Contoh Tembung Panyandra Berbagai Jenis dalam Bahasa Jawa Lengkap

100 Contoh Tembung Panyandra Berbagai Jenis Dalam Bahasa Jawa Lengkap – Dalam bahasa Jawa, panyandra dapat diartikan sebagai perumpamaan atas sesuatu yang tertangkap oleh indra yang dimiliki manusia.

Meski demikian, panyandra yang sering digunakan dalam percakapan sehari-hari panyandra yang berhubungan dengan anggota atau bagian tubuh dan tingkah laku yang dimiliki manusia manusia.

Namun, demikian panyandra dapat pula digunakan untuk menggambarkan keadaan alam yang tengah terjadi. Yuk, simak ulasan lengkapnya berikut ini!

Contoh-contoh Panyandra dengan Menggunakan Bahasa Jawa

https://unsplash.com/@blazphoto

Penggambaran atau
panyandra mengenai alam inilah yang oleh sebagian orang diyakini sebagai dasar
atau cikal awal pembuatan pranta mangsa.

Selain itu, panyandara juga sering diucapkan seorang pranatacara dalam upacara pengantin yang mengusung adat Jawa.

Adapun tujuan
pranatacara yang menggunakan panyandara saat membawakan acara adalah untuk
memberikan pujian kepada kedua mempelai yang tengah berbahagia.

Di bawah ini adalah beberapa contoh tembung panyandra yang disampaikan dengan menggunakan bahasa Jawa.

1. Candrane Perangane Awake Manungsa

  1. Dedege pindha waringin sungsang
  2. Dedege pindha pedaringan kebak
  3. Dedege pindha lintang kawuryan
  4. Dedege pindha gedhong ingkang mlumah
  5. Dedege pindha puspa pamegar
  6. Dedege pindha puspa wicitra
  7. Dedege pindha durga nglilir
  8. Dedege pindha Sri Tumurun
  9. Dedege pindha Gedhong kinunci
  10. Pakulitane kuning kadya nemu giring.
  11. Rikmane ngombak kadya banyu segara
  12. Granane ngudhup pindha sekar mlathi
  13. Alise pindha rembulan ingkang nanggal sepisan
  14. Idepe pindha tumengeng ing tawang.
  15. Mripate pindha damar ingkang kasaput maruta.
  16. Sinome pindha micis ingkang winutah.
  17. Untune tumata rapi pindha miji timun jinejer
  18. Pundhake katon endah pindha nraju mas.
  19. Pipine sajak endah sinawang netra pindha wohing duren ingkang sajuring.
  20. Lathine ketawise manis pindha gendhis sathemlik.
  21. Bangkekane yen sinawang nengsemake merga nawon kemit.
  22. Pupune katon endah amarga kadya ngembang pudhak.
  23. Lengene katon kukuh kadya gandhewa ingkang pinenthang.
  24. Godheke katon wingit kadya kudhuping turi.
  25. Drijine sajak merak ati merga kadya pucuking eri.
  26. Payudarane katon weweg pindha klapa ingkang nyengkir gadhing.
  27. Pasuryane katon padhang pindha wulan ndadari
  28. Panyawange adhem pindha bumi kang siniram jawah

2. Candrane Solah Bawane Manungsa

  1. Lampahe pindha sima ingkang kaluwen
  2. Lembeyane pindha blarak ingkang sempak saking wite
  3. Lembeyane pindha merak ingkang kasimpir
  4. Solah bawane pindha kitiran angiteri jagad
  5. Anggene micara pindha anakan bebek
  6. Anggene bebojoan tansah atut runtut kadya mimi lan mituna
  7. Swarane pindha bledheg ingkang kumawa nyigar angkasa
  8. Pangamuke kadya bantheng ingkang nandang atu arang kranjang
  9. Anggone polah pindha gabah ingkang diinteri
  10. Anggene jumangkah sajak rangu-rangu pindha manggih krama
  11. Anggene seneng kadya mentas katiban ndru
  12. Sumbare kadya bisa nguntal dhuwure gunung
  13. Sumbare kadya bisa njugrugake Merapi
  14. Trensnane marang kekasihe luwih gedhe tinimbang merbabu.
  15. Tandange rikat kicot.
  16. Anggene tumandang lumoh sikatan
  17. Anggene wahing pindha
  18. Atine gedhenge mung sasigare menir
  19. Tekade wis gilig pindha tugelaning waja
  20. Candrane Manungsa ingkang lagi nesu
  21. Talinganipun abrit pindha wawa
  22. Dhadhanipun mingkas-mingkus pindha tutuping dandang toya umub
  23. Angganipun ngawedalipun agni
  24. Netranipun hangandik hangatirah
  25. Imbanipun pindha lawe ingkang tumali
  26. Idepipun kadya mangada-ada.
  27. Wajanipun kemrokot gumathik

3. Candrane Pranata Mangsa

  1. Satya murca saking embanan = candranipun mangsa kapisan ingkang kagungan teges tetuwuhan sami wiwit brindhil ronipun.
  2. Bantala ketawis sami rengka = candranipun mangsa kapindho ingkang kagungan teges siti ketawis sami nela amargi kasatan tirta
  3. Suta satuhu mring bapa = candranpun mangsa katelu ingkang kagungan teges tetuwuhan gembili samoun wiwit sami mrambat.
  4. Waspa kumembeng salebeting kalbu = candrane mangsa kepapat ingkang kagungan teges tuk-tuk padha pipet (bumpet).
  5. Pancuran mas ketawis sumawur ing jagad = candrane mangsa kalima ingkang kagungan teges wiwit kathah jawah.
  6. Rasa mulya salebiting raos suci = candrane mangsa kanem ingkang kagungan teges saampun ungsum kathah woh-wohan ingkang mirasa raosipun.
  7. Wisa kentai ing maruta = candrane mangsa kapitu, ingkang kagungan teges kathah menungsa ingkang nandang lelara.
  8. Ajrah ironing kayun = candrane mangsa kawolu ingkang kagungan teges mangsane kucing gandhik.
  9. Wedharinpun wacana ingkang minulya = candrane mangsa kasanga ingkang kagungan teges sampun dumugi wancinipun gareng muni ugu gangsir wiwit ngenthir.
  10. Gedhong minep salebeting manah = candrane mangsa kasepuluh ingkang kagungan teges kathah sato ingkang sami ngandhut lan bangsa iber-iberan sami ngendhog.
  11. Sotya sinara wedi = candrane mangsa sada ingkang kagungan teges tegese kathah mangsa manuk ingkang wiwit ngloloh.
  12. Tirta sah saking sasana = candrane mangsa desta ingkang kagungan tegessampun dumugi wancinipun bedhidhing utawa hawa ingkang asrep sanget.

4. Panyandra dengan Menggunakan Wayang

  1. Baguse pindha Raden Janaka.
  2. Kasetyane pindha Dewi Sinta.
  3. Anggene sesambungan pindha Batara Kamaja lan Batari Kama Rauh.
  4. Anggene ngupadi negelmu kadya Raden Werkudara
  5. Brengose pindha brengose Raden Gatutkaca.
  6. Anggene ngugemi janji pindha Raden Karna.
  7. Anggene wasis ngracik jamu kadya Raden Nakula
  8. Atine putih memplak pindha wulune hanuman.
  9. Mustakane toleh-tinleh pindha kipas angin
  10. Kasetyane pindha kasetiyane Dewi Anggraeni
  11. Tekad lan tekune anggene ngupadi ngilmu pindha Raden Ekalaya.
  12. Tugase abot pindha mindhah mahamera menyang Jawa.
  13. Granane lancip pindha kagungane Gareng.
  14. Karosane pindha Raden Gatutkaca.
  15. Pakulitane pindha Prabu Kresna.
  16. Anggene lumaku pindha Patih Sangkuni.
  17. Nalare pindha Patih Sangkuni.
  18. Anggene micara pindha Durmagati.
  19. Anggene duwe lakon tresna pindha Raden Lesmana Mandrakumara.
  20. Ayune pindha Dewi Banowati.
  21. Trajange pindha Dewi Srikandhi.
  22. Angene micara pindha Dewi Sembadra.
  23. Esemane pindha Bathari Durga.
  24. Anggene lumaku pindha Raden Brantasena
  25. Dedeg piyadege kadya Raden Werkudara.
  26. Anggene tumindak pindha Prabu Yudhistira.
  27. Tumindake kaya Petruk dadi Ratu.

5. Panyandraning Wanita

  1. Wanita Candra Wela titikanipun pakulitane jene, pasuryane katingal anyremimih, lathi sanget ngintip. Payudara sumangga waru. Watakipun wanita ingkang kagungan titikan kados mekaten setya ing laki.
  2. Wanita Retna Kencana titikanipun pakulitane jene, sarira abrit, rema akas tur panjang, suku alit, dedeg pidegsa, bathuk cekapan, tutuk semu ciyut. Watakipun wanita ingkang kagungan titikan kados mekaten setya ing laki.
  3. Kencana utawi koncang lepasan titikanipun pakulitan cemeng, sarira ageng, réma lemes, pasuryan alit, bathuk ciyut, lathi kandel, payudara alit, dedeg pideksa, pakulitan semu teles, suku ageng, réma awis. Wanita ingkang kagungan titikan mekaten adate setya mring laki.
  4. Kunci kancana titikanipun pakulitan cemeng, sarira ageng panjang, suku ragi celak, pasuryan ciyut, boten sugih réma, dedeg andhap, bathuk ciyut semu manyul, pakulitan kandel semu teles, kencétipun gilig radi alit. Watekipun wanita ingkang kagungan titikan mekaten satuhu trisna dhateng laki.
  5. Kusumastuti titikanipun pakulitan pethak, réma akas, pasuryan lancip, bathuk ciyut, anggodhég anggambreng, dedeg andhap, ageng sliranipun pakulitan semu teles, tutuk kagok wiyar. Watekipun saé sanget nyugihi. Watekipun wanita ingkang mekaten remen agami lan saged nyugihi mring laki.
  6. Tarabas titikanipun pakulitane jene, rikmane abrit tumekane pucuk talingan wonten andheng-andhengipun, bathuk alit, pipi semu klungsur watakipun wanita ingkang mekaten seneng sanget tetukon lan cumondhong dhateng sipat boros.

Demikianlah jenis-jenis dan contoh tembung panyandra berbagai jenis dalam bahasa Jawa. Semoga artikel ini menambah khazanah pemahamanmu tentang panyandra dalam budaya Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta