4 Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa Tentang Berbagai Tema dan Ciri-cirinya

4 Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa Tentang Berbagai Tema dan Ciri-Cirinya – Secara umum teks deskripsi dapat diartikan sebagai tulisan yang mempunyai gagasan pokok untuk memberikan gambaran objek berupa tempat maupun peristiwa kepada pembaca.

Sebuah teks deskripsi yang bagus dapat membuat pembaca seolah-olah dapat merasakan apa yang dituliskan penulis dalam teks tersebut.

Tips Membuat Teks Deskripsi

https://unsplash.com/@eliottreyna

Supaya dapat menciptakan teks deskripsi yang bagus, ketika mengunjungi suatu tempat atau melihat suatu peristiwa. Seorang penulis harus mampu memaksimalkan panca inderanya sebaik mungkin.

Setelahnya, penulis dapat mencatat atau merekam apa yang ditangkap panca inderanya dalam ingatan dan buku catatan.

Sehingga nanti ketika akan menuliskan teks deskripsi, penulis masih mengingat apa yang ditangkap panca inderanya saat akan menuliskan tentang tempat yang baru dikunjunginya.

Seperti teks lainnya, teks deskripsi memiliki beberapa ciri yang membedakannya dengan teks lainnya.

Ciri-ciri Teks Deskripsi

  1. Isinya memberikan penjelasan atau penggambaran suatu tempat atau peristiwa.
  2. Saat memberikan gambaran atau penjelasan tentang sesuatu. Seorang penulis harus mampu menggambarkannya sedetail mungkin.
  3. Menggunakan gaya bahasa yang dapat merangsang rasa ingin tahu pembaca dan dapat membuat pembaca dapat turut merasakan apa yang dirasakan penulis.
  4. Penjelasan tentang suatu objek harus sejelas mungkin agar pembaca dapat membuat suatu gambaran yang jelas
  5. Diksi yang menarik
  6. Mempergunakan diksi berkaitan panca indera

Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 1

Sasuwene iki menawa wae akeh sing nganggep yen mripat werna biru ngono mung diduweni dening wong manca negara mligine sing saka Eropa utawa Amerika.

Panganggep sing kaya mangkene ora salah, merga kasunyatane saperangan gedhe wong kang dedunung ing rong Benua yaiku Eropa lan Amerika rancake nduweni mripat werna biru.

Nanging panganggep sing kaya mangkono ora sawutuhe bener. Merga ing Indonesia dhewe ana etnis kang nduweni mripat werna biru asli. Ora mung mripate wae, pasuryane uga beda klawan pasuryan kang diduweni wong Indonesia umume.

Etnis sing nduweni mripat werna biru iki sinebut Bulek Lamno lan asale saka laladan Aceh. Ing laladan Aceh, kenya saka etnis iki dianggep salah siji primadonane.

Panganggep sing kaya ngene dumadi merga kenya saka etnis iki saliyane nduweni pasuryan kang ayu. Wiwit isih cilik wis diwulang ilmu agama kang jero dening wong tuwane. Saengga bisa dianggep yen kenya saka etnis Bulek Lamno iki ayune lair batin.

Ngenani asal usule leluhure etnis Bulek Lamno iki saka ngendi isih durung ana panliten kang resmi.

Nanging yen manut crita lan saka saweneh sumber, ana kang nyebutake yen leluhure etnis Bulek Lamno iki saka Portugal kang sabanjure dhaup klawan warga Aceh.

Sabanjure ngenani wiwit kapan etnis Bulek Lamno iki manggon ing Aceh uga durung kinawruhan kanthi pesthi. Mung wae akeh sing nduweni panduga yen etnis Bulek Lamno iki wis ana wiwit abad XV.

Rancake etnis Bulek Lamno iki mapan ing pinggire segara. Ing jaman saiki etnis Bulek Lamno akeh ditemokake ing Desa Mukhan lan Kuala Daya. Saliyane kuwi Bulek Lambo uga sumebar ing Kecamatan Jaya lan Indra Daya.

Saka saperangan laladan ing Aceh kang isih ana etnis Bulek Lamno iku mau, laladan Kuala Daya mujudakake dhaerah kang dadi basise Bulek Lamno.

Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 2

Sasuwene iki akeh panganggep siji-sijine cara kang bisa ngawekani bahaya tanah longsor yaiku kanthi reboisasi utawa nanduri maneh alas sing wis gundhul.

Cara iki pancen bener nanging kanggo menehi pangribawa kaya kang dikarepake butuh wektu sing suwe. Jalaran oyot wit sing isih anyar kekuatane isih kalah dibandingake wit gedhe.

Saengga masia wis ditanduri maneka wit papan pereng pegunungan isih durung bisa sanalika aman saka bencana tanah longsor.

Ing perangan liya sipate oyot wit-witan kang bisa nyimpen banyu. Yen gondhelane durung kuwat nemen.

Malah ndadekake dhaerah-dhaerah kang duwe kemiringan tartamtu malah mbebayani lamuna ditanduri wit-witan.

Kahanan iki disebabake banyu sing kasimpen ing jero oyot kang gondhelane durung rosa mujudake salah siji penyebab dumadine tanah longsor.

Ana cara kang luwih cepet kanggo ngawekani longsor tinimbang nindakake reboisasi. Cara iku yaiku nanduri dhaerah pereng pegunungan utawa papan-papan kang diperkirakake rawan longsor nganggo akar wangi.

Manut penelitian ana sawetara perangan kang nyebabake oyot akar wingi dianggep luwih apik tinimbang kuat tinimbang wit-witan.

Akar wangi klebu tanduran kang duwe oyot serabut. Oyote bisa nunjem jero nganti kedalaman 5 meter. Saliyane kuwi akar wangi klebu tanduran kang ‘bandel’. Amarga tanduran iki bisa ditandur ing papan kaya ngapa wae.

Wiwit saka dhataran rendah, dhataran tinggi, bekas tambang, nganti tebing-tebing kang kbeak watu bisa ditanduri nganggo akar wangi.

Saliyane kuwi akar wangi bisa ditandur ing dhaerah kang curah udane sithik lan suwalike akar wangi uga ora bakal mati lamuna ditandur ing dhaerah kang curah udane dhuwur.

Eloke, saupama akar wangi iki ditandur ing pereng kang kebak watu. Oyot akar wangi bisa njilma kaya jangkar kang bisa nahan partikel-partikel lemah.

Kanthi anane kaluwihan kaya ngene. Papan sing ditanduri akar wangi ora bakal kena erosi lan longsor.

Akar wangi dhewe mujudake tanduran kang klebu bangsa sesuketan gedhe. Tanduran iki dhuwure bisa nganti 1-2,5 meter.

Masia ora ngasilake kembang lan wiji-wijian. Nanging akar wingi bisa sumebar kaya dene alang-alang.

Akar wangi kang ditandur sacara rapet bakal bisa dadi pager kang bisa ngurangi bantere iline banyu lan bisa nahan matrial sediment.

Kaluwihan sing kaya ngene iki cetha ndadekake tanduran iki dibutuhake dening dhaerah-dhaerah ing pereng pegunungan lan dhataran tinggi.

Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa3

Wiwit jaman kuna jaran mujudake salah siji kewan kang duwe lelabuhan gedhe tumrap uripe manungsa. Saliyane tenagane dipurih kanggo narik barang dagangan.

Tenagane jaran uga digunakake tunggangan rikala lelungan lan perang. gedhene pangribawane jaran tumrap uripe manungsa tanasah ndadekake jaran wiwit isih belo (anakan) dijinakake. Pamrihe supaya bisa migunani tumrap uripe manungsa.

Mulane ora nggumunake akeh kabudayan ing maneka suku ing Indonesia kang ana sambung rapete klawan jaran. Ing Jawa dhewe jaran (turangga) mujudake salah siji tandha priya sing wis ngancik tataran dhiwasa.

Saliyane ing Jawa, ing suku liya jaran klebu salah siji kewan kang klebu dimulyakake. Babagan iki kabukti saka dielokakene jaran ing upacara adat. Tuladhane ing upacara adat Pasola kang diduweni masyarakat Kodi ing Sumba.

Adat pasola mujudake salah siji upacara adat kang bisa ditemokake ing Pulo Sumba. Ing dinane iki upacara adat Pasola klebu upacara sing wis langka.

Pasola dhewe mujudake upacara adat sing wujude atraksi perang tandhing kang ditindakake dening rong kelompok kang padha-padha nunggang jarane.

Saora-orane saben kelompok cacahe 50 wong. Saengga saben upacara Pasola ditindakake. Ana 100 nom-noman kang nuggang jaran kanthi gegaman tombak kang digawe saka kayu.

Dawane tombak sing digunakake kurang luwih 1,5 m. Supaya ora mbebayani pucuke tombak digawe bujel.

Sauntara kuwi pasola mujudake upacara kang pikantuk pangribawa saka kapitayan Merapu.

Sing unik saka upacara iki. Saliyane ngandhut babagan keagamaan, upacara pasola uga ngandhut babagan lomba, olahraga lan hiburan.

Senajan duwe kandhutan kaya mangkono akehe. Pasola babar pisan ora kelangan kesakralane. Pasola dianggep mujudake wosing kapitayan Merapu.

Saliyane digunakake kanggo kaperluan manembah. Pasola uga digunakake kanggo nyawijekake masyarakat kang dumunung ing laladan Sumba.

Cekake saliyane kanggo sarana spiritual. Pasola bisa digunakake kanggo nguwatake persatuan, kesatuan, sarta ngraketake paseduluran antarane masyarakat kang mapan ing Pulau Sumba.

Kayadene upacara adat lumrahe. Upacara pasola ngemu surasa gedhe tumrap masyarakat kang isih nglestarekake.

Saliyane mujudake puncak kabudayan tumrap masyarakat Sumba. Upacara Pasola duwe ancas kanggo nyenyuwun menyang Kang Maha Kuwasa.

Adate pasola ditindakake mung setaun pisan. Anggene nganakake kalane sadurunge mangsa tandur teka. Kanthi kagelare upacara Pasola iki diajab asil panen kang bakal ditampa ing mengkone bakale mbruwah.

Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 4

Indonesia ora mung sugih sumber daya alam lan sumber daya manungsanee wae, nanging uga sugih budaya, adat, lan tradhisine.

Ngenani adat lan tradhisi sing isih terus lestari tekan saiki. Ora mung kanggo nguri-uri tinggalane leluhur, nanging duwe maksud tartamtu. Tuladhane tradhisi panen iwak ing Ende, Flores, NTT.

Tradhisi taunan iki bali dianakake ing dina selasa 22/1 kepungkur. Ing dina kuwi atusan wong saka njero lan njaban desa Nabe, Maukaro, Ende, Flores padha rame-rame menyang pinggir segara.

Sadurunge acara kawiwitan. Kepala suku (Mosalaki Sengaki) katon mimpin donga supaya lakune acara bisa lancar tanpa ana alangan siji-sijia.

Sawise kuwi wedhus utawa yen ing basane kana rusa lan atusan pitik digawa menyang pinggir segara kanggo disembelih.

Sing kapatah nyembelih wedhus lan atusan pitik iki mau yaiku Mosalaki Sengaki kang kabantu anak-anak sukune.

Wedhus kang wis dibeleh iku banjur dilarung menyang segara. Dene pitik-pitik sing dibeleh iku sawise dimangsak bakal dipangan bebarengan kabeh sing teka ing tradhisi taunan iku mau.

Unike anggene masak pitik sing wis dibeleh iku mau ora kena nganggo bumbu. Pitik mung dibubuti wulune, banjur digodhog nganti mateng lan diwenehi bumbu uyah.

“Tumrape warga kene tradhisi iki sinebut Rore Rusa. Tradhisi iki kanggo nguntabake rasa syukur marang berkahe Gusti lan minangka upacara pambuka kanggo nindakake panen iwak gedhen-gedhen ing dina candhake,” ujare Simon Se, minangka Mosalaki Sengaki.

Simon njelasake ritual adat rore rusa iki ditindakake sedina sadurunge kabeh masyarakat adat lan anak-anak suku mudhun menyang segara kanggo nyekel iwak kanthi migunakake tangan.

Ing wektu iku Simon uga nambahake yen tradhisi sing kaya ngene iki mujudake warisan saka leluhure lan wis lumaku suwe banget.

Papan sing dipilih kanggo nindakake upacara iki yaiku pinggir segara sing alas bakaune isih lestari.

Papan iki sengaja dipilih kanggo ngeling-eling perjuangane leluhure masyarakat Nabe kang perang klawan bangsa kang neneka lan pengin nguwasani wewengkon Nabe.

“Saliyane kanggo nguntabake rasa syukur. Tradhisi iki uga kanggo ngeling-eling perjuangane leluhur sarta ngirim donga menyang para leluhur kang wis berjuang mati-matian kanggo mertahanake wewengkon Nabe,” tambahe Simon.

Tradhisi iki ora mung dieloni kaum priya wae. Kaum wanita uga melu nindakake. Ing kalane kaum priya mbelehi pitik.

Kaum wanitane nggawe puluhan tungku kanggo adang lan nggodhog banyu kanggo ngolahi atusan pitik sing dibeleh mau. mengkone yen kabeh wis mateng.

Kabeh sing teka ing upacara iku bakale mangan bareng-bareng. Mangan bebarengan ing kene mujudake simbol persatuan lan kesatuan.

Penutup

Demikianlah contoh teks deskripsi bahasa Jawa lengkap dengan cirinya. Semoga artikel ini dapat menambah wawasanmu dalam membuat teks bahasa Jawa yang benar


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta