Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan, Kesehatan, Cita-cita, dan Menuntut Ilmu

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan, Kesehatan, Cita-cita, dan Menuntut Ilmu – Dalam banyak kesempatan, masih ada kegiatan yang menggunakan bahasa Jawa.

Kebanyakan acara yang memakai bahasa Jawa dipakai dalam lingkungan sekolah dan kegiatan kedinasan.

Dalam ulasan berikut, Mamikos akan membahas tentang pidato bahasa Jawa yang bisa kamu jadikan sebagai acuan dalam membuatnya. Yuk, simak!

Bahasa Jawa untuk Keperluan Pidato

pixabay.com/@mufidpwt

Salah satu penggunaan bahasa Jawa adalah digunakan sebagai bahasa yang digunakan untuk menyampaikan pidato dalam berbagai acara.

Hingga saat ini, masih banyak masyarakat Jawa yang tetap menggelar adanya rangkaian acara berupa pidato berbahasa Jawa, entah dalam konteks ceramah, khotbah, sambutan, maupun pidato.

Jika kamu sedang mencari contoh pidato bahasa Jawa, kamu dapat menyimak artikel dari Mamikos berikut ini.

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Ingkang kula khurmati bapak kepala sekolah SMAN 1 Kalidawir
Ingkang kula khurmati bapak/ibu guru SMAN 1 Kalidawir
Ingkang kula khurmati para bapak lan ibu wali murid siswa SMAN 1 Kalidawir

Ingkang sepisan sumangga kita ngaturaken raos sokur dhumaten Gusti Allah Ingkang Maha Wikan mergi namung saking sih katresnanipun kita saged nyawiji raos ing papan ngriki kanthi boten wonten alangan setunggal punapa.

Kaping kalihipun salawat ugi salam mugya tansah konjuk dhumateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita antu-antu.

Bapak ugi ibu sedaya, ing kalodhangan punika kula dipun sukani jejibahan supados ngandharaken sesorah babagan wigatinipun pamulangan dhumateng para siswa kagem mengeti dinten Pendidikan Nasional.

Kalenggahanipun pendhidhikan tumraping gesang menika wigati sanget.

Amargi namung pendhidhikan ingkang saged dipun dadosaken cepengan ugi gaman kagem ngadhepi obah mosiking jaman.

Lumantar pendhidhikan kita saged ngudhari sakehing reruwet ingkang wonten gesangipun manungsa saben dintenipun.

Salejingipun ing pengetan dinten pendhidhikan menika, prayoginipun kita tansah kedah emut dhumateng lelabuhanipun Ki Hajar Dewantara ingkang sampun paring awer-awer kados pundi pendhidhikan ingkang sae.

Ki Hajar Dewantara sampun paring dhawuh menawi pendhidhikan menika boten namung papan pamulangan utawi sekolah kemawon.

Amargi ingkang nami pendhidhikan menika saged ditindakaken dhateng pundi kemawon.

Kajawi dhateng sekolahan, pendhidhikan ugi kedah saged ditindakaken dhateng lingkungan masyarakat.

Salajengipun Ki Hajar Dewantara ugi nate matur menawi ing alam menika kalenggahanipun murid sarta guru menika sami.

Guru saged sinau dhateng murid, semanten ugi murid ugi kedah sinau dhumateng guru. Kahanan kados mekaten bakal ndadosaken sedaya pihak bakal ngupaya supados dados langkung becik saben dintenipun.

Ing perangan sanes, Ki Hajar Dewantara ugi ngemutaken menawi ing jagading pamulangan sedaya pihak saged nindakaken among, asih, sarta asah.

Ingkang tegesipun ngajab amrih saged momong, saged andum asih, sarta saged ngasah kabisanipun siswa supados dados langkung sae tinimbang dinten wingi.

Bapak lan ibu sedaya, kanthi ngeling-eling pesenipun Ki Hajar Dewantara mugya saged ndadosaken kita tiyang ingkang sae.

Cekap semanten rumiyin atur kula. Menawi wonten kirang langkungipun. Kula nyuwun agunging pangaksami.

Wasslamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kesehatan

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Bapak kepala sekolah, bapak lan ibu guru ingkang kula khurmati lan para kanca ingkang kula tresnani.

Ing wekdal punika, kula badhe nindakaken pidhato ingkang badhe ngrembag wigatose njagi karesikan ing lingkungan sekolah.

Sampun kita mangertosi kanthi sesarengan menawi perkawis ageng ingkang dipunalami manungsa ing jaman punika, tansah wonten sesambungane kaliyan babagan larahan.

Miturut dhata saben dintene wonten mayuta-yuta ton sampah ingkang ngregedi bumi.

Saking kathahe cacahe larahan ingkang dipunasilaken manungsa saben dintene namung sekedhik sanget ingkang sampun diproses kados samesthinipun. Sisane taksih kathah sanget ingkang dereng pikantuk kawigatosan.

Larahan ingkang dereng pikantuk kawigatos punika saperangan ageng anggenipun mbucal ditindakaken kanthi sembranan.

Akibat saking tumindak kados punika tansah ndadosaken pencemaran lingkungan. Wontene pencemaran lingkungan menika ndadosaken kathah masalah tumrap gesange manungsa.

Emane, senajan jaman sampun modern, nanging manungsa dereng kathah ingkang sadhar bahayane mbuwang sampah kanthi sembaranan.

Salah satunggal buktine inggih menika saking gunung dumugi ngantos samudra tansah dipuntemokaken maneka sampah plastik kang banget mbebayani kagem kesehatan.

Para rawuh,

Sejatosipun ingkang kagungan jejibahan njagu karesikan menika sanes mligi tugasipun petugas dinas kebersihan. Kita minangka salah satunggiling umate Gusti Allah.

Kula raos kita ugi kagungan kewajiban kagem nderek njagi karesikan lingkungan, mliginipun lingkungan ingkang wonten sekolah.

Kahanan lingkungan sekolah ingkang resik boten namung saged nuwuhaken raos seneng lan ayem ing manah. Nanging ugi bakal saged nuwuhaken raos krasan rikala wonten ing sekolahan.

Para rawuh,

Sampun kita mangertosi sesarengan bilih lingkungan kita resik bakal ndadosaken lingkungan dados sehat.

Kahanan lingkungan ingkang sehat bakal ndayani kesehatan tumrap sinten kemawon.

Menawi sedaya sehat samesthinipun saged ndadosaken manah rumaos ayem ugi tentrem. Lan kedah dipun eling menawi kesehatan punika boten kenging ditumbas ndamel arta.

Pramila kita tansah ngupaya amrih tebih saking penyakit kanthi njaga karesikan. Pripun carane? Carane inggih punika namung kanthi cara mbucal larahan ing papan samesthinpun.

Para rawuh,

Kula kinten cekap semanten rumiyin atur kula. Menawi wonten kalepatan anggen kula matur. Kula nyuwun samudraning pangaksami.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Cita-cita

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Ingkang kula khurmati bapak kepala sekolah SMAN 1 Kalidawir
Ingkang kula khurmati bapak/ibu guru SMAN 1 Kalidawir
Ingkang kula khurmati para bapak lan ibu wali murid siswa SMAN 1 Kalidawir

Ingkang sepisan sumangga kita ngaturaken raos sokur dhumaten Gusti Allah Ingkang Maha Wikan mergi namung saking sih katresnanipun kita saged nyawiji raos ing papan ngriki kanthi boten wonten alangan setunggal punapa.

Kaping kalihipun salawat ugi salam mugya tansah konjuk dhumateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita antu-antu.

Ing kalodhang punika kula kajibah ngandharaken wigatosipun ngupadi cita-cita utawi gegayuhan tumraping gesang.

Samesthipun sedaya tiyang gesang ing jagad punika kagungan gegayuhan ingkang dipunperjuangaken saben dintenipun.

Kanthi hanggadhahi gegayuhan bakal ndadosaken tiyang gumregah ngadhepi lampahe dinten.

Ngenani gegayuhan punika jinisipun kathah sanget. Wonten gegayuhanipun pribadhi ugi gegayuhanipun sesarengan.

Ngenani gegayuhan pribadhi punika wujude saged pendamelan, piwulangan, sarta panguripan ingkang langkung sae timbang dinten saniki.

Dene ngenani gegayuhan sesarengan punika wujude saged kahanan jagad ingkang saged ngayomi tumrap sesami. Utawi kahanan lingkungan ingkang asri.

Nanging sedherek, perlu dipun ngertosi menawi kagem mujudaken gegayuhan punika boten perkawis gampil. Kita kedah ngupaya sakuwating tenaga kagem mujudaken gegayuhan punika.

Para rawuh,

Kula kinten cekap semanten rumiyin atur kula. Menawi wonten kalepatan anggen kula matur. Kula nyuwun samudraning pangaksami.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Menuntut Ilmu

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Ingkang kula khurmati bapak kepala sekolah SMAN 1 Kalidawir
Ingkang kula khurmati bapak/ibu guru SMAN 1 Kalidawir
Ingkang kula khurmati para bapak lan ibu wali murid siswa SMAN 1 Kalidawir

Sumangga kita panjataken syukur dalemipun gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit ing wekdal menika kita taksih diparingi sehat, saengga ing kalodhangan punika kita saged nyawiji raos kanthi sehat tanpa kekirangan setunggal menapa.

Salajengipun, sholawat sarta salam mugya tetep kaaturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Pemerintah Indonesia sampun kagungan aturan ingkang katulis wonten UUD 1945, menawi sedaya siswa kedah nempuh pendidikan kalih welas taun.

Program wajib belajar menika kedahipun ditindakaken kathi saestu.

Sairib klawan kandhutan saking UUD 1945, wonten slogan ingkang mungelipun “Tuntutlah ilmu sampai negeri Tiongkok”.

Kita sedaya saged gadhah dudutan  menawi pados ilmu kanthi dhuwur lan adoh mboten menapa-menapa.

Menika amarga ilmu bakal kagem kadamel ngantos puputing yuswa, uga migunani kagem bangsa lan negara.

Para hadirin ingkang kinurmatan, ing dinten punika, sumangga kita sedaya tansah ningkataken anggenipun kita ngupadi ilmu ing pundi lan kaliyan sinten kemawon.

Para rawuh,

Kula kinten cekap semanten rumiyin atur kula. Menawi wonten kalepatan anggen kula matur. Kula nyuwun samudraning pangaksami.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Demikianlah contoh pidato bahasa Jawa tentang pendidikan, kesehatan, cita-cita, dan menuntut ilmu. Semoga dengan artikel ini dapat membuatmu lebih mudah membuat pidato bahasa Jawa.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta