30 Soal UTS Bahasa Jawa SMA Kelas 12 Semester 1 dan Kunci Jawabannya
Jika kamu sedang ingin mengerjakan contoh soal UTS Bahasa Jawa SMA Kelas 12 yang sudah dilengkapi dengan kunci jawabannya, coba kerjakan contoh soal berikut.
βIbu pengin nggendhong putu, le. Ibu-ibu sing saumuran klawan ibu padha wis nggendhong putu kabeh. Kowe jan-jane pengin rabi apa ora ta?β
βNggih pengin, bu. Ning babagan dhaup menika rak kedah wonten gandhengane. Kula piyambak ngantos sepriki dereng kepanggih kaliyan ingkang cocog, kok.β
βMula ta mula, goleka. Yen kowe ora golek sapa sing bakal ngeteri? Mosok golek calon mantune ibu siji wae ora bisa. Golek brita sedina lima wae bisa mosok golek calon bojo siji wae ora bisa?β
βBrita kaliyan calon bojo lak benten, bu?β
βAlah, ngomonga wae ora gelem. Hla loro-lorone padha goleke gek ya padha-padha barang nyata. Golekane rak ya luwih kepenak timbangane golek bangsa-bangsa gaib kaya sing kerep kok tulis ing koranmu kuwi?β
Yen wis mangkene bisa Agus mung meneng. Dheweke ora bisa mbantah apa sing dikarepake ibune. Sejatine Agus dhewe uga kepengin nyenengake ibune.
Dheweke kepengin ngulati ibune bisa kaya ibu-ibu liyane sing saben esuk tansah momong putune. Nanging kepriye maneh, aja maneh menehi putu, nggolekake calon mantu kanggo ibune wae tekan seprene Agus isih durung bisa.
Sawise dilaTantri dening adhi tingkate jaman isih kuliyah biyen. Ana rasa trauma kang dialami dening Agus saben-saben arep nyambung rasa klawan wanita sing disenengi.
Ya, rasa sing kaya mangkene iki kang nyebabake Agus katrem ing kahanan sing jarene bocah nom-noman saiki njomblo.
Kanca-kanca lan para sedulure sejatine ora kendhat anggene aweh panjurung supaya Agus golek pacar utawa calon bojo.

Advertisement
Nanging saben kelingan kepriye larane ati nalika diapusi dening wanita sing ditresnani, pepinginan kanggo nyambung rasa mau sabisa-bisane dipenggak.
Kanggo ngilangi rasa sepi ing ati Agus nyambut gawe dadi wartawan. Kanthi pakaryane saiki Agus bisa lunga tekan ngendi-ngendi.
Lan kahanan sing kaya mangkene iki sing bisa mbuwang rasa sepi ing atine Agus. Sawise lulus kuliyah lan cekel gawe dhewe. Agus nduweni pakulinan anyar. Dheweke seneng ngoleksi buku.
Manut cerkak ing ndhuwur pakaryane paraga Agus, yaikuβ¦
a. dokter
b. wartawan
c. guru
d. dosen
e. bakul buku
Kunci Jawaban: b
Soal Nomor 20
Ing ngisor iki kang dadi alesan tumrape Agus durung omah-omah miturut wacan ing dhuwur yaikuβ¦.
a. isih ngrasa lara ati merga diapusi wanita kang ditresnani
b. ora seneng karo wong wedok
c. wedi ora bisa gawe bahagia sisihane
d. durung digolekake ibune
e. durung dikongkon ibune rabi
Kunci Jawaban: a