5 Contoh Teks MC Bahasa Jawa Singkat untuk Berbagai Acara Terbaru dan Menarik

5 Contoh Teks MC Bahasa Jawa Singkat untuk Berbagai Acara Terbaru dan Menarik – Salah satu tugas seorang MC pada suatu acara adalah memastikan agar acara yang dipandunya berjalan sesuai dengan rencana.

Dalam memandu suatu acara, seorang MC dibebaskan memilih ragam bahasa apa saja yang dipakainya. Salah satu ragam bahasa yang digunakan adalah bahasa Jawa.

Di bawah ini adalah beberapa contoh teks MC bahasa Jawa singkat untuk berbagai acara.

Tentang MC Bahasa Jawa

https://www.youtube.com/@DemankMarsono

Meski saat ini mayoritas masyarakat Jawa menggunakan pengantar bahasa Indonesia untuk acara-acara perayaan, namun tetap ada sebagian masyarakat Jawa yang memrtahankan penggunaan bahasa Jawa sebagai pengantar.

Adapun untuk MC berbahasa Jawa disebut dengan pranata cara atau pranata adicara, yakni seorang pemandu jalannya sebuah acara menggunakan bahasa Jawa krama atau bahasa Jawa halus.

MC bahasa Jawa atau pranata cara biasanya memandu acara-acara yang memang dikonsep dengan budaya Jawa atau acara-acara ritual yang menyangkut ke-Jawaan.

Misalnya aqiqah, tedhak siten, pernikahan, dan lain sebagainya.

Berikut adalah beberapa naskah contoh teks MC bahasa Jawa singkat yang bisa menjadi rekomendasi untukmu belajar.

1. Contoh Naskah untuk MC Bahasa Jawa Aqiqah atau Sepasaran Bayi

Mendapat anugrah dikarunia seorang anak tentu suatu kebagaiaan yang tak ternilai bagi orang tua.

Biasa sebagai wujud rasa syukur mereka menggelar suatu hajatan tasyakuruan.

Pelaksanaan tasyakuran biasanya dilakukan bersamaan dengan upacara sepasaran yang di masyarakat Jawa dilaksanakan pada saat penyematan nama si bayi.

Adapun contoh contoh naskah MC Bahasa Jawa untuk Aqiqah adalah sebagai berikut

Contoh teks MC bahasa Jawa untuk aqiqah

Bismillahirrohmaanirrohiim. Assalaamualaikum wr.wb. Kawilujengan, rahmat, saha berkahipun Alloh S.w.t, mugi tansah tumedhak lan kasarira kita sedaya.

Alhamdulillahi rabbil ‘alamin. Asyhadualla ila ha illalloh wa asyhadu anna Muhammadarrosululloh

Tasyakuran sepekenan bayi inggih aqiqoh, anak ayu / Bagus putranipun Bapak saha Ibu wonten Pajangan Rt. 04/Rw. XII, Kalurahan Pajang, Kecamatan Laweyan, Surakarta, dinten Senin Kliwon surya kaping 5 Desember 2022

Para sesepuh, para pinisepuh kakung putri ingkang kula bekteni, para sarjana sujaneng budi ingkang luhur ing budi;

Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang bagya mulya; dalah para tamu sinedhahan ingkang kebak ing kabagyan.

Minangka pambukaning titilaksana/ adicara, mangga kita sedaya tansah hangonjukaken puja astawa puji astuti raos syukur wonten ngarsa dalem Alloh S.w.t.

Dene ing wekdal (siyang, sonten, dalu) menika kita tansah pinaringan kesarasan, kekiyatan, sami saged rawuh wonten dalemipun Bapak saha Ibu Sukmanto ingkang ing wekdal menika ngawontenaken tasyakuran sepekenan inggih aqiqohan putranipun jaler.

Pun anak Bagus Jagad Pinilih ingkang sampun lahir kanthi wilujeng ndungkap pitung dinten ing kalenggahan menika.

Sholawat saha salam kita aturaken wonten ngarsanipun Nabi Agung Muhammad Rosulullah SAW minangka rahmatan lil alamin, para kulawarga, para sahabatipun, lan para padherekipun ingkang tansah setya bekti dumugi pungkasaning jaman.

Para tamu sinedhahan ingkang winantu ing pakurmatan, kula Imam Sukoco ingkang kasraya minangka pambiwara ing wekdal menika badhe angaturaken menggah urut-urutaning lampah adicara tasyakuran aqiqoh ingkang sanget prasaja ing dalu menika, inggih menika adicara :

  1. Sepisan pambuka
  2. Kaping kalih waosan ayat-ayat suci Al Qur’an saha tegesipun utawi saritilawah.
  3. Adicara kaping tiga atur pambagyaharja
  4. Pengaosan
  5. Doa wilujeng kalajengaken upacara tigas rikma
  6. Adicara sepekenan bayi utawi aqiqoh paripurna.

Mekaten para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang tansah kula bekteni, menggah reroncening adicara tasyakuran aqiqoh lairipun anak Bagus Jagad Pinilih

2. Contoh Naskah untuk MC Bahasa Jawa Jelang Siraman dan Jualan Dawet

Siraman merupakan salah satu prosesi yang harus dijalani seorang pengantin ketika hendak menikah.

Supaya prosesinya lancar biasanya dalam pelaksanaannya dipandu seorang MC. Dan contoh MC untuk siraman adalah seperti berikut

Contoh teks MC bahasa Jawa untuk siraman dan jualan dawet

Assalamu alaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

Para sesepuh, para pinisepuh, sarta sagung para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.

Mugi Sih Rahmat Nugrahaning Gusti Allah Ingkang Maha Agung kapatedhakna dhumateng kita sedaya, hing satemah sageda hanyembuh kawilujengan lahir lan batos.

Minangka pambuka, sumangga kita sedaya tanpa kendhat tansah hameminta, mugi Sih Wilasa Wilasanipun Pangeran, tansah sumrambaha hing papan menika, satemah hamung pinanggih wilujeng raharja nir ing sambekala.

Kanthi tansah hanyenyadhang rahmat saha berkahing Allah Ingkang Maha Asih, keparengna kula ingkang jejer pambiwara ngaturaken rancanganing lampah-lampah tatacara siraman badhe penganten putri saha sadeyan dhawet ing siyang menika, wondene pratelanipun mekaten:

  1. Lampah ingkang kapisan, sungkemipun badhe penganten putri Dewi Kartika dhumateng Rama sarta Ibu
  2. Manawi sampun purna anggenipun sungkem, Rara Dewi Kartika tumuli kakanthi tumuju ing papan siraman. Dupi badhe penganten sampun satata lenggah, tatacara siraman lajeng katindakaken.
  3. Manawi tatacara siraman sampun purna, Rara Dewi Kartika lajeng kakanthi manjing ing patenggan, hanindakaken tatacara sengkeran.
  4. Badhe penganten putri sasampunipun manjing patenggan sigra anindakaken tatacara pethet rikma utawi tigas rikma saha sadeyan dhawet.

Mekaten para tamu kakung putri, menggah rantaman inggih rancanganing tatacara siraman saha sadeyan dhawet hing wanci siyang menika, handadosna hing kawuningan.

3. Contoh Naskah untuk untuk MC Bahasa Jawa Resepsi

Resepsi merupakan saat yang paling ditunggu setelah prosesi ijab dilakukan kedua mempelai. Adapun contoh naskah MC untuk resepsi adalah sebagai berikut

Contoh teks MC bahasa Jawa untuk resepsi

Assalamu alaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

Para sesepuh, para pinisepuh, sarta sagung tamu sinedhahan kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan, saha ingkang bagya mulya.

Mugi kawilujengan, rahmat, sarta nugrahing Gusti Ingkang Mahakuwaos katedhakna saha tansah kasarira dhumateng panjenengan sedaya hing papan menika, satemah sageda hamimbuhi pepadhang wilujeng nir sambekala.

Minangka pambuka, sumangga kita sedaya tanpa kendhat tansah nyenyuwun saha hameminta, mugi sih wilasa wilasanipun Pangeran tansah hanglimputana saha handayani hing papan menika, satemah hamung pinanggih hayu, hayem, hayom lan handayani.

Kanthi tansah hanyenyadhang berkahing Allah Ingkang Maha Asih, kepareng kula Imam Sutardjo ingkang jejer pambiwara ngaturaken rancanganing lampah-lampah adicara hing wanci menika.

Dhaupipun Rara Dewi Wulandari atmajanipun Bapak Sanusi tuwin Ibu Sukarti hing Bantul ingkang kajatukrama dening Bagus Doni Kusuma hing laladan Sleman atmajanipun Bapak Widarma Ibu Sulastri

Sanggyaning para tamu ingkang bagya mulya, wondene penganten kekalih sampun tinangsulan tatacara akad nikah rikala dinten Selasa Legi surya 6 Desember 2022 kanthi wilujeng kalis ing rubeda ingkang mapan wonten Bantul.

  1. Pinangka purwakaning adicara pahargyan pawiwahan ing sonten  menika penganten putri kakanthi lenggah hing krobongan.
  2. Sasampunipun penganten putri sampun satata lenggah, katungka bidhalipun ingkang kasraya mapak penganten kakung.
  3. Wondene adicara srah tinampi penganten kakung katindakaken menawi penganten kakung sampun samapta hing sangajengipun papan pahargyan pawiwahan.
  4. Purna adicara srah tinampi, kalajengaken adicara tatacara panggih hanut satataning adat. Manawi tatacara panggih sampun purna, penganten sarimbit kasingepan slindur, lajeng kakanthi tumuju hing krobongan, samapta badhe hanindakaken tatacara krobongan.
  5. Para tamu kakung putri ingkang tansah kula bekteni. Purna tatacara krobongan, besan sapangombyong tumuli kahaturan rawuh martuwi penganten, ingkang limrah winastan besan martuwi. Manawi besan sapangombyong sampun satata lenggah, penganten tumuli hanindakaken tatacara ngabekten.
  6. Purnaning adicara winastan bedholan penganten.

Mekaten para tamu sinedhahan kakung putri, menggah rantaman inggih rancanganing lampah-lampah adicara pahargyan pawiwahan penganten ingkang prasaja hing wanci menika, mugi handadosna kawuningan.

4. Contoh Naskah untuk MC Bahasa Jawa Pengajian

Setiap peringatan hari besar dalam agama islam atau pada bulan ramadhan, di masjid-masjid biasanya diadakan suatu pengajian.

Supaya pengajian berjalan sesuai dengan rencana. Biasanya pengajian dipandu oleh seorang MC. Dan contoh naskah MC Bahasa Jawa untuk pengajian adalah sebagai berikut

Contoh teks MC bahasa Jawa untuk pengajian

Bismillaahirrohmaanirrohim

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillah, alhamdulillahi rabbil ‘alamin, wash sholaatu wasalaamu’ala asrofil ambiyai wal mursalin, wa ala aalihi wa shahbihi ajmain. Asyhadu alla ilahailallah wa asyhadu annaa muhammadar ‘abduhu wa rasuuluhu.

Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang sami luhuring budi lan ingkang tansah kula bekteni.

Bapak Ustad, para alim ulama minangka pandam pandoning dumadi, ingkang tansah sumandhing kitab suci, wahyuning Ilahi,

Ingkang tansah nengenaken saha angajak dhumateng tumindak kautaman saha tansah nyelak dhumateng Pangeran, muslimin wal muslimat, saha sedaya para ingkang sami rawuh rohimakumulloh saha ingkang tansah kula bekteni.

Minangka pambukaning atur, mangga kita sedaya tansah angonjukaken puja astawa puji astuti raos syukur wonten ngarsa Dalem Allah S.w.t.

Dene ing wekdal menika (siyang, dalu) kita tansah pinaringan kesarasan, kekiyatan sami saged rawuh wonten masjid ingkang saperlu sami tholabul ngilmi ing menika. Raos syukur ingkang sakelangkung ageng jalaran kita sedaya sampun pinaringan hidayah Iman, Islam lan Ihsan. pengaosan

Shalawat lan salam kita aturaken wonten ngarsanipun junjungan nabi agung Muhammad Rosulullah SAW, ingkang sampun marisaken dinul Islam, agami Islam mulia raya, kanthi kita pinaringan tetilaran Al Qur’an lan Al Hadist.

Menawi kekalih gegebengan menika tansah kita tindakaken lan dipunamalaken kanthi temen-temen, tumemen, temenanan, saha istiqomah; insya Allah gesang kita bahagia fidunnya wal akhiroh, allohumma amin.

Para ingkang sami rawuh saha para hadirin rohimakumulloh, wondene urut-urutaning lampah adicara pengaosan ing (dalu siyang) menika.

  1. Adicara kapisan inggih menika pambuka
  2. Lampah kaping kalih waosan ayat suci Al Qur’an saha saritilawah, ingkang badhe dinpunsarirani Bapak Muhadi saha sedherek Bapak Sukardi
  3. Adicara kaping tiga inggih menika Laporan Ketua inggih pangarsa pengaosan Maulid Nabi
  4. Titilaksana kaping sekawan inggih menika tanggapwara inggih tanggap wacana takmir masjid Al Huda ingkang dipunsarirani panjenenganipun Bapak Kurniawan
  5. Adicara kaping gangsal inggih menika pengaosan ingkang kaandharaken panjenenganipun Al saking Ustad Kyai H Gufron Shidiq. Menawi andharan sampun cekap kalajengaken pandangonpandangon utawi pitakenan saking para ingkang sami rawuh.
  6. Adicara kaping nenem waosan doa penutup, dipunsarirani panjenengan Al Ustad Kyai H. Imam Samsuri
  7. Lampah kaping pitu pengaosan paripurna.

Mekaten para rawuh, muslimin wal muslimat menggah uruturutaning lampah pengaosan (dalu, siyang) menika ingkang sampun karantam panitya.

5. Contoh Naskah untuk MC Bahasa Jawa Sunatan

Beberapa orang tua di Jawa adakalanya memeriahkan acara khitanan anaknya dengan menggelar hajatan.

Supaya hajatan yang digelar berjalan sesuai dengan rencana. Biasanya ada seorang MC yang memandu acara.

Adapun naskah MC Bahasa Jawa untuk acara khitanan adalah sebagai berikut

Contoh teks MC bahasa Jawa untuk sunatan

Assalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh

Kawilujengan, rohmat, saha barokahipun Pangeran ingkang Mahakuwaos mugi tansah tumedhak saha kasarira kita sedaya ingkang sami rawuh ing dalu menika.

Alhamdulillaah wa syukurillaah wa nikmatillaah, la haula walaa quwatta illa billah. Washshalaatu wassalaamu’alaa asrofil ambya’i wal mursalin. Asyhadu alla ilaha ilallooh wa asyhadu anna Muhammadar ‘abduhu wa rosuuluhu.

Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang tansah kula bekteni; para tamu sinedhahan ingkang bagya mulya; dalah para ingkang sami rawuh kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.

Kinarya pratandha binukaning adicara supitan ing dalu menika, mangga kita sedaya tansah hangonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Alloh S.w.t, Pangeran ingkang Mahawicaksana.

Dene kita tansah pinaringan kasarasan, yuswa panjang, kekiyatan saha kesempatan sami saged rawuh wonten dalem / griyanipun Bapak Muladi ingkang saperlu sami paring panyengkuyung saha puji pandonga dhumateng Bagus Ramadhani ingkang ing wekdal nindakaken sunnahipun Nabi Ibrahim A.s, inggih menika dipunilamaken utawi kasupitaken.

Shalawat miwah salam kita aturaken wonten ngarsanipun Rasululloh Muhammad SAW, ingkang tansah anyebaraken rahmatipun wonten jagad raya menika

Lan ingkang paring syafaat saha pitulungan benjing wonten ing alam loka baka tumrap para umatipun ingkang sami ngrasuk saha angamalaken agami Islam.

Sanggyaning para tamu ingkang bagya mulya, kula Imam Santosa ingkang tinanggenah saha kajibah minangka pangendhaliwara ing dalu menika badhe amaosaken menggah reroncening titilaksana tetesan utawi supitan ing wekdal menika.

Wondene urut-urutaning lampah adicara inggih menika.

  1. Sepisan pambuka
  2. Adicara kaping kalih maos surat Yassin sesarengan katutup waosan doa utawi puji pandonga raharja
  3. Lampah kaping tiga atur pambagya raharja
  4. Adicara kaping sekawan pengaosan
  5. Lelangen utawi hiburan
  6. Adicara supitan paripurna

Para tamu sinedhahan ingkang kula bekteni, mekaten menggah rantamaning adicara Supitan

Demikianlah contoh teks MC Bahasa Jawa singkat untuk berbagai acara terbaru dan menarik.

Semoga artikel ini dapat menambah wawasanmu mengenai tata cara menjadi MC Bahasa Jawa.

Melalui contoh teks MC bahasa Jawa di atas, tentunya kamu sudah punya gambar apabila nanti tiba-tiba menjadi MC bahasa Jawa. Semoga bermanfaat.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta