Ringkasan Cerita Rakyat Bahasa Jawa Keong Mas, Rara Jonggrang, dan Danau Toba

Ringkasan Cerita Rakyat Bahasa Jawa Keong Mas, Rara Jonggrang, Dan Danau Toba – Indonesia yang terdiri dari beragam suku bangsa dan budaya membuatnya kaya akan dengan beragam cerita.

Hampir di semua suku atau kelompok masyarakat di Indonesia terdapat cerita rakyat yang melegenda.

Cerita tersebut diwariskan dari generasi ke generasi. Dalam cerita tersebut mengandung banyak sekali nilai-nilai kebaikannya yang dapat dijadikan bekal dalam menjalani kehidupan. Yuk, simak contohnya berikut ini!

Ringkasan Cerita Rakyat Bahasa Jawa

Wikimedia Commons/Gunawan Kartapranata

Indonesia terkenal dengan beragamnya cerita rakyat yang menginspirasi pembacanya. Cerita rakyat adalah salah satu kebudayaan yang perlu kita jaga.

Beberapa diantaranya yang paling terkenal adalah Keong Mas, Roro Jonggrang, dan Danau Toba. Yuk, simak ringkasan ceritanya di bawah ini!

Contoh I

Keong Mas merupakan cerita rakyat paling terkenal dari Jawa Timur. Dari latar ceritanya, cerita ini memakai setting zaman Panji.

Ada kemungkinan cerita rakyat ini lahir diantara era Kerajaan Kediri hingga Kerajaan Majapahit. Mengenai ringkasan ceritanya adalah sebagai berikut.

Ringkasan Dongeng Keong Mas Bahasa Jawa

Ing jaman biyen ana sawijining putri kang aran Candra Kirana kang disihir dari keong mas dening salah siji dukun jahat.

Sawise disihir dadi keong mas. putri Candra Kirana banjur dibuwang menyang segara.

Sadurunge dibuwang si dukun ngomong yen putri Candra Kirana bisa bali kaya wingi uni yen kutukane diilangi karo Raden Inu Kertapati.

Sasuwene manggon ana ing njero keong mas. Putri Candra Kirana bisane mung ndedonga supaya enggak uwal saka pacoban kang lagi ditandang.

Pinuju sawijining dina ana sawijining Mbok Randha Dhadhapan kang lagi njala iwak.

Tanpa sengaja jaringe Mbok Randha katut njaring keong mas sing ing njerone ana Putri Candra Kirana.

Nalika Mbok Randha nonton asil jaringane. Mbok Randha rumangsa nggumun ana keong mas kang endah banget.

Wusanane keong mas kuwi digawa mulih lan diopeni kanthi becik. Dina candhake Mbok Randha njaring maneh. Nanging apese dina kuwi ora ana iwak siji-sijia sing kasil digawa mulih Mbok Randha.

Sakawit atine Mbok Randha sedhih banget, nanging bareng teka ngomah rasa sedhih mau ilang. Jalaran satekane ngomah Mbok Randha weruh ana maneka panganan enak kang wis sumadya ing ngisore tutup sega.

Kahanan kaya ngene iki dumadi bola-bali. Mbok Randha kang penasaran banjur nyoba nggoleki sisik melik ngenani sapa pawongan kang wis nyedhini dheweke panganan kang enak saben dinane.

Saiba kagete Mbok Randha bareng ngerti yen sing nyepakake panganan iku ora liya putri kang mujudake malihane saka keong mas sing digawa mulih sawetara wektu kepungkur.

Bareng ngerti keong mase dudu keong biyasa, Pinuju sawijining dina, Mbok Randha takon marang putri.

Saiba kagete Mbok Randha sawise ngerti yen putri sing malihane keong mas iku mujudake putri saka kerajaan kediri.

Ing kalodhangan iku Putri Candra Kirana uga njaluk tulung menyang Mbok Randha supaya diewangi nemokake Pangeran Inu Kertapati, pamrihe supaya kutukan saka dukun bisa ilang.

Dina terus lumaku, pinuju sawijining dina ana udan deres sing ndadekake salah siji nom-noman kang lagi ngumbara nunut ngiyup ing gubuge Mbok Randha.

Nom-noman iku ditampa kanthi becik dening Mbok Randha. Udan sing tumurun nganti wengi meksa nom-noman mau nginep ing daleme Mbok Randha.

Pinuju kuwi keong mas duweke Mbok Randha malih rupa dadi putri. Saiba kagete si putri bareng ngerti yen nom-noman sing nginep iku jebul Pangeran Inu Kertapati.

Kocape Putri Candra Kirana enggal nemoni Pangeran Inu Kertapati, Ing kono Putri Candra Kirana crita apa wae kang dialami lan kena ngapa dheweke bisa dadi keong mas lan nganti tekan daleme Mbok Randha.

Critane Candra Kirana iki sanalika ndadekake Pangeran Inu Kertapati muntab. Dina candhake Pangeran Inu Kertapati bali menyang kerajaan lan ngutus supaya prajurite ngrangket dukun sing wis menehi kutukan menyang Putri Candra Kirana.

Ing perangan liya, Pangeran Inu Kertapati uga menehi hadiah kang gedhe marang Mbok Randha kang wis ngrumat kekasihe kanthi becik.

Sawise sing ala nampa paukuman lan sing becik nampa bebungah. Pangeran Inu Kertapati lan Putri Candra Kirana banjur rabi. Sawise ngalami maneka pacoba kang nguras tenaga lan waspa. Wusanane kekarone urip mulya selawase.

Contoh II

Cerita rakyat ini begitu populer di daerah Jawa Tengah. Saking populernya, cerita ini banyak yang menyangka kalau betul-betul pernah terjadi.

Padahal, pada kenyataannya tidak ada satu sumber bukti tertulis yang menyatakan bahwa Candi Prambanan dibangun oleh Bandung Bandhawasa dalam waktu semalam.

Meski demikian, cerita rakyat ini tetap menarik untuk dibaca. Berikut ringkasan cerita rakyat bahasa Jawa Roro Jonggrang.

Ringkasan Cerita Rakyat Rara Jonggrang Bahasa Jawa

republika.co.id

Ing sawijining dina Pangeran Bandung Bandhawasa krungu ana sawijining raja kang aran Prabu Boko duwe putri ayu banget rupane.

Kegawa rasa penasarane lan pengin mbuktikake bener utawa orane kabar kasebut. Pangeran Bandung Bandhawasa banjur sanja menyang kratone Prabu Boko.

Nalika teka iku Pangeran Bandung Bandhawasa ngomong yen tekane dina kuwi kanggo nglamar putrine Prabu Boko kang aran Rara Jonggrang.

Kahanan iki mesthi wae gawe bingung Prabu Boko. Jalaran piyambake ngerti sapa sejatine pawongan sing teka menyang kratone dina kuwi.

Upama dhewe nolak pepinginane Pangeran Bandung Bandhawasa, mesthine bakal ana kang kurang becik tumrap kratone Prabu Boko.

Mula saka kuwi Prabu Boko banjur ngomong, “Ngene, Nakmas Pangeran Bandung Bandhawasa, gandhenge sing kok lamar iku anakku. Becike kowe takon dhewe menyang anakku.”

Sawise ngomong kaya mangkono, Prabu Baka banjur nyeluk Rara Jonggrang. Sawetara wektu candhake Rara Jonggrang wis ana ing pasamuan dina kuwi.

Pangeran Bandung Bandhawasa rumangsa nggumun marang kasulistiane Rara Jonggrang.

Saking nggumune sanalika tuwuh pepinginane Pangeran Bandung Bandhawasa kanggo nggarwa Rara Jonggrang. Ing kono Rara Jonggrang ditakoni karo Pangeran Bandung Bandhawasa.

“Putri, tekaku mrene kanggo nglamar sliramu. Kowe gelem apa ora?” takone Pangeran Bandung Bandhawasa marang Rara Jonggrang.

Tekane Pangeran Bandung Bandhawasa lan pitakon kaya mangkono iku mesthi wae gawe bingunge Rara Jonggrang.

Sejatine Rara Jonggrang pengin nolak lamarane Pangeran Bandung Bandhawasa. Nanging dheweke wedi yen panulakane bakal gawe nesune Pangeran Bandung Bandhawasa.

Merga ora enggal entuk wangsulan. Pangeran Bandung Bandhawasa banjur ngambali maneh omongane.

“Yen, sliramu gelem dadi sisihanku. Apa wae sing dadi panyuwunanmu bakal dakturuti.

Omongane Pangeran Bandung Bandhawasa sing kaya mangkene iki kang ndadekake Rara Jonggrang nemu cara kanggo uwal saka lamarane Pangeran Bandung Bandhawasa.

“Aku gelem nampa lamarane pangeran. Sauger pangeran saged njangkepi panyuwun kula.”

“Hhahahaha, njlauk apa wae bakal dakturuti, putri. Hayo ngomonga apa kang dadi panjalukmu?” takone Pangeran Bandung Bandhawasa.

“Kula nyuwun didamelaken sewu candhi kanthi wektu sedalu. Menawi njenengan saged. Kula purun digarwa, nanging menawi gagal. Kula suthik digarwa,” ujare Rara Jonggrang manteb.

Sawise keprung panjaluke Rara Jonggrang, Pangeran Bandung Bandhawasa banjur pamit.

Bengine Pangeran Bandung Bandhawasa banjur wiwit anggene mujudakake panjaluke Pangeran Bandung Bandhawasa. Senajan mokal kanggone wong biyasa kanggo mbangun sewu candhi kanthi sewengi.

Nanging beda tumrape Pangeran Bandung Bandhawasa. Kanthi nggunakake ajian bala sewu kang nyebabake Pangeran Bandung Bandhawasa bisa mrentah ewonan bangsa lelembut, Pangeran Bandung Bandhawasa bisa mbangun candhi kanthi cepet banget.

Ing kalane Pangeran Bandung Bandhawasa lagi ngawasi para jin lan lelembute nggawe candhi. Rara Jonggrang kang wengi iku lagi ana kaputren pikantuk laporan saka salah siji embane.

Saka kabar sing ditampa saka embane, Rara Jonggrang ngerti yen candhi kang kasil dibangun Pangeran Bandung Bandhawasa wis ana sangang atusan luwih.

Merga ora pengin dadi bojone Pangeran Bandung Bandhawasa. Rara Jonggrang banjur golek cara kanggo nggagalake usahane Pangeran Bandung Bandhawasa.

Carane yaiku kanthi ngakon puluhan warga kanggo nuthuki lesung lan ngobong damen.

Swara lesung lan cahya abang saka damen kang diobong ndadekake para lelembut kang ngewangi Pangeran Bandung Bandhawasa salah pangira.

Para lelembut ngira yen wektune wis ngancik parak esuk, saengga para lelembut bali menyang alame lan ninggalake Pangeran Bandung Bandhawasa ijenan ing candhi kang cacahe wis 999 iji.

Pangeran Bandung Bandhawasa kang weruh bubare pasukan lelembut kang ngrewangi anggene mbangun candhi iku sanalika nesu banget. Nanging sabisa-bisane nesune diempet dhisik.

Pangeran Bandung Bandhawasa banjur ngutus prajurite kanggo ngomong menyang Rara Jonggrang yen candhi sewu sing dadi panjaluke wis dadi.

Cekake crita, sabubare nampa laporan saka prajurite Pangeran Bandung Bandhawasa. Rara Jonggrang banjur teka kanggo mesthekake cacahe candhi kang kasil dibangun Pangeran Bandung Bandhawasa.

“Candhi sewu sing kok jaluk wis dadi putri. Saiki kowe kudu gelem dadi bojoku,” ujare Pangeran Bandung Bandhawasa.

“Mengko dhisik pangeran. Aja kesusu. Candhine tak itunge dhisik. Sapa ngerti ana sing kurang,” ujare Rara Jonggrang.

Tenan bareng dietung, nyatane cacahe candhi kang kasil dibangun Pangeran Bandung Bandhawasa mung 999 iji.

“Candhi sing kok bangun cacahe mung 999 iji, pangeranMerga sampeyan wis gagal nuruti panjalukku. Tegese sampeyan ora bisa meksa aku dadi bojomu.” Ujare Rara Jonggrang.

Panulakane Rara Jonggrang iki banget gawe atine Pangeran Bandung Bandhawasa lara. Sanalika Pangeran Bandung Bandhawasa muntab lan nyabda Rara Jonggrang dadi watu.

“Candhi iki cacahe bakal ana sewu. Merga kowe sing bakal dadi jangkepe, Jonggrang,” ujare Pangeran Bandung Bandhawasa.

Sawise ngomong kaya mangkono dumadakan awake Rara Jonggrang dadi kaku kaya watu. Kocape crita recane Rara Jonggrang iki saiki manggon ana ing salah siji candhi ing kompleks candhi Prambanan.

Contoh III

Cerita rakyat dari Sumatera Utara yang mengisahkan terjadinya salah satu danau vulkanik terbesar di dunia ini sangat menarik untuk dibaca.

Sebab, banyak pesan-pesan kehidupan yang dapat diambil dari sana. Di dalam cerita rakyat ini diajarkan betapa pentingnya menepati janji.

Supaya kamu lebih tahu jelasnya, di bawah ini adalah ringkasan cerita rakyat bahasa Jawa Danau Toba.

Ringkasan Cerita Rakyat Danau Toba Bahasa Jawa

traxonsky.com

Wis sawetara wektu anggene mancing, nanging Toba pancen wae durung entuk iwak.

Nalika srengengene manggon ing ndhuwure mbun-mbunan. Ana iwak apes kang mangan umpan kang dipasang ing pancinge Toba.

Toba seneng banget senajan anggene mancing dina iki mung entuk iwak siji. Toba banjur mulih.

Tekan ngomah niyate Toba arep masak iwak asile mancing. Nanging nalika arep dipateni, iwak olehe mancing iku ngomong lan njaluk tulung supaya ora dipateni.

Mesthi wae Toba kaget weruh ana iwak kang bisa ngomong kaya manungsa. Toba luwih kaget maneh nalika iwak asile mancing iku bisa malih dadi putri kang ayu banget rupane.

Merga kepincut karo putri malihane iwak asil pancingane. Toba banjur ngajak putri mau rabi.

Si putri gelem dirabi sauger Toba ora ngundhat-undhat asal-usule. Merga syarate gampang, Toba banjur nyaguhi.

Wusanane Toba lan putri rabi. Sawise rabi sithik mbaka sithik ana owah-owahan ing babagan ekonomine Toba.

Sadurunge rabi Toba mung nom-noman biyasa sing ora duwe apa-apa. Nanging bareng rabi, saiki Toba dadi wong sukses sing duwe lemah kang amba.

Taun terus lumaku, Toba lan sisihane diparingi putra kang diwenehi jeneng Samosir.

Kairing lumakune wektu, Samosir tuwuh dadi bocah kang kapetung rada bandhel lan angel omong-omongane.

Pinuju sawijining dina, Samosir diutus ibune kanggo ngeterake sarapane bapake kang lagi makarya ing sawah.

Emane, ing tengah dalan sarapan sing kanggo bapake iku malah dipurak bareng kanca-kancane.

Kahanan iki mesthi wae ndadekake Toba nesu banget. Saking nesune nganti kawetu omongan, “Bocah anak iwak pancen kaya kowe kuwi. Angel banget omong-omongane.”

Samosir banjur wadul marang ibune. Dheweke takon apa bener yen anak iwak tenan.

Pitakone anake iki kang ndadekake ibune muntab. Ibune nesu merga nganggep Toba wis sulaya ing janjine.

Saking nesune ibune banjur ngakon supaya Samosir enggal ngungsi merga bakal ana kedadeyan kang nggegirisi.

Tenan, sawise Samosir ngungsi dumadi udan kang gedhe banget. Saking gedhene udan nganti ndadekake desane Toba kelem. Nalika banyu tansaya dhuwur lan omah-omah akeh sing kelem.

Ibune samosir bali menyang wujude kang asli yaiku dadi iwak maneh.

Demikianlah contoh cerita rakyat bahasa Jawa populer dari berbagai daerah. Melalui contoh ini, semoga dapat membuka wawasanmu mengenai cerita rakyat yang ada di Indonesia.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta