3 Contoh Cerita Mite dalam Bahasa Jawa yang Seru dan Menarik

3 Contoh Cerita Mite dalam Bahasa Jawa yang Seru dan Menarik – Jika dilihat dengan sekilas ada suatu kemiripan antara sage dengan mite. Kedua cerita ini biasanya menceritakan tentang keajaiban dan kegaiban.

Tetapi, apabila diperhatikan lebih teliti ada perbedaan mendasar antara sage dengan mite.

Perbedaan Mite dengan Sage

im-happymom.blogspot.com

Salah satu perbedaan yang paling terlihat adalah adanya sosok atau yang berupa dewa dan dewi atau makhluk mitologi pada cerita bergenre mite.

Di sage, tidak ada penceritaan mengenai dewa-dewi atau makhluk mitologis seperti pada mite.

Selain itu cerita yang digolongkan sebagai mite merupakan kisah yang di masa lalu diyakini pernah terjadi dan sangat disakralkan di lingkungan masyarakat yang meyakininya.

Pada artikel ini kamu akan melihat beberapa contoh cerita mite berbahasa Jawa. Jadi, baca sampai tuntas ya.

Ciri-ciri Mite

  • Distorsif yaitu makna cerita mite sudah mengalami sejumlah perubahan di kalangan masyarakat yang meyakininya
  • Intensional yaitu cerita mite memiliki makna tertentu dibalik penciptaannya.
  • Statement of fact artinya adalah cerita mite menaturalisasikan pesan sehingga kita memahaminya sebagai suatu kebenaran yang tidak perlu untuk diperdebatkan lagi.
  • Motivasional  aksudnya adalah cerita mite mempunyai kandungan motivasi atau nilai positif yang bisa diambil pembelajarannya.

Berikut Contoh Cerita Mite dalam Bahasa Jawa

Contoh Cerita Mite dalam Bahasa Jawa 1

1. Sadewa Ngruwat Bathari Durga

Merga dianggep nindakake kaluputan kang gedhe. Dewi Uma dikutuk dari raseksi wanita kang karan Bathari Durga dening Bathari Guru, sisihane.

Samungkure dikutuk, Bathari Durga banjur diusir saka kahyangan lan mapan ing bumi. Satekane bumi Bathari Durga banjur dadi ratune bangsa lelembut kang mapan ing Pasetran Gandamayit.

Kang dadi rakyate Bathari Durga ing Pasetran Gandamayit maneka rupa jinise. Ana sing saka bangsa dhemit, raseksa, lan bangsa siluman.

Pinuju sawijining dina Bathari Durga pikantuk impen yen ragile Pandhawa kang duwe jeneng Sadewa duwe kaluwihan bakal bisa mbalekake wujude dadi sulistya maneh.

Wiwitane Bathari Durga nganggep impene kuwi mung kembang amben. Nanging, merga impene teka wola-wali. Wusanane Bathari Durga penasaran karo impene kuwi.

Bathari Durga banjur duwe panemu yen impene kuwi mujudake pituduh saka Kang Akarya Jagad murih kutukan kang dheweke sandhang enggal paripurna.

Kegawa rasa pengine mbuktekake impene dudu sawates kembange wong turu. Bathari Durga banjur ngutus para anak buahe kanggo ngrangket Sadewa.

Nanging, tugas ngrangket Sadewa kang mujudake ksatria pinunjul. Uga ana kakang-kakange Sadewa kang mesthine bakal njaga adhi-adhine.

Masia Sadewa sekti lan duwe kakang kang kasaktene ngedab-edabi. Nanging para punggawa saka Pasetran Gandamait ora kelangan akal.

Pinuju sawijining dina, nalika Sadewa lagi mbebedag ijen ing alas. Kalika, salah siji raseksi kapercayane Bathari Durga ngetokake ajian sirepe sing paling sakti.

Saking saktine daya sirepe. Sadewa banjur keturon. Saiba kagete Sadewa bareng dheweke nglilir ing ngarepe wis ana wewujudan sing nggegirisi.

“Kowe ora prelu wedi bocah bagus. Kowe dakgawa mrene iki ora merga pengin daklarani. Nanging aku pengin njaluk tulung karo kowe,” ujare Bathari Durga.

“Sik…sik.. Kowe kuwi sapa lan apa sing bisa daktulungi?” takone Sadewa ganti.

“Ya, aku iki kang karan Bathari Durga ratune bangsa jin, raseksa, lan siluman kang manggon ing Pasetran Gandamayit.”

“Banjur, aku arep dikongkon ngapa?”

“Tulung ruwaten, aku.”

“Aku ora bisa ngruwat. Tenan.”

“Piye? Kowe nolak? Yen kowe nolak kowe bakal dakpateni lan dagingmu bakal dipangan rakyatku.”

Sinambi aweh pangancam. Bathari Durga uga ngetokake pusakane. Ngalami kedadeyan kaya ngono mesthi wae Sadewa bingung lan wedi.

Sadewa banjur ndedonga supaya diwenehi cara amrih bisa uwal saka kahanan kang dialami dina kuwi.

Sabubare Sadewa ndonga, banjur Dewa Wisnu ngrasuki anggane Sadewa. Samungkure karasukan Dewa Wisnu, Sadewa bisa ngruwat Bathari Durga.

Sarampunge diruwat, Bathari Durga malih menyang wujud asline. Minangka rasa matur nuwune marang Sadewa.

Bathari Durga kang wis bali dadi Dewi Uma ngajab amrih Sadewa nemoni Rsi Tambapetra kang lagi nandang gerah mripat.

Sadewa manut. Sawetara wektu candhake Sadewa kasil ketemu lan bisa nambani gerah kang ditandang Rsi Tambapetra. Minangka rasa matur nuwune. Sadewa banjur didaupake klawan Ni Padapa, putrine Rsi Tambapetra.

Contoh Cerita Mite dalam Bahasa Jawa 2

2. Garudheya lan Tirta Amerta

Kanthi maneka cara Garudheya ngupadi ing ngendi dununge Tirta Amerta. Garudheya pengin banget duwe banyu suci kang dadi ombenane bangsa dewa kuwi.

Pepinginane Garudheya kanggo pengin nduweni banyu sekti iku ora merga pengin sekti lan duwe umur dawa kaya dewa.

Garudheya kepngin nduweni banyu sekti kuwi kanggo nebus ibune sing didadekake budhake bangsa para naga.

Sawise ngupadi sawetara wektu wusanane Garudheya kasil nemokake sumber banyu Tirta Amerta.

Nalika arep njupuk banyu kasebut. Garudheya didangu klawan Dewa Wisnu kang dipasrahi njaga banyu sekti kasebut.

Ing kalodhangan kuwi Garudheya ngomong kanthi apa anane. Sawise weruh niyate Garudheya pancen apik tenanan.

Wusanane Dewa Wisnu nglilani Garudheya njupuk banyu kasebut. Nanging entuk njupuk banyu kasebut. Ana syarat sing kudu dicukupo Garudheya

“Kowe kena wae njupuk banyu iki, ning syarate siji. Kowe kudu gelem dadi tungganganku. Piye?” pandangune Dewa Wisnu.

Merga siji-sijine cara amrih bisa nduweni banyu kasebut mung kuwi. Wusanane Garudheya sarujuk.

Sawise pikantuk banyu Tirta Amerta. Garudheya banjur nemoni bangsa naga kang wis ndadekake ibune dadi budhak.

Sawise ngelungake banyu kasebut. Ibune Garudheya banjur bisa bebas. Ing kalodhangan kuwi dumadakan ana kedadeyan kang gawe kagete bangsa naga.

Pinuju bangsa naga lagi arep ngombe banyu Tirta Amerta. Dumadakan Dewa Indra metu lan ngrampas banyu kasebut.

Sarehne karampas kanthi peksa saperangan banyu Tirta Amerta ceblok ing suket alang-alang kang ana ing ngarepe bangsa naga.

Jalaran ora ana pilihan liya lan ngrasa ora saguh nandhingi kasektene Dewa Indra. Wusanane naga-naga mau ndilati kutahan banyu Tirta Amerta kang ceblok ing alang-alang.

Nanging merga alang-alang iku duwe godhong kang landhep. Wusanane ilate bangsa naga iku mau sigar dadi loro.

Dene ing perangan liya, merga kena dayane Tirta Amerta, alang-alang dadi tanduran sekti sing bisa digunakake tamba kanggo ngusadani maneka penyakit.

Contoh Cerita Mite dalam Bahasa Jawa 3

3. Raseksa Rahu lan Bathara Candra

Jaman biyen ana sawijining raseksa kang awake gedhe banget. Saking gedene raseksa kang aran Rahu kerep digambarake bisa nguntal gunung anakan.

Sawijining dina Rahu krungu kabar yen ing kahyangan ana banyu sekti sing bisa ndadekake sapa wae kag ngombe bisa awet enom lan duwe umur dawa. Banyu kasebut karan Tirta Amerta.

Sawise keprungu kabar kaya mangkono, Rahu banjur tumuju menyang kahyangan kanggo nduweni banyu kasebut.

Satekane kahyangan kanthi sesidheman Rahu tumuju menyang papan kang digunakake kanggo nyimpen Tirta Amerta.

Nalika Rahu kurang sethithik maneh kasil bisa nduweni banyu kasebut. Apese, apa sing ditindakake Rahu iki konangan dening Bathara Candra.

Merga ngerti musuhe Rahu. Bathara Candra banjur nglaporake menyang Dewa Wisnu. Merga ngerti ana bangsa raseksa kang pengin nduweni banyu Tirta Amerta.

Sanalika Dewa Wisnu muntab. Rahu lan Dewa Wisnu banur perang tandhing. Ing perang kuwi Dewa Wisnu kasil nigas janggane Rahu.

Anehe masia sirah lan anggane kapisa dadi loro. Nanging Rahu ora mati. Sirahe Rahu terus kumleyang ing angkasa merga kepengin males sing ditindakake Bathara Candra.

Dene awake Rahu kang ceblok ing lemah dadi lesung. Pinuju sawijining dina, Rahu pikantuk kalodhangan kanggo males lara atine.

Ing wektu kuwi Rahu kasil nguntal Batara Candra. Untunge babagan iki dikonangi karo Dewa Wisnu.

Merga ora pengin jagad dadi peteng. Dewa Wisnu banjur mudhun menyang bumi lan nyuwun supaya para ibu nabuh lesung.

Sawise lesung ditabuh. Rahu ngrasa wetenge krasa ora kepenak. Lan gara-gara kuwi Bathara Candra dilepeh saengga wengi bali sumunar kaya sakawit

Demikianlah contoh cerita mite dalam bahasa Jawa singkat. Mudah-mudahan artikel yang sedang kamu baca ini dapat memberikan wawasan baru bagi kamu yang sedang mempelajari mite berbahasa Jawa


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta