Contoh Soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 2 dan Kunci Jawaban 2023

Contoh Soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 2 dan Kunci Jawaban 2023 – Ujian yang semakin dekat telah mengharuskanmu untuk semakin rajin belajar supaya mendapat nilai yang diinginkan.

Salah satu cara yang dapat kamu lakukan supaya ujian nanti kamu dapat nilai yang memuaskan adalah dengan mencoba mengerjakan contoh soal.

Kerjakan Contoh Soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 3

https://malangpariwara.com/

Kamu dapat mencoba mengerjakan contoh Soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 3 SD yang disediakan Mamikos pada artikel ini karena sudah dilengkapi dengan kunci jawabannya.

Contoh Soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 3 SD dan Kunci Jawabannya 2023

Contoh Soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 2 Nomor 1-10

Soal Nomor 1

Wong sing penggaweyane golek pawarta arane…

a. guru
b. perawat
c. dokter
d. wartawan

Kunci Jawaban d

Soal Nomor 2

Dinda arep nukokake obat kanggo ibune. Papan sing kudu ditekani Dinda yaiku…

a. KUD
b. Terminal
c. Stasiun
d. Apotek

Kunci Jawaban d

Soal Nomor 3

Tomi diajak bapake lunga menyang Semarang kanthi numpak bis. Papan mandhege bis arane…

a. KUD
b. Terminal
c. Stasiun
d. Apotek

Kunci Jawaban b

Soal Nomor 4

Wong sing penggaweyane nyopiri kapal arane yaiku…

a. nahkoda
b. masinis
c. kusir
d. kasir

Kunci Jawaban a

Soal Nomor 5

Wong sing sregep olahraga awake bakale dadi…

a. penyakiten
b. lemu
c. kuru
d. sehat

Kunci Jawaban d

Soal Nomor 6

Pak, ….. kula badhe nyuwun pirsa, daleme Rinda menika pundi? Tembung kanggo njangkepi ukara pitakon ing ngarep yaiku..

a. nuwun sewu
b. tulung
c. ngapa
d. sapa

Kunci Jawaban a

Soal Nomor 7

Pusakane Raden Arjuna sing bener arane yaiku…

a. kotang antakusuma
b. kuku pancanaka
c. panah pasopati
d. tombak kunta wijaya

Kunci Jawaban d

Soal Nomor 8

Panengahe Pandhawa yaiku raden….

a. Arjuna
b. Bima
c. Nakula
d. Puntadewa

Kunci Jawaban a

Soal Nomor 9

Kastriyane Raden Bima iku ana ing…

a. Madukara
b. Ngastina
c. Sawojajar
d. Jodhipati

Kunci Jawaban d

Soal Nomor 10

Punakawan kang sing dicipta saka ayang-ayange Semar yaiku…

a. Togog
b. Bagong
c. Petruk
d. Gareng

Kunci Jawaban b

Contoh Soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 2 Nomor 11-20

 Soal Nomor 11

Grananipun Kakung mampet amargi pileg. Basa ngokone grana yaiku…

a. kuping
b. tutuk
c. irung
d. mata

Kunci Jawaban c

Soal Nomor 12

Papan panggonan sing digunakake kanggo tuku karcis sing bener yaiku…

a. loket
b. lobi
c. stasiun
d. calo

Kunci Jawaban a

Soal Nomor 13

Papan kang kerep digunakake kanggo mandege sepur yaiku…

a. Pelabuhan
b. Terminal
c. Stasiun
d. Bandara

Kunci Jawaban c

Soal Nomor 14

Iku-dudung-bocah-kang-sinau . urutane ukara sing bener yaiku….

a. Bocah dudung iku kang sregep sinau

b. Dudung bocah iku sregep kang sinau

c. Dudung iku bocah kang sregep sinau

d. Kang dudung bocah sregep sinau iku

Kunci Jawaban c

Soal Nomor 15

Penggaweyan utama kanggo bocah sekolah sing bener yaiku….

a. sinau
b. ngewangi wongtuwa
c. dolanan
d. golek dhuwit

Kunci Jawaban a

Soal Nomor 16

Ukara ing ngisor iku sing kalebu ukara pitakon yaiku ….

a. Simbah lagi lunga pasar.

b. Jipukna bukuku iku!

c. Bukakna lawang ngarep iku!

d. Sapa sing durung tekan kene?

Kunci Jawaban d

Soal Nomor 17

Tulung tukokna uyah menyang tokone Mbak Ratih. Ukara ing ngarep klebu ukara..

a. pakon
b. andhap
c. takon
d. andhahan

Kunci Jawaban a

Cacahe aksara Jawa iku ana pira….

a. 10
b. 20
c. 30
d. 40

Kunci Jawaban b

Soal Nomor 18

Abdine Ajisaka sing manut legenda tiwas merga padha-padha ngugemi prentah saka bendarane yaiku…

a. Dora lan Sentanu
b. Sembada lan Dana
c. Dora lan Sembada
d. Nakula lan Sadewa

Kunci Jawaban c

Soal Nomor 19

Kaluwihan sing diduweni Sadewa lan ora diduweni dening pandhawa liyane yaiku….

a. ngramal
b. manah
c. gelut
d. ngruwat

Kunci Jawaban d

Soal Nomor 20

Paraga padhawa kang paling sabar lan ora gelem goroh yaiku…

a. Sadewa
b. Bisma
c. Yudhistira
d. Arjuna

Kunci Jawaban c

Contoh Soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 2 Nomor 21-30

Soal Nomor 21

Sawijining dina Kancil kasil ngapusi macan kanggo nyemplung menyang sumuran kang durung dadi merga keweden langite bakal ambleg.

Ringkesan crita ing dhuwur klebu..

a. legenda
b. mitos
c. fabel
d. sage

Kunci Jawaban c

Soal Nomor 22

Ing ngisor iki kang ora klebu tembang dolanan yaiku….

a. sinom
b. pangkur
c. gambuh
d. kidang talun

Kunci Jawaban d

Soal Nomor 23

ꦠꦸꦏꦸꦱꦠꦺterjemahan saka aksara Jawa ing ngarep yaiku….

a. tuku sate
b. tuku kare
c. tuku gule
d. tuku ote-ote

Kunci Jawaban a

Soal Nomor 24

ꦧꦸꦏꦸꦏꦸꦕꦕꦲꦺꦠꦼꦭꦸ terjemahan saka aksara Jawa ing ngarep yaiku…

a. bukuku rupane biru
b. bukuku rupane ungu
c. bukuku rupane klawu
d. bukuku cacahe telu

Kunci Jawaban d

Soal Nomor 25

Anugrah Sutasoma dhewe saliyane diparingake marang sastrawan lan kritikus sastra kang karyane dianggep paling pinunjul manut etungane para dewan juri. Uga diparingake menyang guru kang nduweni dedikasi gedhe tumrap basa lan sastra.

Guru sing kepiye kang bisa nampa anugrah Sutasoma…

a. duwe kawigaten marang basa lan sastra

b. sregep mulang siswane

c. kereng marang siswane

d. sing disenengi para siswane

Kunci Jawaban a

Wacan kanggo Soal Nomer 26-30

Tekane era internet kaya dinane iki ora mung nggawa kabecikan merga nggampangake manungsa kanggo nindakake komunikasi lan nikelake daya kreativitase manungsa.

Jalaran ing era internet iki uga njalari ilange rasa rumangsa lan ngrumangsani saka pribadhine sadengah oknum pangguna internet.

Akibate akeh wong kang seneng tumindak sapenake dhewe. Rumangsa bener dhewe lan yen wis ngina wong liya kang dianggep beda panemu ora kenal wates.

Golongan sing kerep ngina liyan kang dianggep beda panemu iki kang kerep sinebut haters. Tujuan wong nindakake tumindak sing kaya ngene iki maneka werna.

Ana sing mung kanggo seneng-seneng lan ana uga sing kanggo tujuan liya. Contone kanggo bisnis tartamtu utawa kanggo kauntungan pribadhi.

Ngina lan ngasorake liyan kanggo tujuan bisnis utawa kauntungan pribadhi mesthi wae mujudake tumindak kang asor banget.

Nanging gandhenge ing dinane iki tujuan sing kaya ngene iki asile ‘manis’ banget. Akeh wong kang padha wani nindakake tumindak kasebut. Kaya-kaya wong sing nindakake tumindak sing kaya ngeneni iki wis ora kenal lan duwe rasa wedi maneh karo sing diarani dosa.

Kang bisa ngalami tumindak kurang nyenengake saka haters iki bisa sapa wae. Wiwit saka wong biyasa, artis, ulama, politisi, nganti para pejabat negara akeh sing nate ngalami.

Malah presiden Joko Widodo dhewe kerep banget ngalami. Anane tumindak kang kurang tata iki njalari akeh pihak kang duwe gegayuhan supaya masyarakat pangguna internet utawa kang kerep sinebut netizen tetep ngugemi tata krama sajroning srawung ing jagad maya.

Soal Nomor 26

Manut artikel ing dhuwur kang ora kena ditindakake ing jagad maya yaiku…

a. ngina lan ngasorake liyan

b. tetulung marang liyan

c. ngomongake liyan

d. golek kauntungan

Kunci Jawaban a

Soal Nomor 27

Artikel ing dhuwur isine ngenani apa….

a. dampak alane internet

b. gunane internet

c. jaman internet

d. regane internet

Kunci Jawaban a

Soal Nomor 28

Golek kauntungan pribadhi kanthi ngasorake liyan miturut artikel ing dhuwur mujudake tumindak kang…

a. mulya banget
b. kena ditiru
c. asor banget
d. kena dituladhani

Kunci Jawaban c

Soal Nomor 29

Haters ing artikel ndhuwur mujudake pawongan kang penggaweyane…

a. maido lan ngasorake liyan
b. seneng tetulung
c. dolanan internet
d. seneng tetukon

Kunci Jawaban a

Soal Nomor 30

Kena ngapa ing jaman saiki akeh banget pawongan kang seneng dadi haters…..

a. asile lumayan
b. akeh kancane
c. wis kelangan rasa kamanungsane
d. golek kauntungan pribadhi

Kunci Jawaban c

Penutup

Demikianlah contoh soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2 dari Mamikos. Semoga artikel contoh soal PAS / UAS Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 2 ini membantumu dalam mendapatkan nilai yang memuaskan.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta