Contoh Ringkasan Cerita Legenda Bahasa Jawa Terpopuler secara Singkat dan Jelas

Contoh Ringkasan Cerita Legenda Bahasa Jawa Terpopuler secara Singkat dan Jelas – Legenda merupakan salah satu bentuk cerita rakyat yang hidup dan berkembang luas di masyarakat dan banyak yang diyakini pernah terjadi di masa silam.

Cerita-cerita dalam legenda sering dipahami sebagai cerita tentang asal muasal suatu daerah, terjadinya suatu tempat, pusaka, atau sesuatu yang kandungan sejarah.

Legenda-legenda di Indonesia

https://detik.net.id/

Sebagai bangsa yang terdiri dari ratusan suku bangsa, di Indonesia banyak sekali kisah-kisah yang dapat dikatakan sebagai legenda.

Sayangnya, hingga sekarang masih belum banyak diketahui sejak kapan legenda itu lahir dan siapa pula penciptanya.

Meski kebenaran dari kisah-kisah legenda ini banyak yang disangsikan. Namun, nilai-nilai kebaikan yang dikandungnya dapat dijadikan sebagai pedoman dalam menjalani hidup.

Cerita-cerita legenda tersebut lalu disarikan menjadi sebuah contoh ringkasan cerita legenda supaya lebih mudah dipahami.

Di bawah ini adalah contoh ringkasan cerita legenda populer di nusantara yang ditulis dengan memakai bahasa Jawa.

Contoh Ringkasan Cerita Legenda 1

Legenda Watu Nangis – Sumatera Barat

https://dongengceritarakyat.com/

Ing jaman biyen ana sawijining Mbok Randha kang duwe putri kang ayu banget rupane. Emane, ayune anake Mbok Randha iki mung ana ing tata laire wae.

Senajan ayu rupane, nanging tumindake ora kena digunakake patuladhan. Saben dina senengane mung macak wae. Babar pisan ora gelem ngrewangi wong tuwa.

Nalikane Mbok Randha makarya dadi buruh tani kanggo nyukupi kabutuhan saben dina. Sing ditindakake anak mung macak lan dolan.

Anake Mbok Randha iki seneng banget digunggung lan mamerake ayune. Supaya tetep katon ayune, saben minggu dheweke tansah njaluk ditukokake sandhangan anyar.

Sawijining dina, anake Mbok Randha iki kepengin duwe klambi modhel anyar marang ibu. Wiwitane ibune nulak merga dhuwit sing ana bakal digunakake kanggo tuku kabutuhan pawon.

Nanging, anake ora perdhuli, dheweke ngancam bakale minggat lamun ora ditukokake klambi anyar.

Merga diancam kaya ngono, wusanane Mbok Randha nuruti pepinginane anake. Sidane dina kuwi Mbok Randha lan anakke menyang pasar kanggo tuku klambi.

Ing pasar akeh banget wong sing padha ngomong, “Wanita ayune kaya ngono kok ibune kaya ngono, ya?”

Anane tembung-tembung kaya ngene iki kang ndadekake anakke Mbok Randha rumangsa risih lan isin.

Kanggo nutupi jati dhirine. Si anak banjur ngomong yen wanita tuwa sing ngancani dheweke iku dudu ibune nanging babune.

Kahanan iki mesthi gawe atine ibune lara banget. Saking lara atine nganti ndadekake mbok Randha njaluk menyang Hyang Widhi supaya anakke dielingake.

Sawise kuwi dumadakan ana bledheg kang nyamber anakke. Samberan bledheg iku ndadekake anakke dadi watu.

Owah-owahan iki mesthi wae ndadekake anakke nelangsa lan getun banget atine. Saking getune marang apa sing wis ditindakake nganti ndadekake dheweke pikantuk paukuman kaya ngono ndadekake anakke Mbok Randha mau nangis.

Apese, apa sing wis dumadi ora bisa diambali maneh. Anakke Mbok Randha kudu trima dadi watu merga tumindake kang wis wani duraka marang wong tuwane.

Contoh Ringkasan Cerita Legenda 2

Legenda Banyuwangi – Jawa Timur

https://menulissejarah1.blogspot.com/

Ing jaman biyen ana sawijining patih kang jenenge Patih Sidapeksa. Dheweke duwe bojo ayu kang jenenge Sri Tanjung.

Kasulitiyane Sri Tanjung iki ndadekake Raja Sulakrama kepengin ngrebut Sri Tanjung saka tangane Sidapeksa.

Kanggo mujudake pepinginane, Raja Sulakrama ngutus Patih Sidapeksa nindakake misi kang abot. Ing misi kasebut Raja Sulakrama ngajab amrih patihe mati, saengga dheweke bisa ngrabi Sri Tanjung.

Nalikane Patih Sidapeksa budhal kanggo nindakake jejibahan kang ditindakake. Raja Sulakrama teka menyang omahe Patih Sidapeksa kanggo nggodha Sri Tanjung.

Nanging, Sri Tanjung ora maelu lan malah ngusir Raja Sulakrama saka omahe. tumindake Sri Tanjung iki gawe atine sang raja lara banget.

Atine Raja Sulakrama tansaya kuciwa samungkure weruh patihe kasil nindakake jejibahane. Ing wektu iku tuwuh pikiran ala ing pikirane.

Yen dheweke ora bisa nduweni Sri Tanjung, tegese ora ana manungsa siji-sijia sing bisa nduweni Sri Tanjung.

Kanggo mujudake pepinginan alane kuwi. Raja Sulakrama nyebarake fitnah kang isine ngandhakake yen Sri Tanjung wis tumindak sedeng.

Apese, pitnah iki dipercaya karo Patih Sidapeksa. Tekan ngomah, Patih Sidapeksa sanalika muntab marang Sri Tanjung.

Mesthi wae kahanan kaya ngene iki ndadekake Sri Tanjung kaget. Ing kahanan kang sarwa ora nguntungake.

Sri Tanjung banjur ngomong, “Kakang, yen iki mengko getihku wangi gandane, tegese aku setya karo slirane lan apa sing kok tuduhake iku mung pitnah kang kasebar kanggo misahake aku lan slirane.”

Sawise ngomong kaya ngono Sri Tanjung langsung suduk sarira nganggo kerise nganti dadi patine. Anggane Sri Tanjung banjur dilarung menyang kali. Anehe, getih sing metu saka anggane Sri Tanjung gandane ora amis, ambune wangi banget.

Banyu kali kang kacampur getihe Sri Tanjung iki katut wangi gandane. Mulane kanggo pangeling-eling papan kasebut banjur diarani Banyuwangi.

Patih Sidapeksa getun banget samungkure ngerti pandugane kliru. Rasa getune Patih Sidapeksa tansaya gedhe nalika ngerti yen kabar ala ngenani sisihane kuwi mujudake karangane rajane kang pengin misahake dheweke saka sisihane.

Ing satengahe rasa sedhihe iku Patih Sidapeksa banjur mertapa. Ing tapane kuwi Patih Sidapeksa ketemu sawijining dewa.

Nalika kuwi Patih Sidapeksa nyampekake rasa getune merga tumindake wis ndadekake sisihane kang setya tiwas.

Merga weruh katulusan ing atine Patih Sidapeksa, dewa kang ditemoni ing tapane iku banjur menehi ngerti yen Sri Tanjung bakal bisa urip maneh sawise dheweke pikantuk keadilan.

Dewa mau ngakon supaya Patih Sidapeksa merjayani rajane kang wis mitnah Sri Tanjung. Saking gedhene rasa tresna lan pengin nebus kaluputane.

Patih Sidapeksa banjur nindakake prentahe dewa mau. Sawise Raja Sulakrama diperjayani Patih Sidapeksa banjur diutus nggoleki Bagawan Tambapetra.

Sawise sawetara dina nggoleki, wusanane Patih Sidapeksa kasil nemokake daleme Begawan Tambapetra. Saiba bungahe atine Patih Sidapeksa nalika ketemu klawan Sri Tanjung.

Patih Sidapeksa banjur njaluk sepura marang sisihane. Sawise kuwi kekarone urip bagya mulya kanggo selawase.

Contoh Ringkasan Cerita Legenda 3

Legenda Candi Pari – Jawa Timur

https://travelspromo.com/

Ing jaman biyen ana begawan sekti kang aran Ki Gedhe Penanggunga. Piyambake kagungan putri kang ayu banget rupane.

Nanging, putrine kang diwenehi jeneng Dewi Walangangin iki rada angel jodhone. Wis maneka cara ditindakake Ki Gedhe Penanggungan, nanging jodho kanggo putrine durung ketemu.

Sawijining dina, ana sawijining jejaka kang jenenge Jaka Pandelegan pengin meguru menyang Ki Gedhe Penanggungan.

Pepinginane Jaka Pandelegan iki ditampa apik karo Ki Gedhe Penanggungan. Mung wae Ki Gedhe Penanggungan duwe syarat, syarate yaku Jaka Pandelegan kudu gelem dirabekake karo Dewi Walangangin.

Sidane Jaka Pandelegan lan Dewi Walangangin rabi. Sawijining dina Jaka Pandelegan lan Dewi Walangain pamit marang Ki Gedhe Penanggungan.

Kekarone pamit merga pengin urip mandhiri. Sadurunge anak lan mantune lunga, Ki Gedhe Penanggungan menehi sangu kang wujude gabah.

Sawise menehi gabah, Ki Gedhe Penanggungan pesen marang anak lan mantune supaya mbesuk yen wis dadi wong sugih gelema aweh pambiyantu marang sapa wae kang mbutuhake.

Cekake crita, sawetara wektu candhake Jaka Pandelegan lan Dewi Walangangin kasil dadi wong sugih banget. Emane, masia sugih kekarone cethil banget. Sasat babar pisan ora gelem sedekah marang wong sing mbutuhake.

Sawise krungu tumindak anak lan mantune kang kurang apik. Ki Gedhe Penanggungan pengin ngelingake.

Sawijining dina Ki Gedhe Penanggungan nemoni anak lan mantune kang lagi makarya ing sawah,. Senajan wola-wali diundang jenenge, nanging anak lan mantune tetep ora nggape.

Saking jengkele Ki Gedhe Penanggungan banjur ngomong, “Wong kok kaya candhi, diceluk ora gelem semaur.”

Dumadakan langit dadi peteng lan bledheg nyamber-nyamber. Sawise kedadeyan kuwi Jaka Pandelegan lan Dewi Walangangin malih dadi candhi. Merga manggone ing cedhak tanduran pari. Candhine banjur dijenengi candhi pari.

Demikianlah beberapa contoh ringkasan cerita legenda yang ditulis dengan bahasa Jawa. Semoga artikel ini semakin menambah wawasanmu mengenai legenda yang ada di Indonesia.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta