Contoh Soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 dan Jawabannya 2023

Contoh Soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 dan Jawabannya 2023 – Sudah dibuktikan oleh mereka yang telah menerapkannya dalam teknik belajar.

Bahwa mereka yang mengerjakan contoh soal akan mendapat nilai yang lebih bagus dari mereka yang hanya membaca buku saja.

Contoh Soal PAS / UAS Kelas 5 SD Semester 2

https://www.teropongmalut.com/

Banyaknya contoh soal di internet membuat mendapat nilai memuaskan bukan hanya mimpi di siang hari.

Kamu dapat mendapatkan nilai memuaskan hanya dari mengerjakan contoh soal. Di bawah ini ada contoh soal yang bisa kamu kerjakan.

Contoh Soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Nomor 1-10

Soal Nomor 1

Sapi, kebo, wedhus kanggone wong tani asring sinebut….

A. sato iwen

B. raja brana

C. iber-iberan

D. raja kaya

Kunci Jawaban D

Soal Nomor 2

Bebek, Pitik, lan menthok iku mujudake kewan kang klebu bangsane……

A. sato iwen

B. raja brana

C. iber-iberan

D. raja kaya

Kunci Jawaban C

Soal Nomor 3

Wong Jawa duwe sawijining petungan kang digunakake kanggo ngetung kapan becike nindakake apa wae pakaryane. Jenenge petungan kang dimaksud yaiku…

A. pranata mangsa

B. kalender

C. panyandra

D. weton

Kunci Jawaban A

Soal Nomor 4

Sawijining dewi kang dipercaya dening saperangan masyarakat Jawa mujudake dewine kaum tani yaiku…

A. Dewi Sri

B. Dewi Uma

C. Dewi Kekayi

D. Dewi Sinta

Kunci Jawaban A

Soal Nomor 5

Crita ing ngisor iki kang ora kalebu dongeng yaiku ….

A. Pangeran Samber Nyawa

B. Buta Ijo

C. Kancil lan Kebo

D. Lutung Kasarung

Kunci Jawaban A

Soal Nomor 6

Sawijining crita rakyat kang ngemu surasa perjuangan bangsa nalika mungsuh Walanda yaiku….

A. Jaka Tarub

B. Jaka Tingkir

C. Jaka Cungkup

D. Jaka Sembung

Kunci Jawaban D

Soal Nomor 7

Jaka Tingkir mujudake sawijining pemudha saka Tingkir kang kasil ngedegake Kasultanan Pajang. Gelare Jaka Tingkir nalika dadi sultan ing Pajang yaiku…

A. Sultan Trenggana

B. Sultan Hadiwijaya

C. Sultan Hasanuddin

D. Sultan Agung

Kunci Jawaban B

Soal Nomor 8

Pusaka ing ngisor iki kang dudu duweke Arjuna yaiku…

A. keris pulanggeni

B. panah pasopati

C. jamus kalimasada

D. sarutama

Kunci Jawaban C

Soal Nomor 9

Ratu ing negara Dwarawati kang sekti mandraguna jalaran mujudake titisane Dewa Wisnu yaiku Prabu….

A. Harjunasasrabahu

B. Angling Dharma

C. Kresna

D. Danaraja

Kunci Jawaban C

Soal Nomor 10

Jodhipati mujudake papan kang dadi kasatriyane….

A. Arjuna

B. Bima

C. Puntadewa

D. Duryudana

Kunci Jawaban B

Contoh Soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Nomor 11-20

Soal Nomor 11

Yen wit kambil arane glugu, dene wit gedhang arane…

A. debog

B. pucang

C. dolog

D. tebon

Kunci Jawaban A

Soal Nomor 12

Merga ora diwulang basa Jawa wiwit cilik. Saiki akeh bocah kang ora ngerti tata….

A. cara

B. krama

C. negara

D. tentrem

Kunci Jawaban B

Soal Nomor 13

Pak Badrun kae sugihe ora ukuran. Mobile ana lima lan kos-kosane ana satus. Ngono kok ya isih entuk sembako. Kuwi rak pada karo…. pepindang kang trep kanggo ngisi titik-titik kuwi yaiku…

A. kula warta

B. entek bebek entek meri

C. mangan nangka sapulute

D. nguyahi segara

Kunci Jawaban D

Soal Nomor 14

Ardani seneng banget dolan menyang daleme simbahe. Jalaran dheweke bisa nonton gunung saka cedhak. Basa kramae gunung kang bener yaiku…

A. samudra

B. mega

C. wana

D. arga

Kunci Jawaban D

Soal Nomor 15

Pahlawan nasional kang duwe lelabuhan gedhe ing jagad pendhidhikan nasional yaiku…

A. Ki Hadjar Mangli

B. Ki Hadjar Dewantara

C. Soekarno

D. Mohammad Hatta

Kunci Jawaban B

Soal Nomor 16

Sekolah kang diyasa pahlawan iki arane Sekolah Taman Siswa. Sekolah iki madeg kaping pisan ana ing kutha…

A. Surakarta

B. Kartasura

C. Surabaya

D. Yogyajarta

Kunci Jawaban D

Soal Nomor 17

Tembang ing ngisor iki kang ora klebu tembang macapat yaiku…

A. gambuh

B. pangkur

C. pocung

D. ilir-ilir

Kunci Jawaban D

Soal Nomor 18

Sawijining karya sastra Jawa kang panulisane nirip puisi bebas sarta ora kaiket aturan kaya dene tembang macapat yaiku…

A. novel

B. cerkak

C. romansa

D. geguritan

Kunci Jawaban D

Soal Nomor 19

Crita kang ngandharake babagan lelabuhane Untung Surapati kang nggelar perang kanggo mungsuh bangsa Walanda yaiku..

A. mite

B. fabel

C. sage

D. legenda

Kunci Jawaban D

Soal Nomor 20

Ibune saka paraga wanara seta utawa kang asring sinebut Hanuman yaiku…

A. Dewi Anjani

B. Dewi Sita

C. Dewi Gangga

D. Dewi Parwati

Kunci Jawaban A

Contoh Soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Nomor 21-30

Soal Nomor 21

Hanuman mujudake sawijining satriya kang sinebut Wanara Seta. Tembung seta duweni teges…

A. ampuh

B. sekti

C. apik atine

D. putih

Kunci Jawaban D

Soal Nomor 22

Salah siji putra pandhawa kang dipeksa supaya bisa dhiwasa luwih cepet kanthi cara diuncalake menyang kawah candradimuka lan diwulang para dewa yaiku…

A. Abimanyu

B. Parikesit

C. Gathotkaca

D. Yuyutsu

Kunci Jawaban C

Soal Nomor 23

Pak Mantri (priksa) pasie ingkang nandang gerah.

A. dipriksa

B. dipriksani

C. mriksa

D. mriksakake

Kunci Jawaban D

Soal Nomor 24

Anak jaran iku arane belo, anak sapi arane pedhet, dene arane anak dara yaiku…

A. piyik

B. sawiyah

C. kuthuk

D. cindhil

Kunci Jawaban A

Soal Nomor 25

Aksara Jawa kang digunakake kanggo nulisake gelar utawa nulis jenenge kutha yaiku…

A. Aksara Madya

B. Aksara Murda

C. Aksara Rekan

D. Aksara Nglegena

Kunci Jawaban  B

Soal Nomor 26

Sajroning maca geguritan kang apik kudu nggatekake sawetara perangan. Ing ngisor iki perangan kang ora kudu lakokake nalika maca geguritan yaiku…

A. mimik wajah

B. pelafalan

C. ekspresi

D. Alur

Kunci Jawaban D

Soal Nomor 27

Panyandrane alis kang apik lan endah sinawang mripat yaiku….

A. nawon kemit

B. rembulan sinigar

C. mblarak sempal

D. nanggal sepisan

Kunci Jawaban D

Soal Nomor 28

Sawise dicokot pasukan wanara nganti tugel irung lan kupinge. Kumbakarna nesu lan ndadekake akeh prajurit wanara tiwas. Nesune kumbakarna kerep digambarake kaya…

A. nawo kemit

B. macan luwe

C. arang kranjang

D. bantheng ketaton

Kunci Jawaban D

Soal Nomor 29

Amarga wani goroh lan nglanggar sumpahe. Ing Palagan Kurusetra Abimanyu tiwas diranjab ewonan panah ing sakojur awake. Tatu ana ing anggane Abimanyu iki diibaratake…

A. kethek ditulup

B. macan luwe

C. arang kranjang

D. bantheng ketaton

Kunci Jawaban C

Soal Nomor 30

Lesmana Mandrakumara iku putrane sapa…

A. Duryudana

B. Kresna

C. Arjuna

D. Bima

Demikianlah contoh soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 dari Mamikos. Semoga dengan mengerjakan contoh soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 ini dapat membantumu memperoleh nilai yang memuaskan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta