Contoh Teks MC Bahasa Jawa Acara tirakatan 17 Agustus 2025 yang Bisa Jadi Referensi
Contoh Teks MC Bahasa Jawa Acara tirakatan 17 Agustus 2025 yang Bisa Jadi Referensi – Malam tirakatan merupakan sebuah tradisi yang biasanya dilakukan saat menjelang peringatan HUT RI.
Supaya kegiatan ini berjalan dengan lancar, terdapat seorang MC agar acara berlangsung sesuai dengan yang direncanakan.
Nah, dalam artikel ini Mamikos akan memberikan beberapa rekomendasi contoh teks MC Bahasa Jawa untuk acara malam tirakatan. Jadi, silakan disimak contohnya! 😉👍
Daftar Isi
- Contoh Teks MC Bahasa Jawa Acara tirakatan 17 Agustus 2025 yang Bisa Jadi Referensi
- Contoh 1 Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan 17 Agustus 2025
- Contoh 2 Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan 17 Agustus 2025
- Contoh 3 Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan 17 Agustus 2025
- Contoh 4 Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan 17 Agustus 2025
- Penutup
Daftar Isi
- Contoh Teks MC Bahasa Jawa Acara tirakatan 17 Agustus 2025 yang Bisa Jadi Referensi
- Contoh 1 Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan 17 Agustus 2025
- Contoh 2 Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan 17 Agustus 2025
- Contoh 3 Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan 17 Agustus 2025
- Contoh 4 Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan 17 Agustus 2025
- Penutup
Contoh Teks MC Bahasa Jawa Acara tirakatan 17 Agustus 2025 yang Bisa Jadi Referensi
Jika kamu ditunjuk menjadi MC malam tirakatan 17 Agustus 2025 di daerah yang masyarakatnya masih banyak yang menggunakan bahasa Jawa.
Sebaiknya dalam menjalankan tugas sebagai MC ini kamu menggunakan bahasa Jawa. Alasannya bukan sekedar membuat kamu lebih dekat dengan masyarakat.
Tetapi, juga agar kamu bisa memiliki turut andil dalam pelestarian bahasa Jawa yang saat ini mulai ditinggalkan oleh masyarakat penggunanya.
Di bahasa Jawa, setidaknya ada tiga ragam bahasa Jawa yang bisa kamu gunakan yakni bahasa Jawa Krama Inggil, Kram, atau Ngoko.
Berhubung acara malam tirakatan ini bisa dikatakan sebagai acara yang resmi dan biasanya diikuti banyak lapisan masyarakat.
Maka, tidak ada salahnya apabila kamu menggunakan ragam bahasa Jawa yang krama lugu. Selain lebih sopan, ragam bahasa ini masih cukup dimengerti oleh tamu dari kalangan muda.
Nah, berikut ini Mamikos akan memberikan beberapa contoh rekomendasi teks MC Bahasa Jawa untuk acara malam tirakatan 17 Agustus 2025.
Contoh 1 Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan 17 Agustus 2025
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Dhumateng para alim ulama, sesepuh saha pinisepuh ingkang tansah kula khurmati.
Sepisan, sumangga kita sesarengan tansah memuji lan ngonjukaken raos sokur ing ngarsanipun Gusti Allah SWT.
Kaping kalihipun, salawat ugi salam mugia tansah konjuk dhumateng junjungan kita sedaya inggih menika kanjeng Nabi Muhammad saw ingkang sapangatipun tansah kita rantos ing dinten kiyamata mangke.
Mergi saking rahmat saking Gusti Allah SWT kita tansah pinaringan kasarasan saengga kita saged nglempak ing ngriki kanthi boten kekirangan setunggal punapa.
Para rawuh ingkang kula khurmati, kula minangka pranata adicara ing adicara punika, badhe maosa rantamaning adicara ing dalu punika.
Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka
Adicara kaping kalih inggih menika waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an
Adicara ingkang kaping tiga inggih punika sambutan saking bapak kades [nama wilayah]
Adicara ingkang kaping sekawan inggih punika punjering adicara utawi adicara inti
Adicara ingkang kaping gangsal inggih punika pantutup.
Sumanggga kita bika adicara dalu punika kanthi maos bismillahirrahminrrahim sesarengan. Matur nuwun. Mugi kanthi waosan menika, saged dados sarana lancaripun adicara malem tirakatan dalu punika. Amin ya robbal alamin.
Adicara ingkang kaping kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang badhe dipun padhegan deneng Ustadz Zuhri.
Dhumateng panjenenganipun, wekdal saha papan dalem sumanggakaken. Mugi-mugi kathi waosan ayat suci punika saged nyaketaken kita klawan Gusti Allah swt.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika sambutan ingkang badhe dipun tindakaken dening bapak kades [nama orang], kagem panjenenganipun papan saha wekdal kula aturaken.
Adicara kaping sekawan, inggih menika adicara inti [sampaikan acara yang dilaksanakan]
Adicara pamungkas utawi adicara ingkang kaping gangsal inggih punika mauidloh khasanah, ingkang badhe dipun pandhegani dening Ustadzah Sri Yunita.
Dhumateng penjenengaipun wekdal saha papan kula aturaken.
Para rawuh, dalu menika kita sampun nglampahi adicara mbaka adicara kagem ngregengaken adicara malem tirakatan 17 Agustus 2025 saking purwa dumugi pamungkas tanpa kekirangan setunggal punapa.
Mugia kanthi adicara ingkang kita tindakaken dalu menika tansah saged ndadosaken raos tresna kita dhumateng bangsa Indonesia tansaya ngrembaka.
Kula minangka pranata adicara nyuwun agunging pangaksama menawi wonten tutur utawi tumindak ingkang kirang mranani dhumateng manah panjenengan sedaya.
Pungkasing atur, wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh 2 Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan 17 Agustus 2025
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Selamat dalu, para bapak saha ibu ingkang kula khurmati, tuwin para sedherek kaneman ingkang kula tresnani.
Sepisan sumangga kita konjukaken puji sokur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring nikmat saras ugi nikmat sehat saengga kita saged kempal ing ngriki kagem nindakaken malem tirakatan 17 Agustus 2025 kanthi tanpa kirang setunggal punapa.
Kaping kalihipun shalawat ugi salam mugia tansah katur dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad saw ingkang sapangatipun tansah kita rantos ing dinten kiyamat mangke.
Tepangaken kula [Nama MC] ngraos mongkog sanget amargi sampun dipun patah dados pranataadicara ing dalu punika.
Ing adicara dalu punika, kita badhe ngeling-eling perjuanganipun para pahlawan ingkang sampun ngrebut kamardhikan saking bangsa penjajah.
Kagem nyigeg adicara dalu punika, kula badhe maosaken rantamaning adicara ingkang badhe kita lampahi dalu punika.
Kapisan pambuka, sumangga kita bika adicara dalu punika kanthi waosan Al Patekah, mugi kanthi waosan Al Patekah ingkang kita waos sesarengan saged ndadosaken adicara tirakatan saged kalampahan kanthi lancar tanpa pepalang.
Kaping kalih nembang “Indonesia Raya”
Adicara salajengipun sumangga para rawuh kula aturi jumeneng sekedhap kagem nembangaken Indonesia Raya.
Kaping tiga, sambutan
Salejengipun sambutan saking bapak [sebutkan nama dan jabatan]. Kagem panjenenipun bapak [sebutkan nama dan jabatan] papan saha wekdal kula sumanggakaken.
Kaping sekawan, wosing adicara
Adicara salajengipun inggih punika inggih punika wosing adicara tirakatan inggih punika waosan yassin sarta tahlil ingkang badhe kapimpin dening apak [sebutkan nama]
Kaping gangsal waosan donga
Ngancik adicara pungkasan inggih menika waosan donga ingkang badhe kapimpin dening bapak [sebutkan nama]
Panutup
Samenika sampin dumugi ing pamungkasing adicara, kula minangka pranata adicara nyuwun agunging pangaksama menawi wonten lepating tembung ugi solah bawa.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh 3 Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan 17 Agustus 2025
Bismillahirrohmanirrohim. Assalamualaikum Wr. Wb.
Para pepundhen ingkang tansah satuhu kinabekten, para pinisepuh miwah sesepuh ingkang tansah kula khurmati.
Para warga dhukuh [nama wilayah], Bapak saha ibu ingkang kawulo kula khurmati.
Bapak Ketua RT ugi bapak Ketua RW [nama wilayah]
Para bapak saha ibu ingkang minulya, sarta para kadang kaneman ingkang kula tresnani.
Kagem miwiti adicara sumangga kita tansah kula ngonjukaken raos puji sokur dhumateng Gusti Allah Swt ingkang sampun paring nikmat kasarasan saha katentreman saengga kita saged kempal ing ngriki kagem nindakaken malem tirakatan tanpa kekirangan setunggal punapa.
Salejengipun sholawat ugi salam mugia tansah katur dhumateng junjungan kita, Rasullulah Nabi Muhammad saw ingkang sapangatipun tansah kita rantos ing dinten kiyamat mangke.
Bapak/Ibu saha para sedherek ingkang kawula khurmati, nyuwun palilah keparenga kula badhe maos rantamaning adicara ing dalu punika.
Ingkang kaping pisan, bebuka utawi pambuka
Ingkang kaping kalih, nembangaken lagu Indonesia Raya
Ingkang kaping tiga, waosan sambutan saking Kepala Dhukuh [nama wilayah]
Ingkang kaping sekawan, acara inti [sampaikan acara intinya]
Kaping gangsal, donga ingkang badhe dipun tindakaken bapak [nama orang]
Lan adicara salajengipun inggih punika, panutup.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan para rawuh sedaya, sumangga kita wiwiti malam tirakatan 17 Agustus 2025 dalu punika kanthi waosan basmalah.
[Membaca Basmalah bersama-sama]
Matur nuwun, mugi kanthi waosan basmalah menika saged ndadosaken adicara ingkang kita tindakaken dalu punika saged ndadosaken adicara dalu punika saged kalampahan kanthi lancar.
Salajengipun kita badhe ngancik adicara kaping kalih, inggih punika nembangaken lagu “Indonesia Raya” kanthi sesarengan. Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek kula aturi kagem jumeneng.
[Biasanya dalam acara malam tirakatan ini ada sajian berupa makanan dan minuman yang disediakan oleh panita. Nah, MC bisa mempersilakan hadirin untuk menyantap sajian yang telah diberikan]
Para rawuh, wonten ngajengipun panjenengan sampun sumadya dhaharan saha unjukan, kula aturi sumangga panjenengan rahabi kanthi mardhika.
Sinambi panjenengan ngrabahi dhaharan ugi unjukan ingkang sampun sumadya, adicara bakal dipun lajengaken inggih menika sambutan. Sumangga kagem bapak kepala dhusun [nama wilayah] papan ugi wekdal kula sumanggakaken.
[Sambutan Dukuh/Ketua RW/Ketua RT]
Matur nuwun dhumateng Bapak/Ibu …. ingkang sampun kersa paring sambutan ing adicara malem tirakatan 17 Agustus 2025 dalu punika.
Adicara ingkang salajengipun inggih menika adicara inti, ingkang badhe dipunpadhegani dening Bapak/Ibu …
[Acara Inti]
Matur nuwun dhumateng Bapak/Ibu …. salajengipun inggih menika adicara ingkang kaping gangsal, inggih menika dobga, ingkang badhe dipun pandhegani dengan Bapak ….
[Pembacaan Doa]
Matur nuwun dhumateng Bapak ….
Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, mekaten wau lampahing adicara malem tirakatan 17 Agustus 2025 ingkang sampun kalampahan saking purwakaning adicara dugi pungkasan.
Sumongga kita sesarengan tutup adicara malem tirakatan 17 Agustus 2025 dalu punika kanthi waosan hamdalah kanthi sesarengan.
[Bacaan Hamdalah]
Ing wasana, kula minangka pranata adicara menawi solah bawa kula sarta anggen kula matur wonten lepat, estu kula nyuwun agunging pangaksami. Cekap semanten saking kula.
Wassalamualaikum wr. wb.
Contoh 4 Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan 17 Agustus 2025
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Sugeng dalu dhumateng para warga [nama wilayah]. Sugeng rawuh ing adicara malem tirakatan 17 Agustus 2025 ingkang kita tindakaken dalu punika.
Mugi-mugi kita tansah pinayungan rahmat saha berkah saking Gusti Allah Swt, saengga kita saged nglempak lan ngrayakaken malem tirakatan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping [tahun] kanthi sesarengan tanpa kekirangan setunggal punapa.
[Pembukaan acara malam tirakatan 17 Agustus]
Kaping pisan, sumangga kita miwiti adicara dalu kanthi rasa sokur lan waosan basmalah. [membaca basmalah]. Mugia lampahing adicara dalu menika saged lancar, sarta saged dados sarana kagem nuwuhaken rasa tresna kita dhumateng negara kita, Indonesia.
[Menyanyikan Lagu “Indonesia Raya”]
Saderenge ngancik adicara salajenge, sumangga kita tembangaken lagu nasional kita ‘Indonesia Raya’ kanthi sesarengan. Kagem para rawuh, kula aturi jumeneng.
[Setelah lagu selesai] sumangga para rawuh kula aturi pinarak malih.
[Sambutan Kepala Dusun/Ketua RW/Ketua RT]
Adicara salajengipun ingguh punika sambutan saking [sebutkan nama dan jabatan] papan ugi wekdal kula sumanggakaken.
[Acara Inti]
Adicara lajengipun inggih menika adicara inti, kagem ingkang sampun kapatah, papan ugi wekdal kula aturaken.
[Pembacaan Doa]
Boten keraos kita sampun dugi ing pungkasaning adicara. Kagem nutup adicara dalu punika bakal dipuntindakaken waosan donga kanthi kapimpin dening [sebutkan nama]
Mugi-mugi kanthi donga ingkang kita waos saged dados sarana supados bangsa kita tansah pinaringan katentreman, kamakmuran, saha kesejahteraan.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Penutup
Demikian contoh dari Mamikos tentang teks MC bahasa malam tirakatan 17 Agustus 2025 yang bisa kamu jadikan sebagai referensi.
Jika kamu mencari informasi lain yang lebih lengkap tentang Rekomendasi Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus Singkat atau tentang Rekomendasi Sambutan Ketua RT Acara 17 Agustus Bahasa Jawa Singkat dan Jelas, pastikan hanya mencarinya di blog Mamikos, ya! 😉👍
Referensi:
4 Contoh Teks MC Tirakatan 17 Agustus untuk Pembawa Acara [Daring]. Tentang: https://tirto.id/contoh-teks-mc-malam-tirakatan-17-agustus-bahasa-jawa-indonesia-gvcg
3 Contoh Teks MC Malam Tirakatan 17 Agustus 2024 dalam Bahasa Jawa [Daring]. Tentang: https://www.sonora.id/read/424136317/3-contoh-teks-mc-malam-tirakatan-17-agustus-2024-dalam-bahasa-jawa
Contoh Teks Pranatacara Malam Tirakatan HUT RI Bahasa Jawa [Daring]. Tentang: https://www.idntimes.com/life/education/contoh-teks-pranatacara-malam-tirakatan-00-17z4g-kvglqx
Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu: