65 Contoh Parikan 2 dan 4 Baris dalam Bahasa Jawa yang Menarik

Cara membuat parikan mirip dengan pembuatan pantun dalam bahasa Indonesia.

Antara parikan dengan pantun yang membedakan hanyalah bahasanya saja.

Mengingat parikan ditulis dengan menggunakan bahasa Jawa, maka dalam penulisannya yang harus diperhatikan adalah ejaan dan tata penulisannya. 📖✨

Kumpulan Contoh Parikan

pixabay/wal_172619

Hal ini dikarenakan penulisan bahasa Jawa yang baku memiliki aturan sendiri yang berbeda dengan aturan penulisan bahasa Indonesia.

Supaya kamu lebih paham mengenai penulisan parikan dalam Jawa. Berikut ini adalah contoh-contohnya.

Contoh Parikan 2 Baris

Di bawah ini kamu akan diberikan contoh parikan 2 baris. Perhatikan baik-baik, ya!

Contoh Parikan 2 Baris Bagian 1

Contoh 1

Bakul jamu awake lemu
Wis awan kok isih turu

Contoh 2

Tuku gethuk regane sewu
Mata ngantuk njaluk turu

Contoh 3

Iwak tengiri iwak pari
Wis wengi wayahe ngaji

Contoh 4

Tuku sate dipangan mengko sore
Wis padha tresnane kok ora rabi wae

Contoh 5

Tuku bakso dipangan wayah udan
Yen durung jodho mesthi bakal kelangan

Contoh 6

Iki jaman jarene edan
Wis awan wayahe mangan

Contoh 7

Stasiun semut manggone ing kutha Surabaya
Wis kebacut ora prelu ngresula

Contoh 8

Asem kecut gula rasane legi
Wis kebacut ora perlu ditangisi

Contoh 9

Gula klapa digondhol lawa
Kadhung tresna jebule dianggep kanca

Contoh 10

Tuku kendhing ing pasar legi
Sing ditresnani jebul mblenjani jani

Contoh Parikan 2 Baris Bagian 2

Contoh 11

Tuku kendhang menyang pasar sore
Sing disayang malah ora ana kabare

Contoh 12

Tuku rante digawe nguger sapi
Wis gedhe kok isih penak diapusi

Contoh 13

Wedhus lima dipangan macan
Wani tresna kudu wani kelangan

Contoh 14

Macan papat lungguh sila
Isih durung sempat kandha tresna

Contoh 15

Tuku kaca digawe ngilo
Sregepa maca supaya ora bodho

Contoh 16

Tuku buku sing gambare sawah
Pengin ilmu kudu sekolah

Contoh 17

Dudu kebo yen ora manggon ing sawah
Wis bodho ora gelem sekolah

Contoh 18

Ngombe kopi enake ing wayah wengi
Jaganen ati supaya tetep suci

Contoh 19

Gula klapa digawe sangu lunga
Sregepa maca supaya pikantuk mulya

Contoh 20

Manuk gltahik nabrak meja
Sing becik bakale ketara

Contoh Parikan 2 Baris Bagian 3

Contoh 21

Ana ula mangan kaca
Sing ala mesthi ketara

Contoh 22

Ana lawa ketabrak kreta
Dadi wong tuwa kudu prasaja

Contoh 23

Ana mega abang rupane
Durung tresna merga durung wayahe

Contoh 24

Kembang kenanga dikumbah nganggo lenga
Sing wis dipercaya jebule cidra

Contoh 25

Tawon kemit mangan kemadhih
Direwangi medhit ning durung bisa suguh

Contoh 26

Ana bocah pacaran ing pinggire segara
Yen isih wedi kelangan aja dolanan tresna

Contoh 27

Tuku wajik digawe pakan manuk lima
Kabeh wong becik bakal mlebu swarga

Contoh 28

Ana kerang dipangan baya
Kadung tresna hla kok malah lunga

Contoh 29

Kembang wora-wari dicolong wayah wengi
Sing gawe tambane ati malah tansaya nglarani

Contoh 30

Mangan roti ing wayah udan
Lara rasane ati yen kelingan

Contoh Parikan 4 Baris

Contoh Parikan 4 Baris Bagian 1

Contoh 1

Kembang jambu dipangan semut
Semut irenge angel kandhanane
Duwe buku kudu diramut
Supaya ilmune bisa diturunake

Contoh 2

Tuku klambi menyang pasar legi
Klambi bathik larang regane
Wis wengi aja lali ngaji
Supaya becik kabeh tumindake

Contoh 3

Kembang kenanga ing latar mburi
Ambune wangi yen wayah wengi
Yen wis dhiwasa aja nganti lali
Ajar ngaji kanggo tentreme ati

Contoh 4

Ngombe kopi karo mangan bakmi
Aja lali nambah gorengan lima
Tetepa njaga tetep suci
Supaya Gusti kersa paring mulya

Contoh 5

Gorengan lima dipangan wayah wengi
Mangane dikancani padhange rembulan
Yen wis lila kudu digawe lali
Supaya ati ora ngrasa kelangan

Contoh Parikan 4 Baris Bagian 2

Contoh 6

Kembang mlathi ditandur ing latar
Arum gandane gawe endahe wengi
Wis wancine njebarake nalar
Supaya ora gampang nandang lara ati

Contoh 7

Ana ula nangis ing wayah wengi
Swara tangisane gawe mirise ati
Ayo padha ngresiki ati
Kaya dhawuhe Mbah Kyai

Contoh 8

Ana klabang dipangan ula
Ulane gedhe tur dawa
Sedhela maneh sasi pasa teka
Mula ayo padha njaluk sepura

Contoh 9

Numpak sepur menyang Surabaya
Munggahe saka kutha Salatiga
Wong tuwa kudu bisa aweh sepura
Sing enom kudu bisa nampa

Contoh 10

Wajik klethik gula pasir
Manuk glathik manuk dekuku
Cetha akeh sing naksir
Mergane bocahe ayu

Contoh Parikan 4 Baris Bagian 3

Contoh 11

Njala iwak malah kecupit yuyu
Wonge nangis nggero-nggero
Gara-gara kena godhane wong ayu
Saiki bocahe malih dadi bodho

Contoh 12

Ana pak kaji dolanan benthik
Yen dolanan ing pinggir kali
Sing jenenge rasa serik
Kudu dibuwang saka ati

Contoh 13

Iwak bethik padha klenger
Sawise dientuti iwak wader
Jarene saiki akeh wong pinter
Nanging wis padha keblinger

Contoh 14

Ana jago kluruk ing wayah wengi
Jarene ana memedi liwat
Sing jenenge sucine ati
Kudu dijaga kanthi murwat

Contoh 15

Golek wedhi ing kali bengawan Solo
Dikancane karo bakul bubur
Dadi wong kuwi aja seneng maido
Supaya bisa duwe akeh sedulur

Contoh Parikan 4 Baris Bagian 4

Contoh 16

Wedhus sikile papat
Dimasak sate karo Pak Janu
Ati rasane pengin sambat
Merga kangen karo sliramu

Contoh 17

Tawon madu menclok ing klasa
Ana pedhet nyundhang sapi
Jarene mung sawates kanca
Nanging jebule gelem dijak rabi

Contoh 18

Gethuk lindri rasane legi
Paling enak digawe kanca ngopi
Ora krasa luhku nelesi pipi
Merga kelingan sing gawe lara ati

Contoh 19

Mangan gedhang goreng lima
Nanging wetenge isih luwe
Ngakune duwe rasa tresna
Jebule mung lelamisan wae

Contoh 20

Woh nangka digawe sangu sekolah
Aja nganti kena pulute
Samubarange wis bubrah
Saiki mung kari getune

Contoh Parikan 4 Baris Bagian 5

Contoh 21

Mangan jambu ing wayah sore
Jambu kluthuk enak rasane
Sing setengah mati diperjuangake
Jebule malah ora ana kabare

Contoh 22

Mangsa udan kaya ngene
Wayahe angan sate nganggo duduh gule
Wong padha manungsane wae
Kok dadak seneng nglarani sapadhane

Contoh 23

Kembang kemuning ditandur ing latar
Yen mangsa udan kembang akeh rontoge
Samubarange kudu dipikir nganggo nalar
Supaya ora ngrasa getun ing tembe mburine

Contoh 24

Ana kucing nangis kelangan gerihe
Swara tangisane banget mesakake
Senajan wis wola-wali dielingake
Nanging isih nglanggar aturan-E

Contoh Parikan 4 Baris Bagian 6

Contoh 25

Kembang jambu dipangan kumbang
Kumbange cacah loro ijo rupane
Senajan wis padha-padha sayang
Ning yen ora dadi bojone ora ana gunane

Contoh 26

Kucing klawu dolanan awu
Anggone dolanan ing pawonan
Bocahe pancen rupane ayu
Emane seneng dolanan perasaan

Contoh 27

Awan-awan ana bocah bandhulan
Dheweke dolanan karo mangan roti
Sing kok senengi mung ngajak guyonan
Hla kowe kok malah nganggo ati

Contoh 28

Ana bajing tiba saka wit cendana
Tibane merga kena plintheng
Apa pancen sing jenenge tresna
Mung duweke sing nggantheng?

Contoh 29

Ana bocah kejiret lawe
Jalaran kurang ngati-ati
Embuh kapan tekane
Bakal sabar anggenku ngenteni

Contoh 30

Pupus gedhang godhong klapa
Diencoki kumbang cacah sanga
Senajan wis ora tresna
Nanging ora tega kowe kuciwa

Contoh 31

Manuk pipit mabur sesawangan
Ngliwati sawah lagi panenan
Tutuk manismu gawe kenangan
Nanging tumindhakmu gawe tatu atiku

Contoh 32

Ana ula mlebu ing lumbung
Nggoleki tikus wayah wengi
Kowe janji ora bakal mbingung
Nyatane ninggal tanpa pamit dhisik

Contoh 33

Esuk-esuk tuku jenang grendul
Didol bakul cedhak kali
Atiku iki ora gampang kethul
Yen digawé dolanan saben dina iki

Contoh 34

Ana kupu mabur ngalor ngidul
Mandheg sedhela ing kembang kenanga
Kowe teka mung gawe gendhul
Nalika lunga ninggal rasa lara

Contoh 35

Wayah sore udan deres
Bocah cilik padha mlayu
Tresna sing ora digagas beres
Mung gawe ati saya nelangsa lan layu

Penutup

Demikianlah contoh parikan 2 baris dan 4 baris. Semoga contoh parikan pada artikel ini memberimu inspirasi dalam membuat parikan yang lebih bagus lagi.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta