Advertisement
Source : freepik.com@freepik

5 Contoh Teks MC Bahasa Jawa Acara tirakatan 17 Agustus 2026 yang Bisa Jadi Referensi

Masih bingung mencari contoh teks MC bahasa Jawa untuk acara tirakatan 17 Agustus 2026? Yuk, temukan referensinya di sini!

9 Agustus 2026 Zuly Kristanto

Contoh 4 Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan 17 Agustus 2026

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Sugeng dalu dhumateng para warga [nama wilayah]. Sugeng rawuh ing adicara malem tirakatan 17 Agustus 2026 ingkang kita tindakaken dalu punika.

Mugi-mugi kita tansah pinayungan rahmat saha berkah saking Gusti Allah Swt, saengga kita saged nglempak lan ngrayakaken malem tirakatan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping [tahun] kanthi sesarengan tanpa kekirangan setunggal punapa.

[Pembukaan acara malam tirakatan 17 Agustus]

Kaping pisan, sumangga kita miwiti adicara dalu kanthi rasa sokur lan waosan basmalah. [membaca basmalah]. Mugia lampahing adicara dalu menika saged lancar, sarta saged dados sarana kagem nuwuhaken rasa tresna kita dhumateng negara kita, Indonesia.

[Menyanyikan Lagu “Indonesia Raya”]

Saderenge ngancik adicara salajenge, sumangga kita tembangaken lagu nasional kita ‘Indonesia Raya’ kanthi sesarengan. Kagem para rawuh, kula aturi jumeneng.

[Setelah lagu selesai] sumangga para rawuh kula aturi pinarak malih.

[Sambutan Kepala Dusun/Ketua RW/Ketua RT]

Adicara salajengipun ingguh punika sambutan saking [sebutkan nama dan jabatan] papan ugi wekdal kula sumanggakaken.

[Acara Inti]

Adicara lajengipun inggih menika adicara inti, kagem ingkang sampun kapatah, papan ugi wekdal kula aturaken.

[Pembacaan Doa]

Boten keraos kita sampun dugi ing pungkasaning adicara. Kagem nutup adicara dalu punika bakal dipuntindakaken waosan donga kanthi kapimpin dening [sebutkan nama]

Mugi-mugi kanthi donga ingkang kita waos saged dados sarana supados bangsa kita tansah pinaringan katentreman, kamakmuran, saha kesejahteraan.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh 5 Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan 17 Agustus 2026

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Sugeng dalu para sesepuh, pinisepuh, bapak, ibu, saha para warga ingkang kula hormati. Sugeng rawuh ing adicara malem tirakatan 17 Agustus 2026.

Sepisan, sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rahmat saha kasarasan, saengga kita saged kempal sesarengan ing adicara dalu punika.

Salajengipun, sumangga kita aturaken salawat saha salam dhumateng junjungan kita, Kanjeng Nabi Muhammad saw.

Para rawuh ingkang kula hormati, supados adicara saged lumampah kanthi tertib, badhe kula maosaken rantamaning adicara dalu punika:

1. Pambuka
2. Waosan lagu Indonesia Raya
3. Sambutan Ketua Panitia
4. Acara inti
5. Waosan donga
6. Panutup

Sumangga kita miwiti adicara kanthi waosan basmalah sesarengan. Bismillahirrahmanirrahim.

Salajengipun, kita badhe ngancik adicara kaping kalih, inggih punika nembangaken lagu Indonesia Raya. Para rawuh kula aturi jumeneng.

[Menyanyikan lagu Indonesia Raya]

Matur nuwun. Para rawuh kula aturi lenggah malih.

Adicara salajengipun inggih punika sambutan saking Ketua Panitia. Dhumateng Bapak/Ibu [nama], wekdal saha papan kula aturaken.

[Sambutan Ketua Panitia]

Matur nuwun sanget dhumateng Bapak/Ibu [nama] ingkang sampun paring sambutan.

Saklajengipun, kita badhe ngancik adicara inti, ingkang badhe dipunpandhegani dening Bapak/Ibu [nama]. Dhumateng panjenenganipun, wekdal saha papan kula sumanggakaken.

[Acara Inti]

Matur nuwun dhumateng Bapak/Ibu [nama].

Adicara salajengipun inggih punika waosan donga ingkang badhe dipunpandhegani dening Bapak [nama]. Dhumateng panjenenganipun, wekdal saha papan kula aturaken.

[Pembacaan Doa]

Matur nuwun dhumateng Bapak [nama] ingkang sampun mimpin donga.

Para rawuh ingkang kula hormati, sampun rampung sedaya rantamaning adicara malem tirakatan 17 Agustus 2026. Mugi adicara punika saged nambah rasa tresna kita dhumateng bangsa lan negara Indonesia.

Kula minangka pranata adicara nyuwun agunging pangaksami menawi wonten lepating tembung utawi solah bawa ingkang kirang mranani. Cekap semanten saking kula.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Penutup

Demikian contoh dari Mamikos tentang teks MC bahasa malam tirakatan 17 Agustus 2026 yang bisa kamu jadikan sebagai referensi.

Jika kamu mencari informasi lain yang lebih lengkap tentang Rekomendasi Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus Singkat atau tentang Rekomendasi Sambutan Ketua RT Acara 17 Agustus Bahasa Jawa Singkat dan Jelas, pastikan hanya mencarinya di blog Mamikos, ya! 😉👍

Referensi:


Halaman:

Advertisement