Contoh Cerpen Bahasa Jawa Tentang Persahabatan atau Kekancan Singkat

Contoh Cerpen Bahasa Jawa Tentang Persahabatan atau Kekancan Singkat – Hubungan persahabatan yang erat merupakan impian semua orang.

Keberadaan sahabat sangat kita butuhkan ketika hari sedang tidak bersahabat. Pertolongan dari sahabat di saat yang paling dibutuhkan biasanya akan terkenang sepanjang masa.

Untuk mengingat pertolongan dari sahabat ini dapat dijadikan bahan untuk menciptakan cerpen berbahasa Jawa yang menarik.

Supaya cerpen bahasa Jawa buatanmu menarik kamu dapat melakukan langkah-langkah di bawah ini.

Tips Membuat Cerita Bahasa Jawa Menarik

https://unsplash.com/@leopra_nanta
  • Biasakanlah memakai bahasa Jawa yang baku
  • Perhatikanlah penulisan bahasa Jawa sesuai dengan ejaan yang berlaku
  • Usahakanlah cerpen berbahasa Jawa buatanmu panjangnya sekitar 1.200-1.400 kata
  • Upayakanlah tema cerpen berbahasa Jawa sesuai dengan media tujuan
  • Jangan menulis cerpen berbahasa Jawa yang menyinggung perasaan, keyakinan, dan kebudayaan orang lain

Contoh Cerpen Bahasa Jawa Tema Persahabatan

Di bawah ini merupakan cerpen berbahasa Jawa dengan tema persahabatan

Contoh Cerpen Bahasa Jawa Tentang Persahabatan 1

Boncengan kanggo Nafi

Pirang-pirang dina iki Aldo budhal sekolah kanthi cara mlaku. Dheweke ora gelem nggawa maneh sepedhah federale.

Sepedhah sing wernane biru kuwi mung dijagangake ing garasi omahe. Kamangka ing jaman anyare biyen Aldo ora bisa uwal karo sepedhah kuwi.

Sepedhah federal kuwi ora mung dienggo budhal sekolah, nanging kerep dienggo dolan bareng kancane.

Owah-owahan kang dumadi ing Aldo iki ndadekake wong tuwane mikir. Kena ngapa sepedhah federal kuwi ora tau digawe Aldo kanggo menyang sekolah maneh.

Wong tuwane nganti mikir Aldo ora seneng karo sepedhah kasebut. Wong tuwane ngakoni, pancen sepedhah federal kuwi ora kaya sing dikarepake anake.

Jaman semana Aldo pengin banget duwe sepedhah federal sing ing perangan buri ana boncengane. Jarene supaya bisa dienggo boncengan karo kancane.

Merga ing wektu kuwi sepedhah kaya sing dikarepake anake ora ana lan dhuwit sing diduweni sarwa cumpen.

Wusanane wong tuwane bisane nukoke sepedhah federal trondhol alias sepedhah tanpa ana sayap lan boncengane.

 Wiwitane wong tuwane ngira yen anake ora seneng karo sepedhahe. Nanging panganggep sing kaya ngono ilang samungkure ngerti sing ditindakake anake saben sore.

Samungkure rampung anggene nggarap PR lan ngewangi reresik wong tuwane. Aldo mesthi nyerbeti sepedhah federale nganggo tilas kaose sing wis rusak.

Apa sing ditindakake Aldo iki ndadekake sepedhah federale katon resik lan tetep gilap masia wis ora anyar maneh.

“Bu, coba sawangen kae. Yen ora seneng karo sepedhahe, nanging kok bocah kae gelem nyerbeti sepedhahe ya?”

“Hla iya ta, Pak. Aku dhewe ya ngrasa ngono. Tapi yen seneng isih karo sepedhahe. Banjur kena ngapa Aldo ora gelem nganggo sepedhahe ing wayah sekolah?”

“Masalah kuwi sing kudu awake dhewe pecahake, Bu. Ning apike anggene miyak babagan kuwi kanthi sesidheman. Piye, Bu?”

“Sarujuk, Pak.”

Dina candhake bapak lan ibune Aldo wiwit nindakake rencana kanggo miyak masalah apa sing ndadekake Aldo ora gelem nggawa sepedhahe menyang sekolahan.

Esuk sadurunge Aldo tangi bapake luwih dhisik nggembosi ban sepedhahe anake.

“Hlo, Pak. Ban sepedhah kula kok gembos?” takone Aldo sabubare njupuk sepatu sekolahe ing garasi.

“Paling merga suwe ora kok gawe, Le,” wangsulane bapake cekak.

“Mulane Le. Yen duwe sepedhah kuwi dienggo. Aja dianggurne. Yen kaya ngene piye dadine,” tambahe ibune.

“Jane kula nggih pengin sepedhahan malih, nanging wekdal niki taksih dereng saged, Bu”

“Hla, ngapa kok ora bisa?”

“Samenika lak nggih taksih mangsa rendheng, Bu. Kula eman menawi sepedhahe rusak amargi kudanan. Saliyane niku, sepedhah kula lak nggih dereng wonten sayape. Upami kula damel ing wanci rendheng. Sragam kula mangke lak kotor mergi kecipratan toya sing sampun campur kaliyan lendhut.”

Sabubare mangsuli pitakone bapak lan ibune. Aldo banjur njupuk kompa. Weruh anake arep ngompa sepedhahe. Bapake menggak kekarepane Aldo.

“Wis ora usah. Mengko bapak kompake. Saiki budhala sekolah wae. Tinimbang kasep lan diukum gurumu. Karo maneh, kowe wis diparani Nafi.”

“Nggih, Pak. matur nuwun sakderenge.”

Rampung ngomong kaya mangkono Aldo banjur budhal sekolah bareng Nafi, kancane nunggal kelas.

Untung sekolahe Aldo lan Nafi ora patia adoh. Kira-kira kurang saka limalas menit candhake Aldo lan nafi wis tekan sekolahan.

Sawise Aldo budhal sekolah. Bapake banjur ngompa sepedhah sing mentas digenjes. Sisihane sing nyawang saka kadohan mung mesem.

“Do, kowe kok ora ngganggo sepedhah maneh. Ana apa?”

“Ora ana apa-apa kok Fi.”

“Aja-aja merga aku ya? Kowe ngrasa pekewuh. Tenang wae, Do. Masia kowe sepedhahan lan aku tetep mlaku kaya ngene. Aku ora apa-apa kok.”

Aldo sempet kaget keprungu omongane Nafi. Sejatine babagan iki sing ndadekake Aldo ora gelem sepedhahan maneh.

“Dudu masalah kuwi, Fi. Kowe lak ya ngerti dhewe. Saiki mangsa rendheng lan sepedhahku kae durung ana sayape. Saupama aku nekad sepedhahan lan ngliwati dalan sing jembreg, mengko lak ya nyiprat kabeh ing sragamku.”

“Oalah, dadi dudu gara-gara aku ya?”

“Oralah, Fi.”

“Yen mung masalah kuwi. Ketarane aku duwe solusine, Do.”

“Solusine piye?”

“Wingi Mas Anggara nawani aku sayap lan andhang sepedhah federal. Nanging daktulak merga aku durung duwe sepedhah dhewe. Coba mengko awake dhewe mrana kanggo nembung sayap lan andhang sepedhah sing ditawakne aku isih apa ora, sapa ngerti cocog karo sepedhahmu.”

Sorene Aldo dolan menyang omahe Mas Anggara. Ora suwe saka tekane Aldo. Nafi teka kanthi ambegan sing ngos-ngosan.

“Ana apa Fi?” takone Aldo.

“Ora ana-apa Do. Aku mung ngetes playuku kok,” wangsulane Nafi.

Limang menit candhake Mas Anggara metu saka omahe. Dheweke kaget banget sabubare weruh tamune.

“Eh, ana Nafi lan Aldo. Kadingaren tenan dolan mrena. Ana prelu apa?”

“Niku, Mas. Wingi sampeyan kan nawani sayap lan andhang sepedhah federal. Kinten-kinten barange napa taksih?”

“Isih, Fi. Ana apa?”

“Menawi kula suwun napa pareng?”

“Kena wae, Fi. Nanging wingi kowe nulak merga durung duwe sepedhah. Hla saiki kowe kok dadi gelem. Apa kowe wis duwe sepedhah?”

“Sejatose barang menika sanes kagem kula, Mas. Nanging kagem Aldo. Kinten-kinten upami dipasang dhateng sepedhahe Aldo menapa saged?”

“Sepedhah sing endi? Apa sepedhah sing iki?”

“Nggih, Mas. Sepedhah ingkang niki.”

“Yen sepedhah sing iki genah cocok. Merga sepedhah iki sajenis karo sepedhahku. Iki piye digawa mulih langsung utawa dipasangke pisan?”

“Menawi saged dipasang pindhah nggih, Mas.”

Mas Anggara banjur masang sayap lan andhang ing sepedhahe Aldo. Samungkure dipasangi sayap lan adhang sepedhahe Aldo tansaya katon wangun.

“Matur nuwun nggih, Mas,” ujare Aldo lan Nafi bebarengan.

“Padha-padha,” wangsulane Mas Anggara. “Eh, kowe sakloron mentas iki duwe acara utawa ora?” takone Mas Anggara.

Aldo lan Nafi godheg bebarengan.

“Yen ora duwe acara piye yen awake dhewe sepedhahan mubeng-mubeng desa. Mesisan karo ngetes andhang sepedhahe isih rosa utawa ora piye gelem?”

 “Purun, Mas,” wangsulane Aldo lan Nafi bebarengan.

Samungkure dites pranyata andhang sepedhah isih rosa. Saliyane kuwi sayap sepedhah uga kabukti ampuh kanggo nyirep cipratan banyu sing campur lendhut.

Dina candhake Aldo wis ora mlaku maneh anggene budhal sekolah.

Aldo budhal sekolah kanthi numpak sepedhah lan boncengan karo Nafi. Wong tuwane Aldo sing weruh Aldo gelem nggawa sepedhahe kanggo budhal sekolah dadi seneng.

Anggepan yen Aldo ora seneng karo sepedhah sing ditukokake ilang sanalika.

“Do, aku matur nuwun banget wis diboncengke, ya!”

“Padha-padha Fi. Aku ya matur nuwun. Gara-gara kowe sepedhahku dadi ana sayap lan boncengane.”

Contoh Cerpen Bahasa Jawa Tentang Persahabatan 2

Lomba Baris Kreasi

 “Tu..wa…tu…wa…wu…wa..,” ujare Gibran ngabani Arifin kang lagi ajar baris.

Diabani kaya mangkono Arifin tansaya semangat anggene latihan baris. Sauntara dina iki Gibran dijaluki tulung dening gurune kanggo nglatih gerakan barise Arifin.

Anane Gibran diutus kaya ngono merga dheweke mujudake siswa sing barise kapetung paling apik ing sekolahane.

Kanggo sawetara wektu Arifin dening gurune pancen diakon latihan dhewe.

Arifin isih durung pikantuk mlebu ing pleton merga gerakane kerep kleru saengga kanca-kancane nunggal pleton kerep bledru.

Wiwitane nalika dilatih dening Gibran iki Arifin anggene nindakake latihan uga semangat.

Nanging bareng dheweke diakon bola-bali ngambali gerakane dening Gibran merga gerakane akeh sing salah. Arifin wiwit kendho semangate lan kepengin nyerah.

“Ah, aku kesel. Aku tak leren dhisik ya Bran? Weh jan kesel tenan aku. Yen kesele kaya ngene rasane aku kok ora kepengin melu lomba baris wae.”

“Aja ngomong ngono ta? iki demi jenenge sekolahane dhewe. yen kesel dhisik ora dadia ngapa nanging mengko yen kesele wis ilang latihan maneh hlo ya!”

“Alahhhhh….embuh, nonton mengko wae lah.”

“Hlo.. aja ngomong ngono ta! Lombane kurang rong minggu maneh, dadi awake dhewe kudu latihan tenanan. Mengko yen gerakanmu wis bener, ora dhompo maneh. Aku, awakmu, lan kanca liyane bakal latihan bareng maneh.”

“Iya..iya aku ngerti. Nanging saiki aku sik tak leren dhisik.”

Sinambi leren Arifin nyopot topine lan nyendhen ing sor wit ringin kang manggon cedhak lapangan.

Kanggo ngurangi sumuk sing dirasakake topine banjur dienggo kipas-kipas. Gibran sing uga wiwit ngrasakake kesel banjur lungguh ing cedhake kancane.

Dheweke milih melu lungguh ing kono jalaran ringin sing dienggo sendhen Arifin godhonge ngrembuyung banget saengga ing papan kono saliyane luwih iyup hawane uga luwih seger yen dibandhingake papan liyane.

Taun iki desane Gibran nduweni adicara beda kanggo ngregengake adicara pitulas agustusan.

Yen ing taun kepungkur desane Gibran nganakake pawai lan orkes kanggo ngregengake adicara pitulas agustusan.

Dene taun iki adicara sing dipilih kanggo ngisi adicara pitulas agustusan yaiku baris kreasi lan bazar.

Pambeda adicara kang dienggo ngregengake pengetan pitulas agustusan iki nduweni maneka tujuan. Salah sijine yaiku kanggo nggugah lan ningkatake daya kreativitas masyarakat ing desane Gibran.

“Peh…Pak Lurah ki sing dipilih kok dadak baris kreasi ya Bran? Ngene iki ndadekake aku or semangat. Upama sing dipilih kanggo nggugah lan ningkatake kreativitas kaya taun kepungkur ngono aku bakal luwih semangat.”

“Taun kepungkur? Taun kepungkur lak mung pawai thok ta?”

“Hla, iya masia mung pawai lak bisa macak maneka werna. Saliyane iku uga ana drum band-e barang. Dadi masia kudu mlaku lumayan adoh lan isih ketambahan panase awan aku tetep semangat merga ana drum band-e. Yen baris kaya ngene iki lak mung monoton. Huh…malese!”

Saka apa sing dikandhakake dening Arifin iku mau wekasane Gibran ngerti kena ngapa kancane akeh klerune kalane latihan baris.

Sing dadi penyebabe yaiku merga Arifin wis ora semangat kanggo latihan merga nganggep yen baris kreasi sing dianakake desane ora nyenengake kaya pawai pitulas agustusan sing dianakake ing taun kepungkur.

Ing kono Gibran mikir sedhela. Dheweke mikir lan golek cara supaya kancane bisa tuwuh semangate lan ora salah tampa klawan lomba baris kreasi sing dianakake desane.

Anane lomba baris kreasi iku dipilih dening Pak Joko, lurah ing desane supaya para wargane saliyane bisa luwih kreatif uga bisa luwih raket klawan tangga teparone.

Supaya pangajab sing kaya mangkene bisa dadi kasunyatan Pak Joko sing wis rembugan klawan para panitia ngawetoake peraturan sing isine kaya mangkene: saben pleton kang melu lomba baris kreasi kudu macak saunik-unike, anggene macak ora entuk ing salon, anggene macak kudu ing papan kang wis dicepakake dening panitia.

Dene hiasan utawa aksesoris sing bakal dienggo ing lomba kasebut. Para peserta dibebasake milih lan nggawa dhewe saka ngomah.

Sawise mikir rada suwe, wekasane Gibran nemu cara kanggo nggugah semangat lan nglurusake panemune Arifin sing kliru.

Sadurunge ngomong menyang kancane. Luwih dhisik Gibran nata ukara sing bakal dikandhakake.

Tumindak sing kaya ngene sengaja ditindakake kanthi pangajab kancane ora lara ati merga tembung sing bakal diucapakake.

“Fin, aku tak takon ya?”

“Takon apa?”

“Oleh apa ora? Penting ora angel-angel ya oleh?”

“Ngene aku arep takon, awakmu ngerti apa ora kena ngapa Pak Lurah milih lomba baris kanggo ngregengake pitulas agustusan taun iki?”

“Ya paling merga golek acara sing murah lan ora ribet. Baris ngono kan ora ribet upama dibiji sing dibiji paling ya apa?”

“Hlo, rak tenan ta? awakmu ora ngerti sih. Setu kepungkur kae kowe ora mlebu sekolah dadi ora ngerti pengumuman saka bu guru.”

“Enek pengumuman ta? isine piye?”

“Enek lah! Pengumane kurang luwih isine ngene. Ing lomba baris kreasi kuwi kabeh pleton bakal pikantuk dana saka desa sing dienggo tamabahan macak. Jenenge wae baris kreasi, dadi ing lomba baris sing bakal teka iku mau ora kaku kaya baris sing uwis. Para peserta lomba baris diajab bisa nampilake kreasi saapik-apike. Lan supaya kreasine apik, para peserta lomba baris bebas gawe kreasi sauger ora nerak angger-anggere baris, lan angger-angger kang ana ing masyarakat.”

“Yen angger-anggere masyarakat aku ngerti. Ning yen angger-anggere baris iku sing piye?’

“Sing iku hlo Fin kaya ora entuk mlaku dhompo, kudu padha karo kancane, kudu manut prentahe ketua regu, lan ora oleh metu saka barisan yen durung dibubarake.”

“Wah, masia jenenge baris kreasi tetep ana aturane ya?”

“Ya mesthi lah. Merga baris ngono sejatine ngemu piwulang sing bisa dienggo nggulawenthah dhiri.”

“Tenan apa piye? Hla ngertiku baris kuwi mung gawe kesel tok kok!”

“Tenanan lah. Awakmu wae sing ora ngerti. Saiki tak jelasne ya piwulang sing ana sajroning baris kuwi. Nalika awakmu ora mlebu kae Bu Guru ngendikan yen baris ngono saliyane bisa gawe awak tansah sehat uga bisa digunakake kanggo mbangun rasa disiplin lan dienggo nglatih rasa tanggungjawab. Disiplin ing kene nglatih supaya awake dhewe tansah manut klawan aturan lan ora seneng mbebuwang wektu sapenake dhewe.”

Gibran uga nambahake yen rasa tanggungjawab sing diwulangake sajroning baris bisa dadi sarana kanggo nggegulang sapa wae supaya ora tumindak sapenake dhewe.

Lan saka kene tansah ndadekake pawongan kang nate melu baris ora seneng tumindak grusa-grusu kanthi linandhes karep kang padatan tanpa ana pretungan kang mateng.

Entuk penjelasan kaya ngono jangkepe saka Gibran adoh ing njero atine Arifin ngrasa gela amarga ora mlebu ing dina kuwi.

Arifin ing dina kuwi ora mlebu sekolah orane merga lara utawa diajak lunga dening wong tuwane. Dheweke ora mlebu sekolah jalaran anggene tangi kawanen merga turune kewengen.

“Bran, keselku wis ilang. Ayo saiki latian maneh!”

“Siap…!”

Weruh semangate Arifin wis pulih. Gibran melu seneng. Sawise dikandhani Gibran kaya ngono anggene Arifin dadi semangat lan ora aras-arasen maneh. Gerakane uga wis akeh sing bener lan sing kaya mangkene iki ndadekake atine Gibran tansaya seneng.

Contoh Cerpen Bahasa Jawa Tentang Persahabatan 3

Widya lan Resti

Telung dina kepungkur Widya diajak bulike menyang salah siji papan pengungsian sing ora adoh saka kuthane.

Ing kono Widya ngrasa trenyuh samungkure weruh akeh bocah-bocah saumurane padha dolanan nganggo botol bekas banyu ngombe lan kulit jeruk bali.

Widya mbatin yen kulit jeruk bali sing dienggo dolanan bocah-bocah ing pengungsian kuwi sisa jeruk bali asil saka sumbangan para donatur.

Merga sasuwene marani papan pengungsian. Dheweke ora nemokake anane wit jeruk bali kaya sing tuwuh ing kidul omahe.

Senajan anggene menyang papan pengungsian mung sedhela. Nanging wis cukup nggawe Widya sadar. Nalika bali saka papan pengungsian.

Sing kapisan ditindakake Widya njaluk ngapura menyang wong Ibune.

“Bu, kula nyuwun pangapunten. Kula boten siyos nyuwun klambi anyar lan dolanan malih,” ujare Widya ing sawijinig sore.

“Hlo, kena ngapa kok ora sida?”

“Nganu, Bu. Nalika diajak bulik dhateng papan pengungsian. Widya ngertos ing njawi taksih kathah bocah ingkang nasibe kirang beruntung. Kathah bocah sing boten gadhah dolan. Widya dados rumaos mesakaken. Saupami Widya pengin nyumbang bocah-bocah nika napa pareng?”

“Pareng. Nanging apa sing arep kok sumbangke Wid?”

“Dolanan, Bu.”

“Hah.. dolanan?”

“Nggih, Bu. Rumaos kula bocah-bocah ingkang ndherek tiyang sepahe ngungsi menika lak nggih butuh dolanan kagem nglipur atine sadangune ngungsi dhateng pengungsian. Kebeneran dolanan kula sampun kathah sing sampun boten didamel. Tinimbang dolanan kula namung disimpen ing jero peti. Kula kinten langkung sae disumbagaken. Sinten ngeros saged migunani kagem bocah ingkang tumut ngungsi, Bu.”

“Sing kok omongne pancen bener, Ndhuk. Nanging apa kowe wis ikhlas tenan. Aja-aja mengko bareng kok sumbangne. Kowe bakale getun.”

“Boten, Bu. Kula sampun ikhlas. Saestu.”

“Yen wis ikhlas tenan. Ya wis kana pilihana endi dolananmu sing arep kok sumbangke! Ning  Ibu pesen dolanan sing kok sumbangke iku kudu dolanan sing durung rusak. Mulane anggenmu milihi aja sembarangan. Dolanan sing wis rusak aja nganti ketut kok sumbangke. Mesakake sing nampa sumbangan dolananmu. Iki kudu kok tindakake supaya bocah sing nampa sumbangan ora ngrasa kok ece.”

“Inggih, Bu. Babagan menika kula sampun ngertos.”

Sadurunge mlebu kamare kanggo milihi dolanan. Widya sempet nyuwun kerdhus menyang ibune. Sawise kuwi Widya banjur mlebu kamare.

Satekane njero kamar Widya langsung ngetokake dolanane sing disimpen ing jero kerdhus. Wektu kuwi dolanan sing isih disenengi lan kerep dienggo dolanan disihake.

Dene dolanan sing sekirane ora nate dilebokake menyang kerdhus sing mentas disuwun saka ibune.

Kegawa asyike anggene milihi dolanane sing bakal disumbangake. Widya nganti ora ngerti ing mburine wis ngadeg Resti, kancane sakelas.

“Wid, kowe lagi ngapa?” takone Resti.

“Eh Res, kapan teka?”

“Sik tas wae, Wid. Kuwi ngapa dolananmu kok diudhal kaya ngono ta?”

“Iya, Res. Iki aku lagi milihi dolananku. Arep tak sumbangake.”

“Hlo, kok sumbangake menyang ngendi?”

“Menyang bocah-bocah sing melu ngungsi, Res.”

“Oalah..Tak ewangi milihi oleh?”

“Oleh wae, Res.”

Resti banjur lungguh ing cedhake Widya. Sinambi ngewangi milihi dolanane Widya sing bakal disumbangake. Resti takon kena ngapa Widya nganti lila nyumbangake dolanane.

Mangka mungguhe Resti wis akeh pihak-pihak sing menehi sumbangan menyang para pengungsi sing bakal disumbang Widya.

Nalika keprungu alesane Widya. Resti dadi sadhar yen aweh sumbangan menyang wong sing lagi nandang kesusahan iku mujudake kewajibane wong sing mampu. Dadi dudu kewajibane wong tartamtu.

“Wid, sejatine aku ya pengin nyumbang. Nanging dolananku ora saakeh dolananmu.”

“Ngene, Res. Awake dhewe kena kok nyumbang kanthi wujud apa wae. Ora kudu dolanan. Sing penting sing awake dhewe nyumbange ikhlas lan barang sing disumbangake isih pantes dienggo tumrape sing disumbang. Ngendikane ibuku babagan iki kudu ditindakake supaya sing nampa sumbangan saka awake dhewe rumangsa diasorake lan diece.”

“Dadi upama aku melu nyumbang sandhangan ngono entuk ya? Soale yen sandhangan aku duwe lumayan akeh. Sandhanganku pancen ora apik nemen. Nanging, dakkira isih pantes. Aku pengin nyumbang merga sandhanganku ora mungkin daklungsurake menyang adhikku.”

“Hla, ngapa Res?”

“Kowe ngerti dhewe. Adhikku lanang-lanang. Mosok arep daklungsuri sandhanganku.”

“Oh, iya. Aku lagi kelingan. Hehehe… Yen ngono kebeneran Res. Aku sing nyumbang dolanane. Kowe sing sandhangane. Pas banget.”

“Kowe mrana maneh kapan Wid?”

“Yen ora kliru rong dina maneh, Res. Ana apa?”

“Saupama sesuk ing sekolahan awake dhewe ngajak kanca-kanca liyane piye? Sapa ngerti ana kanca sing pengin melu nyumbang?”

“Idhe apik kuwi, Res.”

“Pas menehake sumbangan saupama aku melu oleh?”

“Aku ora janji. Mengko coba daktarenake menyang bulik ya? Muga-muga bulik ngidini.”

“Oke, Wid. Mengko kabar-kabar wae.”

Dina candhake ing sekolahan. Widya lan Resti nyoba ngajak kanca-kancane. Tanpa dinyana akeh kancane sing pengin melu nyumbang.

Malah anggene nyumbang ora mung dolanan lan sandhangan wae. Ana sing nyumbang alat-alat tulis, dhuwit, panganan, lan isih akeh maneh.

Akehe kancane sing kegugah atine melu nyumbang ndadekake Widya lan Resti ngrasa bungah lan bingung.

Untunge ana Bu Ririn, guru kelase sing kasil mrantasi rasa bingung sing dirasakake Widya lan Resti. Bu Ririn ngendikan supaya sumbangan-sumbangan iku dipasrahake menyang sekolahan.

Mengkone pihak sekolahan bakal nyerahake langsung menyang sing duwe hak nampa sumbangan iku mau.

Saliyane kuwi sing banget gawe bungahe Resti lan Widya. Bocah-bocah sing pengin melu ngendhangi para korban ing papan pengungsian diidini melu.

Mung wae kanggone sing melu. Bu Guru pesen supaya aja tumindak neka-neka sing wusanane bisa nglarani atine sapa wae sing lagi ngungsi ing papan pengungsian.

“Nggih, Bu. Kula janji. Kula boten bakal tumindak nakal lan neka-neka. Menawi kula ngantos nglanggar syarat ingkang Bu Ririn ngendikaken. Kula siyap nampa ukumane,” ujare Resty.

“Semanten ugi kula, Bu,” Widya melu-melu.

“Kula nggih siyap, Bu,” ujare liyane.

Ndulu akehe muride sing duwe pepinginan luhur kanggo aweh pambiyantu marang sing lagi nandang musibah.

Atine Bu Ririn seneng banget. ing njero atine. Bu Ririn ndedonga supaya sipat sing kaya ngene iki bakal terus digawa nganti murid-muride dhiwasa.

Demikianlah contoh cerita bahasa Jawa yang diangkat dari kisah persahabatan. Semoga artikel ini membantumu menciptakan cerita bahasa Jawa yang menarik.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta