4 Contoh Cerkak (Cerita Cekak) Bahasa Jawa dengan Berbagai Tema

4 Contoh Cerkak (Cerita Cekak) Bahasa Jawa dengan Berbagai Tema– Cerkak atau Cerita Cekak merupakan salah satu jenis karya sastra Jawa modern yang dapat dipakai sebagai hiburan dan pengisi waktu luang.

Cerkak merupakan sebuah karya sastra Jawa berbentuk prosa fiksi yang berkisah tentang peristiwa yang dialami tokoh utama.

Pada artikel ini, Mamikos akan memberikan contoh cerkak bahasa Jawa lengkap dengan sinopsi serta struktur penulisannya untuk kamu gunakan panduan membuatnya.

Struktur Menulis Cerkak

https://www.freepik.com/author/freepik

Sebelum mempelajari contoh cerkak bahasa Jawa, alangkah baiknya memahami cerkak terlebih dahulu.

Cerkak bisa diciptakan secara bebas sesuai dengan imajinasi penulis atau dapat pula disesuaikan dengan keadaan yang ada di dalam kehidupan masyarakat.

Cerita yang disuguhkan dalam cerkak dirancang secara jelas dan teliti dengan menggunakan bahasa yang mudah dimengerti.

Meski ditulis secara bebas. Namun, sebuah cerkak tetap harus mematuhi kaidah dan struktur yang berlaku.

Adapun struktur dalam sebuah contoh cerkak bahasa Jawa adalah sebagai berikut

  1. Abstrak merupakan bagian yang memberikan gambaran keseluruhan dari isi cerita. Tetapi, bagian abstrak dari sebuah cerkak sifatnya opsional, sehingga dapat dituliskan atau tidak.
  2. Orientasi, merupakan bagian cerita untuk memperkenalkan tokoh di dalam cerita dan masalah yang dihadapi tokoh.
  3. Komplikasi atau puncak masalah merupakan bagian cerita yang menunjukkan puncak masalah yang dialami tokoh utama. Supaya cerita menjadi dramatis dan menarik untuk dibaca bagian ini dapat dibuat sedramatis mungkin sehingga emosi dari pembaca dapat merasa penasaran dan tegang.
  4. Evaluasi merupakan bagian dari cerita yang berisikan pendapat penulis mengenai puncak masalah dalam cerita yang dituliskan dalam sebuah penggambaran secara langsung atau dapat memakai tokoh lain dalam cerita untuk mewakilinya.
  5. Resolusi merupakan bagian terakhir dari seluruh cerita. Pada bagian ini masalah yang dihadapi tokoh hanya tinggal sedikit. Sehingga ketegangan yang dirasakan pembaca dapat berangsur reda.
  6. Koda merupakan bagian cerita yang berisikan kesimpulan mengenai hal-hal yang dirasakan tokoh.

Di bawah ini akan Mamikos berikan beberapa contoh cerkak bahasa Jawa dengan berbagai tema.

Contoh 1 Cerkak Tema Persahabatan

Jarik Warisan

“Um..Ummu, awakmu ngerti apa ora jarikku?” takone Irma menyang Ummu, kancane.

“Jarik sing ndi, Ma?” Ummu ganti takon menyang kancane.

“Jarik sing biyasane dakgawa latihan kae, hlo?”

“Sing motife Satria Wibawa kae ta?”

“Iya. Piye awakmu ngerti apa ora?”

Ummu godheg tandha dheweke ora ngerti. Weruh sing ditakoni godheg Irma ambegan landhung. Dheweke ngrasa sedhih banget jalaran jarik sing paling ditresnani kuwi durung kinawruhan ana ngendi dununge.

Jarik sing digoleki dening Irma kuwi mujudake jarik kesayangane. Irma tresna banget karo jarik kuwi merga jarik kanthi motif satriya wibawa kuwi mujudake jarik paringane simbahe.

 “Luhmu usapana nganggo iki, Ir,” ujare Ummu sinambi ngulungake tisu.

Kotak wadhah tisu iku ditampa dening Irma. Tisu dijupuk telung lembar banjur digunakake kanggo ngusapi luhe.

“Ir, awakmu ora pengin gawe sayembara?

 “Sayembara sing piye?”

“Ya kaya ndek kethoprak-kethoprak ngono kae. Upama sing nemokake wedok bakal kok angkat dadi sedulur sinarawedi lan dijajanke menyang warunge Mbok Jum, sewulane suwene.

Dene yen sing nemu bocah lanang bakal kok dadekake pacar. Aku iki jan-jane mesakake banget karo dhirimu. Wis ayu kelangan jarik, sik ditambahi nyangga beban perasaan sing abot merga isih tetep jomblo di semester tua. Hahahahaha.”

“Ummu…….”

“Piye awakmu sanggup apa ora? Yen ora sanggup aku wegah ngrewangi.”

“Ya, wis aku sanggup.”

Gandhenge Irma kepengin jarike mbalik. Senajan abot, dheweke gelem gawe sayembara kuwi. Ing njero ati dheweke ndonga muga-muga sing nemokake jarike iku dudu bocah lanang.

Kanggone Irma luwih entheng nukokake jajan sewulan suwene tinimbang kudu pacaran.

 “Um…awakmu lagi ana ngendi?” takone Priyo.

“Iki aku lagi ana perpustakaan, ana apa Pri?” Ummu ganti takon.

“Ngene aku iki mentas nemu jarik werna soklat.”

“Jarik werna soklat? Motife apa?”

“Yen ora kliru motife satriya wibawa.”

“Tenan? Coba aku kirimana fotone!”

Priyo banjur motret jarik sing mentas ditemokake menyang Ummu. Nalika potret foto mlebu ing hp-ne Ummu. Ana rasa seneng kang dirasakake Ummu.

“Hla, awakmu nemune ing ngendi?” takone 

 “Nemuku ing ngisor panggung sing dienggo pentas jurusane awake sawetara wektu kepungkur.

Gandhenge wektu iku akeh sing mulih lan sing melu mbongkar panggung daktakoni akeh sing ora ngerti iku jarike sapa, wekasane jarik mau daksimpen.”

“Oalah, ngono jarike simpenen dhisik. Sesuk coba gawanen menyang kampus. Aku ngerti sapa sing duwe jarik kuwi sapa. Tapi tenan, hlo. Sesuk jarik kuwi gawanen menyang kampus.”

“Iya, tapi iki jarike sapa?” takone Priyo.

Emane pitakon iki ora entuk wangsulan saka Ummu. Dina candhake Priyo nggawa jarik sing sing ditemu kuwi menyang kampus.

Wektu Priyo liwat ing sacedhake Arga Budya dheweke ketemu karo Ummu sing wektu iku kebeneran lagi mlaku bareng Irma.

“Um..piye iki sidane barange wis tak gawa iki. Awakmu iki nggawe aku penasaran terus.”

“Saiki sing tenang, sing kalem. Gandhenge barange wis kok gawa lan sing nduweni barang uga ana ing kene barange enggal tokna!”

Tanpa kekahen takon Priyo banjur ngetokake barang sing dikarepake saka njero tase. Wektu tase dibukak lan Irma sempet nyawang barang sing dikarepake kancane mau. sanalika kringete dleweran.

Wektu kuwi swasana atine ora bisa digambarake. Ing perangan liya dheweke ngrasa seneng merga jarike ketemu. Lan ing perangan liya dheweke bingung marang apa sing kudu ditindakake.

Contoh 2 Cerkak Tema Kehidupan

Lakone Ki Suta

Dina iki atine Ki Suta bungah banget. Rasa bungahe Ki Suta lair merga barang dagangane wis entek sadurunge srengenge manggon ing pucuke sirah.

Kegawa rasa bungahe merga anggene dagang laris. Ki Suta kepengin menehi oleh-oleh marang sisihane.

Ing perjalanan mulih Ki Suta nukokake sisihane sandangan sapengadeg cacah loro lan rawon kang dadi kesenangane sisihane.

Gandhenge tanggungane wis rampung lan kari mulihe. Anggene mulih ora digawe kesusu. Ing sadawane dalan Ki Suta tansah ura-ura kanggo nggambarake rasa senenge.

Sawise mataun-taun anggene dodolan lengan wangi, ya lagi dina iki Ki Suta ngalami kahanan kaya ngene. Nanging rasa seneng kang dirasakake dening Ki Suta sakala sirna kalane dumadi owah-owahan cuaca.

Srengenge sing maune menthar-menthar dumadakan katutup dening mendhung sing peteng banget. Ora suwe saka katutupe srengenge mau klawan mendhung.

Dumadakan langit nyuntak banyune kanthi deres banget. Apes kanggone Ki Suta, ing kalane udan tumurun iki mau piyambake wis ana ing satengahe alas.

Merga kepengin ngendhani udan, supaya sandhangane ora teles jaran tunggangane digelak sakayange. Merga ora prayitna anggene ngendhalene jaran tunggangane. Sirahe Ki Suta ketatap pang wit maoni.

Ngalami kahanan kaya mangkene sanalika Ki Suta tiba. Sing ceblok ing lemah ora mung awake wae, nanging uga sandhangan sing dituku kanggo sisihane lan rawon kanggo sisihane uga melu ceblok.

Gandhenge papan panggone ceblok mau lendhute akeh banget. klambi anyar sing rupa putih wis malih dadi soklat.

Apese maneh wadhah rawon kang ginawe saka lempung mau kalane ceblok dadak nabrak watu padhas. Ora wurunga isine kutah pating slengkrah.

“Duh, Gusti. Saiba apese nasib kula. Upami panjenengan mboten ngudhunake udan samesthine kedadeyan ingkang kados mekaten mboten bakal dumadi ing dhiri kula,” panggresahe Ki Suta.

Sinambi ngusuk-ngusuk sirahe sing isih rinasa lara. Ki Suta banjur menyat lan gage jumangkah nyedhaki jarane. Ora kelalen sandhangan sing wis kebak lendhut mau dijupuk.

Rencanane yen wis tekan ngomah mengko Ki Suta bakal nyritakake kedadeyan kang dumadi ing tengah alas mau bakal dicritakake menyang sisihane.

Durung nganti nyingklak ing gegere jaran tunggangane. Awake Ki Suta ditarik menyang buri kanthi peksa kang njalari piyambake tiba maneh.

Ki Suta sempet arep nesu. Nanging anggene nesu digawe wurung samungkure ngerti sapa sing narik piyambake.

“Piye? Kowe ora trima? Kowe arep nesu? Nesu..nesua yen pengin tak bedhil sirahmu,” ujare pawongan gedhe dhuwur sing narik Ki Suta.

“Ora… aku ora nesu. Kowe arep ngapa?” wangsulane Ki Suta alon.

“Aku ngerti kowe mentas bakulan ing pasar. Samesthine wektu iki kowe nggawa dhuwit sing akeh banget. Yen kowe isih tresna klawan nyawamu. Cepet wenehna dhuwitmu!”

“Ampun, Ki. Aja. Dhuwitku iki bakal dakenggo nyukupi kabutuhane kaluwargaku. Yen dhuwit iki kok jaluk anak lan bojoku bakale mangan apa?”

“Piye kowe wani nulak prentahku. Ngertenana ya, sasuwene iki babar pisan durung ana sing wani nulak prentahku. Jalaran sapa wae sing nulak prentahku.

Dheweke bakal dak perjayani, iki merg akowe wani nulak prentahku. Dadi aja takon dosa lan luputmu yen dina iki mujudake dina pungkasan kanggo kowe nyawang srengenge. Rasakna iki!”

“Ampunnn……”

Samungkure kuwi begal mau ndudut bedhile lan ngarahake menyang Ki Suta. Menawa wae merga udane deres banget. Bedhile si begal mau keblebeg banyu saengga ora bisa digunakake kanggo ngalarani Ki Suta.

Bola-bali dicoba nanging bedhil mau tetep macet. Kalodhangan kang kaya ngene digunakake dening Ki Suta sabecik-becike.

Begal mau dijegal nganti tiba. Samungkure begale tiba. Ki Suta langsung numpak lan sawise kuwi langsung nggelak jarane sakayange.

Menawa wae dina kuwi nasib apik lagi mihak Ki Suta merga begale ora ngoyak playune jarane Ki Suta.

Rasa ayem bali dirasakake Ki Suta kalane piyambake kasil metu saka alas. Rasa bungah lagi sumrambah ing atine Ki Suta kalane tekan ngomah.

Sawise tekan ngomah Ki Suta enggal mudhun saka jarane lan nindakake sujud syukur. Saliyane nindakake sujud syukur Ki Suta uga nyuwun pangapura amarga wis nduweni salah pangira marang kaputusane Gusti.

Upama dina iki ora udan deres. Ki Suta ora bisa mbayangake bakal dadi apa dheweke.

Contoh 3 Cerkak Tentang Kehidupan Anak Muda

Kopi Ijo Sing Nyekseni

Malem setu kepungkur aku entuk surat edaran saka kantor desa. Surat kuwi ngandhakake sesuk bakal ana pemadaman listrik total.

Suwene pemadam diperkirakake 24 jam. Merga ing omahku wis ora ana lampu petromak ibuku banjur ngakon aku supaya tuku lilin.

“Tukune lilin aja akeh-akeh, Le. Tuku papat utawa lima wae wis cukup.,” prentahe ibuku.

“Nggih, Bu,” wangsulanku cekak.

Nyatane tugas tuku lilin iku dudu perkara gampang. Kabeh toko sing tak parani liline entek resik.

Upamaa ana kira-kira mung sisa selusin lan iku mae ora didol. Jarene kanggo sing didodol. Kesel ora nemokake lilin ing toko prancangan.

Aku banjur kepikiran golek ing minimaret anyar kulon desaku. Tenan. Ing kono stok lilin isih kapetung akeh.

Mung wae tuku lilin ing minimarket kuwi ora kena eceran. Gandhenge butuh tenan. Gelem ora gelem tukune ya kudu sapak.

Wektu mlebu minimarket aku sempet rumangsa nggumun minimarkete kok sepi?

Tinimbang mikir sing ora-ora. Aku banjur mikir paling ya merga isih anyar iku sing dadi penyebab minimarkete isih sepi.

Sarampunge muter-muter kanggo nggoleki rak kanggo ndeleh lilin. Sinambi ngadhem lan nglirik mbak kasire sing ayu bianget wekasane bareng sing tak goleki kasil tak temokake. Apese kalane tanganku ndemok kothak wadhah lilin lampune mati.

Mesthi wae matine lampu ndadekake swasana ing jero minimarket sing maune padhang jingglang dadi peteng njimpret. Bebarengan matine lampu, mbak kasir sing mau lagi ibut ing ruwang kerjane mbengok.

“Maaaasss………tulung…..Aku wedi,” pambengoke mbak kasir iku.

Aku sing wengi kuwi blanja ijenan ing minimarket mesthi wae sumelang.

Jalaran yen ana wong krungu lan kliru panemu bisa-bisa aku dianggep tumindak sing ora-ora. Lan upama kelakon tenan ora wurunga aku bakal digebuki.

“Tenang mbak… yen wedi sampeyan ndik kono wae,” prentahku sinambi ngempakake senter ing hpku.

Untunge mbake manut. Aku banjur mlaku nyedhaki dheweke.

“Hla, kancane sampeyan padha nyang ndi?” takonku menyang mbake.

“Isih padha golek mangan, Mas?” wangsulane mbake.

“Mas, tulung terna menyang kana, ya!” ujare mbake sinambi nuduh papan kang dikarepake.

“Arep ngapa Mbak?” takonku.

“Iku Mas, aku  arep ngempake jenset.

“Ayo yen ngono, Mbak!”

Aku banjur ngeterake mbak kasir. Sadurunge kuwi aku sempet kenalan. Saka kenalan kalane mati lampu kuwi aku ngerti jenenge mbak kasir iku Desi.

Satekane papan kanggo ndeleh jenset. Desi bola-bali nyoba ngurubake jenset. Nanging bola-bali dicoba tetep wae gagal.

Nganti kringete dleweran tetep wae jenset ora gelem murub. Kegawa rasa mesakake, aku banjur nyoba nulungi.

“Sik, mbak tulung iki hp-ku cekelen. Jensete coba tak aku wae sing ngempakke!”

Kalane tak coba pisan jenset langsung murub. Bebarengan murube jenset Desi banjur ibut ndulegi tombol ing tembok sing babar pisan ora dakmangerteni.

Apa sing ditindakake dening Desi iku ndadekake lampu-lampu ing minimarket murub maneh.

“Mas, aku matur nuwun banget wis dikancani lan diewangi. Minangka rasa matur nuwunku menyang sampeyan. Sesuk aku kan mlebu esuk. Upama bengine awake dhewe mlaku-mlaku menyang Pinka piye?”

“Kena sih mbak. Ning Pinka kuwi ngendi?”

“Mosok sampeyan ora ngerti Pinka kuwi ngendi?”

Aku godheg

“Pinka kuwi Pinggir Kali mapane ing sapinggire Kali Ngrawa.”

“Oalahhh… dhareah Lembu Peteng kana ta Mbak?” 

“Iya, Mas. Piye sampeyan gelem?”

“Hla, mbok iyes…”

Sarampunge kuwi aku lan Desi ijol-ijolan nomer hp.

Dina candhake aku lan Desi dolan bareng menyang Pinka. Sawise rampung mlaku-mlaku. Aku lan Desi banjur leren ing pinggir kali Ngrawa. Ing kono sinambi nyruput kopi Ijo aku lan Desi crita akeh ngenani apa wae.

Salah siji sing paling tak eling ya iku perkara wedine Desi marang peteng. Aku sempet kaget nalika Desi nyritakake babagan kuwi. Sadurunge nyritakake babagan kuwi.

Desi sempet ngajab, “Mas bakal dakcritani rahasiaku nanging sampeyan kudu janji ora bakal nyritakake babagan iki menyang sapa wae.”

“Pinka lan Kopi Ijo iki kang bakal nyekseni. Aku ora bakal nyritakake rahasiamu menyang sapa wae.”

Desi banjur miwiti critane. Lan kalane ngrungokake critane tanpa sadhar luhku melu dleweran merga critane Desi banget ngiris ati.

Contoh 4 Tentang Kasih Tak Sampai

Udan lan Kenangan

Kira-kira jam setengah sewelas bengi, aku pamit mlebu kamar menyang kanca nunggal kost sing isih jagongan ing angkringan cedhake minimarket Solo Baru.

Angkahku satekane kost. Aku arep nyicil nulis brita asil saka liputanku awan mau.

Gandhenge mripat wis ngantuk nanging pengin meksa melek jalaran akeh garapan sing durung kecandhak. Wusanane aku mampir minimarket kanggo tuku cagak lek. Biyasane sing daktuku kacang asin lan kopi sasetan.

Sawise mbayar menyang kasir. Aku langsung ngindring bali menyang kost. Sadurunge mlebu kamar kost. Aku luwih dhisik nyumet udud. Durung pikantuk telung sedhotan.

Dumadakan udan tumurun kanthi deres banget. Nalika udan tumurun kuwi. Aku ngilang-ngilingi kamar kost kang manggon cedhak kamarku.

“Lampune isih mati. Paling cah-cah isih cangkrukan lan mesthine kudanan,” batinku.

Tenan. Lagi tak batin kaya ngono. Kanca-kancaku nunggal kost padha teka kanthi mlayu.

“Bajingan…. jebul bener kowe, Ga. Pinter kowe, bisa ngerti udan bakale teka. Dadine kowe mulih dhisik lan ora kudanan,” ujare Yofi, kancaku kost sing melu cangkrukan mau.

“Kandhani, kok. Ing alam donya iki apa ta sing ora tak weruhi? aja kok kapan tekane udan? Sesuk pira nomer sing bakale metu wae aku paham. Ning aku wegah omong-omong.”

“Gayamu, Ga…Ga. Nek babagan mbedhe pira nomer sing bakale metu. Kowe pancen dakakoni pancen jempolan. Nanging ana perangan liya sing nggawe kowe ketok bodho.”

“Apa kuwi?”

“Kowe ora bisa mbedhe isine atine cah Kediri kae. Mosok cedhak luwih saka patang taun, wis kaya wong pacaran, tiwas sayang, nanging kowe mung dianggep sawates kanca.”

Aku cep klekep ora bisa wangsulan. Weruh aku meneng kelangan tembung. Yofi katon seneng lan terus ngetokake serangane.

“Hahahaha, wis ta Ga. Arepa sasekti-sektine wong lanang. Yen wis dilarani atine. Ya tetep bakal ambyar. Aja meneh kowe sing wong biyasa.

Panglima Tian Feng sing mimpin 100 ewu prajurit langit wae isih bisa nggrantes merga tresnane karo dhik Chang’e mung keplok sesisih,” tambahe Yofi.

“Wis buyar-buyar. Kowe ndang adus-adus dhisik Yof! Aja nganti kowe mengko masuk angin lan ngrepoti kancane.”

Weruh yen aku kalah omongan. Yofi katon seneng. Dheweke banjur katon njupuk andhuk ing pemean lan jumangkah tumuju menyang kamar mandhi. Salungane Yofi kuwi aku lagi mlebu menyang njero kamar.

Sabubare nutup lawang. Aku langsung ngecek hp sing tak charge lan dakpapanake ing cedhak laptopku. Nalika hp tak candhak lan tak urubake. Ana siji pesen sing ora daknyana-nyana.

Pesen sing dikirim lumantar aplikasi WA kuwi kiriman saka bocah Kediri sing dikarepake Yofi mau. Ya bocah sing sempet cedhak, sempet tak sayang, nanging….. Ah, aku mung dianggep kanca. Bocah kuwi jenenge Amri.

“Mas, sampeyan saiki ing ngendi? Saiki aku lagi ing Solo. Bisa nyuwun tulung?” takone Amri liwat pesen WA.

“Nggonku lagi udan. Njaluk tulung apa?”

“Methuk aku, Mas. Iki aku ijenan. Gek stasiun Jebres sepi banget. Aku wedi, Mas.”

Senajan isih ngrasa mangkel lan gela merga mung dianggep kanca. Nanging kelingan dheweke kuwi tau tak senengi. Aku ora tega dheweke ngalami kahanan kaya ngono.

Senajan udan ing njaba deres banget. Aku nekad nerjang derese udan. Sadawane dalan aku ndedonga muga-muga si Amri ora ngalami kahanan kang kurang becik.

Ketarane dongaku diijabah dening Gusti. Nanging, bareng aku tekan kanthi kahanan teles kebes merga derese udan kasil nembus mantelku. Ana sesawangan kang ngrerojeh ati.

Amri katon gemujeng klawan sawijining priya. Weruh tekaku, Amri banjur ngajak priya sing diajak gemujeng jumangkah nyedhaki aku. Sawise cedhak dheweke ngenalake priya sing diajak gemujeng.

“Mas, kenalna iki tunanganku,” ujare Amri kanthi ampang.

Sabubare Amri ngomong kaya ngono. Mak gragap. Aku tangi. Jebul ngimpi.

Wengi kuwi udan deres banget lan dumadakan hpku muni. Aku sempet wedi. Apa maneh sing nelpon kuwi nganggo nomer anyar. Aja-aja sing nelpon kuwi Amri.

“Mas, ngapunten radi telat. Honor tulisan panjenengan antawis jam wolu kalawae sampun kula transfer,” ujare pawongan ing sabrang kana kang ngakune jenenge Ririn.

“Nggih, Mbak. Matur nuwun,” wangsulanku cekak.

Ah, udan sasi November. Udan sing kebak kenangan. Taun kepungkur aku kelangan lan tekan saiki isih kelingan.

Demikianlah contoh cerkak bahasa Jawa dengan berbagai tema. Semoga dapat memberimu referensi tentang menulis berbagai contoh cerkak bahasa Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta