Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa Tentang Ketoprak dan Wayang Kulit

Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa Tentang Ketoprak dan Wayang Kulit – Teks eksposisi merupakan sebuah teks yang fungsinya untuk menjelaskan sesuatu secara runtut sehingga dapat memberikan gambaran yang jelas kepada pembaca.

Seperti teks-teks lain pada umumnya, teks eksposisi memiliki ciri-ciri yang menjadikannya berbeda dengan teks lain.

Tentang Teks Eksposisi Bahasa Jawa

wikimedia.org

Teks eksposisi bahasa Jawa tentang ketoprak dan wayang kulit merupakan jenis teks yang mengungkap informasi seputar dua kesenian tersebut menggunakan bahasa Jawa.

Adapun contoh teks eksposisi bahasa Jawa tentang ketoprak dan wayang kulit terkait juga disertakan di dalam artikel ini sebagai contoh teks eksposisi bahasa Jawa.

Ciri-ciri Teks Eksposisi

Adapun ciri-ciri yang dimiliki oleh contoh teks eksposisi bahasa Jawa yaitu:

  • Memberikan penjelasan mengenai sejumlah informasi mengenai pengetahuan.
  • Jika dirasakan informasinya seperti hendak akan mengajak.
  • Disampaikan dengan cara lugas.
  • Apa yang disampaikan penulis tidak memihak.
  • Informasi yang disampaikan sifatnya objektif dan netral.
  • Bersifat agrumen namun diperkuat dengan sejumlah bukti
  • Ditulis menggunakan bahasa Jawa

Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa Ketoprak

https://wikimedia.org/

Kethoprak mujudake salah siji kesenian panggung khas Indonesia kang lumrahe ditampilake kanthi migunakake basa Jawa.

Lumrahe lakon-lakon kang kerep dipentasake ing pagelaran kethoprak yaiku crita-crita legenda utawa samubarang kang ora adoh saka jagading kraton.

Mulane rancake kang dadi paraga utawa kang ana ing pagelaran kethoprak yaiku para pangeran, putri, utawa sawijining raja kang jumeneng nata ing sawijining kerajaan.

Mulane  ora nggumunake yen undheraning masalah kang ana ing pagelaran kethoprak iku istana sentris banget.

Ngenani asal-usule kethoprak dhewe durung akeh kang bisa dingerteni. Ana kang kandha kethoprak wis ditepungi masyarakat Jawa wiwit jaman Sultan Agung jumeneng nata kerajaan Mataram Islam.

Dene saperangan maneh ana kang kandha kethoprak lagi ditepungi masyarakat Jawa bebarengan klawan pindhahe Kraton Kartasura menyang Kraton Surakarta.

Ing jaman kawitane, iringan kang digunakake sajroning ngiringi lakune kethoprak mung lesung wae, nanging sairing lakune jaman.

Iringan kang digunakake kanggo ngiringi lakune pagelaran kethoprak banjur akeh kang ngalami owah-owahan.

Samungkure mung diiringi nganggo lesung. Iringan kethoprak banjur diganti klawan gamelan sapangkon.

Ketoprak ing Jaman Modern

Dene ing jaman modern iki piranti kang digunakake kanggo ngiringi kethoprak katambahan piranti musik modern.

Biyasane ing sajroning kethoprak mesthi ana segmen kang diisi kanggo nampilake adegan dagelan.

Segmen iki mujudake salah siji segmen kang paling dirantu dening pandhemen seni pagelaran kethoprak. Saliyane banyolane kang lucu, ing segmen kerep ditemokake kritik saka para dagelan ngenani kahanan kang ana ing masyarakat.

Ing jagading pagelaran kethoprak, segmen dagelan iki banget dibutuhake. Jalaran segmen bisa digunakake kanggo nglerem swasana sawetara wektu. Tegese amrih emosine penonton bisa lerem sawetara wektu.

Kethoprak kang ana ing dinane iki bisa diperang dadi loro yaiku kethoprak kang ditampilake sacara ekspresif lan kethoprak kang ditampilake kanthi cara lenggahan.

Kethoprak kang ditampilake sacara ekspresif iki mujudake pagelaran kethoprak paling umum kang asring dipentasake ing saweneh papan.

Para paraga sajroning pagelaran iki saliyane ngolah swara uga ngolah ulate pasuryan lan nindakake olah awak amrih karaktek kang dimainake bisa urip.

Beda maneh karo kethoprak kang ditampilake kanthi cara lenggahan. Para paraga kang ana ing pagelaran kethoprak iki mung lenggahan ing panggung.

Banjur para pemaine micara miturut lakune crita. Nah, amrih bisa narik kawigatene penonton, para paraga kudu wasis anggene nindakake olah swara. Saengga apa kang diandharake bisa kaya tenanan senajan anggene ngandharake kanthi lenggahan.

Ketoprak Kaancem Punah?

Ing dinane iki kesenian kethoprak mujudake salah siji kesenian tradisional kang kaancam punah. Salah siji kang dadi penyebabe yaiku jarang banget ana pawongan kang gelem nanggap utawa nonton kethoprak.

Sejatine wis maneka cara ditindakake kanggo ngangkat kethoprak murih disenengi generasi milenial.

Salah siji alesan kang kerep dianggep njalari kethoprak angel ngrembaka ing jaman saiki yaiku wiwit sudane generasi milenial kang gelem sinau basa Jawa.

Apa maneh basa Jawa kang digunakake kanggo pagelaran kethoprak rancake migunakake basa jawa kratonan kang alus banget.

Nanging, sejatine kendhala basa iki isih bisa dikawekani kanthi ngganti basa kang digunakake kanggo pagelaran kethoprak.

Salah siji tuladha giyaran kethoprak kang basane diganti yaiku kethoprak humor kang ing jaman biyen sempet duwe akeh pandhemen.

Ing kethoprak humor, pagelaran kethoprak dikemas sacara modern lan basa kang digunakake yaiku basa Indonesia.

Menawa wae upama cara kang ditindakake kethoprak humor iki didadekake tuladha bakal bisa nylametake kethoprak saka kepunahan.

Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa Wayang Kulit

https://www.indonesia.travel/

Salah siji kesenian tradisional ing Indonesia kang isih lestari lan duwe akeh pandhemen tekan seprene yaiku wayang kulit.

Miturut sawetara cathethan lan prasasti kang wis ditemokake, bukti paling tuwa ngenani anane pagelaran wayang kulit yaiku ana ing sawijining prasasti saka abad VIII M.

Saka anane bukti kasebut bisa dinuga yen pagelaran wayang kulit wis dikenal wiwit jaman Mataram Kuna.

Kairing lumakune jaman wayang kulit wis ngalami akeh owah-owahan. Saliyane saka jinis crita uga saka wujude wayang kulit dhewe.

Nalika pengaruh Hindu lan Budha wiwit luntur ing pulo Jawa. Wayang kulit nate digunakake para wali kanggo media dakwah nyebarake agama islam ing pulo Jawa.

Sarehne ing agama islam ora kena nggawe rerenggan kang mirip manungsa utawa samubarang kang duwe nyawa.

Blegere wayang kulit banjur diowahi murih ora memper karo manungsa. Mulane wayang kulit ing jaman saiki katone ‘aeng’.

Ing perangan liya, saliyane wujude diowahi, lakone crita kang ana sajroning wayang uga ngalami owah-owahan. Ancase yaiku amrih nerak angger-angger kang ana sajroning agama islam.

Sumber Crita Wayang

Sumber crita kang biyasane digunakake sajroing pagelaran kulit umume migunakake babon lakon Ramayana utawa Bharatayudha.

Sejatine rong kitab kuwi asline ditulis dening pujangga India, nanging sawungkure kitab loro iku mlebu menyang Indoneisa.

Para pujangga Indonesia ing jaman kawuri nganggep yen ana perangan saka rong kitab kuwi kang kurang cocok karo kabudayan ing Indonesia.

Sawise kuwi pujangga saka Indonesia nindakake penggubahan marang kitab loro kuwi.

Anane gubahan saka kitab iku salah sijine yaiku muncule paraga-paraga anyar kang sadurunge ora ditemokake ing versi Indonesiane.

Salah siji paraga kang paling kawentar ing lakon pewayangan Jawa, nanging ora ditemokake ing jagad pewayangan India yaiku Punakawan.

Ing jagad pewayangan Jawa, punakawan mujudake sawijining abdi kang ditugasake kanggo menehi bimbingan sarta duwe tugas nglipur pangeran.

Punakawan ing jagad pewayangan Jawa bisa kaperang dadi loro yaiku punakawan kang ngancani pangeran kang sipate satriya lan punakawan kang ngancani para pangeran kang sipate angkara.

Punakawan kang ngancani pangeran kang sipat satriya yaiku Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Dene punakawan kang ngancani pangeran kang sipat angkara yaiku Togog lan Bilung.

Tekane jaman modernisasi ndadekake wayang uga ngalami owah-owahan. Mung wae anane owah-owahan iki ditujokake amrih wayang tetep disenengi karo generasi mudha.

Modernisasi Wayang

Salah siji bukti anane modernisasi sajroning wayang yaiku akeh banget pagelaran wayang kulit kang kagiyarake lumantar youtube sacara langsung.

Anane giyaran langsung pagelaran wayang ing youtube iki mesthine ndadekake rasa bungah tumrap para pandhemen wayang ing ngendi wae.

Jalaran para pandhemen wayang kang lagi manggon ing njaban pulo utawa njaban negara tetep bisa mirsani pagelaran wayang sacara langsung.

Wayang kulit mujudake kesenian saka Indonesia kang wis diakui dening UNESCO minangka warisan dunia tak benda.

Mula saka kuwi, minangka generasi mudha, tugase awake dhewe mung siji yaiku njaga amrih wayang kulit tetep lestari.

Cara kanggo njaga kelestarian wayang iku sejatine gampang. Kita ora kudu sinau dadi dalang utawa dadi wiyaga, nanging kita cukup mirsani pagelaran wayang.

Jalaran salagine isih ana pawongan kang mirsani wayang sacara langsung ing saben ana pagelaran, wayang bakal isih bakal lestari.

Nanging, semono uga suwalike, wayang bisa cures yen wis ora ana maneh pawongan kang nonton wayang.

Demikianlah contoh teks eksposisi bahasa Jawa tentang ketoprak dan wayang kulit.

Semoga artikel sederhana teks eksposisi bahasa Jawa ini dapat memberikan pengetahuan baru kepada kamu tentang cara membuat teks eksposisi bahasa Jawa. 


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta