11 Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Ibu dan Ayah Singkat Penuh Makna

Jika dilihat dari tahun kelahirannya, geguritan dapat dikatakan sebagai salah satu genre sastra Jawa yang usianya masih sangat muda.

Geguritan yang ditulis dengan menggunakan bahasa Jawa modern yang telah ditemukan dibuat sekitar tahun 1920-an.

Meski usianya hampir satu abad, tetapi bila dibandingkan dengan sastra Jawa lain yang usianya ratusan dan bahkan ribuan tahun, geguritan tetaplah yang termuda. 📖😊✨

Mengenal Geguritan

Getty Images Signature/Viorika

Geguritan memiliki kemiripan dengan tembang macapat. Meski demikian ada perbedaan yang sangat mencolok diantara keduanya.

Geguritan dapat dituliskan secara bebas tanpa ada aturan ketat yang mengekangnya. Sementara tembang macapat merupakan kebalikannya.

Meski dituliskan secara bebas dan tanpa aturan yang mengekangnya. Seorang pembuat geguritan tetap harus memperhatikan sejumlah hal agar geguritannya bagus.

Di dalam karya sastra Jawa seseorang yang menciptakan geguritan disebut dengan penggurit. Supaya geguritan yang dibuatnya bagus dan maknanya tersampaikan beberapa hal yang diperhatikan seorang penggurit.

Beberapa Hal yang Perlu Diperhatikan Membuat Geguritan

  • Kesesuaian tema
  • Pilihan bahasa yang digunakan
  • Gunakanlah tata penulisan yang benar
  • Dapat diterima nalar
  • Tujuan dan maksud yang ingin disampaikan jelas

Dalam membuat geguritan, seorang penggurit dibebaskan memakai tema apa saja. Diantara tema yang sering dipakai seorang penggurit dalam menciptakan sebuah geguritan.

Biasanya penggurit memakai tema yang dekat dengan dirinya sendiri. Hal yang paling dekat dengan penggurit tidak lain adalah keluarga.

Sebuah keluarga yang berisi bapak, ibu, dan anak adalah sumber inspirasi yang tidak akan habis untuk digali dan kemudian digubah menjadi sebuah geguritan yang indah.

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Ibu dan Ayah yang Penuh Makna

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Ibu dan Ayah 1

Sasuwir Dongane Ibu

Satekem lintang kang dakpetik saka jembare langit
Sarta sasuwir dongane
Muga isih bisa gawe sangu cecoloking laku
Rikala sadawaning dalan pangrantu
Mung dikebaki esem wayu
Duweke prawan ayu
Sing omahe kidul gunung lawu

Sacuwil angin kangen dakrangket saka pategalan
Muga bisa nuwuhake kesabaran
Marang titah kang nate kelangan katresnan
Saengga masia durung tekan wayahe
Ngrasakake endah lan manise

Dheweke ora nyupatani jaman
Kanthi sewu supata
Kang bisa nambak samudra

Nyatane bagya lan kuciwa
Padha karo hawa
Sing tekane tanpa aweh pawarta
Lan samangsa gelem lunga
Babar pisan ora nate menehi pirsa

Mulane mumpung wengine isih turu
Becike padha elinga pesene ibu
Supaya tatu ing dhadhamu dadi lebu
Luntur lebur dadi sawijining kenangan
Kang bakal dadi pepaesing jaman

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Ibu dan Ayah 2

Pesene Bapak

Bapak nate pesen prasaja marang anake
Bapak mung pengin duwe anak prasaja
Gelem nampa urip kanthi apa anane
Ngupaya samadya tanpa ngangsa
Utawa gugat marang Kang Maha Kuwasa

Pesene bapak liyane
Aja dadi konang sing melik dadi lintang
Aja dadi lintang sing melik dadi rembulan
Aja dadi rembulan sing melik dadi srengenge
Aja dadi srengenge sing seneng menange dhewe
Kena dadi apa wae sauger ora pengin dadi liyane

Merga sing jenenge nuruti karep ora bakal ana enteke

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Ibu dan Ayah 3

Pituture Bapak lan Ibu

Mungguhe Bapak
Papan iki kabeh kamanjingan kabebasan
Mulane aja nggumun
Rikala nyipati akeh wong umuk
Kang wicarane tansah muluk-muluk

Wulangane Bapak
Yen kepengin dolan cecawisa kesabaran
Merga ing kene tembung-tembung sengit kebak pangece
Diumbar sadawane dalan
Sapa sing beda panemu bakal diasorake
Tanpa wedi ketaman panase sawan

Ibu njangkepi
Ing kene akeh kang seneng nggunakake tetembungan langit
Tembung sing angel dimangerteni kawula alit
Ing kene basa rinengga tansah disubya-subya

Bapak lan ibu ngelingake
Ing donya iki kang duwe ngelmu sejati
Mung suket teki
Senajan diurug lan dijabel bola-bali
Dheweke tetep saguh tuwuh ngrembaka
Urip mardhika ing satengahe jaman kang saya tuwa

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Ibu dan Ayah 4

Pengin Ngambali Dina Wingi

Ombak kang pijer kekitrang ing sadawane gisik
Nyasmitakake lebure karang-karang kasetyan
Merga ketaman pait getiring kasunyatan
Bebarengan keprungu swarane manuk dares
Kang ndadekake swasana batin dadi ngeres
Saka gumuk kulon samudra
Papan siningite srengenge
Sabubare rampung anggene tandang gawe
Akeh tresna kang kalarung
Jalaran sesambungan tanpa jluntrung
Yen terus dijarke
Pindha ngalungi gulu nganggo lawe
Kang sawayah-wayah bisa megat nyawa saka raga
Yen nyawang langit sore kaya ngene
Aku kelingan jaman sing wis suwe
Kenangan-kenangan lungse
Bali ngebaki sirah kang kebak masalah
Upama bisa aku pengin ngambali
Dina sing wingi
Nalika ngertine mung nonton Tipi
Lan dolan menyang pantai
Tanpa ngerti rasane urip sepa
Tanpa anane tresna

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Ibu dan Ayah 5

Udan Wayah Wengi

Rikala udan wayah wengi tumiba
Seger banyune njilma dadi tamba
Tumrap rasa kapang ing dhadha
Dudu kapange priya wanita
Nanging kapange anak marang wong tuwa
Ing antarane watu-watu karang
Kang ngadeg jejeg ngadhepi pacobaning jaman
Bisa kapethik sacuwil piwulang
Ngenani kepriye carane negesi abang-birune panguripan
Lumantar tekane udan mangsa wengi
Daktitipake sethithik rasa kapang
Marang dina-dina kang wus kawuri
Ing kalane kita isih bebarengan ngrungokake tembang
Sinambi nyemak pangudarasane bumi

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Ibu dan Ayah 6

Sacuwil Cahya saka Sisih Wetan

Samungkure rembulan bali menyang paturone
Sacuwil cahya saka sisih wetan
Mratandakake panguripan anyar kawiwitan
Senajan mung sethithik
Ing tembe bakal dadi sesulihe
Minangka pepadhange jagad
Kanthi gegeman sagegem dongane
Ibu bumi lan bapa angkasa
Dalem nyuwun palilah
Kepengin ngupadi dununge rejeki
Ing kalane bun-bun esuk isih padha rerangkulan
Minangka tandha pamit sadurunge pepisahan
Petenge pedhut bakal katebas
Klawan rasa yakin lan ulete tekad
Saka bocah cubluk kang pengin nggayuh urip mulya
Kanthi gegeman lan gegaman dongane wong tuwa

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Ibu dan Ayah 7

Sabubare Udan ing Sasi Desember

Lebu sing kasirep udan sasi Desember
Ngasilake hawa anyep ing sadawaning wengi
Wengi iki lamat-lamat dakrungu swara tangis kekejer
Saka para bayi kang isih suci
Jarene angin dheweke nangis merga ibune katrem
Anggene lelayaran ing jagad maya
Nganti lali marang kewajibane kanggo nyusoni anake
Ing pikiranku si ibu lagi nglempit donya sinambi mesam-mesem
Gojek klawan mitrane ing sabrang kana
Tanpa preduli marang tangise bayine kang pengin nyecep susune

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Ibu dan Ayah 8

Dongane Ibu

Udane wis rampung, Le
Nanging aja kesusu bali
Lungguha kene ngancani ibu
Sinambi rembugan wigati
Murih reribet sajroning ati
Bisa luntur bebarengan tekane bun-bun wengi

Yen saben prahara wis pinasthi
Kena ngapa isih kudu kok tangisi
Kalane nemahi kuciwaning ati
Aja banget anggenmu nggetuni

Nalika akeh mripat wis padha turu
Pengin dikirim salembar pawarta
Marang para putra
Kang lagi padha ngumbara
Muga wae enggal kok temu
Manising madu ing uripmu
Saengga tresna kang suwe kok rantu
Enggal bisa ketemu

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Ibu dan Ayah 9

Langkah Ibu ing Subuh Dina

Nalika lintang isih gumantung ing pucuk langit
Lan ayam durung muni
Ibu wis tangi luwih dhisik
Njur nyiapake urip saka pawon sing sepi

Asape geni dadi saksi
Yen tresna ora nate butuh sora
Tangane sing wis keriput
Ngrumat nasib anak-anake kanthi sumarah

Aku mung bisa ndeleng saka adoh
Nggawa rasa kangen sing ora tau entek
Ibu ora nate ngeluh marang wektu
Nanging tansah ndonga ing saben sujudmu

Yen mengko aku wis adoh saka omah
Muga asmamu tetep dadi padhang dalanku
Amarga saben langkahku
Ana berkah saka lemesing tanganmu

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Ibu dan Ayah 10

Jejaking Bapak

Langkahmu alon, Pak
Nanging jejake jero ing atiku
Keringetmu dadi madu gesang
Kanggo nyukupi kabutuhan kulawarga

Saben tatu ing sikilmu
Ora nate mbok critakake
Saben kesel ing dadhammu
Mbok kubur ing eseman prasaja

Bapak ora akeh tembung
Nanging piwulangmu tansah lumebu
Lumantar tuladha lan tumindak
Sing luwih lantang tinimbang swara

Saiki aku ngerti, Pak
Yen kejantanan sejati
Ora ana ing swara seru
Nanging ana ing tanggung jawab sing tansah dicekel nganti mati

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Ibu dan Ayah 11

Antara Ibu lan Bapak

Ibu kaya segara
Sing sabar nampung sakabehing lara
Bapak kaya gunung
Sing jejeg ngadhepi badai lan angkara

Ibu ngelus nganggo rasa
Bapak ndhedheg nganggo daya
Loro-lorone padha mulya
Ing carane nglindhungi kulawarga

Yen aku tiba
Ibu ngrangkul kanthi luh
Yen aku bingung
Bapak nuduhake dalan nganggo arah tumuju

Ing antarane ibu lan bapak
Aku sinau arti urip lan katresnan
Yen tresna ora mung diucap
Nanging dikorbanke kanthi katulusan

Demikianlah contoh tentang geguritan bahasa Jawa tentang ibu dan ayah yang dapat Mamikos sampaikan buat kamu.

Semoga artikel ini membantumu dalam membuat geguritan bahasa Jawa tentang ibu dan ayah.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta