150 Contoh Ukara Sambawa dalam Bahasa Jawa dan Penjelasannya

150 Contoh Ukara Sambawa dalam Bahasa Jawa dan Penjelasannya – Bahasa Jawa mempunyai banyak jenis-jenis ukara atau kalimat yang digunakan untuk percakapan sehari-hari.

Salah satunya adalah kalimat yang isinya tentang keinginan atau harapan. Jenis kalimat atau ukara ini sering disebut dengan ukara sambawa.

Seperti ukara-ukara atau kalimat-kalimat lain yang dimiliki bahasa Jawa. ukara atau kalimat sambawa ini mempunyai sejumlah ciri-ciri yang membedakannya dengan ukara atau kalimat lainnya.

Ciri-ciri dan Contoh Ukara Sambawa

freepik.com/author/drobotdean

Ciri-ciri Ukara Sambawa

  • Kalimatnya bisa berisi tentang pengharapan, pertentangan, atau kalimat perumpamaan
  • Biasanya diawali dengan kata saupama, senajan, atau kata yang memiliki tambahan a
  • Pengucapannya kebanyakan dilakukan dengan nada datar.

Contoh Ukara Sambawa

Di bawah ini merupakan beberapa contoh ukara sambawa

Contoh Ukara Sambawa Perumpamaan

  1. Saupama aku biyen sregep sinau samesthine saiki ora bodho kaya ngene.
  2. Saupama kowe ora kasep samesthine ora bakal diukum karo Pak Hamid.
  3. Saupama kowe pinter masak samesthine bojomu ora bakal minggat.
  4. Saupama dina iki ora udan awake dhewe bakal dolan menyang pantai.
  5. Saupama kowe ora kesed saiki kowe mesthi wis munggah kelas telu.
  6. Saupama kowe percaya kandhane ibumu, uripmu mesthi kepenak.
  7. Saupama kowe nggawa kompor awake dhewe kaliren kaya ngene.
  8. Saupama kowe ngandel sing dakomongake kowe ora nangis kaya ngene.
  9. Saupama kowe ora pacaran karo Lidya mesthine saiki kowe wis dadi mantune Pak Ridho.
  10. Saupama ora kewengen anggenmu turu kowe mesthi ora bakal kasep.
  11. Saupama kowe ora bolosan mesthine saiki kowe wis lulus.
  12. Saupama kowe ngandel jarene ibumu saiki kowe mesthi pinter basa Inggris.
  13. Saupama kowe ora doyan omben mesthine kowe ketrima dadi polisi.
  14. Saupama kenal karo kowe wiwit biyen kowe bakal dakpek bojo.
  15. Saupama jaringan internete kepenak kowe bakal dakajak gawe konten.
  16. Saupama segane ijik kowe bakal daktawani mangan.
  17. Saupama jangane ijik kowe bakal dakajak mangan.
  18. Saupama gulane ijik kowe bakal dakgawekake kopi.
  19. Saupama pitikku ijik akeh kowe bakal dakbibiti.
  20. Saupama wedhusku akeh aku arepe melu kurban.
  21. Saupama sapiku akeh arep dakdol kanggo tuku mobil.
  22. Saupama sawahku jembar panenanku mesthi akeh.
  23. Saupama ora kapusan saiki dhuwitku wis nglumpuk akeh.
  24. Saupama utangmu kok saur saiki aku ora bakal keluwen.
  25. Saupama sikilku ora lara kowe bakal dakajak nonton karnaval.
  26. Saupama wetengku ora lara kowe bakal dakajak nonton wayang.
  27. Saupama ora udan dina iki aku arep mepe gabah.
  28. Saupama ora panas ngenthang-ngenthang kaya ngene aku arep nguras kolam.
  29. Saupama ana wong sing tunggu ngomah kowe bakal dakbaturi golek urang.
  30. Saupama mengko bengi ora tanggapan, kowe bakal dakajak ngopi.
  31. Saupama dhuwitku isih kowe bakal dakajak dolan menyang Solo.
  32. Saupama iwakku wis panen kowe bakal dakwenehi sekilo.
  33. Saupama sekolahku cedhak, aku ora bakal ngekos.
  34. Saupama bijiku apik, aku mesthi entuk beasiswa.
  35. Saupama dedegku dhuwur, aku bakal dhaftar tentara.
  36. Saupama duwe penggaweyan sing apik, aku wani ngajak kowe rabi.
  37. Saupama awakku sehat, aku mesthi ketampa nyambut gawe ing kono.
  38. Saupama aku anake wong sugih uripku ora bakal sengsara.
  39. Saupama tanganku ora lara, aku gelem kok ajak badminton.
  40. Saupama ora kebanjiran, brambangku mesthi wis panen.
  41. Saupama regane iwak apik, aku mesthine duwe dhuwit akeh.
  42. Saupama ibumu ora ngeyel awake dhewe ora mungsuhan.
  43. Saupama bapak lan ibumu setuju awake dhewe mesthine wis bebojoan.
  44. Saupama biyen rabi enom, paling ora anakku wis lulus SD.
  45. Saupama lemahku wis payu, aku bisa nukokake montor anakku.
  46. Saupama aku power ranger kowe wis tak antemi.
  47. Saupama duwe kuwasa aku ora bakal melu-melu wong kae.
  48. Saupama candhine ora dirusak mesthine desa iki bakal dadi punjering wisata ing Tulungagung.
  49. Saupama ora dijajah Walanda, Indonesia meshi dadi negara maju.
  50. Saupama ora gampang diapusi saiki kowe mesthi dadi wong mulya.

Contoh Ukara Sambawa Pertentangan

  1. Senajan saiki kowe wis dadi panguwasa aku ora bakal wedi.
  2. Senajan wis telung taun aku ora lali karo janjimu.
  3. Senajan rupane ayu yen tukang ngapusi ora ana gunane ditresnani.
  4. Senajan tangane lara  nanging dheweke tetep bisa tandang gawe.
  5. Senajan wetenge lara nanging dheweke tetep budhal sekolah.
  6. Senajan udane deres nanging dheweke tetep budhal makarya.
  7. Senajan anake wong ora dhewe nanging dheweke tetep kuliyah.
  8. Senajan kerep diece karo tanggane nanging dheweke tetep apikan karo tanggane.
  9. Senajan kerep diapusi nanging dheweke tetep percaya karo sisihane.
  10. Senajan panenane sithik nanging dheweke tetep weweh karo tanggane.
  11. Senajan tekane kasep nanging dheweke tetep bisa rampung dhisik dhewe.
  12. Senajan durung duwe pacar nanging dheweke bisa seneng atine.
  13. Senajan mentas kelangan penggaweyan nanging dheweke ora rumangsa sedhih.
  14. Senajan mentas pedhot pacare nanging tresnane ora ilang.
  15. Senajan bola-bali dilarani nanging tresnante tetep wungkul.
  16. Senajan wis ora ketemu limang taun nanging dheweke ora lali karo kancane.
  17. Senajan saiki wis dadi wong sugih nanging tumindake tetep andhap asor.
  18. Senajan mobile akeh nanging dheweke ora nate pamer.
  19. Senajan saiki wis dadi pejabat nanging dheweke gelem aruh-aruh karo sapa wae.
  20. Senajan panganane akeh nanging awake ora katon lemu.
  21. Senajan panganane jeroan nanging awake katon sehat.
  22. Senajan turune gasik nanging tangine tetep kawanen.
  23. Senajan wis nyambut gawe tenanan nanging asile ora bisa nglumpuk.
  24. Senajan wis ditresnani lair batin nanging dheweke katon durung trima.
  25. Senajan wis diwenehi rempela nanging dheweke tetep kurang.
  26. Senajan wis ditukokake omah nanging dheweke ngrasa isih kurang.
  27. Senajan wis duwe bojo loro nanging dheweke meksa rabi maneh.
  28. Senajan ora duwe jonggol nanging dheweke kendel utang.
  29. Senajan anake nangis kejer nanging dheweke tetep turu nglipus.
  30. Senajan sawahe amba nanging dheweke ora nate gelem weweh.
  31. Senajan bojone ayu nanging dheweke isih ngliya.
  32. Senajan wis sarapan sega goreng nanging dheweke isih luwe.
  33. Senajan wis mangan sega padhang rong bungkus dheweke isih njaluk ditukokake sega krawu.
  34. Senajan umure wis patang puluh taun nanging ambegane isih dawa.
  35. Senajan umure wis ana satus taun nanging piyambake isih kuwat kocor ing sawah.
  36. Senajan umure wis wolung puluh taun nanging mripate isih permana.
  37. Senajan umure isih selawe taun nanging dheweke isih durung bisa masak dhewe.
  38. Senajan wis ngombe obat-obatan nanging larane durung pikantuk usada.
  39. Senajan bukune akeh nanging ora ana siji-sijia sing diwaca.
  40. Senajan kenalane akeh nanging ora sing gelem aweh pambiyantu.
  41. Senajan atine susah nanging dheweke isih bisa mesem.
  42. Senajan ijenan nanging dheweke ora wedi dideni memedi.
  43. Senajan kuliyah menyang manca negara nanging dheweke ora lali budayane.
  44. Senajan asline saka Spanyol nanging dheweke wasis ngomong Jawa.
  45. Senajan ora nate kursus nanging dheweke wasis ngomong Brazil.
  46. Senajan mung lawuh tempe nanging dheweke mangan kanthi dhokoh.
  47. Senajan mung sakedheping netra nanging wewayanganmu tetep cumanthel ing dhadha.
  48. Senajan kasirep udan kaping sewu nanging jenengmu ora bakal luntur saka atiku.
  49. Senajan duwene mung ati nanging aku wani nresnani kowe.
  50. Senajan langite peteng lelimengan nanging ing kene aku isih setya ngenteni.

Contoh Ukara Sambawa Pengharapan

  1. Mangana supaya cepet gedhe
  2. Senenga atiku aja susah terus.
  3. Tentrema ing ngendi wae sing dadi panyuwunku.
  4. Mugia tansah nemu bagya mulya klawan apa kang dadi pilihanmu.
  5. Kepiliha dadi pimpinanku supaya kelompokku bisa dadi juara.
  6. Padhanga atiku amrih bisa mbedakake bener lan luput.
  7. Ngombea supaya ora kesereden.
  8. Panasa supaya memeane garing.
  9. Bantera sithik supaya ora kasep.
  10. Turua supaya cepet sehat.
  11. Sirepa panase supaya enggal bisa tandang gawe.
  12. Cepet warasa supaya bisa bali mlebu sekolah.
  13. Deresa udane supaya jagunge urip.
  14. Dadia bocah sing bisa njunjung drajate wong tuwa.
  15. Tangia gasik supaya ora kasep budhal kerja.
  16. Tukua jamu supaya enggal sehat.
  17. Paringana rejeki akeh supaya bisa tetulung mring sapadha.
  18. Bantera angine supaya layangane mabur.
  19. Tekaa sadurunge sore supaya bisa kepethuk karo adhinmu.
  20. Menanga Indonesia supaya bisa gawe pendhudhuke marem
  21. Udanaa sing deres supaya kobongane enggal mati.
  22. Lerema ombake supaya para nelayan bisa golek iwak menyang segara.
  23. Tambahaa gole supaya bisa ngalahake musuhe.
  24. Ramea pasare supaya daganganku bisa laris.
  25. Cepeta padhang supaya bisa enggal budhal nyambut gawe.
  26. Udana supaya kaline ora asat.
  27. Tukula sing apik supaya atiku seneng.
  28. Slameta saka sakehing bebaya.
  29. Deresa udane supaya aku bisa luwih suwe sesandhingan ing kene karo dheweke.
  30. Panasa sing tenanan supaya kumbahanku cepet garing.
  31. Lemua supaya yen didol bisa payu larang.
  32. Cepeta mudhun gajine supaya bisa dakgawe nyaur utang.
  33. Cepeta mateng wetengku wis selak luwe.
  34. Laraku ndang warasa supaya bisa nyambut gawe maneh.
  35. Daganganku payua supaya ana dhuwit sing bisa dakgawa mulih.
  36. Turaha mangane saengga sisane bisa dakpangan.
  37. Enteka kabeh supaya kabeh ora kebageyan.
  38. Mudhuna regane rabuk supaya petani bisa seneng atine.
  39. Mundhaka regane lombok supaya bathine petani akeh.
  40. Lerena ing kene supaya bisa daksawang wajahe.
  41. Panasa supaya dagangan es tehku bisa laris.
  42. Payua kabeh, supaya sesuk bisa kulakan maneh.
  43. Tekaa kene anggene ngaspal supaya dalane dadi apik maneh.
  44. Cebloka ing kene udane supaya bisa dadi anyep hawane.
  45. Enggal temua supaya atine adhikku bisa marem.
  46. Jembara dhadhaku murih bisa nampa sakehing pacoban.
  47. Kuatna atiku nampa sedhih sing tanpa kinira.
  48. Uripa tanduranku supaya ora diece liyan.
  49. Tangia semangatku sing wis suwe turu.
  50. Mesema lambeku ing ngarepe murih sedhihku ora kinawruhan.

Penutup

Demikian contoh ukara sambawa yang bisa diberikan dalam ringkasan materi bahasa Jawa kali ini.

Semoga contoh-contoh ini dapat membuat kamu lebih memahami ukara sambawa dalam bahasa Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta