8 Contoh Layang Pribadi Bahasa Jawa kanggo Teman, Orang Tua, Saudara, hingga Pakdhe
Layang atau surat merupakan alat komunikasi yang digunakan untuk menyampaikan pesan kepada keluarga, sahabat, dan bahkan kekasih sejak manusia mengenal tulisan.
Di masa lalu pengiriman layang dapat dilakukan dengan menggunakan jasa burung merpati atau seorang pengirim surat.
Dalam artikel ini, Mamikos akan membahas contoh layang pribadi bahasa jawa untuk teman, orang tua, saudara, hingga pakdhe. Yuk, simak hingga akhir! ππβ¨
Daftar Isi
Daftar Isi
Sedikit Sejarah Layang atau Surat
Pada era 1990-an ke atas pengiriman layang ini masih sangat ramai. Di masa itu, orang yang ada sanak keluarganya yang merantau di luar daerah sangat merindukan kedatangan petugas di kediamannya.
Sebab, kedatangan tukang pos ke kediamannya ini merupakan pertanda bahwa si empunya rumah mendapat kiriman dari sanak keluarganya yang tengah merantau.
Memang di masa itu sudah banyak telepon yang digunakan. Namun, karena harganya yang masih selangit.
Telepon di masa itu hanya dimiliki orang-orang tertentu saja. Biasanya mereka yang memiliki telepon adalah orang-orang kaya saja.
Sementara mereka yang berasal dari kalangan menengah ke bawah lebih senang memakai surat atau layang sebagai media komunikasi.
Namun, seiring dengan perkembangan zaman dan semakin modernnya alat komunikasi yang diciptakan manusia. Membuat media komunikasi berupa wayang sedikit demi sedikit mulai ditinggalkan.
Puncaknya adalah ketika harga telepon genggam semakin terjangkau ditambah dengan jaringan internet yang mudah didapat membuat layang mulai ditinggalkan.
Di jaman sekarang layang sudah dianggap tidak efektif sebagai alat komunikasi. Selain karena penyampaian informasinya yang tergolong lama. juga dikarenakan ada banyak keterbatasan yang ada di layang.
Walau demikian, layang masih dapat dipakai sebagai alat atau media komunikasi jarak jauh. Jika kamu ingin melihat bagaimana wayang diciptakan. Kamu dapat menyimak artikel berikut.
Contoh Layang Pribadi Bahasa Jawa kanggo Teman
Contoh 1
Tulungagung, 26 Januari 2025
Kanggo Sumitraku, Dimas Sura Aji
Ing Surakarta
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Kang Sur, sadurunge aku njaluk pangapura merga isih saiki ana wektu nulis layang kanggo sliramu. Mugya ing wektu iki sliramu lan kaluwarga tansah pinaringan bagas waras sarta ayem tentrem saka Gusti Allah.
Kang Sur, lumantar layang iki aku pengin ngomong yen mentas wae entuk musibah. Dina selasa, 27 Februari 2024 kepungkur simbahku saka ibu kapundhut.
Kahanan iki ndadekake rencanaku nemoni sliramu ing Surakarta kapeksa dakundur dhisik kanggo sawetara wektu.
Yen ora ana alangan, anggenku sanja menyang Surakarta ngenteni pitung dinane simbahku rampung dhisik.
Muga-muga sliramu bisa mangerteni kahananku, saengga anggenku ngundur wektu iki ora nuwuhake rasa kuciwa ing atimu.
Yen ora ana alangan, yen ora tengah sasi, kemungkinan pungkasane sasi Februari taun iki aku bakale menyang Surakarta nemoni sliramu kanggo ngrembug babagan wingi.
Oh, iya, lumantar layang iki aku nyuwun tulung kabarana kancamu βsing kaeβ ya! Tulung kabarana yen aku isih durung bisa nemoni dheweke jalaran ana musibah sing dakalami.
Kang Sur, ngenani pesenanmu wingi wis dakgolekake lan wis kakumpul kabeh. Rencanane pesenanmu bakal dakcangking nalika aku menyang Surakarta. Dadi sliramu ora perlu sumelang maneh.
Kang Sur, dakkira cukup semene dhisik layangku. Mugya aku lan sliramu tansah pinaringan umur kang dawa. Saengga Gusti ngijabahi lan paring kalodhangan kanggo awake dhewe sapatemon lan sapajagongan maneh.
Waalaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh.
Salam saka Sumitramu,
Zuly
Contoh 2
Malang, 3 Maret 2025
Kanggo kancaku Rahmat Pratama
Ing Kediri
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Mat, kepriye kabarmu saiki? Muga-muga sliramu tansah pinaringan sehat lan semangat ngadhepi dina-dinamu. Aku nulis layang iki amarga kepingin takon kabarmu lan kahanan kulawargamu ing omah.
Mat, aku kangen wektu nalika awake dhewe sinau bareng lan dolan bareng nalika isih sekolah. Saiki wis padha duwe urusan dhewe-dhewe. Kadhang aku kangen guyonan lan crita-crita biyen.
Yen ora ana alangan, aku duwe rencana sowan menyang Kediri ing akhir bulan iki. Muga-muga sliramu ana wektu kanggo ketemu lan jagongan bareng.
Wis dhisik ya, Mat. Muga Gusti tansah maringi perlindungan lan kelancaran kanggo sliramu.
Waalaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh.
Salam kangen saka kancamu,
Raka
Contoh Layang Pribadi Bahasa Jawa kanggo Orang Tua
Contoh 1
Tulungagung, 26 Februari 2025
Kagem ibuku
Ing dalem
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Bu, pripun pawartose? Mugya ibu tansah pinaringan kasarasan ugi kabagyan saking Gusti Allah Ingkang Maha Wikan.
Bu, pripun pawartose bapak tuwin adhik-adhik ing dalem? Mugya sedaya tansah pinaringan sehat lan kabagyan.
Bu, kula ing ngriki tansah sehat-sehat kemawon. Lumantar layang niki kula badhe paring ngertos menawi boten wonten alangan lan pendamelan kula ing ngriki rampung. Kula badhe wangsul dhateng Tulungagung.
Bu, samenika kula sampun kapang sanget kaliyan panjenengan ugi kaluwarga ing dalem. Bu, nyuwun donga pangestunipun supados pendamelan kula ing ngriki tansah pinaringan kelancaran saengga saged enggal rampung lan kula saged wangsul.
Oh, inggih, Bu. Benjing menawi kula wangsul, wonten ingkang badhe kula tepangaken dhumateng panjenengan dalah kaluwarga. Mugi-mugi saged cocok kalihan menapa ingkang ibu kajengaken.
Bu, cekap semanten rumiyin layang kula. Mugi-mugi ibu dalah kaluwarga ing dalem tansah pinaringan sehat sarta kajangkung dening Gusti Pangeran.
Wallaikumsalam warrahmatullahi wabbarakatuh
Anakmu,
Pandu Dewanata
Contoh 2
Surabaya, 5 Maret 2025
Kagem Bapak lan Ibu
Ing dalem
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Pak, Bu, kados pundi kabar panjenengan sedaya? Mugi bapak lan ibu tansah pinaringan sehat lan panjang yuswa dening Gusti Allah.
Pak, Bu, kula ing ngriki alhamdulillah sehat kemawon. Pendamelan kula ugi sampun wiwit lancar. Sanadyan mekaten, kahanan punika mboten saged nggantos rasa kangen kula dhumateng panjenengan sedaya ing dalem.
Kula nyuwun donga pangestu saking bapak lan ibu supados kula tansah pinaringan kekiyatan lan kelancaran anggen kula ngupadi rejeki ing kene.
Menawi sampun wonten wekdal, kula badhe enggal wangsul nyuwun pangestu lan sowan dhateng panjenengan.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Anakmu sing tansah kangen,
Dimas
Contoh Layang Pribadi Bahasa Jawa kanggo Saudara
Contoh 1
Tulungagung, 26 Februari 2025
Kagem sedulurku Bayun Marsiwi
Ing Boyolali
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Lur, piye kabare? Mugya slirane tansah sehat, seneng, ayem lan tentrem.
Sadurunge aku njaluk sepura sing gedhe, jalaran nembe kober nulis layang kanggo sliramu saiki.
Biasalah nom-noman nir asmara kaya aku kakehan kerja ning asile durung patia mingsra. Eh, lur. Piye? Saiki wis duwe gandhengan apa durung?
Ngene lur? Akhir wulan iki aku rak ya libur. Rencanane aku bakal dolan menyang Boyolali. Saliyane nambani kangenku karo slirane. Aku arep ana omongan sing lumayan penting karo slirane.
Ngenani apa iku becike dakomongake mengko yen awake dhewe sapatemon sinambi jagongan sore-sore ing cedhak patung sapi sing kerep kok critakake kae.
Oh, iya saiki awakmu jarene kerja ngurusi naskah-naskah neng Mangkunegaran? Piye kerja ngurusi naskah ngono iku kepenak apa ndak?
Kira-kira kepenak endi karo ngurusi adhik-adhik mahasiswi?
Guyon, lur. Aja dilebokne neng ati. Kira-kira layangku cukup semene dhisik. Sesuk disambung maneh ya, lur.
Aja lali jaga kesehatan. Muga-muga pungkasan sasi iki aku sida prei lan garapanku rampung kabeh. Saengga aku bisa nemoni slirane ing Boyolali.
Karo maneh iki aku mentas entuk naskah lawas sing isine mesthi gawe bungahmu. Ngenani apa isine, rasane kurang trep yen dakomongake ing kene.
Nanging sing jelas isine bisa dadi sarana kanggo ngluwari nir asmara sing lagi awake dhewe rasakakake.
Wis dhisik ya, Lur. Suk disambung maneh.
Waalaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh.
Salam saka sedulurmu,
Bagus Pambudi
Contoh 2
Blitar, 4 Maret 2025
Kanggo sedulurku Rani Astuti
Ing Nganjuk
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Rani, piye kabarmu saiki? Muga sliramu tansah sehat lan sukses anggonmu sekolah lan nindakake kegiatan saben dinane.
Aku nulis layang iki amarga kangen marang sliramu. Suwene ora ketemu, rasane akèh crita sing kepengin tak omongake. Muga-muga kapan-kapan kita isa ketemu maneh kanggo silaturahmi.
Ngaturna salam kangen kanggo bapak lan ibu ya, Rani. Muga kulawarga tansah pinaringan katentreman.
Wis dhisik ya, muga sliramu tansah pinaringan sukses.
Waalaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh.
Saka sedulurmu,
Arif
Contoh Layang Pribadi Bahasa Jawa kanggo Pakdhe
Contoh 1
Tulungagung, 26 Februari 2025
Kagem Pakdhe Sunarto
Ing dalem
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Pripun pawartosipun pakdhe? Mugya pakdhe dalah kaluwarga tansah pinaringan kasehatan tuwin kasarasan saking Gusti Allah Ingkang Murbeng Dumadi.
Pakdhe, sakderengipun kula badhe paring ngertos menawi kula dalah kaluwarga ing Jawa sedaya tansah pinaringan sehat.
Pakdhe, lumantar layang punika kula badhe caos kabar menawi dinten selasa 27 Februari 2024 kepengker Mbah Itun sampun kapundhut dening Gusti Allah.
Kula minangka wakiling kaluwarga ing Jawa badhe nyuwunaken pangapunten menawi salaminipun gesangipun Mbah Itun wonten kalepatan dhumateng pakdhe dalah kaluwarga ing Sumatera.
Salajengipun menawi nalika gesangipun Mbah Itun kagungan utang-piutang dhumateng Pakdhe dalah kaluwarga, menawi cacahipun sekedhik nyuwun tulung dipunikhlasaken. Dene menawi cacahipun kathah, pakdhe dalah kaluwarga saged sesambungan kalihan kaluwarga ing Jawa.
Pakdhe, samenika Mbah Itun kasarekaken dhateng sarean dusun Nganggrek, desa Kalidawir, kecamatan Kalidawir, Kabupaten Tulungagung. Pase, wonten cakete sareyanipun pakdhe Taman, putrane Mbah Itun ingkang mbajeng.
Pakdhe, kula kinten cekap semanten rumiyin layang saking kula. Menawi wonten lepat lan kirang ing babagan tata atur. Kula nyuwun agunging pangaksama.
Waalaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh.
Salam,
Guntur Pamungkas.
Contoh 2
Kediri, 6 Maret 2025
Kagem Pakdhe Sutarno
Ing dalem
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Pakdhe, kados pundi pawartosipun pakdhe saha kaluwarga? Mugi sedaya tansah pinaringan kasarasan saha kabagyan dening Gusti Allah.
Pakdhe, kula lan kaluwarga ing ngriki alhamdulillah tansah pinaringan sehat. Lumantar layang punika, kula nyuwun pangestu saking pakdhe amargi kula badhe miwiti usaha alit-alitan ing kene.
Kula nyuwun donga supados usaha punika saged lancar lan ndadosaken manfaat tumrap kula lan kulawarga.
Menawi wonten wekdal, kula ugi kepengin sowan lan nyambung silaturahmi dhumateng pakdhe.
Waalaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh.
Salam bekti saking keponakanmu,
Hadi Prasetyo
Penutup
Demikianlah contoh layang pribadi bahasa Jawa yang dapat kamu jadikan referensi. Semoga contoh layang ini membantumu dalam pembuatan layang bahasa Jawa.
Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu: