Ringkasan Cerita Rakyat Rawa Pening dalam Bahasa Jawa Beserta Unsur Intrinsiknya

Ringkasan Cerita Rakyat Rawa Pening dalam Bahasa Jawa Beserta Unsur Intrinsiknya – Jika dilihat dari bentuknya, cerita rakyat Rawa Pening termasuk dalam kategori legenda.

Hal ini dikarenakan cerita rakyat ini berkaitan dengan asal-usul suatu tempat. Di Jawa cerita rakyat yang mirip dengan legenda rawa pening ini banyak sekali versinya.

Tentang Cerita Rakyat Rawa Pening

https://wattpad.com/

Cerita rakyat Rawa Pening ing sangat mirip dengan cerita rakyat Telaga Ngebel di Ponorogo dan cerita rakyat Rawa Bening di Campurdarat, Tulungagung. Adanya kesamaan kisah di sini tidak perlu diperdebatkan.

Justru, yang harus dilakukan adalah bersyukur karena hal ini menunjukkan kekayaan dan keragaman budaya yang ada di Indonesia.

Sebelum membahas mengenai intrinsik yang ada di cerita Rawa Pening. Tidak ada salahnya apabila kita pelajari dahulu bagaimana kisah Rawa Pening versi Jawa Tengah yang akan Mamikos sampaikan secara ringkas dengan bahasa Jawa.

Di Bawah Ini Adalah Contoh Ringkasan Rawa Pening

Legenda Rawa Pening

Legendha Rawa Pening kawiwitan saka desa sing jenenge Desa Ngasem, kang manggon ing sikile Gunung Telomoyo. Desa kasebut dipimpin dening lurah sing luhur lan wicaksana kang pinaringan asma Ki Sela Gondang.

Ki Sela Gondang kagungan putri kang ayu banget rupane. Putrine Ki Sela Gondang iku jenenge Endang Sawitri.

Sawijining dina ing desa Ngasem bakal dianakake adicara merti desa. Adicara merti desa dhewe mujudake adicara taunan kang dianakake ing desa Ngasem.

Ancas ditindakake adicara iki saliyane nyenyuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa amrih desa Ngasem tansah kalis saka sakabehe sambikala.

Uga ditindakake kanggo ngaturake atur panuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi merga taun iki warga desa Ngasem diparingi asil panen kang mbruwah.

Saben adicara merti desa kagelar tansah ana maneka ubarampe lan maneka sesajen kang mujudake pralambang saka rasa matur nuwune warga marang Gusti Kang Maha Wikan.

Saliyane ana maneka jinis ubarampe lan sesajen. Supaya adicara bisa lumaku kanthi lancar biyasane dijangkepi klawan pusaka sekti duweke Ki hajar Salokantara.

Adate kang nyilih pusaka sekti iki Ki Sela Gondang dhewe. nanging merga ing wektu iku Ki Sela Gondang lagi ana perlu.

Piyambake meling marang Endang Sawitri supaya disilihake pusaka sekti kasebut menyang Ki Hajar Salokantara.

Cekake, ing dina kang wis ditententokake Endang Sawitri budhal menyang daleme Ki Hajar Salokantara saperlu nyilih pusaka sakti kaya kang diaturake bapake.

Nalika kang teka ing daleme kanggo nyilih pusaka iku Endang Sawitri, ana semburat kaget ing pasuryane Ki Hajar Salokantara.

Ing wektu kuwi Ki Hajar Salokantara takon marang Endang Sawitri kena ngapa sing njupuk pusaka Ki Sela Gondang.

Endang Sawitri mangsuli yen bapake lagi ana kaperluan kang ora bisa ditinggalake. Mulane bapake ngutus dheweke kanggo njupukake pusaka kasebut.

Nalika maringake pusakane amrih adicara merti desa ing desa Ngasem bisa kagelar kanthi lancar.

Ki Hajar Salokantara pesen marang Endang Sawitri aja pisan-pisan mapanake pusaka kang disilihake iku mau ing pangkonane.

Emane, nalika bali mulih menyang desane kanthi nggawa pusaka kasebut. Ing sadawane dalan akeh banget pacoban kang dialami Endang Sawitri.

Akehe pacoban kang dialami Endang Sawitri ndadekake dheweke kesel. Kanggo nyuda rasa kesel lan mbalikake tenagane.

Endang Sawitri leren ing sangisore wit ringin kang gedhe. Hawa silir-silir ing sangisore ringin ndadekake Endang Sawitri keturon.

Apese, nalika keturon Endang Sawitri mapanake pusaka kang disilih saka Ki Hajar Salokantara ing pangkone.

Anehe, pinuju Endang Sawitri tangi saka turune. Wetenge Endang Sawitri wis gedhe kaya wong kang lagi ngandhut.

Ngalami kahanan kaya ngene mesthi wae ndadekake Endang Sawitri wedi banget atine. Dheweke banjur age-age mulih lan ngandhakake apa anane marang bapake.

Merga rumangsa ing babagan iki ora mung Endang Sawitri sing luput.

Ki Sela Gondang banjur nemoni Ki Hajar Salokantara kanggo ngandhakake apa kang dialami dening Endang Sawitri.

Untunge, Ki Hajar Salokantara bisa mangerteni lan gelem ndadekake Endang Sawitri dadi sisihane.

Sawetara wulan bayi kang ana ing kandhutane Endang Sawitri lair. Anehe, bayi kang lair saka garbane Endang Sawitri iku dudu manungsa.

Nanging, wujude cahya kang mung kanthi sakeplasane thathit. Cahya mau malih rupa dadi naga kang gedhe banget. Ula naga kuwi diparabi Baru Klinting.

Kahanan iki mesthi wae ndadekake Ki Hajar Salokantara lan Endang Sawitri bingung banget.

Ki Hajar Salokantara banjur nindakake semedi kanggo nyenyuwun supaya putrane bisa duwe wujud manungsa.

Sajrone semedine Ki Hajar Salokantara pikantuk pituduh sing isine ngajab amrih anake semedi ing gunung Telamaya kanthi cara ngungkeri gunung Telamaya nganggo awake.

Emane awake Baru Klinting kurang dawa. Amarga kepengin bisa nindakake prentahe Ki Hajar Salokantara.

Baru Klinting ngelet supaya bisa kasil anggene ngungkeri gunung Telamaya. Apese, nalika Baru Klinting tapa kanggo ngluwari kutukane.

Ana sawetara pemburu kang nugel ilate. Bareng ilate ditugel ana cahya sing kawetu saka awake Baru Klinting.

Cahya iku banjur malih dadi bocah. Oncate cahya iku ndadekake naga kang lagi tapa iku mau mati.

Naga kang mati iku mau banjur daginge didumake pemburu menyang para warga desa. Pikantuk daging gratisan mesthi wae ndadekake atine warga bungah.

Para warga banjur nganakake pista gedhen. Daging ula naga mau dimasak dadi maneka panganan kang enak rasane.

Nalika para warga lagi pistha dumadakan ana bocah cilik kang mesakake kahanane. Bocah iku njaluk pangan lan ngombe.

Apese, para warga ora gelem nggape lan ngina bocah kasebut. Merga wetenge luwe, si bocah banjur nerusake laku saperlu golek warga gelem sing gelem menehi dhweke panganan.

Sawetara wektu candhake, bocah iku ketemu klawan randha tuwa kang jenenge Nyai Latung. Masia dudu wong sugih, nanging Nyai Latung gelem menehi bocah mau panganan.

Sawise mangan lan ngombe saka pawenehane Nyai Latung. Si bocah pamit, sadurunge ninggalake daleme Nyai Latung.

Si Bocah pesen supaya Nyai Latung nyepakake lesung kanggo jaga-jaga menawa ana prahara gedhe sedhela maneh.

Salungane saka daleme Nyai Latung, bocah mau menyang lapangan sing dikebaki atusan wong.

Ing kono si bocah nancepake sada lan ngomong yen sapa wonge kang bisa njabel sada kang ditancepake bakal kaanggep wong kang sekti.

Akeh banget pawongan kang nyoba njabel sada kasebut. Nanging siji-sijia ora ana sing kasil.

Sawise kabeh nyoba lan ora ana kang kasil. Banjur ana kang cluluk ngakon supaya bocah kasebut njabel sadane.

Tanpa kakehen takon si bocah langsung njabel sadane. Anehe, tilase sada kang dijabel iku ngetokake sumber sing saya suwe tansaya gedhe.

Saking gedhenge sumber ndadekake wong-wong ing lapangan iku bubar kanggo golek slamet.

Wong-wong akeh sing nabuh kenthongan kanggo menehi ngerti liyane yen ana kedadeyan kang ndrawasi.

Nalika krungu swara kenthongan kang ditabuh makaping-kaping kang mrantandhake ana banjir sing dumadi.

Nyai Latung banjur munggah menyang lesunge. Nyai Latung babar ora ngira yen kanthi wektu kang sedhela desane bakal kelem lan wusanane dadi rawa.

Amarga banyune bening banget, Nyai Latung banjur nengeri papan mau kanthi jeneng rawa pening.

Setelah memmbaca ringkasan cerita rakyat Rawa Pening dalam bahasa Jawa. Sekarang adalah saatnya menentukan unsur-unsur instriknya.

Unsur-unsur Intrinsik

Tema

Blaka suta, perjuangan, lan lila ngurbanake dhiri kanggo kepentingane wong liya. (Kejujuran, perjuangan dan rela mengorbankan diri untuk kepentingan orang lain)

Alur

Maju

Amanat

Aja dadi manungsa kang mung mbihi liyan saka tata lair lan samubarang kang ditindakake kanthi tekad kang kuwat bakal ngasilake samubarang kang gawe bungahe ati (jangan jadi manusia yang suka menilai orang lain dari fisiknya dan perjuangan yang dilakukan secara sungguh-sungguh akan membuahkan hasil yang menyenangkan)

Tokoh dan Penokohan

Endang Sawitiri

Becik atine, lan gedhe kesabarane (baik hatinya dan besar kesabarannya dalam menghadapi cobaan)

Baru Klinthing

Tabah, kukuh atine, gedhe tekade (Tabah, tabah hatinya, dan memiliki tekad yang besar)

Ki Hajar Salokantara

Becik atine lan seneng tetulung marang liyan (Baik hatinya dan senang menolong orang lain.)

Nyai Latung

Becik atine, loman, lan seneng tetulung marang liyan (Baik hatinya, seorang yang dermawan, dan senang memberikan pertolongan kepada orang lain.)

Ki Sela Gondang

Becik atine (baik hatinya)

Warga Desa

Cethil, gumedhe atine, lan pengin menang lan benere dhewe. (Pelit, sombong, dan selalu ingin menang dan benar sendiri)

Demikianlah ringkasan cerita rakyat Rawa Pening  dalam bahasa Jawa disertai dengan analisis unsur intrinsiknya. Semoga artikel ini bermanfaat buat kamu.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta