Contoh Cerita Horor Jawa Terseram Singkat Bikin Merinding, Berani Baca?

Contoh Cerita Horor Jawa Terseram Singkat Bikin Merinding, Berani Baca? – Banyak kisah-kisah horor yang terjadi di sekitar kita. Tidak semua kisah-kisah yang bikin merinding terjadi di makam-makam keramat atau rumah-rumah kosong.

Sebab, ada kalanya kisah-kisah horor juga dapat terjadi di rumah sakit, di tempat wisata, dan kadang dapat pula terjadi di dekat tempat yang pernah menjadi peristiwa memalukan di masa lalu.

Daripada penasaran, langsung saja simak contoh cerita horor Jawa berikut.

Contoh Cerita Horor Jawa yang Bikin Merinding

https://sumedang.jabarekspres.com/

Masyarakat Jawa percaya pada adanya makhluk-makhluk supernatural atau tak kasat mata. Bahwa makhluk-makhluk tersebut hidup berdampingan bersama manusia.

Kepercayaan tersebut mulanya sebagai tanda iman akan adanya hal ghaib, namun seiring perkembangan zaman, kepercayaan tersebut berubah menjadi cerita-cerita horor.

Apabila kamu ingin membaca cerita horor berbahasa Jawa. Di bawah ini adalah beberapa contoh cerita horor Jawa yang dapat kamu baca

Contoh Cerita Horor Jawa 1

1. Kedadeyan Nggegirisi ing Wayah Sore

Kedadeyan iki dialami karo sawijining tukang bakso sing sebut wae jenenge Pak Warso. Kaya adate saben sore Pak Warso ider dagangane mlebu lan metu kampung.

Sore kuwi udane nembe wae rampung, nanging mendhung ireng gumantung ing langit. Sajake sedhela maneh udane bakale teka maneh.

Miturut pangirane Pak Warso, mangsa kaya ngene iki dagangane bakal laris. Emane, kahanan dina beda kaya padatan.

Senajan wis ider dagangane nanging durung ana wong sing tuku dagangane Pak Warso. Tanpa sadhar lakune Pak Warso wis tekan mbulakan. Sing arane mbulakan yaiku dalan sing kiwa tengene diapit sawah lan ora ana omah pendhudhuke.

Ing mbulakan kuwi ana omah-omahan cilik sing biyasane digawe ngiyup para kadang tani rikala nggarap sawahe.

Nalika Pak Warso tekan kono, wektune wis ngarepake surup. Ing omah-omahan kuwi Pak Warso weruh ana wong lanang sing umure udakara 50 taun aba tuku lan tangane ngawe-awe.

Pak Warso bandjur ngendhegake laku lan jumangkah tumuju menyang pawongan kuwi. “Pedhes boten, Pak?” takone Pak Warso.

“Pedhes, Pak,” wangsulane pawongan kuwi.

Sawise pesenane dadi. Pak Warso ngelungake mangkok isi bakso menyang pawongan kasebut. Wong kuwi langsung mangan bakso kanthi dhokoh.

Kurang saka sepuluh menit baksone wis entek. Wong kuwi banjur ngelungake mangkok sing wis kosong menyang Pak Warso sinambi ngomong, “Nambah, Pak. Pedhes.”

Pak Warso banjur nggawekake maneh. sepuluh menit candhake bakso wis entek lan pawongan kuwi aba tambah maneh.

Sawise mangkok sing kaping telu entek. Pak Warso takon, “Tambah malih boten, Pak?”

“Ora, Pak.”

“Dados sedaya telase 15.000 ewu nggih, Pak.”

“Waduh, kula boten gadhah arta niki, Pak.”

“Hlo, yen ora duwe dhuwit kok sampeyan maeng aba tuku bakso ta, Pak? Yen ngene iki aku rak ya rugi.”

“Banjur, piye maneh, Pak? Aku pancen ora duwe dhuwit tenanan kok, Pak. Duweku mung sirah iki. Yen sampeyan gelem dakbayar nganggo sirah ya gak apa-apa,” sinambi ngomong ngono wong kuwi nyopot sirahe.

Meruh sirah kapisah saka awake ing ngarep mripate mesthi wae ndadekake Pak Warso mbengok keweden. Pak Warso banjur ora sadharake dhiri.

Nalika sadhar Pak Warso wis dadi rubungane wong akeh lan ngerti-ngerti wis ana ing bale desa.

Contoh Cerita Horor Jawa 2

2. Wanita Tuwa Nyalawadi

Watara jam setengah papat esuk, aku nembe wae rampung liputan ing sawijining dhaerah ing Jawa Tengah.

Sawise ngeterake kancaku menyang omahe. Aku bablas mulih menyang kosku kang ana ing dhaerah Solo Baru.

Tekan sakidule gerbang perumahane kancaku. Aku ketemu klawan simbah-simbah sing katone arep budhal menyang pasar.

Ing panyawangku, simbah-simbah kuwi nganggo klambi kutu baru lan tapihan jarik bathik. Piyambake ngindhit barang kang sajak abot banget.

Aku ngrasa mesakake karo simbah-simbah kuwi. Apa maneh wektu kuwi grimis wiwit tumurun kanthi rada deres.

Aku sempet rangu-rangu aweh pitulungan marang simbah-simbah kuwi. Awit samarku simbah sing weruhi wektu kuwi dudu manungsa.

Sadurunge aweh pitulungan. Aku nonton dhisik sikile simbah-simbah kuwi. Sawise weruh sukune simbah kuwi ndlamak ing lemah. Wusanane dakputusake aweh pitulungan marang simbah kuwi.

Sawise daksalip, aku banjur mandheg lan ngomong, “Mangga kula sarengi, Mbah.”

“Ora usah wae, Nak,” panulake Simbah kuwi.

Sarehne grimise tansaya deres. Aku rada meksa, “Pun, ta mangga sareng kula. Kebeneran kula nggih badhe liwat peken kok.”

Sidane simbahe gelem dakbarengi. Nalika simbah lungguh ing jok mburiku. Aku ngrasa ana beban sing krasa rada abot.

Aku sempet ngrasa ayem jalaran simbah sing dakbonceng iki manungsa lumrah. Amarga akeh polisi tidure lan dalane rada amoh. Anggenku numpak motor rada alon.

Kurang luwih 8 menit candhake. Aku wis tekan pasar Bekonang. Simbah sing dakboncengi banjur matur, “Wis, Nak. Aku dakmudhun kene wae.”

Aku banjur ngendhegake sepedha motorku. Sawise motor mandheg simbahe mudhun saka boncenganku.

“Matur nuwun ya, Nak.”

“Nggih, Mbah. Sami-sami.”

Sawise kuwi aku nerusake laku. Kira-kira sawetara dhetik candhake. Aku rumangsa penasaran karo simbah-simbah sing nembe dakbarengi.

Anehe bareng daktoleh simbahe wis ilang. Mesthi wae aku langsung mrinding. Aku langsung ngegas motorku sabanter-bantere.

Senajan wektu iku grimise wis dadi udan kang deres banget. Aku tetep nerusake laku tanpa mandheg kanggo mbukak mantel.

Awane watara jam 2 awan. Aku dolan menyang omahe kancaku sing mau bengi dakterake mulih. Ing kalodhangan kuwi kancaku crita babagan mistis sing kerep dumadi ing perumahane.

Salah sijine yaiku ing cedhak perumahane kerep ana wewujudan mirip simbah-simbah sing golek barengan. Lan nalika papan tujuan wewujudan kuwi ngilang.

Tekan saiki aku isih durung ngerti tenanan sing dakbonceng esuk kuwi manungsa tenanan utawa bangsane lelembut.

Contoh Cerita Horor Jawa 3

3. Wong Lanang Nyalawadi

Gara-gara kerep nonton film horor, aku sempet duwe pikiran yen sing bangsa dhemit, jin, utawa lelembut iku mung metu ing wayah wengi.

Nanging bareng ngalami dhewe. Aku dadi ngerti yen bangsa lelembut kuwi bisa metu kapan wae. Kadhang bisa metu wayah esuk, awan, utawa sore.

Kedadeyan sapatemon karo bangsa lelembut ing wayah awan iki dakalami sawetara taun kepungkur nalika aku isih dadi wartawan kanggo majalah sing ngrembug babagan gaib lan misteri.

Critane ngene, dina kuwi aku karo kancaku nindakake liputan menyang sawijining tempat wisata alam sing kadhang digunakake kanggo ngalab berkah.

Papan sing kerep digawe ritual iki wujude jeglongan ing tengah kali kang bentuke kaya angka wolu.

Kanggo nekani papan kasebut ora gampang. Saliyane rada adoh saka pemukiman warga. papane ora kena ditekani langsung nganggo sepedha motor.

Sawise markirake motor, aku lan kancaku mlaku menyusuri kali sing amba banget. Kebeneran wektu kuwi kaline lagi asat.

Saengga dhasare kali bisa diambah lan ndadekake sesawangan dadi endah. Saking endahe sesawangan kang ana kiwa-tengen, mlaku sing adohe watara 1 kilometer ora krasa kesel.

Sawetara candhake aku lan kancaku tekan ing papan sing disebut angka wolu. Emane, wektu kuwi ora ana wong sing bisa didadekake nara sumber.

Sawise cukup anggenku motret papan sing ujare kandha kerep didadekake papan kanggo ngalap berkah kuwi.

Aku lan kancaku banjur leren lan ududan sedhela. Sawetara candhake ana pawongan kang saka sandhang penganggone lan piranti kang digunakake mujudake tukang undhuh kroto.

Aku lan kancaku banjur takon menyang pawongan kuwi. Untunge pawongan kuwi sithik akeh ngerti ngenani papan sing dijenengi ‘Angka Wolu’ kuwi.

Kira-kira setengah jam luwih, aku lan kancaku nindakake wawancara karo pawongan kuwi. Sawise dirasa cukup. Aku ngucapake matur nuwun. Aku lan kancaku pamit.

Kira-kira limang langkah candhake, aku eling durung takon jenenge pawongan sing dakwawancarai.

“Mas, sampeyan mau wis takon jenenge bapak mau durung?”

“Durung, hla kowe?”

“Padha, ya, wis takona mumpung durung adoh!” prentahe kancaku sing ibut nglebokake kamera menyang njero tase.

Saiba kagetku nalika pawongan sing mentas dakajak wawancara kuwi ilang tanpa tilas.

“Mas, Mas, bapake mau ilang.”

“Heh, aja guyon. Ilang piye?”

“Ilang ki ya ora ana, Mas.”

Sawise rampung nglebokake kamera kancaku mentas saka kali sing garing kuwi. Dheweke nyoba nggoleki bapak sing mentas dakwawancarai ing dhuwur.

Dene aku nyoba nggoleki ing ngisor nlusuri kali. Nanging tetep wae ora ketemu. Aku lan kancaku banjur pandheng-pandhengan.

“Mas, apike baline mengko liwat dhuwur wae. Timbangane mengko ana banyu neka. Awake dhewe bisa mati.”

Nalika bali menyang parkiran. Aku lan kancaku ketemu karo wong mancing., Aku lan kancaku sempet takon-takon sithik ngenani keangkeran kali sing daktekani kuwi.

Mungguhe wong mancing sing daktemoni kuwi. Kali sing daktekani pancen klebu angker. Awit sawetara dina candhake ana wong ninggal klelep kanthi posisi kang ora wajar.

Jarene wong mancing sing daktemoni dina kuwi. Posisine wong sing ninggal merga klelep kuwi kaya wong sing lagi ruku’.

Ya, wiwit ngalami kedadeyan kuwi tekan saiki. aku dadi luwih ngati-ati nalika ngambah papan sing anyar lan rada jarang kaambah manungsa.

Penutup

Demikianlah contoh cerita horor Jawa yang dapat bikin kamu merinding. Semoga artikel ini memberi inspirasi dalam menciptakan cerita horor Jawa menggunakan media bahasa Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta