12 Contoh Puisi Bahasa Jawa Tentang Sekolah dan Guru yang Menarik serta Singkat

12 Contoh Puisi Bahasa Jawa Tentang Sekolah dan Guru yang Menarik serta Singkat– Geguritan merupakan salah satu genre sastra Jawa Baru yang dapat dibuat dengan berbagai tema dan sumber inspirasi pembuatannya dapat datang dari mana saja.

Sekolah dan guru merupakan suatu hal yang sangat dekat dengan pelajar. Dari dua hal ini bisa dikembangkan menjadi geguritan yang indah dan sarat akan makna.

Di bawah ini adalah beberapa contoh puisi bahasa Jawa atau geguritan tentang sekolah dan guru yang menarik dan singkat.

Mengenal Puisi Jawa

rise.smeru.or.id

Puisi Jawa merupakan karya sastra berjenis puisi yang ditulis menggunakan bahasa Jawa sebagai bahasa mediumnya. Adapun puisi Jawa juga dikenal dengan istilah geguritan.

Selain itu puisi Jawa atau geguritan merupakan wujud modernisme dari karya sastra Jawa karena pengaruh dari karya-karya Barat.

Geguritan memiliki kata dasar ‘gurit’ yang artinya adalah ‘tulisan’ atau tatahan, menjadi ‘geguritan’ karena imbuhan yang ada pada katanya. Geguritan tidak hanya ada di Jawa, namun sampai saat ini juga masih eksis di pulau Bali.

Karena bernuansa modern, puisi Jawa atau geguritan bebas membawa beragam tema. Salah satu tema yang banyak diangkat menjadi geguritan adalah tema sekolah dan guru.

Tema sekolah dan guru biasanya digunakan sebagai media ajar serta pembelajaran di lingkungan sekolah. Berikut beberapa contoh puisi bahasa Jawa tentang sekolah dan guru.

Contoh Puisi Bahasa Jawa Tentang Sekolah dan Guru – Tema Sekolah

1. Ajar Toleransi ing Sekolah

Sekolahku
Papanku ngupadi ilmu

Sekolahku
Papan kanggo sinau marang Bapak lan ibu Guru

Sekolahku
Bisa sinau maneka ilmu
Kanthi sregep maca buku
Sarta dhiskusi klawan kanca

Ing Panggonan iki
Aku digulawenthah dadi bocah
Kang ngerti arah

Dadi bocah kang tresna marang wong tuwa
Bekti marang bangsa, agama, lan negara

Ing kene
Aku diwulang bisa nampa
Pambeda
Lan kudu bisa toleransi
Marang anane pambeda
Ing negaraku Indonesia

Ing kene
Aku diwulang
Jumangkah ing dalan padhang
Dalan sing kebak kabecikan
Lan ninggal sakabehe kadurakan
Sing bisa gawe rugine liyan

2. Taman ing Sekolahku

Sliramu katon endah lan resik

Ngganda arum wangi

Sumebar wiwit awang tekan wengi

Maneka tetanduran tinata kanthi edi lan peni

Manuk, kupu, tawon, lan kumbang

Padha nggumun nyawang kaendahanmu

Madune kembang ing taman sekolahku

Kaya ngawe-awe

Ngajak kabeh titah nyekseni kaendahane

Taman ing sekolahku

Endahmu gawe tentrem lan bungahe ati

Aku dadi betah sekolah

Merga kembangmu kang endah

Hawa segermu kasil nyirnakake

Panase dina gumanti hawa adhem

Gawe ati rinasa tentrem

Taman sekolahku

Tetepa lestari lan nyebar ganda wangi

Murih seneng ati iki

Daksuwun aja ana sing wani

Ngrusak tamanku

Supaya ora ana getun

Ing tembe mburi

3. Gurit Wis Wancine

Wis wancine sekolahe rampung

Amarga kabeh padha linglung

Sinambi namakake aji mumpung

Lulang macan padha didadekake kudhung

Wis wancine medal saka sekolahan

Lan melu ngedan

Supaya tetep keduman

Tinimbang kelara-lara saurute dalan

Wis wancine nyumet senthir

Sinambi ngenteni wengine lingsir

Nata weninge pikir

Amrih ora melu kenthir

Wis wancine pasrah

Nglerenake raga kang lungrah

Tinimbang melu polah

Kaya dene wong-wong sing ora tau sekolah

4. Pitakon Marang Mitra

Manawa wengi iki isih keprungu crita lawas

Yektine isih padha klawan crita kang nate

Dumadi ana ing kene

Ana rasa sepi lan samun ing jroning ati

Nalika lintang waluku sing ana netramu

Wis ilang kesaput ilining wektu

Lan kangen iki wis malih rupa dadi biru

Dhuh mitraku

Yen sesuk wis padha lulus

Apa iya awake dhewe isih bisa ketemu?

5. Bangku Sekolahan

Sepiku wis sumare mitraku
Nalika kangenku marang sliramu
Kabuntel dening pedhut klawu

Mendhung-mendhung jingga ing gemubyare candhik alaKumlawe ing pinggire rasa
Aku nyoba sanja
Menawa isih ana esemmu senajan kabuntel lebu

Kembang-kembang mlathi
Nggandha wangi nyasmitakake rasa suci
Saka jatining dhiri

Duh, mitraku
Apa sliramu isih kelingan
Kepriye critane bangku sekolahmu?

6. Rasa Kuciwa

Ana rasa kuciwa

Nalika tembung-tembung iku mung kari crita

Tanpa teges sarta tanpa rasa

Apa ana sing isih kuwagang nebah dhadha

Iki dhadhane satriya

Sing saguh mulyakake kawula

Nalika tembung-tembung kelangan susuh

Sing ana mung tembung kang kebak pakewuh

Saengga akeh wong padha golek musuh

Apa iki jaman pungkasan

Nalika kabeh isine kekanca

Dudu ngraketake paseduluran

Nanging Padha rerasan

Golek  alane liyan

Contoh Puisi Bahasa Jawa Tentang Sekolah dan Guru – Tema Guru

1. Gurit Panantang

Upama wae siswamu nate kok tepungake marang donya nyata

Mesthine kabeh ora bakal ewuh

Nalika ngadhepi perkara sing ora padha klawan weninge pangrasa

Apa merga ndika mung mikirake sertifikasi

Saengga nasibe siswa ndika ing tembe mburi

Ora nate panjenengan pikirake

Utawa panjengan ora nate pirsa

Menawa ing saben pundhake siswa ndika

Ana sawijining pengarep-arep wong tuwane

Sing isine kabeh kurang luwih padha

Bisa mikul dhuwur jenenge wong tuwa

Sarta bisaa ngrasakake urip kang luwih minulya

Sarta ngowah-ngowahi tatanan donya sing wis ora tumata

Banjur yen saben sasi ndika mung ibut riwut babagan sertivikasi

Lan tunjangan gaji

Apa isih bisa ndika nebah dhadha banjur kandha dwija utama

2. Sagelas Ilmu

Sepisan maneh kudu datata ati

Supaya bisa aweh panampa

Marang perih lan paite kasunyatan

Kaya wengi iki

Nalika langit wis ora saguh andum cahyane

Kepeksa daksigar dhadhaku amrih bisa dakweruhi

Apa sing wis njalari

Tuwuhe rasa perih kaya sing lagi dakrasake

Ireng lan putih padha katon kanthi trawaca

Nalika isen-isening ati mau daklarung ing jembare samudra

Wengi wis rampung anggene netepi janji

Lan baitaku bali ngambah wedhi pesisir

Sawise sewengi muput lelayaran ana ing jembare samudra

Nalika bang-bang wetan wiwit katon ing cendhela

Dakweruhi yen ati ndika isih nyimpen cahyane lintang waluku

Mula lilakna daktempil sagelas ilmu

Kanggo usada gurung kang kasatan toya

3. Jerite Para Guru

Kumlebat maneh lelabuhanmu nalika mbela negara

Senajan langit kebak mendhung sarta grimis mimis

Nanging tan bias nyandhet laku bela negaramu

Senajan mung nganggo jejege tekad

Sliramu saguh pralaya sauger bumi pertiwi tetep mardika

Nanging lelabuhanmu saiki wis dianggep kaya crita wingi

Sing mung gawe panglipure ati

Jerite para guru

Wis kasirep swara-swara kutha sing wis kok bela

Nyatane sejarah wis owah

Jalaran sing salah wis dianggep lumrah

4. Mula

Nalika sejarah wis dadi aksara kang ora bisa diejrah                                          

Mula aja koksalahke yen akeh tatanan kang dadi owah

Nalika para pejabat wis kasubya dening rasa nikmat

Mula aja koksalahke yen weruh uripe rakyat tansaya kesrakat

Nalika ora ana sing mangerteni negara iki duweke sapa

Mula aja koksalahke yen akeh para kawula padha ngutahake tangis panalangsa

Nalika ana pambiji kliru marang luhuring budaya

Mula aja koksalahake yen dinane iki akeh sing ora ngerti tata krama

5. Apa Jaman Wis Tuwa

Kumlebat maneh gendhera wungu

Kang kebak dening ukara-ukara wagu

Apa ana sing isih bisa kok luru

Nalika tembunge mung kanggo lelamisan wae

Sinempyok blarak sadawane pesisir kene

Rikala tansaya adoh sunare srengenge

Lamat-lamat keprungu

Swara tangis kawutah bebarengan ilange candhik ala

Apa iki tandha jaman wis tuwa

Nalika akeh bocah wani karo para dwija

6. Manggihi Guru Sejati

Muga-muga wae isih cetha pandulumu

Merga saya suwe jagad gumelar tansaya  katon lelimengan

Senajan ing adoh kana rembulane isih setya aweh pepadhang

Nanging sliramu kudu ngerti

Yen  mbulane wis pilih-pilih anggone aweh pepadhang

Prayogane wengi iki sliramu gumregah

Nggugah kancamu sing isih padha turu

Banjur golekana sasmita kang tinulis ing imbang wengi

Amrih bisa manggihi sapa sing pantes sinebut guru sejati

Demikianlah 12 Contoh Puisi Bahasa Jawa Singkat Tentang Sekolah dan Guru. Semoga dapat menginspirasimu dalam membuat Puisi Bahasa Jawa yang baik.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta