Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk Acara Tahlilan atau Yasinan, Singkat dan Jelas!
Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk Acara Tahlilan atau Yasinan, Singkat dan Jelas! – Biasanya acara selamatan untuk orang meninggal seperti peringatan 7 hari, 40 hari, 100 hari, atau bahkan 100 hari seringkali diisi dengan pembacaan tahlil dan yasin.
Dalam pelaksanaan acara kirim doa itu biasanya diawali dengan pembacaan tahlil dan yasin yang dipandu oleh seorang MC.
Nah, di artikel ini Mamikos akan menyajikan teks MC tahlilan atau yasinan singkat dalam bahasa Jawa yang bisa kamu gunakan sebagai referensi. Jadi, silakan kamu pelajari dengan baik, ya! 🎤📜✨
Daftar Isi
Daftar Isi
Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk Acara Tahlilan atau Yasinan
Tahlilan atau yasinan merupakan salah satu kegiatan yang tidak bisa dipisahkan dari kirim doa kepada sanak saudara yang telah meninggal dunia.
Biasanya kegiatan ini dilakukan agar sanak saudara yang telah meninggal dunia dapat mendapatkan ampunan dari Tuhan.
Seorang MC biasanya ditunjuk untuk memimpin jalannya acara selamatan agar proses tahlilan atau yasinan dapat berjalan dengan lancar dan khidmat. Berikut ini adalah beberapa contoh teks MC singkat dan jelas dalam bahasa Jawa.
Contoh I Teks MC Bahasa Jawa Tahlilan atau Yasinan
Assalamu’alaikum wr. wb
Dhumateng para alim, para ulama, para kyai, ingkang kawula khurmati, wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukaram KH. Ali Zaini.
Hadirin Jamaah Yasin Tahlil Al-Ikhlas Rahimakumullah.
Sepisan sumangga kita tansah ngonjukaken raos sokur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan kagem kita sedaya saengga dalu punika kiyta saged kempal dhateng dalemipun bapak ….. kanthi boten kekirangan setunggal punapa.
Para bapak, dalu punika kita badhe nglampahi adicara rutinan yasinan jamaah ingkang kaleres mapan ing dalemipun bapak ….
Mugi-mugi kanthi waosan Yasin saha Tahlil ingkang badhe kalampahan kanikmatan, kasarasan, sakig Gusti Allah.
Salajengipun sumangga kita sesarengan maos shalawat saha salam ingkang tansah katur kagem Nabi Agung Nabi Muhammad SAW.
Mugia kanthi waosan shalawat ugi salam punika saged ndadosaken kita termasuk umat ingkang bakal pikantuk syafaatipun wonten dinten kiyamat mangke, amin amiin ya rabbal alamin.
Jamaah Yasin Tahlil ……….
Sak derengipun acara kita wiwiti, kawula minangkani sesulih atur ingkang kagungan hajat badhe maos adicara acara-acara ingkang badhe kalampahan dalu menika.
Acara ingkang sepisan, pembacaan fatihah kagem sedaya leluhuripun bapak….. ingkang sampun kondur wonten kasedan jati.
Acara ingkang kaping kalih inggih punika waosan tahlil lan yasin
Acara ingkang kaping tiga, mauidlah khasanah sekaligus da’a
Mangga kita wiwiti acara dalu punika kanthi waosan ummul kitab. ‘ala hadiniyyah asshalihah al fatihah…
Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waasan menika, saged dadosaken lancaripun acara menika, amin ya rabbal alamin.
Acara ingkang nomer kalih inggih menika waosan tahlil saha yasin, ingkang badhe kawaos dening bapak haji ……, dhumateng panjenenganipun wekdal ugi papan pinarakan kawula sumanggakaken.
Dhumateng panjenenganipun bapak haji ….., kawula ngaturaken matur nuwun. Mugi-mugi kanthi waosan surat Yasin punika berkahipun saged lumeber dhumateng sedaya arwah saking kaluwarga bapak ……. ingkang samenika sampun wonten alam kubur.
Acara salejengipun, inggih menika mauidlah khasanah sarta donga ingkang badhe dipun waos dening KH. ….., dhumateng panjenenganipun kawula sumanggakaken.
Maturnuwun kawula aturaken, mugi-mugi punapa ingkang sampun kalampahan punika saged wonten manfaatipun.
Saking kawula minangkani sesulih atur badhe nyuwun pangaksami menawi wonten wicara kula kirang mranani penggalih panjenengan sedaya.
Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.
Contoh II Teks MC Bahasa Jawa Tahlilan atau Yasinan
Pembukaan
Assalamu’alaikum wr. wb.
Alhamdulillah, Alhamdulllahilladzi anzala sakinata fiiqulubil mu’minin liyazdaadu iimananma’aa immanihim. Asyhadu anlaa ilaaha ilallaah wahdahu laa syari kalah, wa asyhadu annamuhammadan ‘abduhu warosulu la nabiyya ba’dah.
Bismillahhirrahmaanirrahiim para alim, para kyai saha para ustadz, ugi para rawuh ingkang kawula mulyakaken. Wabil khusus shahibul bait, shahibul hajat, inggih menika Bapak ………. sakulawarga
Alhamdulillah, sumangga kita sesarengan ngonjukaken syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT kanthi maos Alhamdulillahirabbil ‘aalamiin, ingkang sampun paring kasarasan ugi iman dhumateng kula panjenengan sedaya.
Saengga ing dalu punika kula dalah panjenengan sedaya saged angrawuhi undangan saking Bapak …… kanthi sehat wal afiat boten wonten kekirangan setunggal punapa.
Mugi-mugi rawuh kula dalah panjenengan tansah dipun cathet dening Allah SWT dados setunggal amalan ingkang hasanah fiddini waddunya wal aakhirah, Amin 2X
Saklajengipun sholawat lan salam sumangga tansah kita aturaken dhumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, biqauli Allahumma shalli ‘alaa Muhammad ingkang sampun paring pitedah dhumateng kula panjenengan
Mugi2 ngantos akhir hayat kula panjenengan sedaya tetep netepiagami Islam, lan mbenjang wonten dinten yaumil qiyaamah, kula dalah panjenengan sedaya tansah pikantuk syafaatipun kanjeng nabi Muhammad SAW. Amin 2X yaa rabbal’alamin …
Para rawuh ingkang kawula mulyakaken, dalu menika Bapak …. kagungan kajat inggih punika, kirim donga dhumateng leluhuripun ingkang asma….. ingkang dalu punika kaleres sampun …. dinten anggenipun sowan dhumateng Gusti Allah.
Para rawuh, dalu punika waosan surat Yasin bakal kapimpin dening bapak…… , waosan tahlil bakal kapimpin dening….. , waosan donga kapisan bakal kapimpin dening, waosan donga kapindho bakal kapimpin dening …..
Pelaksanaan
Pembacaan Al Fatihah
Pembacaan Yasin dan Yasin
Istirahat
Penutup
Para rawuh mekaten kala wau lampahipun adicara waosan Tahlil ugi Yasin kagem alm ….. ingkang dalu punika sampun …. dinten anggenipun sowan dhumateng ngarsa Gusti Allah.
Kula minangka sesulihing atur saking bapak …. badhe nyuwun pangaksama menawi wonten tembung utawi suguh saking bapak…. menawi kirang mranani dhumateng manahipun panjenengan sedaya.
Kula kinten cekap adicara punika, wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh III Teks MC Bahasa Jawa Tahlilan atau Yasinan
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh. Alhamdulillah.
Sumanggga kita sesarengan tansah ngonjukaken raos puji syukur dhumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala, ingkang sampun maringi kita nikmat sehat lan kasarasan, saengga kita saged rawuh dhateng adicara tahlilan saha yasin dalu punika.
Sholawat sarta salam, mugi-mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wasallam, kaluwarga saha para sahabatipun, saengga kita sedaya pikantuk sapangatipun wonten ing dinten kiamat mangke.
Para rawuh ingkang kinurmatan, ing dalu punika, kita bakal nindhakaken tahlilan kagem kirim donga kagem arwahipun almarhum/almarhumah ……
Mugi-mugi arwahipun panjenenganipun tansah dipun paringi pangapura saking sedaya kaluputane, dipun jembaraken kuburipun, sarta dipun angkat derajate dening Allah Subhanahu Wa Ta’ala. Amin.
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula ngaturaken panuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa rawuh ing acara tahlilan niki.
Kula badhe ngaturaken susunan adicara tahlilan ing dalemipun bapak ….. dalu punika.
Wonten gangsal acara ingkang badhe kita lampahi:
Pembukaan – Waosan Al-Fatihah kagem miwiti adicara dalu punika.
Waosan Tahlil dan Doa – Ingkang bakal dipun pandhegani dening Kyai/Ustadz …….
Mauidhoh Hasanah – Sekedhap tausiyah kagem ngelmu lan pitutur ingkang bakal dipun aturaken dening Kyai/Ustadz …….
Donga panutup ingkang bakal dipun aturaken Kyai/Ustadz …..
Penutupan – Salam lan pungkasan acara.
Para kagem miwiti adicara dalu punika sumangga kita maos Al-Fatihah.
[Nuwun dhumateng rawuh sedaya kagem ngaturaken Al-Fatihah].
Bismillahirrahmanirrahim… Alhamdulillahi rabbil ‘alamin… (lan seterusipun). Mugia kanthi waosan Al-Fatihah bakal dados sarana kabulipun ingkang mengku kajat.
Para rawuh sedaya, salajengipun kita mlebet acara ingkang kaping kalih, inggih menika maos tahlil lan doa, ingkang badhe dipun pandhegani dening Kyai/Ustadz [sebutkan nama].
Mangga, wekdal lan papan dipun aturaken. [Acara pembacaan tahlil dan doa] Sampun, mugi-mugi doa lan tahlil kita sedaya dipun kabulaken Allah Subhanahu Wa Ta’ala. Amin.
Para rawuh ingkang kula khurmati, adicara salajengipun punika Mauidhoh Hasanah. Sumangga kita mirengaken tausiyah saking Kyai/Ustadz [sebutkan nama].
Wekdal saha papan kula aturaken. [Acara Mauidhoh Hasanah] Sampun, matur nuwun dhumateng Kyai/Ustadz ingkang sampun paring tausiyah ingkang migunani kagem kita sedaya.
Para rawuh ingkang kinurmat, kita sampun wonten ing pungkasaning adicara, inggih punika donga penutup.
Waosan donga dalu punika bakal kapimpin dening Kyai/Ustadz ……
Mugia sedaya donga ingkang kita waos dalu punika bakal dipun kabulaken Allah Subhanahu Wa Ta’ala.
Mugia arwahipun almarhum/almarhumah tansah pikantuk pangaksama ugi tansah dipun lapangkaken dalanipun tumuju suwargo, lan keluarga ingkang ditinggal dipun paringi kesabaran. Amin.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh IV Teks MC Bahasa Jawa Tahlilan atau Yasinan
Khadlrotal kiraam, dhumateng para alim ulama’, para bapak kyai, ingkang satuhu kinabekten.
Dhumateng para sesepuh, pinisepuh, dalah aji sepuh, ingkang satuhu kinurmatan.
Wabil khusus shohibul hajah dalah shohibul bait, inggih penjenenganipun bapak ………. dalah ibu …….. ingkang tansah kita mulyakaken,
Mboten kesupen dhumateng para bapak dalah para kanca tamu undangan sedayanipun, ingkang kawula hormati, hadlirin rahimakumullah. ( penghormatan disesuaikan dengan yang hadir )
Minangkani purwakaning atur, saha sowan kula dalah karawuhan panjenengan sami dateng majelis punika, sumangga, kita sareng-sareng tansah nglahiraken raos syukur kita dhumateng ngarsa dalem Allah SWT.
Dene punapa dalu punika kita sareng-sareng tansah kalimpahan nikmat taufiq, saha hidayahipun Allah SWT.
Saengga kita sareng-sareng kempal wonten ing punika majelis, minangkani pamundut saha undangan keluarga mriki, kanthi kawontenan sehat wal afiat, teguh rahayu wilujeng, boten minanggihi alangan setunggal punapa.
Mila saking punika, atas sedaya nikmat ingkang sampun kita tampi sesarengan, sumangga kita syukuri sareng-sareng kanthi ucapan ALHAMDULILLAHI ROBBIL ALAMIIN.
Kaping kalihipun, sholawat saha salam mugia tansah kita aturaken dhumateng, junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, kanthi ucapan ………
Ingkang sampun katah pareng pitedah saha tarbiyah dhumateng kita sedaya, dipun tedahaken dhumateng mergi ingkang leres, mergi ingkang insya Allah tansah pikantuk ridla saha rahmatipun Allah SWT.
Langkung-langkung ingkang tansah kita tengga syafa’atipun, awit dinten punika, hingga mbenjang wonten ing yaumil akhirat. Amiin 3x. ya rabbal alamiin.
Para bapak dalah para kanca tamu undangan ingkang minulya …
Keparenga matur kawula ing mriki jejibahan wakil saking shohibul bait dalah pranata adicara wontenipun kegiatan dalu punika,
Sepindah, minangkani keluarga, kawula ngaturaken ahlan wasahlan bikhudlurikum, ngaturaken kasugengan saha sugeng rawuh dhumateng panjenengan sami, lan atas kikhlasan panjenengan sami dalu punika kersa rawuh, minangakani pamundut saha undangan keluarga mriki.
Kawula atas minangkani sesulih ingkang kagungan kajat mboten saged pareng piwales punapa-punapa, ingkang setimpal kalian keikhlasan panjenengan sami.
Ananging anamung saged pareng donga, mugi-mugi keilkhlasan dalah karawuhan pajenengan sami dalu punika, tansah pinaringan kalian ridha saha hidayahipun Allah SWT.
Saengga saged mbeto manfa’at saha barokah, khususipun dhumateng keluarga mriki sedayanipun, sumrambahipun dhumateng kaluwarga kita sedaya, barokah manfa’at maslahah fiddini waddunya wal akhirat. Amiin 3x.
Kaping kalehipun, kawula atas nami keluarga, ing mbok bilih keluarga mriki anggenipun caos penghormatan dhumateng karawuhan panjenengan sami, minggah papan pinarakan, pasugatan saha sanes-sanesipun.
Sajak kathah samukawis ingkang kirang mahanani dhumateng manah saha penggalih panjenengan sami, kawula ing mriki ingkang kajibah wakil saking keluarga mriki, anamung saged ngaturaken agungeng sih samudra pangaksami dhumateng para rawuh dalah hadlirin sedayanipun.
Para bapak dalam para tamu undangan ingkang kawula hormati…
Dalu punika kita sareng-sareng kaaturan rawuh wonten ing dalem mriki, mboten sanes sepisan, bapak ……………( nama shohibul bait ) …. sakulawarga nyuwun pangestu ingkang wilujeng.
Ingkang angka kalih, nyuwun ikhlasipun penggalih, lahir tumusipun batos dhumateng panjenengan sami, arupi bantuan waosan kalimat thoyyibah / do’a tahlil, ingkang maksud lan tujuanipun mboten sanes, sepisankatujukaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW.
Ingkang barokah saha fadilahipun mugia tansah angluberi kawilujengan dhumateng sedaya niat hajatipun bapak …( nama shohibul bait )… sakulawarga, khususipun anggenipun milujengi dhumateng almarhum/almarhumah … ( nama ahli kubur yang dikirim )….
Ingkang sampun sowan kundur dateng zaman kelanggengan, ingkang miturut etangan keluarga, sampun kaleres …………( pitung dintenipun/sekawan doso dintenipun/setunggalatus dintenipun/setunggal iwu dintenipun/ pengemut-emutipun )…. .
Mugi-mugi kanthi do’a pangestu panjenengan sami, ugi barokahipun waosan do’a tahlil dalupunika, almarhum/ah ……( nama mayit )…. tansah pikantuk kamulyan saking ngersa dalem Allah SWT.
Saengga anggenipun sowan dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun kaleres ……. tansah pikantuk mergi ingkang padang, terang gumebyar saha jembar kuburipun.
Katampi sedaya amal sahe saha amal ibadahipun, dipun ngapunten sedaya pidosanipun, dipun akeni dados umatipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Ingkang pungkasanipun anggenipun sowan almarhum/almarhumah …. dhateng ngersanipun Allah SWT kalebetna sowan ingkang khusnil khaatimah, amiin 3x ya rabbal alamiin.
Ugi barokah waosan do’a tahlil dalu punika kita khususaken maleh dhumateng bapak ………( nama shohibut bait )….sakulawarga.
Mugi-mugi lumantar waosan do’a dalu punika, bapak …( nama shohibul bait ) .…sakulawarga tansah pikantuk tetepipun iman, islam, ihsan ingkang kiat tur istiqomah, kaparingan yuswa ingkang panjang barokah, saha manfaat kagem ibadah, pinaringan kesehatan jasmani ugi rohaninipun.
Pinaringan lancar gampil sedaya usaha-usahanipun, pikantuk nikmat arupi rizqi ingkang katah, halal saha barokah, dipun paringi keluarga ingkang ayem tentrem, guyub rukun, tinebihna saking sedaya balak bilahi, kantuna teguh rahayu wilujeng.
Para bapak dalah para rawuh ingkang kawula hormati…
Kintenipun mekaten atur niat hajat keluarga mriki ingkang saged kawula aturaken dhumateng ngarsa panjenengan sami.
Mugi-mugi sedaya niat hajat kaluwarga mriki sedayanipun ingkang sae mengsahipun Allah SWT, kanthi lumantar do’a pangestu panjenengan sami, tansah dipun tampi saha dipun ijabahi deneng Allah SWT. Amiin ya rabbal alamiin.
Para bapak dalah para tamu undangan ingkang kawula hormati, gegayutan kalian wekdal ingkang sampun sak wantawis dalu, sumangga punapa ingkang dados pamundut keluarga mriki, inggih punika bantuan waosan do’a tahlil, enggal kita laksanaken sareng-sareng.
Wondene imam tahlilipun kasuwun kanthi sanget, panjenenganipun bapak Kyai ……… kersaha mimpin kegiatan menika ( dhumateng panjenenganipun kahaturaken ).
Pelaksanaan Tahlil sampai selesai
Alhamdulillahi rabbil alamiin, para bapak dalah para tamu undangan ingkang kawula khurrmati, makaten kalawau, punapa ingkang dados pamundut keluarga, arupi bantuan waosan do’a tahlil sampun sareng-sareng kita laksanakaaken.
Mugi-mugi punapa ingkang dados niat hajat keluarga mriki, khususipun, anggenipun ngentun do’a dhumateng almarhum /ah …( nama ahli kubur yang dikirim )…. Tansah dipun tampi saha dipun ijabahi dening Allah SWT. Amiin 3x ya rabbal alamiin.
Ing mriki kawula atas nami keluarga, atas sedaya keikhlasan dalah pambiyantu do’a panjenengan sami, mboten saged paring piwales punapa-punapa, anamung saged ngaturaken Jazakumullah ahsanal jaza’ . amiin.
Para bapak dalah para tamu ingkang kawula hormati…
Kintenipun anamung makaten ingkang saged kawula aturaken, minangkani sesuleh keluarga saha pranata adicara wontenipun kegiatan dalu punika.
Mbok bilih anggen kawula matur milai awal hingga akhiripun adicara punika, katah perkawis saha solah bawa ingkang kirang mahanani dhumateng manah saha penggalih panjengan sami.
Kawula ing mriki, anamung saged ngaturaken agungeng sih samudra pangaksami dhumateng para hadirin sedayanipun. Wusana cekap sakmanten atur kawula, akhirukalami “Wallaahul muwafiqi ila aqwamith thoriq ihdinashiraathol mustaqiim.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
Penutup
Demikian informasi yang dapat Mamikos berikan tentang teks Yasin atau Tahlil yang bisa kamu jadikan referensi.
Referensi:
Teks MC Tahlilan Orang Meninggal Lengkap dengan Urutannya [Referensi]: Tautan: https://muslim.okezone.com/read/2024/10/14/616/3074409/teks-mc-tahlilan-orang-meninggal-lengkap-dengan-urutannya
Contoh Naskah MC Bahasa Jawa untuk Tahlil dan Yasin, Bisa Dijadikan Referensi [Referensi]: Tautan: https://kalam.sindonews.com/read/1480859/69/contoh-naskah-mc-bahasa-jawa-untuk-tahlil-dan-yasin-bisa-dijadikan-referensi-1730279442
Naskah MC bahasa Jawa Jamaah Yasin Tahlil [Referensi]: Tautan: https://www.abdumar.com/2024/01/naskah-mc-bahasa-jawa-jamaah-yasin.html
Klik dan dapatkan info kost di dekat mu:
Kost Jogja Murah
Kost Jakarta Murah