Contoh Tembung Wangsalan Lamba dan Rangkep (Camboran) Lengkap

50 Contoh Tembung Wangsalan Lamba dan Rangkep (Camboran) Lengkap – Ketika orang Jawa berbicara dengan sesama orang Jawa, di dalam percakapan yang mereka lakukan sering ditemukan beberapa wangsalan untuk membuat percakapan mereka menjadi lebih menarik.

Jika dilihat dari cara penggunaannya wangsalan ini mirip dengan tebak-tebakan. Namun, jika tebak-tebakan yang menebak adalah orang lain.

Sementara untuk wangsalan orang yang menebak dari tebak-tebakan yang dilontarkan adalah orang yang melontarkan wangsalan tadi. Dalam bahasa Jawa ada empat jenis wangsalan, yaitu wangsalan lamba, wangsalan rangkep, wangsalan memet, lan wangsalan sajroning tembang.

Contoh-contoh Tembung Wangsalan Lamba dan Rangkep

https://www.freepik.com/author/freepik

Jika kamu ingin mengetahui perbedaan dan cara penggunaannya simaklah contoh dan penjelasannya di bawah ini.

1. Wangsalan Lamba

Wangsalan lamba adalah wangsalan yang hanya teka-tekinya membutuhkan satu jawaban saja.

Kalimat awal merupakan bunyi teka-tekinya, sementara kalimat kedua adalah jawabannya. Supaya kamu dapat lebih memahaminya. Perhatikan contoh di bawah ini:

  1. Pindhang lulang, kacek apa antarane aku lan slirane. (Pindhang lulang tegese Krecek)
  2. Aja njenang gula hlo, ya! Sesuk wis dadi wong sukses aja lali karo kancane. (Jenang gula tegese glali)
  3. Sekar aren, rawuhipun sampun anggenipun para tamu ngrantu. (Sekar aren tegese dangu)
  4. Esuk-esuk wis njanur gunung, kadingaren slirane dolan mrene sajak kangen apa piye. (Janur gunung tegese aren)
  5. Jebule dheweke mung mbalung klapa, geleme nampa katresnanku jebule mung ethok-ethokan. (mbalung klapa tegese batok)
  6. Muga wae usahaku bisa mbalung janur, paring usada nggonku nandang lelara ing raga ingsun . (Balung janur tegese sada)
  7. Bakune bisa golek reca kayu, urip ing alam donya iki bakune goleka kaweruh rahayu kanggo awakmu lan kaluwargamu. (Reca kayu tegese golekan)
  8. Menenga aja ngembang garut wae, kowe kuwi nggremeng ora mari-mari kesurupan apa piye? (Kembang garut tegese nggremeng)
  9. Bocah kok ngembang kacang wae. Ana masalah apa kok kowe mbesengut ngono kuwi? (Kembang kacang tegese besengut)
  10. Sing sareh ta! Aja ngembang jambu, kemaruk duwe dolanan anyar. ( Kembang jamb tegese karuk )
  11. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. (Roning mlinjo tegese so).
  12. Klapa mudha, yen atimu lagi legan paringa aku pangapura. (Klapa mudha tegese degan)
  13. Kembang gembili, kabeh padha ngrasa seneng merga padha nampa rejeki. ( Kembang gembili tegese seneng)
  14. Dadi bocah kuwi mbok aja seneng nglemah bengkah, aja seneng nyela-nyela nalika ana wong tuwa lagi cecaturan. ( Nglemah bengkah tegese tela)
  15. Dadi bocah enom kuwi aja seneng nggodong garing, kancane isih ibut nyambut gawe kok kowe wis nglaras ngopi karo rokokan. (Godhong garing tegese Klaras)
  16. Aku ora janji bisaku mung mbalung geni, menawa ngepasi ora ana acara liyane kemukinan aku bisa teka. (Balung geni tegese Mawa)
  17. Balung pakel, aja seneng alok-alok! (Balung pakel tegese Pelok)
  18. Wong urip ing alam donya iki saiba apike yen bisa ngkukus gantung, coba sawangen samubarang kang adiluhung. (Kukus gantung tegese sawang)
  19. Yoh kowe saiki bisa menang nanging kowe kudu eling kancing gelung munggweng dadha, titenana Pendekar Gunung Gangsir! (Kancing gelung tegese Peniti)
  20. Yen ora nesu, geneya kowe kok mentil kacang kawit esuk? Ayu-ayu kok mrengut terus. (Mentil kacang tegese sungut)
  21. Kowe menyang ngendi wae? Wis nyaron bumbung anggenku ngenteni. Nganti cengklungen aku ngentani tekamu. (Saron bumbung tegese angklung)
  22. Babagan reresik latar kula ingkang badhe mbalung jagung, babagan karesikan papan punika sampun dados tanggel jawab kula saben dintene. (Balung jagung tegese janggel)
  23. Jian nangan gori tenan, nganti judheg anggonku mikir ngrampung soal iki. (Jangan gori tegese gudheg)
  24. Aja ngendhil dawa, bocah ngono kae enggal ditandangi. (Kendhil dawa tegese dandang)
  25. Bocah kok kawit esuk pancen nganak bebek, jan-jane kowe wira-wiri kuwi pengin nggoleki apa ta? (nganak bebek tegese meri)
  26. Kabeh mrica kecut, yen mung sawtaes muni pancen entheng coba kowe sing nglakoni. (Mrica kecut tegese wuni)
  27. Aku wis Sarungan jagung babagan perkara kuwi, abot entheng tak lakonane dhewe kowe ora perlu cawe-cawe. (Sarung jagung tegese klobot)
  28. Wong urip kuwi yen bisa miji sawo, becike njnjung drajat wong tuwa (Ngisi sawo tegese becik)
  29. Mina galak ing samodra, bacutna lakumu Kang Petruk. (Mina galak ing samodra tegese iwak cucut)
  30. Cah ayu sing petis manis supaya akeh kancane, yen ngomong kuwi kudu nganggo tembung sing manis. (Petis manis tegese kecap)
  31. Bocah kok senengane pring dhempet, kowe saben teka mrene kok mesthi ora kandha-kandha! (Pring dhempet tegese andha)
  32. Babal bunder manglung menyang kali, lho, tumindakmu kok dadi kaya mangkono! (Babal bunder tegese elo)
  33. Mbok Dom jala ta? coba aku kandhanana supaya mudheng perkarane. (dom jala tegese coba)
  34. Baligo amba godhonge, kudu santosa ing kalbu. (Baligo amba godhonge tegese labu)
  35. Carang wreksa, sejatine ora gampang wong mengku nagara. (Carang wreksa tegese pang)
  36. Kok ngewit pari wae? ana apa kok bola-bali mulih kerja (wit pari tegese damen)

2. Wangsalan Rangkep

Wangsalan rangkep atau yang biasa disebut wangsalan camboran adalah wangsalan yang mempunyai batangan atau jawaban lebih dari satu.

Wangsalan ini terdiri dua kalimat yang setiap kalimat terdiri atas dua larik. Kalimat pertama berisi wangsalan dan kalimat kedua berisi batangan atau jawaban. Contohnya adalah sebagai berikut:

  1. Tengarèng prang, andheging riris, kudu teteg lan kudu tansah terang ing pikir. (Tengara perang tegese keteg, andheging riris tegese terang)
  2. Bayem arda, ardané ngrasuk busana, mari anteng besusé saya katara. (Bayem arda tegese lateng, ardané ngrasuk busana tegese besus)
  3. Sri Maha Jawata Katong, andaka wuluné rekta, jroning néndra gung kaepi. (Ratuné para jawata tegese Bathara Éndra, andaka wuluné rekta tegese sapi)
  4. Balé nata rondon pari, paran margané wak mami. (balé nata tegese pagelaran, rondon pari tegese dami)
  5. Carang wreksa kawi wuwus, panggya andika kusuma. (Carang wreksa tegese pang , wuwus tegese ngendika)
  6. Jenang séla wader kalèn sesondhéran, apuranta yèn wonten lepat kawula. (Jenang séla tegese apu, wader kalèn: sepat)
  7. Sayèng kaga kaga kresna mangsa sawa, wong susila lagaké anuju prana. (Sayèng kaga tegese kala, kaga kresna mangsa sawa tegese manuk gagak)
  8. Mamèt tirta, tirta jawah jro katiga, suka lila lebur luluh labuh praja. (Mamèt tirta tegese ngangsu, tirta jawah jro katiga tegese labuh)
  9. Tapas arèn, arèn Arab wijilira tindak tanduk, nora ninggal tata krama. (Tapas arèn tegese duk, arèn Arab wijilira tegese kurma)

3. Wangsalan Memet

Wangsalan memet merupakan wangsalan yang untuk menemukan batangan atau jawabannya harus dikupas dua kali atau lebih. Contohnya wangsalan memet yaitu

Uler kambang, yèn trima alon-alonan.

Pembahasan yang dimaksud dengan uler kembang adalah lintah.

Kata lintah ini diambil ‘tah’ nya yang digunakan sebagai gambaran dari satitah yang memiliki makna hampir sama dengan ‘alon-alon’ atau maknanya semampunya.

4. Wangsalan Tembang

Wangsalan tembang merupakan wangsalan yang disampaikan dalam wujud tembang. Supaya dapat menebak isi atau jawaban dari teka-teki yang disampaikan harus mampu memahami isi tembang yang disampaikan.

Contoh 1

jirak pindha munggwing wana (kusambi)

sayèng kaga: (kala) wé rekta kang muroni (anggur)

nyenyambi kalané nganggur

wastra tumrap mastaka (iket)

pangiketé wangsalan kang sekar pangkur

baon sabin ing nawala (karya)

kinarya langen pribadhi

Contoh 2

sénthé lit sasanèng arga (kajar)

lenging roga: (talanjer) mina kinarya dhesthi (dhuyung iwak tèmpèl)

nglelejar lajering wuyung

sikatan bang ngrembaka (kembang soka)

pinisuka kasukan saananipun

wimbaning kang candrawéla (rembulan purnama)

mrih purna pranawèng kapti

Contoh 3

sarkara drawa linama (kélang)

gelang swéda: (ali-ali) kramané marah siwi (mulang)

ilang laliyèng wulangun

mundhu lit dhaonira (kilayu)

lumeketing kayuwananirèng kayun

parab madyaning pandhawa (Arjuna)

sarjua arjaning dhiri

Contoh 4

singgang gung kang piniyara (winih)

mardi siswa: (mulang) kakawinirèng èstri (wadu)

winèh winulangken wadu

peputhut mong Pergiwa (Janaloka)

kang suméwa paséwakaning kalangun

pangrantamirèng pradangga (sendhon)

sasendhona genti-genti

Penutup

Demikianlah contoh tembung wangsalan lamba dan rangkep dengan berbagai jenisnya.

Semoga artikel ringkas ini dapat menambah pengetahuanmu tentang wangsalan dalam bahasa Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat mu:

Kost Jogja Murah

Kost Jakarta Murah

Kost Bandung Murah

Kost Denpasar Bali Murah

Kost Surabaya Murah

Kost Semarang Murah

Kost Malang Murah

Kost Solo Murah

Kost Bekasi Murah

Kost Medan Murah