Contoh Susunan Acara Tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa dan Artinya
Jika kamu sedang mencari contoh susunan acara tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa yang lengkap dengan artinya, temukan jawabannya di artikel berikut.
Minangka pambukaning pengetan dinten kamardikan saha malem tirakatan, mangga kita sedaya tansah angonjukaken puji sukur wonten ngarsanipun Alloh SWT.
Pangeran Ingkang Mahakuwaos, dene ing dalu menika kita sedaya tansah pinaringan kesarasan lan kawilujengan;
Ingkang saperlu sami ngawontenaken malem tirakatan inggih mengeti dinten kamardikan negari kita Republik Indonesia ingkang kaping…… tahun.
Shalawat saha salam tansah kita aturaken konjuk Nabi Agung Muhammad Rasulullah SAW, minangka rohmatan lil alamin saha sampun nilaraken utawi marisaken agami Islam dhumateng kita sedaya, kanthi gegebengan kalih prekawis inggih menika Al Qur’an saha Al Hadis.
Menawi kekalih gegebengan menika tansah kita ugemi lan katindakaken kanthi temen, temen-temen lan tumemen, insya Allah gesang kita saged bagya mulya wiwit wonten ngalam donya dumuginipun alam delahan…. Amiin.
Ing dalu menika kaleres surya (tanggal) 16 Agustus….., kita sami saged makempal wonten Bale Kalurahan dalemipun Bapak/Ibu…………, margi………… ingkang saperlu sami ngawontenaken malem tirakatan mengeti dinten Kamardikan RI ingkang kaping… taun.
Mugi-mugi negari kita tansah agung lan wibawa, rakyatipun tansah bagya mulya, mirah sandhang saha tetedhan; merdheka, merdheka, merdheka.
Kula minangka pangarsaning panitya malam tirakatan kamardikan RI ingkang kaping…. taun, ing dalu menika:
Sepisan
Ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken agunging panuwun dhumateng para wargan Kalurahan /RW… RT…
Ingkang sampun sami rawuh ing papan menika, minangka pratandha bilih panjenengan sedaya tansah setya: bekti lan kersa mbelani sarta labuh dhumateng bumi pertiwi negari kita Indonesia.
Kaping kalih:
Sedaya panitya sanget angaturaken panuwun dhumateng bapak-bapak/ibu-ibu donatur lam sponsor ingkang anjalari prabeya pengetan malem tirakatan dinten kamardikan RI ing dalu menika saged kalampahan kanthi rancak, sae lan saged regeng miwah ngremenaken.
Wondene dana redana saking para donatur saged makempal arta Rp. 2.000.000,- lan sponsor kangge hadiah hadir wonten 30 bebungah.
Mugi-mugi sedaya kesaenan panjenengan sedaya pikantuk leliru rejeki ingkang kathah saha barokah saking Alloh SWT. Amin. : panitya ugi ngaturaken agunging panuwun /RW… dhumateng para warga Kal. RT…,
Wiwit bapak-bapak/ibu-ibu PKK, para. mudha-mudhi, lan adhik-adhik ingkang sampun sami ngawontenaken kerja bakti: amasang umbul-umbul, lampu, ngelis margi; ngawontenaken lomba tigang: jinis, inggih menika: angkatan sepuh, para mudha, miwah anak-anak.
Ingkang menika mangga sedayan lomba menika prasaja kita sengkuyung sesarengan supados gayeng lan ngremenaken.
Kaping tiga
……..
Para kadang panitya boten saged ngaturaken menapa-menapa, kejawi namung memuji wonten ngarsaning Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.
Mugi-mugi guyub rukuninpun warga RT…/RW… menika tansah ngrembaka, tansah manunggal cipta, rasa, karsa, lan karya; “Bersatu kita teguh, bercerai kita runtuh.”
Mekaten atur kula hamakili para kadang panitya malem tirakatan pengetan dinten kamardikan RI ingkang kaping… taun ing dalu menika
Menawi anggen kula matur kathah kekirangan saha kalepatan, kula tansah nyuwun pangapunten inggih nyuwun lumunturing samodra pangaksama
Akhirul kalam, billahittandig wal hidayah Wassalaamualaikum wr wb.
Halaman:

