

Selain itu di bagian ini juga diisi dengan kalimat inti atau kunci yang merupakan ringkasan dari semua pembahasan pada artikel yang dituliskan.

Contoh Artikel Eksploratif Bahasa Jawa

Jika kamu ingin mengetahui bagaimana contoh artikel eksploratif bahasa Jawa. Silakan simak baik-baik contoh artikel eksploratif bahasa Jawa berikut.

Akar Wangi kang Migunani

Tekane mangsa rendheng kanggone wong kang manggon ing dhaerah larang banyu mujudake mangsa kang paling diantu-antu saben taune. 

Nanging ana surasa beda kang dirasakake wong kang manggon ing perenge gunung kang wis ilang alase.

Saliyane nuwuhake rasa seneng tekane mangsa rendheng uga nuwuhake rasa sumelang.

Rasa sumelang iki tuwuh lantaran udan sing teka disumelangake bakal nekake bencana tanah longsor tumrap pawongan kang manggon ing pereng pegunungan utawa papan-papan dhuwur kang wis kelangan alase. 

Masia wis akeh cara kanggo ngawekani bebaya tanah longsor. Nanging isih sithike kesadharan masyarakat kanggo njaga kelestarian alas ndadekake tanah longsor isih kerep dumadi ing sawetara dhaerah ing Indonesia.

Sasuwene iki akeh panganggep siji-sijine cara kang bisa ngawekani bahaya tanah longsor yaiku kanthi reboisasi utawa nanduri maneh alas sing wis gundhul. 

Cara iki pancen bener nanging kanggo menehi pangribawa kaya kang dikarepake butuh wektu sing suwe.

Jalaran oyot wit sing isih anyar kekuatane isih kalah dibandingake wit gedhe.

Saengga masia wis ditanduri maneka wit papan pereng pegunungan isih durung bisa sanalika aman saka bencana tanah longsor.

Ing perangan liya sipate oyot wit-witan kang bisa nyimpen banyu. Yen gondhelane durung kuwat nemen.

Malah ndadekake dhaerah-dhaerah kang duwe kemiringan tartamtu malah mbebayani lamuna ditanduri wit-witan.

Kahanan iki disebabake banyu sing kasimpen ing jero oyot kang gondhelane durung rosa mujudake salah siji penyebab dumadine tanah longsor.

Ana cara kang luwih cepet kanggo ngawekani longsor tinimbang nindakake reboisasi.

Cara iku yaiku nanduri dhaerah pereng pegunungan utawa papan-papan kang diperkirakake rawan longsor nganggo akar wangi.

Manut penelitian ana sawetara perangan kang nyebabake oyot akar wingi dianggep luwih apik tinimbang kuat tinimbang wit-witan.

Akar wangi klebu tanduran kang duwe oyot serabut. Oyote bisa nunjem jero nganti kedalaman 5 meter.

Saliyane kuwi akar wangi klebu tanduran kang ‘bandel’. Amarga tanduran iki bisa ditandur ing papan kaya ngapa wae.

Wiwit saka dhataran rendah, dhataran tinggi, bekas tambang, nganti tebing-tebing kang kbeak watu bisa ditanduri nganggo akar wangi.

Saliyane kuwi akar wangi bisa ditandur ing dhaerah kang curah udane sithik lan suwalike akar wangi uga ora bakal mati lamuna ditandur ing dhaerah kang curah udane dhuwur.

Eloke, saupama akar wangi iki ditandur ing pereng kang kebak watu. Oyot akar wangi bisa njilma kaya jangkar kang bisa nahan partikel-partikel lemah.

Kanthi anane kaluwihan kaya ngene. Papan sing ditanduri akar wangi ora bakal kena erosi lan longsor.

Akar wangi dhewe mujudake tanduran kang klebu bangsa sesuketan gedhe. Tanduran iki dhuwure bisa nganti 1-2,5 meter.

Masia ora ngasilake kembang lan wiji-wijian. Nanging akar wingi bisa sumebar kaya dene alang-alang.

Akar wangi kang ditandur sacara rapet bakal bisa dadi pager kang bisa ngurangi bantere iline banyu lan bisa nahan matrial sediment.

Kaluwihan sing kaya ngene iki cetha ndadekake tanduran iki dibutuhake dening dhaerah-dhaerah ing pereng pegunungan lan dhataran tinggi.

Akar wangi dhewe kanggone masyarakat Indonesia dudu tanduran anyar. Tanduran iki wis suwe dikenal lan dibudidayakake kanggo sadengah keperluan.

Salah siji dhaerah kang paling akeh ngasilake akar wangi yaiku Gunung Kidul, DIY.

Ing kene akar wangi dibudidayakake ora mung kanggo njaga wewengkon Gunung Kidul saka longsor lan erosi, nanging uga kanggo bahan baku maneka kerajinan.

Saliyane kuwi oyot akar wangi bisa digunakake pewangi alami kanggone sandhangan kang disimpen ing jero lemari.

Malah ora sethithik kang wong kang ngolah oyot akar wangi kanggo bahan parfum.

Sipat oyote kang bisa nyerap banyu ndadekake oyot kayu wangi bisa nyuda kelembaban sajroning lemari.

Saengga mung kanthi cara mapanake oyot kayu wangi ing jero lemari. Sandhangan kang disimpen ing jero lemari ora gampang jamuren lan apek.

Kahanan sing kaya ngene iki ndadekake akar wangi duwe harga jual kang kapetung dhuwur. Ing dinane iki merga akeh wong kang mbutuhake.

 Ndaekake akeh pawongan kang dodolan winih akar wangi.  Akeh wong sing dodolan winih akar wangi disebabake akehe wong sing wis ngerti apa wae gunane akar wangi.

Saliyane bisa didol oyote merga duwe nilai ekonomis. Akar wangi bisa dienggo pakane sapi. Nanging sing luwih wigati.

Akar wangi mujudake jinis tanduran kang bisa ngrehabilitasi lemah sing kurang subur lan njaga kelestariane lingkungan.

Ya, alesan iki sing ndadekake winih akar wangi ing dinane iki dadi salah siji komoditi sing duwe nilai ekonomi kapetung dhuwur.

Manut sawetara penelitian kang wis ditindakake. Jinis akar wangi sing paling apik yaiku akar wangi kang duwe diameter cilik.

Kahanan iki disebabake merga tansaya cilik ukurane diameter akar wangi, kekuwatan sing diduweni akar wangi kanggo njaga papan tuwuhe saka bencana longsor lan erosi tansaya kuwat.

Ngenani gunane akar wangi kang bisa ngawekani tanah longsor lan erosi iki wis kerep didumke lan disosialisasikake klawan masyarakat.

Mligine masyarakat kang mapan ing dhaerah kang rawan kena tanah longsor.

Emane masia sosialisasi kerep diwenehake. Ing dhaerah-dhaerah tartamtu kang kerep kena bencana tanah longsor.

Akeh pihak sing sing luwih kerep milih reboisasi minangka cara kanggo ngawekanine. Cara iki pancen ora kliru.

Yen ditindakake kanthi ‘wutuh’. Dikandhakake kaya ngene merga reboisasi sing ditindakake ing dinane iki mung sawates seremonial. Lan ora ana upaya liyane kang bisa nyengkuyung lakune reboisasi.

Kudune saliyane nindakake reboisasi. Dhaerah kang direboisasi uga ditanduri akar wangi. Kanthi cara iki ing kalane wit sing ditandur nguwatake oyote.

Lemah papan kang direboisasi lan dadi tuwuhe wit-witan mau wis ‘dibentengi’ nganggo oyote akar wangi. Saengga papan kasebut luwih aman saka bencana longsor lan erosi.

Demikianlah contoh artikel eksploratif bahasa Jawa. Semoga artikel ini memudahkanmu dalam memahaminya.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta