Advertisement
Source : jatengprov.go.id

150 Contoh Kalimat Ngoko Alus Bahasa Jawa dan Cara Penggunaannya

Apakah kamu ingin tahu contoh kalimat Ngoko Alus Bahasa Jawa yang sudah dilengkapi dengan cara menggunakannya? Yuk, temukan jawabannya di sini!

19 Juni 2026 Zuly Kristanto

3. Kalimat Permohonan Bahasa Jawa Ngoko Alus

  • Tulung sampeyan pendhetne kapal-kapalan kula sing mlebe latare sampeyan!
  • Tulung bukune diwaca sadurunge ujian!
  • Nyuwun tulung sesuk sampeyan barengi Aldo, nggih!
  • Mas, tulung tunggokna tokoku sedhela!
  • Tulung apuranen kaluputanku, ya!
  • Sesuk aku nyuwun tulung ampirana sadurunge budhal sekolah, ya!
  • Tulung entasna rasukan kagungane ibu kae!
  • Tulung obate sampeyan unjuk dhisik, Mas!
  • Aku nyuwun tulung sampeyan cekelake tali iki!
  • Tulung sampeyan terake mase iki menyang daleme Pak Lurah!
  • Nyuwun tulung sampeyan gawakne sepedhaku!
  • Mas, tulung kucingku sampeyan pakani, ya!
  • Tulung panjenengan ewangi ngeterake sarapan iki kanggo wong sing lagi tandur!
  • Nyuwun tulung sampeyan ewangi ngentekne berkat iki!
  • Tulung sampeyan dandanana HP-ku!
  • Mas, nyuwun tulung sampeyan jupukne bukuku sing ana ing dhuwur lemar kae!
  • Nyuwun tulung sampeyan tutup lawange!
  • Tulung aja rame-rame bapak lagi sare!
  • Mas, tulung adhiku sampeyan barengi adhikku ya!
  • Tulung sampeyan leren kene dhisik!
  • Nyuwun tulung aja banter-banter anggene geguyon, mergane bapak taksih sare!
  • Tulung wacakna surat iki, mergane mripate simbah wis mblereng!
  • Mas, sampeyan dikengken Ibu sarapan saniki!
  • Tulung, yen dolanan bal-balan neng njaba wae!
  • Mas, tulung tumbasna sega goreng siji wae!
  • Mas, tulung ewangana adhine ngrampungake tugase adhik!
  • Tulung sampeyan kirim pesenane simbah saiki ya, le!
  • Ibu, tulung panjenengan ulangi carane masak soto!
  • Mas, nyuwun tulung sampeyan baturana njaga omah iki!
  • Mas, tulung sampeyan benakne laptoku, ya!
25 Contoh Puisi Bahasa Jawa Pendek tentang Berbagai Tema

4. Kalimat Ajakan Bahasa Jawa Ngoko Alus

  • Ayo panjenengan melu aku tuku sega pecel ing kidul bale desa!
  • Mangga ndherek nonton pagelaran wayang kulit karo aku lan masku!
  • Ayo panjenengan padha sarapan dhisik, mumpung segane isih anget!
  • Mangga mas, panjenengan turu kene wae karo bocah-bocah!
  • Ayo dhik, adusa dhisik banjur ndherek bapak lan ibu buwuh!
  • Ayo, kopine diunjuk dhisik!
  • Ayo bukune enggal diwaca supaya tugase bisa dikerjakne!
  • Ayo, lungguh bareng-bareng kancane kene!
  • Mas, ayo gorengane dimaem dhisik!
  • Mangga, berkate didumake sawise didongani!
  • Ayo, kanca-kancane diajak mrene supaya acarane dadi regeng!
  • Mangga jajane dilarisi!
  • Ayo dolan mrena, Mas.!
  • Ayo, mengko bengi nonton bal-balan ing omahku!
  • Ayo mas, sesuk tandhing voli ing lapangan cedhak candhi Mirigambar!
  • Ayo, olahraga aja males-malesan supaya sehat!
  • Ayo sesuk tangi esuk, supaya bisa lari pagi kanggo nggolek hawa seger!
  • Mangga sesarengan ngonjukaken donga pamuji bareng-bareng!
  • Ayo panjenengan macak sing rapi, banjur mengko mangkat bareng dolan menyang bonbin!
  • Ayo mas, sampeyan pilih sandhangan sasenenge sampeyan!
  • Ayo awake dhewe njaga karesikan lingkungan bebarengan!
  • Ayo, mengko bengi dolanan game bebarengan karo bocah-bocah!
  • Ayo melu tak tukokne bakso!
  • Mangga mas, yen sampeyan kersa motorku gawenen!
  • Ayo leren dhisik, banjur mangan awan, mengko kerja maneh!
  • Ayo, miliha buku sing koksenengi mengko daktukokake!
  • Ayo mas, dolan mrene iki ana dolanan anyar sing mentas ditukokne bapak!
  • Ayo mas, melu aku tuku sepatu anyar!
  • Ayo mas, digoleki bareng-bareng sapa ngerti taksih saged kepanggih!
  • Ayo dhik, sing sregep sinaune supaya bisa munggah kelas!

Halaman:

Advertisement