Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Sosial dan Budaya Masyarakat yang Menarik

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Sosial dan Budaya Masyarakat yang Menarik – Keadaan sosial serta budaya yang dimiliki masyarakat Jawa ibarat telaga ide yang tidak akan pernah kering untuk dijadikan dalam penulisan cerkak bahasa Jawa.

Seluruh peristiwa yang terjadi di sekitarmu, sebenarnya dapat dibuat sebagai bahan membuat cerita yang menarik.

Sedikit Tips Menulis Cerkak

https://www.jatimkini.id/

Untuk membuat cerkak yang baik, yang harus kamu perhatikan selain tema adalah tujuan penulisan cerkak tersebut.

Maksudnya begini, tujuan kamu menulis cerkak itu sebatas hobi, tugas sekolah, atau tujuan lain seperti diikutkan lomba, dicetak menjadi buku atau ingin dikirimkan ke media yang bersedia menerbitkan cerkak buatanmu.

Jika kamu menulis cerkak untuk sekedar hobi. Kamu bebas melakukan eksplorasi baik dari ide, tema, maupun gaya bahasa yang kamu pakai dalam membangun cerkak buatanmu.

Namun, jika tujuanmu adalah mengirimkan naskahmu ke media dan berharap tulisanmu dapat dimuat di media massa. Ada beberapa hal yang perlu kamu perhatikan.

Tips Membuat Cerkak Lolos Media

  • Pakailah bahasa Jawa yang baku
  • Pakailah penulisan bahasa Jawa sesuai dengan ejaan yang berlaku
  • Bualah cerkak dengan panjang sekitar 1.200-1.400 kata
  • Buatlah cerkak yang sesuai dengan media tujuan
  • Sebaiknya hindari tema-tema yang sensitif

Tema-tema tentang sosial, budaya, dan tradisi punya peluang besar untuk dimuat.

Setelah mengetahui tips-tipsnya. Sekarang kamu bisa melihat contoh cerkak bahasa Jawa tema sosial dan tema budaya masyarakat.

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Sosial

Sawang-Sinawang

Yen ing dhaerah liyane padha wiwit ngrembug babagan pemilu. Ngrembug sapa sing bakal dipilih dadi DPRD, DPR, nganti sapa presiden sing bakale dipilih.

Beda critane karo sing dumadi ing dhaerahku. Tangga-tanggaku ora ana sing tertarik karo pesta demokrasi sing digelar limang taun pisan kuwi.

“Pemilu kenek, ora pemilu ya kenek. Hla, asile ya tetep kaya ngene,” ujare Kang Karto nalika rondha wengi kuwi.

“Iya, senajan sing dijanjekake beda-beda, nanging intine tetep padha. Apus-apus, thok,” Kang Suti melu nambahi. “Hla, njenengan mangke nderek milih napa mboten, Dhe?” takone Kang menyang Pak Dhe Ranto sing katrem anggone nonton sinetron ing TV.

Sadurunge mangsuli pitakone Kang Karto, priya sepuh pensiunan guru kuwi luwih dhisik nglirihake swara TV kang dipasang ing Poskamling. Bareng swara TV wis lirih Pak Dhe Ranto lagi mangsuli.

“Ya tetep milih, ning…,” durung rampung anggene mangsuli wis dipenggak Kang Karto.

“Nanging napa Dhe?” takone Kang Karto.

“Hush, yen ana wong sepuh ngomong. Aja kesusu dipenggak. Ora apik,” ujare Kang Suti.

Kang Karto rada klincutan sithik.

“Sepuntene nggih, Dhe.”

“Ora apa-apa,” wangsulane Pak Dhe Ranto mung mesem tipis. “Aku gelem milih nanging yen ana sangune,” sambunge Pak Dhe Ranto.

Wangsulane Pak Dhe Ranto iki ndadekake Kang Karto lan Kang Suti kaget. Kekarone ora ngira yen Pak Dhe Ranto bakale ngomong kaya ngono.

“Nha, nek ana sangune aku ya gelem, Dhe,” ujare Kang Karto.

“Sokur-sokur ana caleg sing gelem nukokake tipi, ya Dhe. Tipi sing layare tipis ngono kae lho, Dhe. Mengko TV-ne dipasang ing pos kene. Mesthine mengko bakale luwih gayeng,” Kang Suti melu nambahi.

“Ho oh, nanging caleg edan saka ngendi sing gelem nuruti kekarepane wong-wong kaya awake dhewe iki. Tinimbang dhuwite dienteke kanggo nukokake awake dhewe TV. Para caleg kae lak ya padha milih nyenengke atine wong-wong sing duwe pengaruh gedhe. Misale tokoh-tokoh masyarakat.”

Kang Karto lan Kang Suti manthuk-manthuk tandha sarujuk marang sing diomongke Pak Dhe Ranto.

“Hla, sampeyan lak ya tokoh masyarakat ta Dhe?” takone Kang Suti.

“Iya, tokoh masyarakat perposkamlingan. Sing penggaweyane ngancani wong-wong rondha merga ing ngomah wis ora duwe guling sing bisa ngentut maneh,” wangsulane Pak Dhe Ranto sing ndadekake Kang Karto lan Kang Suti ngguyu kepingkel-pingkel.

Sawise ditinggal tilar donya sisihane limang taun kepungkur. Pak Dhe Ranto mutusake ora rabi maneh alias nduda lan nunggoni omahe ijenan.

Sejatine anak-anake Pak Dhe Ranto sing saiki wis padha-padha omah ing kutha. Kabeh padha pengin ngajak bapake menyang kutha. Ning apa sing dijaluk anake iku ora disarujuki Pak Dhe Ranto.

“Mesakake anak lan ora ngrepoti anak,” alesane Pak Dhe Ranto saben ditakoni wong kenapa apa ora gelem melu urip anake ing kutha.

Kanggo ngusir rasa sepine. Saben wengi Pak Dhe Ranto mesthi menyang poskamling kanggo ngancani wong sing lagi giliran rondha.

Wong sing lagi rondha siji-sijia ora ana sing kabotan dikancani Pak Dhe Ranto. Suwalike Pak Dhe Ranto malah diantu-antu tekane.

Jalaran saben teka Pak Dhe Ranto mesthi nggawa nyamikan lan nggawekake kopi saceret gedhe.

Senajan nyamikan lan kopi wis dadi barang mesthi sing digawa Pak Dhe Ranto. Nanging sing paling diantu-antu wong sing dikancani rondha dudu kuwi.

Wejangan, pitutur, lan crita ngenani pengalamane Pak Dhe Ranto mujudake salah siji perangan kang paling dienteni wong-wong rondha sing dikancani Pak Dhe Ranto.

Wong-wong iku rumangsa seneng jalaran anggene menehi wejangan lan pitutur ora ngguroni kaya wong-wong liyane.

Saliyane kuwi senajan yuswane wis kapetung sepuh dhewe. Pak Dhe Ranto ora isin njaluk warah menyang sing luwih enom.

Contone wingi, sabubare ditukokake hp android karo anak lanange sing saiki dadi kepala sekolah.

Saben wengi Pak Dhe Ranto mesthi njaluk warah menyang Nova, mantune Kang Suti sing dadi guru TIK ngenani kepriye carane nggunakake aplikasi Whatsapp.

Saka anggene tlaten lan temenan anggene sinau. Durung jangkep rong minggu anggene sinau. Pak Dhe Ranto wis wasis nggunakake aplikasi whatsapp.

Ya gara-gara iku sing ndadekake Pak Dhe Ranto nyempetake video call-an karo putu-putune saben wengi. Babagan iki ditindakake merga putune Pak Dhe Ranto ora gelem turu yen durung mireng swarane kakunge.

Wengi kuwi udane kapetung deres banget. Saengga wong-wong sing oleh giliran rondha akeh sing ora padha teka. Saka wong lima sing wayahe rondha. Mung Kang Suti lan Kang Karto sing gelem teka.

Sejatine ana rasa ora trima sing dirasakake Kang Suti lan Kang Karto. Nanging bareng didhem Pak Dhe Ranto wong loro kuwi wusanane gelem nrima kasunyatan lan ngikhlasake kancane sing ora teka rondha.

Ing kalane katelune jejagongan dumadakan ana sedan putih sing mandheg ing cedhak poskamling.

Wong telu sing padha jejagongan nglereni anggene cecaturan. Kabeh padha noleh menyang mobil mandheg merga pengin ngerti sapa sing bakale metu saka mobil.

Udakara limang menit candhake. Ana wong wedok enom sing rambute disemir pirang mudhun saka mobil.

Wong wadon sing mudhun saka mobil katon sempoyongan lan katon sajak neson karo sing nyetiri mobil.

Ora watara suwe saka mudhune wanita rambut pirang iku mau. Mobil sedan putih langsung mblandhang nyigar sepine wengi.

“Ngono maneh,” grenenge Pak Dhe Ranto samungkure nyipati sesawangan

“Ngono piye Dhe?” takone Kang Suti pengin ngerti.

“Ya, kaya sing kok tonton. Muring-muring lan mendem maneh,” wangsulane Pak Dhe Ranto entheng sinambi njupuk rokok saka sak jakete.

“Sampeyan kenal karo wanita kae, Dhe?” Kang Karto ganti takon.

“Kenal sih ora, ning……,” durung rampung anggene Pak Dhe Ranto wis luwih dhisik kapenggak pambengoke Kang Suti.

“Kkkk…kae tontonen… wonge ambruk, ngglethak ing tengah dalan. Ayo cepet  ditulungi!” pambengoke Kang Suti.

Sanalika wong telu sing kawit jam sanga lungguhan ing poskamling langsung mlayoni papan ambruke wanita sing mentas saka mobil sedan putuh mau. Bareng wis cedhak. Katelune ora enggal aweh pitulungan.

Jalaran katelune kamitenggengen kahanane nyawang wanita sing mentas mudhun saka mobil sedan putih mau.

Sandhangan sarwa minim nganti ngatonake bokong lan susu sing dienggo wanita sing ambruk tanpa daya iku kang ndadekake wong lanang telu sing arep menehi pitulungan.

“Kang Suti  sarungmu copoten,” prentahe Pak Dhe Ranto.

Sing dikongkon bisa mung manut. Kang Suti nyopot sarung sing diubelne ing gulune sinambi mripate ora uwal anggene nyawang awake wanita sing ambruk merga mau.

Saka ambu sing metu saka tutuke. Katelune yakin yen sing ndadekake wanita iku kelangan kesadharane yaiku merga kekakehen anggene ngombe alkohol.

Sawise nyopot sarunge Kang Suti langsung ngelungake menyang Pak Dhe Ranto. Sawise kuwi dening Pak Dhe Ranto sarung saka Kang Suti langsung dienggo nutupi awake wanita mau sing perangan ngisor.

“Oalah, Ndhuk…Ndhuk. Kowe kuwi nglakoni urip kaya ngapa,” grenenge Kang Karto sinambi nyopot sarung ing gulune lan langsung ngrubutake sarunge menyang perangan dhuwur saka awake wanita sing ambruk mau.

Bareng wis ditutupi sarung saengga awake sing mrusuh ora ketok. Katelune banjur njunjung wanita iku.

“Digawa menyang ngendi Dhe?” takone Kang Suti.

“Terke menyang omahe wae!” prentahe Pak Dhe Ranto “Omahe kae hlo sing cet ijo,” tambahe Pak Dhe Ranto.

Tanpa kekakehen takon katelune banjur ngeterne wanita mau menyang omahe. Bareng wis tekan ngomahe.

Kancane sing tunggu ngomah langsung mbukake lawang lan nyuwun tulung supaya awake kancane sing lagi pingsan iku mau diturokake ing kamare.

*

Tekan poskamling ambegane wong telu sing mentas nulungi wanita pingsan merga kakehen anggene ngombe alkohol padha krenggosan.

Sing ndadekake ambegane katelune krenggosan ora mung merga kakurase tenaga, nanging uga merga nyawang sesawangan ora sebaene nalika mlebu menyang omahe wanita mau.

Senajan omahe katelune lan omahe wanita mau ora patia adoh. nanging ana pambeda sing ndadekake antarane wong telu lan wanita ora patia akrab. Pak Dhe Ranto, Kang Suti, lan Kang Karto mujudake warga kampung asli.

Dene wanita sing ditulungi iku warga perumahan anyar sing kabangun ing tengahe kampunge Pak Dhe Ranto, Kang Suti, lan Kang Karto.

Wong-wong sing manggon ing perumahan iku durung akeh jalaran isih rampung anggene mabngun. Rata-rata sing manggon ing kono manten anyar. Saliyane kuwi ana sing mung tuku omah kanggo investasi.

Tegese mung dituku nanging ora dienggoni. Dene sisane ya kaya wanita mau. Dienggo ngekosake wanita-wanita pemandu lagu ‘plus-plus’ lan wanita sing gelem dadi simpenane para bos-bos hidung belang.

“Ora hlo, bocah-bocah wedok mau pamite menyang wong tuwane kerja apa, ya?” takone Kang Suti. “Mosok ya padha blaka suta. Ngomong menyang wong tuwane arepe kerja dadi ngono kae mau,” tambahe Kang Suti.

Ora ana sing bisa mangsuli pitakone Kang Suti. Kabeh padha katrem ing pikirane dhewe-dhewe.

“Masia asile akeh. Nanging tenan. Aku ora ikhlas lan ora bakal lila anak-putuku mergawe kaya wanita-wanita mau,” ujare Kang Karto.

“Yen wong waras cetha ora ana sing bakal nglilakake anak-putune mergawe kaya wanita mau, Kang,” sambunge Pak Dhe Ranto, Kang Suti, lan Kang Karto.

“Ning, nggumunku kena ngapa ya penggaweyan sing kaya ngono iku ora bisa sirna, terus ana nganti saiki. Padahal jaman wis tansaya maju. Lan pilihan kerja dadi luwih akeh. Malah saiki lagi ngetren-ngetrene prostitusi on-line. Kaya brita wingi kae. Ana artis sing dodolan apeme nganti 80 yuta. Apa ora edan kuwi. Padahal wis artis, hlo. Apa bayare ora cukup. Mosok isih kurang penak anggene dadi artis?” takone Kang Karto.

“Bab penak lan orane anggene dadi artis awake dhewe ora bakal ngrasakake. Ning dakkira senajan kuwi artis, pejabat, bos gedhe, apa maneh wong cilik kaya awake dhewe iki. Kabeh ora bisa uwal saka ukume alam sing ngandhakake urip kuwi sawang-sinawang. Apa sing disawang penak, durung karuwan penak kanggone sing nglakoni,” wangsulane Pak Dhe Ranto.

“Iya bener, Dhe. Apa maneh yen uripe mung kanggo nuruti hawa nepsu lan mung ngutamakne babagan kadonyan. Paribasan wong ngelak sing ngombe banyu segara. Orane ilang rasa ngelak ing gorokane, nanging tansaya ngelake,” semaute Kang Suti.

“Wah, dengaren kowe bisa ngomong bijak, Kang?” panyelane Kang Karto.

“Ya gara-gara awak sing mrusuh kae mau utegku dadi rada encer,” wangsulane Kang Suti kang ndadekake kabeh ngguyu kemekelen.

Bareng anggene ngguyu leren. Pak Dhe Ranto banjur ngendikan, “Ing jaman sing tansah kebak godha kaya jaman saiki.

Saiba apike yen kita tansah tetep eling lan wasda sarta ngajak anak-putu tetep lumaku ing dalan kang utama yaiku dalan kang ora nerak aturane negara lan agama.”

“Bener Dhe. Karo maneh aja lali kabeh kudu tetep gondhelan ing panembah marang Gustine. Supaya uripe ora nggladrah. Saengga bisa ngarah-arah endi sing bener lan endi sing kurang bener. Ora mung ngumbar hawa nepsune thok,” Kang Karto melu nambahi.

Udan sing sempet terang sedhela. Saiki tumurun maneh kanthi deres banget. Ing kalane udan dadi tansaya deres. Panyawange wong lanang telu padha tumuju ing TV sing mbritakake banjir kang dumadi ing sadengah papan.

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Tema Sosial Budaya Masyarakat

Nonton Wayang

Wiwit cilik Jefri pancen seneng klawan kesenian tradisional utamane pagelaran wayang kulit.

Mula ora nggumunake menawa ing umure kang isih ngancik 10 taun dheweke wis ngapalake saperangan paraga-paraga kang ana sajroning donyane wayang.

Saliyane nonton pagelaran kanthi langsung Jefri uga nduweni kepingan vcd sing nyimpen pamentasan dhalang-dhalang kang wis terkenal.

Amarga karemenane nonton lan ngoleksi pagelaran iki saben-saben ana piwulang ing sekolahan kang ana sambung rapete klawan wayang dheweke mesthi pikantuk biji sing luwih apik tinimbang kanca-kancane.

Saka saperangan paraga kang nduweni watak becik ing jagading pewayangan ana salah sawijining paraga kang dadi idholane Jefri.

Paraga kesenengane Jefri iku ora liya yaiku Raden Werkudara. Jefri seneng klawan paraga kasebut jalaran saliyene gedhe-dhuwur, gagah-pideksa, lan  sekti mandra, paraga kasebut uga mujudake sawijining paraga wayang kang ngurmati banget marang gurune.

Apa kang dumadi ing pribadhine saengga bisa dadi paraga kang sekti mandraguna kuwi ora uwal saka setya tuhune marang gurune.

Saliyane Jefri ana uga kanca sakelase sing ngidholakake paraga Raden werkudara. Kancane jefri mau nduweni jeneng Adhi. Beda Jefri beda uga Adhi.

Senajan Adhi seneng klawan marang paraga Raden Werkudara nanging Adhi ora sepiraa seneng marang pagelaran wayang.

Adhi mung seneng marang paraga Raden Werkudara iku jalaran weruh blegere kang gedhe dhuwur sarta nduweni kuku pancanaka sing sektine kliwat-kliwat.

Dina senin awan watara jam setengah siji awan piwulangan kang ana ing sekolahan wis dipungkasi. Sadurunge piwulangan awan iku katutup dening donga bu Ely minangka guru kelas menehi tugas tumrap para muride.

Tugas sing diwenehake bu Ely awan iku yaiku para siswa nggawe crita pewayangan kanthi migunakake basane dhewe-dhewe.

Mangerteni tugas sing diwenehake menyang murid-muride iki rada abot, mula bu Ely mbagi murid-muride dadi saperangan kelompok lan saben kelompok isine bocah cacah loro.

Kebeneran wektu iku Jefri lan Adhi dadi sakelompok. Weruh dadi saklompok klawan Adhi rumangsa ayem dhisik jalaran dheweke oleh kanca saklompok sing paling ora ngerti ing babagan pewayangan.

Tugas kang diwenehake dening bu Ely kuwi bakale dikumpulake dina senin candhake. Kahanan iki uga ndadekake rasa marem tumrap bocah-bocah jalaran isih nduweni wektu kang lumayan dawa kanggo ngerjakake tugas kasebut.

Semono uga kang dirasakake dening Jefri lan Adhi bocah iku uga ngrasa marem jalaran nduweni wektu kang lumayan dawa kanggo ngerjakake tugas kasebut.

Kanthi anane wektu kang dawa iku Jefri lan Adhi nduweni pepinginan bisa ngrampungake tugas kasebut kanthi asil kang nyenengake.

Senajan wektu kanggo ngrampungake tugas kasebut isih seminggu suwene nanging kahanan iki ora tansah ndadekake Jefri lan Adhi males-malesan anggene ngerjakake tugas kasebut.

Wektu iku kebenaran sedina sawise bu Ely menehi tugas kasebut katepakan klawan dina libur nasional. Kahanan kasebut dimanfaatake kanthi becik dening Jefri lan Adhi kanggo ngrampungake tugas kasebut.

Nalika kanca-kanca liyane lagi padha nyantai lan dolan-dolan bocah loro kuwi malah ngerjakake tugas kang diwenehake dening gurune iku kanthi sengkud.

Sawise padha dipikir kanthi bebarengan bocah loro kuwi nduweni panemu mung ana telung cara amrih bisa ngrampungake tugas kasebut.

Cara kang kapisan yaiku kanthi maca buku-buku pewayangan, sing kapindho takon marang pawongan kang ngerti ngenani lakon pewayangan, lan sing pungkasan yaiku nonton pagelaran wayang.

Gandhenge Jefri nduweni akeh kolek pagelaran wayang mula cara sing nomer telu iku mau kang dipilih dening bocah loro kasebut. Amarga padha-padha nyenengi paraga Raden Werkudara kekarone banjur pengin nggawe crita ngenani paraga kasebut.

Kaya wektu kang wis ditemtokake jam 9 esuk sabubare sarapan Adhi wis teka ing omahe Jefri.

Sawise teka ing omahe kancane iku Adhi langsung diajak mlebu ngomah lan diajak nyethel salah sijine vcd  koleksine Jefri kang ngamot lakon Bima Suci.

Sawise rampung anggene nonton wayang kekarone banjur dhiskusi lan wiwit nulis crita wayang kasebut kanthi migunakake basane dhewe-dhewe.

Nanging satengahe nulis kasebut Adhi ngendhegake anggene nulis bagiyane lan ngomong menyang Jefri, “Jef, tibake ngarang iku jebule ora gampang ya? Aku rumangsa wis ora sanggup maneh. Kepriye upama bagianku iku sing ngrampungake awakmu wae?”

“Ya, ora bisa Dhi, awakmu kudu ngrampungake bageyanmu. Mengko yen sing ngrampungake aku tegese nilai sing bakal diolehi mengko kuwi hakku lan awakmu ora nduweni hak. Mula saka kuwi awakmu ya kudu ngrampungake apa sing wis dadi bageyanmu saengga mengko nilai sing bakal diweneheke bu guru menyang awake dhewe bener-bener digayuh kanthi usahane awake dhewe bebarengan” kandhane Jefri.

“Tapi rumangsaku tugas sing diwenehake dening bu guru wektu iki abot banget. Kaya-kaya tugas sing diwenehake dening bu guru iku durung wayahe dikerjakake dening awake dhewe. Dakrasa kanca-kanca yang ngrasakake kangelan. Apa kira-kira bu guru kliru anggene menehi tugas ya?” pitakone Adhi maneh.

“Hush, aja nduwe pandakwa kaya mangkono marang gurune dhewe Dhi. Awake dhewe mau lak ya wis nonton wayang kanthi lakon Bima Suci, sejatine lakon kuwi menawa dionceki bakal ana piwulangan sing becik lan bisa didadekake patuladhan kang becik tumrape siswa kaya awake dhewe iki” ujare Jefri.

“Bageyan sing ndi ta Jef? Aku kok lali.”

“Mosok lali? Mau nalika Bima diutus dening Begawan Durna kanggo nggoleki tirta perwitasari. Mosok awakmu ora kelingan babar pisan?”

“Aku kelingan Jef. Nanging aku ora ngerti maksude. Coba aku mbok diterangke!” panjaluke Adhi.

“Ngene ya Dhi. Wektu Bima nampa tugas ngupadi banyu turta perwitasari saka gurune iku sejatine nggambarake rasa taat-e siswa marang gurune. Saliyane iku tugas-tugas abot sing diwenehake dening Begawan Durna marang Bima lan bisa dirampungake kanthi becik dening Bima iku nuduhake gedhene rasa khurmat siswa marang gurune. Mula saka iku minangka siswa kudune awake dhewe bisa nuladhani sipate Bima sing kaya mangkono kuwi. Mula saka mangeteni sipate Bima kang kaya mangkono kuwi aku tansah ndadekake dheweke salah sawijining paraga wayang idholaku” kandhane Jefri maneh.

Sawise krungu apa kang dijelasake dening Jefri ngenani sipate Bima kuwi tansah nuwuhake semangate Adhi maneh. Saliyane kuwi Adhi uga ngrasa isin marang awake dhewe jalaran senajan padha-padha ngidholakake

Werkudara nanging dheweke ora ngerti yen Raden werkudara utawa Bima nduweni sipat luhur. Dheweke mung seneng nyawang blegere Raden Werkudara kang gedhe dhuwur.

Wiwit keprungu apa kang dikandhakake dening Jefri mau Adhi nduweni tekad bakal nuladhani sipate raden wekudara sing nduweni rasa khurmat lan taat marang gurune.

Sipat sing kaya mangkono kuwi mau bisa ditindakake kanthi nglaksanakake apa wae kang diutus dening gurune.

“Matur nuwun ya Jef, amarga panjlentrehanmu ngenani kepriye sipate Bima utawa Raden Werkudara iku bali nuwuhake semangatku kanggo ngrampungake bageyanku. Aku kepingin bisa kaya Werkudara jalaran paraga kuwi uga paraga idholaku” kandhane Adhi.

Keprungu apa kang dikandhakake dening kancane iku Jefri mesem lan ngomong, “Ayo gek dirampungake tugas-tugas sing wis dibagi mau amrih awake dhewe enggal bisa ngaso” pangajake Jefri.

“Siap pak Guru” saute Adhi sing sabanjure disusul swara guyu renyah bocah loro iku bebarengan.

Demikianlah contoh cerkak bahasa Jawa tema sosial dan tema budaya masyarakat yang dapat kamu pakai sebagai referensi membuat cerkak. Semoga artikel ini bermanfaat untukmu.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta