Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa Pendek dan Cara Membuatnya yang Benar

Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa Pendek dan Cara Membuatnya yang Benar – Dalam berbagai sumber, teks narasi dapat diartikan sebagai sebuah karangan yang mengisahkan tentang pengalaman hidup seseorang.

Penulisan teks narasi sendiri digunakan untuk memberikan gambaran kenyataan hidup dengan dilengkapi keterangan waktu, tempat, suasana, sampai dengan urutan kejadian.

Di sisi lain, dalam pembuatan teks narasi dapat dibuat dengan mengambil sumber tentang asal-usul nama tempat, kota, dan lain sebagainya.

Berdasarkan keterangan para ahli. Sebuah teks narasi yang baik harus dibangun dengan sesuai dengan unsur-unsur yang berlaku.

Contoh-contoh Unsur Teks Narasi

https://unsplash.com/@artlasovsky
  • Tentukanlah dan pilhlah tema (underan) yang kamu kuasai
  • Tentukanlah tujuan (ancas) penulisan teks narasi
  • Kumpulkanlah bahan (bakalan) yang akan dibuat menjadi teks narasi
  • Tentukanlah jenis karangan
  • Buatlah kerangka karangan (rengrengan)
  • Kembangkanlah kerangka menjadi suatu karangan yang utuh
  • Sempurnakanlah karangan atau mengeditnya hingga bisa dibaca secara jelas

Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa 1

Salah sijine tinggalan saka jaman kuna sing isih katutup lemah yaiku Situs Liyangan. Wiwit

sepisan ditemokake situs kuna kang mapan ing Temanggung iki akeh ndudut kawigatene para ilmuan saka njaba lan njero negara.

Jalaran situs iki dianggep mujudake salah siji situs struktur kutha jawa saka jaman Mataram Kuna kang paling jangkep.

Wis ora kaetung maneh temon-temon saka Situs Liyangan kang gawe cingake wong akeh. Lan durung suwe iki. Ana temon anyar saka Situs Liyangan sing gawe cingake wong akeh.

Temon iku wujud struktur wewangunan saka kayu. Saora-orane nganti kabar iki ditulis wis ana telung unit sisa struktur wewangunan saka kayu kang ditemokake para peneliti.

Salah siji temon iku ditemokake ing sanjabane area Candhi Liyangan kang mapan ing dusun Liyangan, Desa Purbasari, Kecamatan Ngadirejo, Temanggung.

Temon iki dhewe ditemokake sajroning penelitian kang ditindakake tanggal 18 Oktober-4 Nopember 2018 kepungkur.

Ing temon anyar kasebut. Tim peneliti kasil nemokake duk, pring, sarta kayu kang wis njilma dadi areng lan kondhisine wis gapuk.

Sisa wewangunan iku katutup material saka jeblugane Gunung Sindoro ing kisaran abad 11 M.

Manut saweneh dhata, gunung Sindoro diperkirakake nate njeblug kanthi gedhe ing kisaran abad 11 M.

Saliyane ngrusak dhaerah kang mapan ing sakiwa tengene. Jeblugane Gunung Sindoro iki diperkirakake kang ngurug laladan Liyangan kang wektu iku wis kasil njilma dadi salah siji kutha paling maju ing pulo Jawa.

Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa 2

Pas sekolah, guruku ngewehi tugas nggawe topeng. Tugas kuwi len nggawe kelompokan ing omah.

Sak kelompok bocahe ana ilma utawa enem. Kelompokku bocahe ana lima yaiku aku, Ridho, Rahmad, Nindy, lan Novel.

Anggenenggawe topeng ing omahku. Wektu iku dina kemis kanca-kancaku padha nglumpuk ing omahku.

Sawise nglumpuk kabeh banjur padha nggawe topeng. Bakal sing dienggo nggawe topeng iku akeh banget ana koran, glepung, kanji, cat banyu, plembungan, lan karet gelang. Lek pirantine ana gunting, cutter, lan kuas.

Sawise topenge dadi aku lan kanca-kancaku banjur dolanan. Aku karo kanca-kancaku dolanan delikan.

Sawise dolanan kanca-kancaku padha mulih, lan topenge dideleh ing omahku. Sesuke topenge dikumpulne.

Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa 3

Aku seneng banget karo kewan sing arane kucing. Ing omah aku duwe kucing sing banget daktresnani.

Kucingku dakjenengi Gareng. Sejatine Gareng iku dudu duweku, nanging dheweke ora sengaja ngenger ing omahku.

Biyen sadurunge ngenger, kucinge mlebu ing njero omahku. Omahku iku dodolan, pas ana wong tuku jenenge Pak Karom.

Omonge biyen Gareng iku kucinge anake Pak Karom. Tapi omonge Pak Karom, Gareng iku biyen mlayu saka omahe.

Mulane saiki malih ngalih ing omahku. Gareng iku kucing wedok rupane dhoreng-dhoreng.

Merga rupane dhoreng-dhoreng banjur dakjenengi Gareng. Kucinge iku ngguyokake tapi kereng. Amarga biyasane dakjaraki ora suwe malih nesu lan biyasane bisa nyakur.

Kucingku kuwi duwe anak siji lan ora suwe saka kuwi duwe anak maneh liwa.

Sakwise iku ora suwe anake sing lima mau mati kabeh merga disembur ula. Saiki anake Gareng mung ana siji cacahe anake gareng tak jenengi si Blek.

Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa 4

Sadurunge adzan ngisak, aku sakanca wis budhal saka ngomah menyang mesjid. Sengaja mangkat luwih mruput supaya bisa oleh shof sing ngarep dhewe.

Ora suwe, mbah Karso ngumandhangake adzan. Para warga banjur padha tumeka ana ing mesjid ngebaki shof kang isih sela. Pangibadahan sholat Isya lan Tarawih lumaku kanthi khusyuk.

Rampung sembahyang, para mudha padha tadarus ana ing serambi mesjid. Saben bengi kaangkah bisa sak juz rampung.

Dadi sasuwene sesasi bisa khatam sepisan. Wengi kuwi wis nuduhake jam sewelas, kanca-kanca wis rampung anggone tadarus.

Kabeh banjur bali dhewe-dhewe kanthi lir gumanti. Aku ngonthel pit kanthi alon amarga dalan tumuju omah ora pati padhang.

Angin anyes krasa nganti ana ing gulu ngancani anggonku ngepit nyabrang sepine wengi iki. Babar blas wis ora kepethuk warga nganti wis arep tekan ana ing ngomah.

Tekan pojok omahe mbah Samijo, katon mbah Kerto kang lagi ngethoki wit tetehan sinambi tetembangan. Ora nganggo mikir, aku sapa aruh karo piyambake.

“Sugeng dalu, Mbah? Sampun wekdal dalu kok taksih makarya wonten njawi”

Tanpa mesem babar blas, mbah Kerto ora semaur.

Aku samar rada ora percaya. mbah Kerto sing adat sabene gapyak marang sapa wae.

Bengi iki katon kaya orong-orong kepidak. Blas ora paring wangsulan. Aku banjur nerusake  ngepit tumuju marang ngomah.

Sadurunge adoh, aku coba noleh marang mbah Kerto, sapa ngerti mau durung paring wangsulan merga ora krungu anggonku matur. Ora nyana babar blas.

Mbah Kerto banjur noleh. Nanging sing tak weruhi, pasuryane mbah Kerto rata tanpa ana mata, irung lan lambene. Isih durung pati percaya, aku noleh kang kapindho. Tetep pasuryane mbah Kerta rata.

 Aku banjur gage banter ngawil pit onthel tumuju omah. Ambegan ngos-ngosan, dradhag amarga lagi iki nemoni kedadeyan kang klebu ora kena dinalar.

Pit banjur tak setandarke, gage mlebu omah, wudlu trus mapan turu. Wengi kuwi, mripatku ora bisa dakajak merem merga isih elingan rai rata ing pinggir ndalan mau. Bola-bali dakcoba coba, nanging asile tetep padha wae.

Saur,,, saurr, saurrr,,, swara saka mesjid wis nggugah warga padha tangi kanggo dhahar saur. Aku banjur tangi gugah-gugah bapak, ibu lan adhi-adhiku.

Babar blas wengi kuwi aku durung bisa meremake mripat kang wis abot merga sejatine wis kepingin turu. Ana ing ruang tengah wis cumepak sega salawuhe kanggo saur bareng kulawarga.

Aku banjur crita marang bapak lan ibu bab kedadeyan sing dakalami mau bengi. Bapak katon mesem mireng apa sing tak aturke.

Penutup

Demikianlah contoh teks narasi bahasa Jawa pendek beserta dengan cara membuatnya. Semoga artikel ini membantumu dalam membuat teks narasi yang baik.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta