Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kejujuran yang Penuh Makna secara Singkat
Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kejujuran yang Penuh Makna secara Singkat – Pidato bahasa Jawa kerap disampaikan dalam momen-momen penting. 🎙️
Tema pidato bahasa Jawa sangat beragam, salah satunya adalah kejujuran. Nilai budaya dan nilai kehidupan yang disisipkan pada pidato bisa membangkitkan semangat serta menginspirasi audiens.
Pada artikel ini, Mamikos akan memberikan berbagai macam contoh pidato bahasa Jawa tentang kejujuran. 🎖️
Daftar Isi
Daftar Isi
Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kejujuran
Naskah pidato bahasa Jawa yang singkat tema kejujuran sangat cocok disampaikan pada acara lomba. Selain itu, pidato tema kejujuran biasanya diberikan sebagai tugas sekolah.
Pidato tentang kejujuran bisa berisi tentang kejujuran sebagai nilai luhur, penerapan kejujuran dalam kehidupan sehari-hari, manfaat jujur, hingga figur teladan yang senantiasa jujur.
Jika kamu melihat bahwa nilai kejujuran di sekitar sudah mulai luntur, kamu bisa menjadikan fenomena tersebut sebagai kontennya. Kembangkan tema kejujuran dari fakta-fakta yang kamu temukan di sekitar. 🎉
Berikut ini adalah contoh-contoh pidato bahasa Jawa untuk berbagai konteks dengan tema kejujuran.
Pidato Bahasa Jawa Tema Kejujuran di Sekolah
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Kepala Sekolah,
ingkang kinurmatan Bapak lan Ibu Guru,
lan ingkang kulo tresnani, para kanca-kanca sedaya.
Alhamdulillah, puji syukur tansah kito aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Agung. Mugi amargi rahmat saha hidayahipun, kito sedaya saged nglumpuk wonten mriki kanthi sehat wal’afiat, tanpa kirang satunggal menopo kemawon.
Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun paring pituduh saking jaman peteng dhateng jaman padhang ingkang kebak ilmu lan kabecikan.
Ing wekdal menika, kulo badhe nyariosaken setunggal pidato babagan kejujuran, ingkang dados salah satunggaling akhlak luhur nanging saya arang dipun gadhahi tiyang lan asring dipun sepelekaken.
Kados para siswa, kito mesthi tansah dipun tuntut supados tansah jujur. Tuladhanipun, boten nyonto nalika ujian, tansah terang nalika dipun takon dening bapak utawi ibu guru, boten njupuk barang kagunganipun kanca tanpa idin, saha kathah malih.
Nanging, prakteknipun mboten mesthi gampil. Tuladhanipun, nalika siswa kesupen sinau dene wonten ujian, lajeng wedi menawi entuk nilai awon, lajeng milih cara menyontek. Piyambakipun rumangsa menawi menyontek punika leres amargi nguntungaken awake dhewe.
Padahal, jangka panjangipun malah mbebayani. Siswa saged dados biasa boten jujur, ngginakaken cara menyontek supados entuk nilai sae. Malah dados boten disiplin amargi abai dhateng jadwal sinau. Mboten namung punika, piyambakipun ugi ngrugekaken kanca-kanca ingkang sampun sregep sinau kanthi temenan.
Tuladhan sanes, wonten ing kantin kejujuran. Kita sami mangertos bilih sekolah punika gadhah kantin kejujuran. Siswa ingkang tumbas panganan kedah mbayar manut rega lan jumlahipun. Nanging kados pundi, asring wonten siswa ingkang boten jujur. Amargi boten wonten sing ngawasi, kathah ingkang njupuk panganan tanpa mbayar. Padahal, menawi dipun lampahi kados mekaten, siswa sejatosipun sampun mbiasakaken awake dados tiyang boten jujur, malah saged dados maling.
Tuladhan alit punika asring dipun sepelekaken, nanging sejatosipun gadhah akibat ingkang ageng tumrap masa depan. Mugi kanca-kanca sami saged mbiasakaken awake supados tansah jujur. Awit kejujuran saged ngantosaken dhateng sukses, nanging kebohongan saha kecurangan badhe nuwuhaken rubed lan karusakan.
Mekaten pidato ingkang saged kulo aturaken. Nyuwun pangapunten menawi wonten tutur ingkang kirang prayogi.
Matur nuwun sanget dhumateng Bapak, Ibu, saha kanca-kanca sedaya ingkang sampun paring perhatian.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Pidato Bahasa Jawa tentang Kejujuran di Tempat Kerja
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Ingkang kinurmatan Bapak Pimpinan PT …
Ingkang kulo hormati, Bapak lan Ibu karyawan PT …
lan ingkang kulo ajeni, para kanca sedaya.
Alhamdulillah, puji syukur tansah kito aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT. Amargi berkah lan rahmatipun, kito sedaya saged nglumpuk wonten papan menika kanthi sehat wal‘afiat, tanpa kirang satunggal menopo kemawon.
Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun paring pituduh saking jaman peteng dhateng jaman padhang ingkang pinuh pitedah.
Ing kesempatan ingkang kebak kabegjan menika, kulo badhe aturaken setunggal piwucal babagan kejujuran, satunggaling akhlak utama ingkang saestunipun kedah tansah kapunjer wonten ing jiwa para karyawan kados kito sedaya.
Kita sami mangertos, kathah wekdal kita kabuwang wonten papan menika, papan kanggé ngudi rejeki halal saha berkah kanggé kulawarga. Rejeki halal badhe ngasilaken kabecikan. Kosok baline, menawi rejeki dipun entuk kanthi cara boten jujur, mesthi boten saged ngasilaken kabecikan.
Lajeng, kados pundi caranipun ngleksanani kejujuran wonten papan kerja? Kita sami mangertos, boten sedaya kanca kerja saged tansah jujur. Kadhangkala, tiyang ingkang jujur malah kasisih utawi malah kedah ilang pekerjaane.
Sepisanan, kita kedah nanduraken ing manah bilih tiyang jujur saged katingalipun sangsara wonten donya, nanging sejatosipun piyambakipun dipun slametaken dening Gusti Allah saking lingkungan ingkang awon.
Kapindho, sanadyan kathah kanca ingkang tumindak curang, punika boten dados alesan supados tumindak wau dados leres. Kita kedah gadhah prinsip tetep jujur, senajan lingkungan sakiteripun kathah ingkang ngapusi.
Katelu, boten kedah wedi matur jujur senajan kadang saged nyakiti. Tuladhanipun, menawi amargi kalepatan kita piyambak, kanca karyawan kedah nandang akibat kados dene gaji saged kenging potongan, jam mulih dados telat, utawi beban kerja tambah abot. Ing wekdal punika, langkung becik menawi kita jujur ngakeni kalepatan, tinimbang nyeret kanca sanes dados rugi.
Leres, tumindak jujur punika angel. Nanging, menawi sampun dilatih lan dipun biasaaken, malah ngapusi ingkang badhe krasa angel. Awiti saking perkawis alit rumiyin. Tiyang jujur badhe dipun pitadosi, gesangipun langkung ayem, lan saged ngraosaken paseduluran sejati. Kejujuran punika dados bekal wigati kanggé masa ngarep. Mila, ayo kita sami mbiasakaken tumindak jujur wiwit sakmeniko.
Mekaten piwucal saking kulo, nyuwun pangapunten menawi wonten tutur utawi panyampaian ingkang kirang prayogi. Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Pidato Bahasa Jawa tentang Kejujuran di Masyarakat
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Ingkang kinurmatan Bapak RW XX,
Ingkang kulo hormati, para pengurus RW XX,
lan ingkang kulo hormati, Bapak Ibu warga RW XX sedaya.
Sepisanan, kulo ngajak panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT, amargi rahmat lan berkahipun kita sedaya saged nglumpuk wonten Balai RW XX kanthi sehat wal‘afiat. Botên kesupen, shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun paring pituduh dhumateng umatipun.
Ing kesempatan ingkang kebak kabagyan menika, kulo badhe aturaken setunggal piwucal babagan kejujuran. Mesthi panjenengan sedaya sampun mangertos menapa ingkang dipun wastani jujur, menapa asile menawi boten jujur, lan menapa paedahipun menawi tansah jujur. Nanging, prakteknipun ing masyarakat, kejujuran punika asring rumiyin kados gampil, nanging saestu angel dipun lampahi.
Mila, kulo nyuwun idin kangge nyegaraken malih pikiran panjenengan sedaya, supados nilai-nilai kejujuran menika tansah ngrembaka ing ati.
Kulo badhe ngajengaken pitakon cendhak, ingkang saged dipun wangsuli ing manah piyambak:
Menawi wonten pembagian kupon berhadiah, lajeng wonten sisa kupon langkung, menapa sampun kadospundi? Dipun balekaken dhumateng panitia, utawi dipun anggep bonus pribadi?
Menawi wonten acara RW ingkang mbutuhaken dana ageng, menapa pengajuan proposal mesthi manut kebutuhan, utawi dipun langkungaken?
Menawi wonten inspeksi babagan kabersihan utawi kondisi griya, menapa kito jujur nerangaken kahananipun, utawi malah ndhelikaken amargi isin?
Pitakon menika boten perlu dipun wangsuli kanthi lisan, nanging langkung prayogi dipun renungaken. Awit saben tiyang mesthi gadhah alesan dhewe-dhewe.
Nanging, ingkang kedah kulo tekanaken, tumindak jujur punika angel. Tantanganipun ageng. Nanging, menawi boten jujur, kerugianipun malah langkung abot: ati dados was-was, kapitadosan tiyang liyan sirna, malah sederek utawi kanca raket saged adoh saking kita.
Mula, ayo sami mbiasakaken jujur saking perkawis alit. Menawi dipun biasaaken, kejujuran punika dados pepadhang gesang, lan badhe nglantaraken tumrap tentreming ati.
Mekaten piwucal ingkang saged kulo aturaken. Mugi wonten paedah ingkang saged kapetik. Nyuwun agunging pangapunten menawi wonten tutur utawi panyampaian ingkang kirang prayogi. Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Tips Membawakan Pidato Bahasa Jawa agar Percaya Diri
Sudah membaca teks pidato di atas? Barangkali kamu menemukan kosakata baru yang asing dan belum tahu cara pengucapannya.
Saatnya kamu berlatih membawakan teks pidato bahasa Jawa. Beberapa tips berikut bisa kamu terapkan agar saat berpidato bisa semakin percaya diri.
- Latihan intonasi dan pelafalan kalimat. Jangan lupa untuk membaca naskah pidato beberapa kali sebelum disampaikan pada audiens. Hal ini sangat penting untuk mencegah kesalahan pelafalan sekaligus membiasakan intonasi saat membaca.
- Gunakan bahasa tubuh yang tepat, tapi tidak berlebihan.
- Sampaikan pidato dengan atau tanpa teks. Jika memutuskan untuk berpidato tanpa teks, alokasikan waktu untuk menghafalkan naskahnya. Namun, jika kamu berpidato sambil membaca teks, usahakan untuk tidak terpaku pada kertas saat pidato agar tidak membosankan.
Kamu juga bisa berkonsultasi terkait isi pidato pada orang yang lebih ahli dengan harapan mendapatkan masukan atau koreksi. Jangan malu agar pidato yang kamu sampaikan bisa menyentuh hati. ☺️
Penutup
Demikian contoh pidato bahasa Jawa tentang kejujuran yang penuh makna secara singkat untuk disampaikan pada acara penting.
Jika kamu sedang mencari contoh pidato singkat tentang berbagai topik, pidato singkat islami, hingga pidato tidak resmi, Mamikos menyediakan contoh-contoh pidato tersebut.
Jangan lupa untuk terus berlatih sebelum menyampaikan pidato. Semoga sukses! 🎤
Referensi:
Grogi Saat Pidato? Yuk Simak 10 Tips Berikut, Dijamin Langsung Tenang [Daring]. Tautan: https://www.jawapos.com/lifestyle/014946238/grogi-saat-pidato-yuk-simak-10-tips-berikut-dijamin-langsung-tenang
Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu: