25 Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek tentang Berbagai Tema

Genre sastra modern yang paling muda dan memiliki kemiripan dalam soal penulisan dengan puisi di dalam sastra Indonesia lebih lumrah disebut dengan geguritan dalam bahasa Jawa.

Geguritan adalah puisi yang dituliskan dengan menggunakan bahasa Jawa.

Dalam artikel ini, Mamikos akan menyediakan contoh puisi bahasa Jawa pendek tentang berbagai tema. Yuk, simak! 📖✨

Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek tentang Berbagai Tema

freepik.com/rawpixel-com

Seorang penulis yang ingin menghasilkan sebuah puisi bahasa Jawa yang menarik di samping harus memperhatikan ejaan penulisannya, juga harus memperhatikan pilihan bahasa atau diksi yang digunakan di dalam merangkai suatu puisi Jawa.

Supaya kamu dapat lebih jelas mengetahui bagaimana contoh-contoh puisi bahasa Jawa, kamu dapat melihat contoh-contohnya berikut.

1. Kahanane Jagad

Aku nate ngrasa kang paling manjila
Slirane uga nate ngaku kang paling utama
Nanging bareng kita pikir kanthi wening
Pedah apa ngaku sing paling utama lan manjila

Yen mung dadi lantaran laire cecongkrahan
Sarta ngrusak kerukunan
Wis teka ing wancine
Kita padha sumeleh
Nampa pepesthen-e

Kanthi ati kang sareh

Jagad saisine iki katon endah
Merga kebak beda lan rupa
Anane beda ing alam donya
Wis dadi ukume jagad kang kacipta

Merga ana kuwasaning kang maha kuwasa
Yen kita isih ngepenginake samubarang dadi padha,

Apa jenenge ora nyalahi ukume jagad?

2. Ajar Marang Sapu

Delengen sapu korek kae
Dheweke bisa migunani bareng kaiket kanthi keket

Coba yen suhe rengga kepara ilang
Samesthine dheweke ora bakal bisa digunakake

Semono uga uripe manungsa
Bakal migunani tumraping liyan

Yen sapu korek mbutuhake lawe
Kanggo pangikete

Kita mung butuh ngilangake
Rasa gumedhe
lan pengin menange dhewe
Saka atine dhewe-dhewe

3. Sisa-sisa Grebeg Sudiro

Isih ana sethithik cahya saka rembulan sagarit
Ing kalane wengi dikebaki tetembungan panyengit

Mung untunge sethithik cahyane
Isih kena dakgawe cecolok

Saengga isih ana gurit kang karakit
Kanggo ngruwat wengi kang wingit

Sisa-sisa Grebeg Sudiro kang mentas wae mungkur
Isih durung bisa kasingkur
Senajan akeh panylimur
Kang samangsa gawe panyawang dadi blawur

Muga wae aku lan kowe
Senajan beda kapitayan
Kita kudu tansah eling

Njaga paseduluran selawase
Sarta janji njaga toleransi
Supaya NKRI tetep Lestari

4. Apa isih Ana sing Bisa Digeguyu

Nalika ati wis kebak klawan tatu
Nyatane gumantine wektu
Tansah gawe perih ing atiku

Ing mendhung kang kapulas klawu
Dakrakit ukara tanpa tresna
Minangka pangejawantahe rasa kuciwa

Marang sakehe tumindakmu kang tega
Ninggal esem mawa wisa
Ing kalane sawutuhe tresna

Dakpasrahake mung kanggo
Sliramu, Nimas

5. Banguntapan

Wengi ing kalane dakambah dedalan sepi kuthamu
Nyatane mung nyisakake

Gemujeng antarane sorot merkuri lan atise wengi
Kang tansaya ngrerojeh ati

Masia wengi iki ora daktemu esem renyah
Lan panyapa prasaja kang sinungging
Kanggo mapag tekaku, ing kuthamu

Ora dadi ngapa
Awit saka tapakmu kang tumapak ing pinggiring dalan
Isih bisa dakwaca

Sliramu tansah bagya minulya
Aja nate takon

Kena apa gurit iki linair
Awit dheweke mung saderma netepi wajib
Nyuwarakake atine si pengung
Kang keprapanan klawan mustikaning Banguntapan

6. Marang Atiku

Dakjaluk sing gedhe pangapuramu
Merga kesuwen anggenku lali

Saengga weningmu
Kang kudune gilar-ginilar
Malah kucem kebak klawan lebu

Oh, atiku
Wengi iki aku bali
Sawise dakpecaki dalan-dalan kang rumpil
Kasunyatan kang kebak karerantan

Tansah ndadekake elingku
Yen ora ana kang luwih wigati
Tinimbang weningmu

Aja mung mbisu, atiku
Iki wis dakgawakake sapu
Kanggo reresik lebu
Wengi iki bakal daktebus sekabehane luput
Mumpung dinaku durung kukut

7. Aruna

Semburat cahyane srengenge ing sisih wetan
Tumiba ing ijone gegodhongan

Tekane saguh maesi kahanan
Saengga esuk katon luwih endah tinimbang padatan

Sasat saemper esemane prawan
Kang pecah samungkre tetangisan

Amarga koncatan katresnan
Masia bisaku nyawang mung saka kadohan

Saka oyot-oyot pengkuh kang pinayungan
Kasetyane ijone gegodhongan

Pengen daktemu sacuwil katentreman
Ing satengahe jaman kang tansah oyak-oyakan

Senajan mung mapan ing sapinggire dalan
Daksuwun esemanmu cukup kanggo gegaman

Ngadhepi kuceming jaman

8. Langit

Aku pengin teturon ing pangkone langit
Pengin dakronce maewu-ewu panjerit

Saka para juru gurit
Kang kelangan daya lungid

Amarga lali ngrapal wirid
Ing pucuke wengi kang wingit

9. Lintang Alihan

Samungkure rembulan kalinglingan
Mendhung kang wurung nganakake udan

Musna saka jembare langit
Kang kasisa saka wengiku
mung rasa atis kang teka saka pucuke gunung
hawa adhem kang teka mbarengi

kluruke jago kang kapindho
kuwawa nigas krentege

karepku kanggo nggegem tangane
gegambaran gegeman tangan
nalikane lungguh sesandhingan

amrih bisa andum kekuwatan
kanggo ngadhepi pait getiring kasunyatan
kudu daksawatake menyang jembaring kahyangan

supaya ing tembe ora dadi sanggan
tumrap atiku kang wola-wali ketaman
wisaning katresnan

senajan sliramu pindha lintang alihan
tekamu ing uripku mujudake kanugrahan
lamuna critaku lan critamu kudu kapunggel tekan kene
muga ora nuwuhake getun ing wengi candhake

ing kene

ing papan kang ora nate kok bayangake
aku sumendhe menyang garis nasib
nyoba nuwuhake rasa lila
samungkure nemahi katresnan kang sisip

10. Kembang Wijaya Kusuma

Senajan kembangku wijaya kusuma
Ing tritisan omah mekar

Lan ganda arume sumebar
Menyang sajembare latar

Nanging dheweke durung kuwawa
Nyuda rasa perih lan ngusadani
Tatu ing jroning dhadha

Merga esem ngujiwat
Kang nate nglairake sewu janji

Saiki milih lali
Lan tansah mlayu kadya kilat

Samangsa daktagih janjine
Sawise daksembadani kabeh panjaluke

11. Punjering Donga

Muga isih ana kalodhangan
Kanggoku nyawang gebyaring lintang

Ing tlapukane mripatmu kang ora nate kendhat
Anggene paring pepadhang sarta katentreman

Tumrapku kang isih kasasar ing alas alang-alang
Saengga bisa dakcecep rasa nikmat

Nampa luberaning tresna
Saka dheweke punjering donga
Kang tansah dakwaca ing pungkasaning dina

12. Rasane Udan

Rasane udan taun iki beda
Tinimbang udan taun wingi
Wis ora ana maneh sing kena disambati
Jalaran kabeh wis padha lunga

Samungkure ngerti
Aku kelangan sekti
Sakawit pancene gela

Nyawang sing nate dakbela
Padha ninggalake aku kang kelangan daya
Nalikane garising pesthi

Nggawa jangkahku kudu ngadhepi pacoban
Paling abot sing kudu dakadhepi

Wiwit lair tekan saiki

Wengi isih dawa
Sinambi nyawang cagak-cagak gegayuhanku
Kang padha ambruk
Samungkure katerjang dahuru

Aku nyoba nyawang jembare langit
Ing adoh kana

Nyatane isih ana sacuwil sunare rembulan
Kang bisa dakdadekake cecolok

Nalikane winih rasa trima coba daktandur
Ing sela-selane dhadha kang isih kebak mala

13. Kemuning

Yen kembangku kemuning mekar
Aja kok salahake dheweke ngumbar

Gandha wangi
Ing sadawane wengi

Yen esemanmu isih kaya wingi
Aja kok salahake atiku kang wis kumawani

Nyedhiani kursi
Kang mung sliramu sawiji
Kang daklilani nglingguhi

14. Truntum Sumekar

Truntum kembang ing latar
Siji mbaka siji padha mekar

Mbarengi tekane taun anyar
Gandane kang arum sumebar

Nganti tekan njero kamar
Aweh pralampita murih nalar
Tansah dijaga tetep sadhar
Kalane ngadhepi wong sasar

Sing ngaku saguh dadi dedamar
Swasana taun iki bakal luwih mangar-mangar
Jarene bakal akeh wong sing tapihe wudhar

Mung kanggo nglabuhi sacuwil endhog dhadhar
Mula aja lali nggedhekake rasa sabar
Supaya paseduluran iki ora sigar

Kena trajange wong sing duwe karemenan
Mendem kadonyan lan gawe kaonaran

15. Lintang Ing Wengi

Lintang-lintang sumunar ing langit
Nggegirisi pepeteng wengi
Nggawe ati tentrem lan legi
Sanajan adoh saka saben panggonan
Roso kang adhem marakake kelingan
Yen urip iki kudu sabar lan wening

16. Segara Lan Angin

Segara mili kanthi tenang
Angin nyorot gawe seger
Saben riak nggawa swara alam
Ngelingake kita supaya tansah ngati-ati
Lan aja nganti ngrusak lingkungan
Amrih lestari bumi tansah ana

17. Pethenging Wengi

Wengi peteng nyelimuti kutha
Lampu-lampu sumunar alon
Katon kahanan kang nyenengake
Nggawe rasa sepi dadi legi
Ati seneng lan pikiran tentrem
Sanadyan wektu lumaku cepet

18. Rembulan

Rembulan tumiba ing awang-awang
Nggawe pepadhang ing pepeteng wengi
Ngelingake supaya tansah merenung
Lan eling marang pepesthen Gusti
Urip iki mung sakwentah
Kudu dimanfaatake kanthi becik

19. Kembang Anyar

Kembang anyar mekar ing kebon
Gandha wangi sumebar ing sakubenge
Ngelingake yen urip iku endah
Sanajan akeh pacoban sing teka
Kudu tansah eling lan sabar
Supaya urip luwih makmur lan legi

20. Urip Sehat

Awak kudu tansah dijaga
Mangan sayur lan woh saben dina
Olahraga supaya kuat lan sehat
Aja nganti lali ngombe banyu resik
Kabeh iku kanggo slamet lan waras
Urip sehat luwih becik tinimbang sugih

21. Atiku Roso

Ati rasa kebak tresna lan sedhih
Kahanan iki nggawe aku wening
Sanajan adoh saka kanca lan kulawarga
Aku tansah eling marang Gusti
Supaya ati tansah tentrem
Lan tresna tetep ana ing uripku

22. Papan Kenangan

Ing papan lawas kang dak tresnani
Isih ana swara lan eseman kang kebak kenangan
Sanajan wektu lumaku cepet
Ati tetep eling lan sumringah
Muga-muga kabeh kenangan dadi pepadhang
Kanggo urip kang luwih becik

23. Candra Lan Banyu

Candra nyorot ing langit wengi
Banyu mili nyebarake kesejukan
Nggawe ati lan pikiran legi
Kabeh iku pepiling supaya tansah ngrawat alam
Lan ora ngrusak kahanan sekitar
Supaya bumi lestari kanggo kabeh

24. Srawung Kanca

Kanca padha kumpul ing sore kang seger
Guyub lan rukun tanpa pamrih
Nggawe rasa seneng lan nyaman
Sanajan urip kerep kebak masalah
Srawung nggawe ati luwih legi
Lan tansah eling marang paseduluran

25. Wanci Pagi

Esuk teka kanthi seger lan padhang
Sinar srengenge marakake pangarep-arep
Nggawe ati sumringah lan semangat
Sanajan wingi akeh pacoban
Wanci anyar menehi kasempatan anyar
Kanggo nindakake kabeh kanthi becik

Demikian contoh-contoh puisi bahasa Jawa atau geguritan yang dapat diberikan. Semoga artikel ini bermanfaat bagi yang membutuhkan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta