Advertisement
Source : Canva/@reezkypradata

5 Contoh Ceramah Halalbihalal Bahasa Jawa Pendek yang Penuh Makna

Apakah kamu sedang mencari contoh ceramah Halalbihalal bahasa Jawa pendek yang penuh dengan makna? Yuk, temukan contoh referensinya di sini!

13 Maret 2026 Zuly Kristanto

Contoh 4 Ceramah Halalbihalal

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Bismillaahirrahmaanirrahiim.

Sedaya puji konjuk dhumateng Allah, Dzat ingkang ngratoni sedaya alam. Shalawat sarta salam mugi tansah katur dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang syafaatipun kita rantos wonten ing yaumul kiyamat samangke.

Para rawuh ingkang binekten,
Wonten kathah amalan ingkang saged dipunlampahi ing wulan Syawal. Sawetawis ibadah kasebat dipunpendhet saking amalan-amalan wulan Ramadan ingkang dipunlestariaken. Menika sawetawis tuladha amalan sunah wonten ing wulan Syawal:
Kapisan andum pangapunten dhumateng sesami (Halalbihalal) Halalbihalal mujudaken amalan ingkang saged dipuntindakaken umat Islam minangka sarana silih paring pangapunten dhumateng sesami.

Allah SWT wonten ing Surah Al-A’raf ayat 199 paring firman:
“Dadiya pawongan ingkang sugih pangaksama, prentahna (marang wong-wong) ing perkara kang becik, lan tebihana saka wong-wong kang bodho,” (QS. Al-A’raf [7]: 199).

Kaping kalih, ngqada siyam Ramadan kagem sinten kemawon ingkang nggadhahi utang siyam wulan kepengker. Sawetawis tiyang ingkang nggadhahi uzur syar’i wonten ing wulan Ramadan dipunkeparengaken boten nindakaken siyam Ramadhan.

Sanadyan mekaten, tiyang kasebat nggadhahi kuwajiban kagem mbayar utawi ngqada. Allah SWT paring firman wonten ing Surah Al-Baqarah ayat 184 babagan kuwajiban ngqada siyam:
“(Yaiku) ing dalem pirang-pirang dina tartamtu. Mula, sapa ing antaramu ana kang lara utawa lagi ana ing lelungan (nuli ora siyam), (wajib ngganti) sakakehe dina (kang dheweke ora siyam mau) ing dina-dina liyane. Tumrap wong kang abot nindakake, wajib mbayar fidyah, (yaiku) menehi mangan wong miskin. Sapa kang kanthi lilo ati nindakake kabecikan, iku luwih becik tumrap dheweke, lan siyam iku luwih becik kanggomu yen sira kabeh ngerteni,” (QS. Al-Baqarah [2]: 184).

Kaping tiga, siyam enem dinten ing wulan Syawal Siyam enem dinten mujudaken salah satunggaling amalan ingkang dipunanjuraken wonten ing wulan Syawal. Wonten ing riwayat hadis saking Abu Ayyub Al-Anshory, Rasulullah SAW paring sabda babagan kautaman siyam enem dinten Syawal:
“Sinten kemaon ingkang siyam Ramadan banjur diterusake siyam 6 dina ing wulan Syawal, mula dheweke kaya dene siyam setaun muput,” (HR. Muslim).

Para rawuh ingkang kinabekten,
Mekaten sesorah babagan maknanipun wulan Syawal sarta amalan-amalan ingkang dipunanjuraken dipuntindakaken.

Mugi-mugi punapa ingkang sampun dipunaturaken saged nambah seserepan sarta kaberkahan kagem kita sedaya. Langkung-langkung Allah SWT. kersa paring ridha dhumateng sedaya amal ingkang kita lampahi. Amin amin ya rabbal alamin.

Akhirul kalam wabillahi taufiq wal hidayah, wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Contoh 5 Ceramah Halalbihalal

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Allah SWT awit saking sedaya lumebering rahmat, taufik, sarta inayahipun dhumateng kita sedaya, saengga saged ndadosake kita saged kempal manunggal wonten ing papan punika kanthi kawontenan boten kirang satunggal punapa.

Shalawat saha salam mugia tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw ingkang sapangatipun kita rantos wonten dinten pungkasan benjing.

Para rawuh ingkang dipunmulyaaken,
Kita sampun nindakaken ibadah siyam Ramadan sakderengipun sewulan dangunipun. Tiyang-tiyang ingkang nindakaken ibadah wajib kasebat kanthi ikhlas bakal dipunapunten sedaya dosa-dosanipun, kados dene riwayat hadis saking Abu Hurairah, bilih Rasulullah saw. paring sabda:
“Sapa wae kang nindakake ibadah ing malem Lailatul Qadar kanthi dhedhasar iman marang Allah lan ngajab ganjaran (mung saka Panjenengane), mula bakal dingapura dosa-dosa kang wis dilakoni. Lan sapa wae kang nindakake siyam Ramadhan kanthi dhedhasar iman marang Allah lan ngajab ganjaran (mung saka Panjenengane), mula bakal dingapura dosa-dosa kang wis dilakoni,” (HR. Bukhari No. 1768).

Dalil ing nginggil punika mratelakaken salah satunggaling kautaman kagem tiyang ingkang siyam ing wulan Ramadhan.

Nanging, dosa-dosa ingkang dipunapunten nembe dosa ingkang sesambunganipun kaliyan Allah SWT. Dene ing perangan sanes, kita minangka manungsa limrah boten uwal saking kaluputan utawi dosa dhumateng sesami.

Awit saking punika, Halalbihalal wonten minangka salah satunggaling sarana kagem silih paring pangapunten dhumateng sesamining manungsa.

Halalbihalal ugi dados tradhisi supados tiyang muslim saged nggayuh kahanan ingkang fitrah (resik) saking dosa. Wonten ing hadis saking Salman Al-Farisi ra., Rasulullah saw. paring sabda:
“Satemene sawijining muslim nalika ketemu karo sedulure muslim liyane banjur sakloron salaman, mula bakal rontok dosa-dosane kadya rontoke godhong-godhong garing nalika angin niup kenceng. Utawa yen ora, dosa-dosa sakloron bakal dingapura senajan cacahe kaya umpluk ing segara,” (HR. Tirmidzi, Abu Dawud, lan Ibnu Majah).

Para rawuh ingkang dipunmulyaaken Allah SWT,
Mekaten sesorah babagan hikmah Halalbihalal ing swasana Idul Fitri punika. Mugi-mugi punapa ingkang sampun dipunaturaken saged nambah seserepan sarta kaberkahan kagem kita sedaya.

Langkung-langkung Allah SWT kersa paring ridha dhumateng sedaya amal ingkang kita lampahi. Amin amin ya rabbal alamin.

Akhirul kalam wabillahi taufiq wal hidayah, wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Demikian contoh ceramah Halalbihalal bahasa Jawa pendek yang penuh makna dari Mamikos untuk kamu jadikan referensi saat ceramah lebaran nanti. 👍❤️

Referensi:


Halaman:

Advertisement