Deskripsi Filosofi Pakaian Adat Semarangan dalam Bahasa Jawa Lengkap

Deskripsi Filosofi Pakaian Adat Semarangan Dalam Bahasa Jawa Lengkap – Sepintas pakaian adat Semarangan mirip dengan pakaian adat Jawa pada umumnya.

Namun, terdapat sejumlah perbedaan, salah satu yang paling mencolok adalah cara memakai ikat kepala atau udhengnya.

Nah, di bawah ini akan diberikan deskripsi tentang kandungan filosofi pakaian adat Semarangan dengan bahasa Jawa.

Pakaian Adat Semarangan

https://humas.jatengprov.go.id/

Setelan pakaian khas Gagrak Semarangan tersusun atas udheng (ikat kepala), baju beskap warna hitam gelap dan jarik (kain batik) yang bermotif motif Lumintu, dengan corak khas Candi Gedongsongo, bunga kopi, naga Baruklinting serta daun Semanggi.

Sementara untuk alas kakinya tidak memakai selop, tetapi hanya sandal bandhol atau semacam sandal jepit dengan ciri ikatan simpul jepit yang khas. Selain itu batik Lumintu adalah corak batik asli Kabupaten Semarang.

Kandhutan Filosofi Sajrone Pakaian Adat Semarangan

Sandhangan gagrag semarangan kasusun saka udheng, beskap, jarit, keris, lan sandhal bendhol.

Saben-saben perangan iki duwe makna filosofi kang beda-beda. Makna saka perangan-perangan iki kaya ing andharan ngisor iki.

1. Udheng

Udheng yaiku piranti saka kain kang digunakake kanggo nutup sirah. Panganggone beda karo blangkon kang kari nganggo.

Butuh ketrampilan khusus murih panganggone udheng bisa trep. Ngenani udheng duwe nyatane ora mung sawates piranti kanggo nutupi sirah.

Ing sawalike panganggone udheng nyatane duwe kandhutan filosofi. Makna kang kinandhut saka udheng yaiku pangajab amrih manungsa bisa matesi pepinginan kurang becik ing uripe.

Pepinginan kurang becik ing kene jinise akeh banget. Sawetara tuladhane yaiku tumindak korupsi, kolusi, lan nepotisme.

Udheng kang panganggone kudu ditali kanthi siset mujudake pralambang saka gegambarane manungsa ing alam donya kang kudu bisa ngendhaline dhiri saka tumindak ala lan sapenake dhewe.

Prelu dikawuningani, senajan ing uripe iki manungsa dibebasake nindakake apa wae. nanging nyatane manungsa ora bisa tumindak sapenake dhewe.

Manungsa tansah kaiket klawan maneka aturan. Ngenani aturan kang ngiket manungsa ing uripe iki akeh banget.

Saliyane kaiket klawan ukum agama lan ukum negara, manungsa uga kaiket klawan ukum sosial kang ana ing urip bebrayan.

Lamuna manungsa nganti kumawani nglanggar aturan-aturan kasebut. Bisa dipesthekake manungsa bakal ngalami samubarang kang kurang kepenak.

Tumrap pawongan kang kumawani nglanggar agam ukum negara bakale pikantuk kunjara. Dene kang wani nglanggar aturane ukum agama bakal ginanjar neraka lamuna wis seda.

Sabanjure dene kang dilanggar iku aturan kang ana ing masyarakat. Pelakune bisa dipesthekake bakal dikucilake.

Mulane lumantar udheng kang ditali kang siset iki manungsa diajab tansah eling supaya ngendhaleni dhiri.

Ancase supaya manungsa ora bisa tumindak sapenake dhewe, kang tembene bisa wae dadi jalaran utawa njilma samubarang kang bisa ngundang tekane cilaka.

Umume tata cara penganggone udheng ing Jawa Tengah, klebu tata cara penganggone udheng ing sandhangan adat khas Semarangan.

Tansah ana pucukan kain kang dibentuk segitiga. Manggone ana ing perangan tengah ing sandhuwure sepasang mripat.

Kain wujude segitiga iki mujudake pralambang supaya manungsa anggene manembah bisa manther sarta mung katuju mring Gusti Kang Mung Sawiji.

Ing perangan segitiga kewalik iki bisa uga ditegesi amrih manungsa tansah nyawang samubarang kang ana ing ngisore.

Kang dikarepake samubarang ing ngisore iki bisa diperang dadi loro yaiku sing kapisan wong sing kabegjan utawa kamulyane ana ngisore.

Dene sing kapindhone yaiku tansah eling marang bumi kang dipidah saben dinane. Kanggone wong Jawa bumi ora mung dianggep kaya dene ibu kang kudu dijaga lan dibekteni.

Nanging bumi uga mujudake papan bali kang sejati. Dadi bisa ditegesi yen kain kang wujude segitiga kewalik iki mujudake pangeling-eling marang penganggone.

Yen urip ing alam donya iku ora kanggo selawase. Jalaran kabeh manungsa sing urip ing alam donya bakale mati.

Mulane sadurunge mati kudune manungsa bisa golek sangu saakeh-akehe. Sangu kang dikarepake ing kene dudu dhuwit utawa rajabrana.

Nanging kepara amal becik kang carane ngupadi yaiku kanthi cara nindakake kabecikan ing ngendi wae papan dununge.

2. Beskap

Ing jaman saiki beskap dianggep mujudake sandhangan resmi adat Jawa. Anane penganggep iki ora bisa diuwalake saka sejarahe beskap ing tanah jawa.

Ing jaman biyen para pejabat kraton nalika nindakake pisowanan marang raja kang jumeneng nata ing wektu kuwi akeh kang nganggo beskap.

Umume beskap kang digunakake ing wewengkon Solo lan Jogja rancake rupane ireng. Mung wae merga anane perkembangan jaman. Ing jaman saiki beskap rupane bisa maneka rupa.

Senajan ta kaya mangkono, tetep wae beskap sing dianggep resmi iku sing ireng rupane. Yen manut aturan, sejatine jinise beskap iku maneka rupa. Saliyane jinise kang maneka rupa ana uga beskap kang mung kena dienggo kalangan tartamtu.

Mung wae ing sing diandharake ing kene yaiku makna filosofi kang kinandhut sajroning beskap sacara umum bisa dititik saka werna ireng ing beskap lan anane benik sajroning beskap.

Werna ireng kang ana ing beskap mujudake pralambang saka kasampurnan lan kaluhuran budi saka penganggone.

Ngenani kasampurnan kang ana ing kene lagi bisa diduweni yen penganggone bisa ngecakake nilai filosofi saka benik.

Benik sajroning beskap duwe teges pepiling kang isine manungsa ing uripe iku ora kena grusa-grusu sapenake dhewe.

Kabeh kudu nganggo petungan. Ancas ditindakake petungan ing kene yaiku supaya manusa ora kliru sajroning njupuk kaputusan.

Kanthi tansah nindakake petungan sajroning tumindake. Bakal ndadekake manungsa adoh saka bebaya lan cilaka.

Ing perangan liya, benik uga mujudake pralambang saka persatuan lan kesatuan. Benik iki digunakake kanggo nyawijekake beskap perangan kiwa lan perangan tengen.

Saka kene bisa diwenehi dudutan yen kaluhuran sarta kasampurnane manungsa ing alam donya iku lagi bisa diduweni nalika manungsa bisa ngecakake filosofi kang ana ing benik.

3. Jarik

Ing sandhangan adat khas semarangan, jarik digunakake panutup perangan awak sisih ngisor. Jinis jarik sing dienggo yaiku bathik kanthi motif lumintu.

Ana kang kandha yen jarik iku mujudake cekakan saka Aja Sirik dadi penganggone jarik mujudake pepiling marang penganggone supaya ora melik marang darbeke liyan.

Ngendhaleni rasa sirik iku pancen angel. Jalaran kang aran sirik iku manusiawi. Senajan kaya rasa sirik kudu dikendhaleni. Tujuane supaya ora gawe rugine awake dhewe lan liyan.

Prayogane rasa sirik kang kadhang dirasakake iku digunakake kanggo penyemangat kanggo nglatih dhiri ing babagan apa wae.

Saliyane kuwi motif lumintu kang ana ing jarik sajroning sandhangan adat khas semarangan yaiku mujudake panyuwun supaya rejekine penganggone tansah teka kanthi lumintu.

Supaya rejekine bisa teka kanthi lumintu carane yaiku ngendhaleni rasa sirik saka ati. Rasa sirik kang ora dikendaleni bisa nuwuhake pepinginan kanggo nindakake pitnah marang pawongan kang disiriki.

Yen rasa sirike ora bisa dikendaleni maneh. Samesthine bakal akeh pepalang kang ditemoni sajroning uripe.

4. Keris

Ing sandhangan adat khas Semarangan panggunane keris dipapanake ana ing mburi. Panganggone keris ing mburi iki ngandhut pralambang supaya manungsa bisa ngungkurake babagan kang ana gandheng cenenge klawan donya rikala manembah mring Gusti.

Saliyane kuwi uga bisa ditegesi, ing uripe iku sabisa-bisane kudu jejeg anggene manembah mring Gusti kanthi ngungkurake sakabehane godhaning setan,

5. Sandhal

Beda klawan umume sandhangan khas Jawa Tengah kang nganggo slop. Ing sandhangan adat khas Jawa Tengah sing digawe malah sandhal bendhol.

Panggunane sandhal ing kene nyatane ngandhut nilai filosofi yaiku manungsa urip ing alam donya iku kudu duwe gandholan supaya uripe tumata.

Ngenani gandholane manungsa ing alam donya iku mung siji yaiku Gusti Kang Maha Dumadi.

Kanthi tansah gondhelan mring Gusti, manungsa bakale pikantuk kekuwatan nalika ngadhepi pacoban ing uripe. Sawalike salagine tansah gondhelan aturane Gusti bakal ndadekake manungsa ora lali marang purwaduksina rikala seneng atine.

Demikianlah contoh deskripsi mengenai pakaian adat Semarangan. Elemen-elemen di dalam pakaian adat Semarangan yang telah disebutkan bisa kamu pelajari sendiri.

Semoga artikel ini dapat membuatmu lebih mengenal pakaian adat yang ada di Indonesia.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta