Dongeng Bahasa Jawa Singkat untuk Anak-Anak yang Menarik dan Penuh Pesan Moral

Dongeng Bahasa Jawa Singkat untuk Anak-Anak yang Menarik dan Penuh Pesan MoralMelalui dongeng anak dapat mempelajari pelajaran mengenai baik dan buruk dengan menyenangkan.

Dulu, dongeng biasanya dibacakan oleh orang tua ketika anaknya menjelang tidur. Dongeng yang baik adalah dongeng yang sifatnya tidak menggurui.

Dongeng semacam ini akan membuat anak terpancing rasa ingin tahunya untuk mengetahui nilai atau pelajaran apa yang terkandung dalam dongeng tersebut.

Selain tidak bersifat menggurui ada beberapa ciri lain yang terdapat pada dongeng yang baik untuk anak. Hal ini juga termasuk dalam dongeng bahasa Jawa.

Pentingnya Dongeng

https://gamelan.org.nz/

Dongeng memiliki peran penting dalam melatih daya kembang imajinasi seorang anak, karena dongeng dapat membantu mereka berlatih mengingat sesuatu yang tidak ada dalam pengalaman mereka.

Biasanya dongeng dibacakan menjelang tidur, namun ternyata dongeng juga bisa disampaikan dalam model seni pertunjukan sehingga lebih menarik.

Indonesia sebagai negara yang penuh dengan kekayaan budaya tentu punya khazanah dongeng lokal yang tak terhingga, termasuk salah satunya adalah khazanah dongeng bahasa Jawa.

Di antara banyaknya dongeng lokal di Indonesia, termasuk dongeng bahasa Jawa, jelas ada standar atau ciri-ciri yang bisa membuat suatu dongeng disebut dongeng yang baik.

Ciri-ciri Dongeng yang Baik

  1. Menyampaikan nilai kebersamaan, keberagaman, kerukunan, dan menghargai perbedaan.
  2. Memberikan hiburan tanpa membuat anak tercabut dari dunianya.
  3. Mengajari anak untuk menyelesaikan permasalahan yang sedang dihadapi secara mandiri.

Itulah ciri-ciri dongeng yang baik. Lalu, apakah dongeng bahasa Jawa memenuhi ciri dongeng yang baik? Tentu saja, karena dongeng bahasa Jawa mengajarkan nilai-nilai moral kebajikan.

Berikut beberapa contoh dongeng bahasa Jawa singkat untuk anak-anak yang familiar diketahui orang Jawa.

Kumpulan Dongeng Bahasa Jawa Singkat untuk Anak-anak

1. Gagak lan Semut

“Kowe sajake kok lagi susah ta Gak? Ana apa?” takone Tawon sing awan kuwi kebeneran lagi leren ora adoh saka anggene Gagak leren.

“Aku lagi nggoleki kancaku, Won. Nanging durung ketemu,” wangsulane Gagak.

“Kancamu sing sapa?” takone Tawon maneh.

“Si Semut. Kowe ngerti ora?” wangsulane Gagak semu takon.

“Oalah, aku ngerti. Esuk mau aku ketemu. Nalika daktakoni arep menyang ngendi. Dheweke mangsuli arepe golek madu paling enak sadonya. Mlakune mrana, hlo,” Tawon mangsuli sinambi nuding arah sing dituju Semut.

“Tenane?” Gagak nyoba takon sepisan maneh.

“Tenan. Aku ora ngapusi,” wangsulane Tawon manteb.

Sawise rasa kesele suda. Gagak banjur mbacutake laku nggoleki Semut menyang papan sing dituding Tawon.

“Si Semut iki mesthi nggoleki madu kaya sing dicritakake Kancil,” batine Gagak.

Gara-gara madu iki kang ndadekake Gagak lan Semut tukaran. Ing wektu kuwi Gagak lan Semut dicritani Kancil ngenani madu paling enak ing alas Wanacarita.

Sejatine Gagak lan Semut padha-padha percayane ngenani anane madu kasebut.

“Aku ora ngerti kena ngapa Semut nganti nekad pengin mbuktekake bener lan orane anane madu kaya sing dicritakake Kancil.

Kamangka ing alas iki isih akeh panganan sing rasane luwih enak tinimbang madu,” batine Gagak sinambi nyepetake anggene mabur.

Manut critane Kancil madu sing paling enak ing alas wanacarita iki manggon ing sacedhake goa gambar. Madu kuwi diwadhahi botol emas sing dijaga gajah putih sing gedhe banget.

Gajah putih sing njaga botol emas isi madu iki mujudake kewan paling sekti lan rosa ing alas wanacarita.

Mbayangake Semut bakal perang tandhing klawan Gajah Putih sing njaga madu sing diwadhahi botol emas iki ndadekake Gagak wedi dhewe.

Bareng wis tekan sacedhake Goa Gambar. Gagak kaget banget weruh akeh watu pating ambyar lan wit-witan kang padha rubuh. Luwih kaget maneh nalika Gagak ngerti Gajah Putih nglimpruk tanpa daya.

“Oh, isih ambegan. Jebul Gajah Putih iki mung semaput, nanging sapa sing kasil nggawe Gajah Putih iki semaput?,” takone Gagak ing njero batin.

Gagak banjur mabur maneh lan nggoleki ing ngendi dununge Semut.

“Ah, mesthine kae botol emas sing isine madu paling enak,” batine Gagak sinambi ngendhekake anggene mabur.

Dumadakan  Gagak keprungu swara njaluk tulung.

“Kae swarane Semut, nanging ing ngendi?” batine Gagak. “Mut….Semut, kowe ing ngendi?” takone Gagak.

 “Aku ing kene, Gak. Aku kecemplung ing jero botol. Tulung entasna aku!” panjaluke Semut.

Amarga pengin cepet-cepet nulungi kancane. Gagak banjur nglebokake cucuke menyang bolongan botol.

Emane cara iki ora kasil amarga bolongane botol luwih cilik tinimbang cucuke.

“Piye carane nulungi Semut?” batine Gagak.

Ing satengahe rasa bingunge. Gagak nemu cara. Pecahan watu sing sumebar ing sakiwa tengene batol dicucuki cilik-cilik lan dilebokake menyang njero botol.

Sithik mbaka sithik madu ing njero botol gelem munjuk. Gandhenge iki ditindakake terus. Madu ing botol emas mau  banjur mluber lan Semut sing ana njerone katut metu.

 “Gak, aku matur nuwun. Kowe wis nylametake nyawaku. Sepurane sing gedhe merga aku ora nuruti omonganmu. Saupama aku manut karo kowe. Mesthine ora kaya ngene dadine,” ujare Semut.

“Padha-padha, Mut. Becike awake dhewe cepet-cepet ninggalake papan kene. Mumpung Gajah Putih durung tangi!” pangajake Gagak.

“Tapi aku isih lemes banget, Gak. Aku durung kuwat mlaku dhewe,” ujare Semut.

“Babagan kuwi kowe ora usah mikir. Saiki munggaha ing awakku!” prentahe Gagak.

Semut manut lan kanthi tenaga kang kasisa. Semut banjur munggah menyang gegere Gagak.

Gagak banjur mabur menyang angkasa. Ing perjalanan mulih Gagak takon, “Sing nggawe Gajah Putih semaput kae sapa, Mut?”

“Aku, Gak.”

2. Jarane Pak Karto

Esuk kuwi atine Pak Karto susah banget. Si Jlitheng, jaran klangenane ilang. Wis digoleki tekan ngendi-ngendi nanging Si Jlitheng durung kasil ditemokake.

Si Jlitheng kanggone Pak Karto ora mung sawates ingon-ingon, nanging wis dianggep mitra sing tansah setya ngancani uripe ing kalane susah lan sedhih.

Pak Karto lila kelangan apa wae sauger dudu Si Jlitheng. Kegawa rasa sedhihe merga kelangan Si Jlitheng. Semangat sing diduweni Pak Karto melu ilang.

Maneka cara ditindakake Bu Karto kanggo nglipur ati sisihane. Nanging ora ana siji-sijia sing kasil. Untunge ing wektu iku ana Pak Kliwon, salah siji tanggane sing aweh usul.

“Coba golekana menyang Pasar Kewan sing manggon ing wetan kutha praja. Sapa ngerti jaran klangenanmu didol ing kana?” usule Pak Kliwon.

Bareng dipikir sawetara wektu. Panemune tanggane iku ana benere.

“Apa bener jaran ireng kuwi Si Jlitheng,” batine Pak Karto.

Bareng ditamakake kanthi temenan. Pak Karto yakin yen jaran sing dicancang ing sangisore wit nangka kuwi pancen jarane. Bareng wis yakin jaran iku Si Jlitheng Pak Karto nyedhaki blantike.

“Pak, jaran ireng kuwi  jaranku sing mentas ilang. Aku pengin nggawa jaran iki bali mulih. Pira wae regane sing kok pathok. Aku saguh mbayar.”

Omongane Pak Karto mesthi wae gawe blantik ora trima. Si Blantik rumangsa Pak Karto wis nranyak lan tumindak ora sopan.

“Sik, sekedhap. Dhasar menapa ingkang panjenengan gunakake kagem ndaku jaran menika kagungane panjenengan?” takone Si Blantik.

“Saka dedeg lan ulese wis barang mesthi jaran iki duwekku,” Pak Karto ora gelem kalah.

“Panjenengan kedah emut, Pak. Ing jagad menika jaran ingkang dedeg lan ulese kados jaran niki kathah sanget. Boten panjenengan mawon ingkang kagungan jaran sing dedeg lan ulese kados kagungan kula niki. Nanging nyuwun agunge pangaksami. Jaran ingkang niki boten kula sadhe.”

Wangsulane Si Blantik ndadekake Pak Karto cubriya. Jalaran mokal ana blantik keraya-raya nggawa jaran menyang pasar yen ora didol.

“Hla, menawi boten panjenengan sadhe?”

“Menawi babagan niku panjenengan boten kedah mangertosi. Perkawis kula sade napa boten niku urusan kula pribadhi. Panjenengan sampun ngantos tumut cawe-cawe.”

Rasa cubriyane Pak Karto tansaya gedhe kalane nyawang sorot mripate jaran ireng sing dicancang ing sangisore wit nangka kuwi. Saka sorot mripate jaran ireng kuwi kaya pengin njaluk tulung menyang Pak Karto.

“Panjenengan sampun salah tampi. Kula boten ngarani panjenengan maling, nanging kula pengin takon dhumateng panjenengan. Jaran kuwi olehe panjenengan saka ngendi?”

“Jaran menika anggen kula ngingu piyambak. Wiwit taksih belo ngantos sepriki jaran menika tansah kula ramut kanthi becik. Mulane dedeg lan ulese saged sae kados mekaten.”

Pak Karto mesem.

“Menawi panjenengan ngingu piyambak wiwit belo. Kedahe panjenengan ngertos cacat ingkang dipun gadhahi jaran menika. Cobi kula taken. Matane jaran menika pundi ingkang wuta?” takone Pak Karto sinambi nyikep jarane.

Pitakone Pak Karto ndadekake Si Blantik bingung.

“Ingkang kiwa,” wangsulane Si Blantik.

“Tenan?” takone Pak Karto

“E…tenan,” wangsulane Si Blantik kanthi rangu-rangu.

Saka wangsulane sampeyan aku yakin yen Si Blantik iku pancen maling wis nyolong jarane.

“Sampeyan kuwi aneh. Ing atase wong ngingu jaran wiwit belo kok ora ngerti cacat lan orane jaran sing diingu. Ngertiya jaran iki ora cacat siji-sijiya. Becike ngaku wae tinimbang kowe tak laporke prajurit kerajaan sing lagi tilik pasar. Yen prajurit kae nganti ngerti kowe maling. Wis dadi barang mesthi kowe bakal nampa paukuman kang abot.”

Pangancame Pak Karto ndadekake atine Blantik dadi ciut.

“Ampun, Pak. sampun ngantos kula diwadulake. Kula ajrih diukum.”

“Yen kowe wedi diukum. Jaranku lan kewan liyane sing wis kok colong balekna menyang sing duwe. Lan siji maneh. Aja pisan-pisan kok baleni maneh tumindakmu sing gawe rugine wong akeh iku.”

“Inggih, Pak. Aku janji.”

Wusanane Si Jlitheng dibalekake menyang Pak Karto. Atine Pak Karto bungah maneh merga Si Jlitheng bisa mulih maneh.

 Dina candhake Pak Karto keprungu kabar akeh ingon-ingon sing maune dikabarake ilang padha bali menyang kandhange maneh. Kabar iki ndadekake atine Pak Karto bungah.

3. Sapi lan Jaran

Merga tansah sregep anggene nyambut gawe lan ora nate kasep anggene kirim upeti menyang bendarane.

Ki Ajarmanah, minangka Lurah ing desa Wiracarita diganjar lemah sing ambane limang kedok dening bendarane. Bebana sing kaya ngene iki kasil gawe bungahe Ki Lurah lan para kaluwargane.

Emane ora kabeh seneng marang bebana sing ditampa dening Ki Lurah. Sapi minangka salah siji ingon-ingone Ki Lurah katon susah banget.

Dheweke ngrasa susah jalaran kanthi anane bebana sing ditampa dening Ki Lurah iku bakal ndadekake pakaryane tansaya abot.

Merga kepikiran marang penggaweyane sing bakal tambah abot. Si sapi mau banjur sambat menyang salah siji ingon-ingone Ki Lurah liyane. Sapi sambat menyang jaran.

Jaran sing keprungu sambate sapi rumangsa bungah. Dheweke bungah merga nemu cara kanggo nyilakani sapi. Sasuwene iki jaran pancen nduweni rasa iren menyang sapi.

Nanging surasa sing kaya mangkono iku mau diendhem dhewe. Merga sapi ora ngerti yen jaran nduweni niyat ala menyang dheweke. Dheweke manut wae marang sing dikandhakake dening jaran.

“Sadurunge aku menehi cara supaya kowe ora diakon nyambut gawe maneh. Aku tak blaka dhisik menyang kowe ya, Pi. Tapi kowe kudu janji aja nesu. Piye kowe gelem janji apa ora?”

“Iya. Aku janji ora bakalan nesu. Saiki enggal blakaa. Aku tak ngrungokake.”

“Kowe kuwi saliyane bodho uga cublukmu ora kebangeten. Kowe kuwi kok gelem-geleme dirèh manungsa. kowe wis kerja kanthi becik nanging apa sembulihe? Pangananmu tetep ora enak, turumu uga cedhak tlethong. Yen kowe tetep kaya ngono terus. Banjur kapan kowe ngrasakake urip mulya?”

“Banjur aku kudu nindakake apa?”

“Kowe kuwi kaparingan tenaga sing gedhe. Kudune kanthi migunakake tenagamu kowe bisa kanthi gampang ucul saka tambang sing sasuwene iki ngendhalekake awakmu.”

“Iya, aku ngerti. Nanging becike kapan anggonku nyoba ucul saka tambang iki. Kowe ngerti dhewe yen saben dina budhalku nyambut gawe esuk lan lagi mulih sore.”

“Ya wayah bengi ta, Pi. Kowe kuwi kok kurang ngakal.”

“Oh, iya, iya. matur nuwun ya, Ran. Mengko bengi aku bakal ngecakake jaremu kuwi.”

Rampung ngomong kaya ngono sapi banjur bali menyang kandhange. Weruh sapi sing bakal nindakake pangajabe Jaran mesem.

Ing njero ati jaran mbatin, “Ya, lakonana Pi, kowe yen ngalih saka kene uripmu mesthi ing alas. Lan ing alas mesthine kowe bakal dipangan macan utawa kewan galak liyane.

Lan yen wis kowe wis ngalih saka kene. Tresnane bendara bakal daktampa kanthi wutuh.”

Bengine sapi nindakake kandhane jaran. Sawise ngetokake sekabehane karosane.

Wekasane sapi bisa medhotake tambang sing sasuwene iki ngrangket dheweke.

Bareng wis ucul sapi banjur mlayu menyang alas. Ing tengah alas sapi mau kasil ketemu klawan sawijining begawan.

Dening begawan mau sapi diangkat dadi mitrane lan ora nate diakon kerja abot maneh. Saiki sapi bisa urip kanthi mulya. Adoh ing njero atine sapi ngucapake atur panuwun menyang jaran.

Sauntara kuwi samungkure mlayune sapi. Jaran ngalami nasib kang mrihatinake. Gegambaran urip kepenak merga pikantuk katresnan saka Bendarane wurung dadi kasunyatan.

Ing dina-dina samungkure lungane sapi. Kabeh gaweyan sing maune ditindakake dening sapi. Saiki kabeh dipasrahake menyang jaran.

Jaran ora bisa nulak merga yen nganti nulak bakal ana sabetan saka bendarane sing bakal dheweke tampa. Saliyane kuwi masia jaran nduweni tenaga kang klebuh gedhe.

Nanging kabeh tenagane ora bisa digunakake kanggo medhot tali anyar sing dikalungake ing gulune.

Merga ngalami kasunyatan sing kaya ngene. Wekasane jaran mupus pepinginane kanggo minggat saka omahe bendarane.

Atine jaran tansaya nggrantes kalane keprungu kabar yen uripe sapi wis mulya. Tangise jaran tansaya ndadi kalane kelingan tumindake sing kepungkur.

Dheweke ora ngira yen niyate sing kepengin nyilakani sapi. Jebule malah nekake kamulyan tumrape sapi. Merga wis kadhung lan ora ana gunane kanggo ngresula.

Saiki sing ditindakake jaran mung ndedonga supaya diwenehi kekuatan kanggo ngadhepi cobaning urip. Lan wiwit dina iku jaran janji ora bakal nyimpen lan ngrabuk maneh rasa iren ing njero atine.

Demikianlah contoh dongeng bahasa Jawa singkat untuk anak yang penuh dengan pesan moral. Contoh terkait dongeng bahasa Jawa yang telah disajikan di atas bisa menjadi inspirasi untuk membuat dongeng sendiri.

Semoga beberapa contoh dongeng bahasa Jawa di atas bisa bermanfaat untuk menambah pengetahuanmu.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta