7 Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa Singkat 2025
Kamu dapat membuat cerita berbahasa Jawa dengan berdasarkan pengalaman selama liburan sekolah.
Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa 3
Widya Dolan Menyang Kantor Pos
Liburan iki Widya lan kaluwargane ora dolan menyang njaban kutha. Wengi kuwi ing sawijing chanel tipi kang ditonton disiarake prastawa tanah longsor kang dumadi ing laladan Ponorogo.
Weruh kahanane omahe warga kang padha rubuh kena tanah longsor sanalika tuwuh rasa welas ing atine Widya.
Wengi iku Widya mbatin, “Mendahne mesakene warga dedunung ing desa banaran kae. Mesthine ora bisa nylametke barang-barange. Banjur kepriye yen arep saling klambi mangka omah saisine padha kekurug lemah.”
Amarga anggene mikir ngenani kahanane warga kang kena tanah longsor mau keladuk nganti njalari Widya ora mireng yen jenenge bola-bali diundang dening bapake.
Saliyane iku amarga sedhihe nyawang kahanan omah-omah lan akeh bocah sing klambine padha gluprut endhut luhe Widya tumetes ing pipine.
Bapake Widya sing nyumurupi kahanan kang kaya ngono kuwi bingung merga weruh-weruh anake wedok kembik-kembik dhewe.
“Wid…Widya, ana apa ndhuk? Kok awakmu nangis dhewe?” takone bapake sinambi nyekel pundhake anake.
Amarga kaget Widya njenggirat.
“Eh, bapak, wonten napa, pak?” takone Widya.
“Ora ana apa-apa nanging kena ngapa awakmu kena apa kok dumadakan nangis?” wangsulane bapake sinambi ganti takon maneh menyang anake.
“Widya mesakaken kaliyan warga ingkang daleme kenging tanah longsor menika, Pak. Menapa mboten wonten ingkang saged kita bantu kagem ngringanaken bebane warga ingkang dedunung ing mrika?” takone Widya maneh.
“Bisa wae, ndhuk. Biyasane sing dibutuhake ya wujud sandhangan utawa panangan.”
“Menawi Widya pengin nyumbangaken klambi-klambine Widya ingkang mboten cekap lan taksih sae menapa pareng?”
“Kena wae, ndhuk. Awakmu pengin nyumbang apa piye?”
“Inggih, pak. Widya kepengin nyumbang. Nanging mangke supados sumbangane Widya saged dugi mrika pripun pak?”
“Yen kuwi gampang, ndhuk. Carane bisa liwat kantor pos utawa biro pengiriman liyane.”
Mireng ngendikane bapake sing kaya mangkono Widya meneng sedhela lan banjur ganti nyuwun ngerti menyang ibune.
“Bu..ibu, upami Widya kepengin nyumbangaken klambine Widya rak nggih pareng?” takone Widya kanthi sareh.
“Ya, oleh wae Ndhuk. Malah ibu seneng anake ibu nduweni kawigaten kaya mangkono. sesuk rencana bapak lan ibu uga kepengin nyumbangake sandhangane bapak lan ibu menyang para korban kae,” wangsulane ibune.
Panyengkuyung saka bapak lan ibune Widya ngrasa seneng banget. Nanging wengi kuwi Widya bingung kanggo nemtokake barang sing piye kang pantes disumbangake.
“Bu, ciri-ciri barang utawi sandhangan ingkang trep disumbangake menika ingkang kados pundi? Napa kedah ingkang anyar?”
“Barang utawa sandhangan sing pantes disumbangake iku ora kudu anyar. Nanging uga ora kudu lawas. Bakune isih pantes digawe, mligine kanggo sing sandhangan. Pokok isih pantes dienggo kuwi kena disumbangake. Aja nganti nyumbangake barang-barang bekas sing ora pantes maneh dienggo. Samare mengko malah nglarani atine sing nampa sumbangan.”
Widya manthuk-manthuk tandha ngerti apa sing dikarepake ibune.
Dina candhake Widya mbukaki lemari sing ing njerone sinimpen klambi-klambine wiwit jaman isih cilik biyen.
Kebeneran dina kuwi sekolahe lagi diliburake amarga gurune akeh sing ngeterake siswa kelas VI kang nindakake study tour menyang Kraton Surakarta.
Sawise dipilah dipilih wekasane ditemu sauntara klambi sing senajan wis nate dienggo dening Widya nanging wujude isih resik. Malah ana sandhangan sing kasil ditemu dening Widya kang babar pisan durung nate dienggo.
“Wis, ndhuk?” takone ibune.
“Dereng, Bu. Kirang sekedhik malih,” wangsulane Widya sinambi terus milihi lan milah klambi sing bakale disumbangake.
Sawise udakara setengah jam anggene milihi sandhangan wis rampung. Saiki ganti Widya dadi bingung kepriye carane nyumbangake sandhangane mau.
“Lajeng kados pundi carane supados sandhangan niki saged dugi ngrika, Bu?”
“Sandhangan iki diwadhahi menyang njero kerdhus. Mengko yen wis banjur dilakban soklat supaya rapet. Aja nganti lali ditulisi alamate pisan. Yen wis pepak persyaratane banjur diterke menyang kantor pos, Ndhuk.”
“Kantor pos? Widya ndherek pareng, Bu?”
Ibune manthuk alon.
“Hore…hore Widya nderek ibu menyang kantor pos.”
Watara rong jam candhake Widya lan ibune wis ana ing kantor pos sing jarake udakara sakilo meter saka omahe. Widya lan ibune diterake dening bapake kanthi nitih mobil.
Rikala ing kantor pos iku mau Widya ngerti yen jinis-jinise kiriman iku beda-beda. Ana sing tekane patang dina lan ana uga sing tekane mung rong dina.
Ora mung iku wae, dina kuwi Widya uga ngerti yen saya cepet tekane barang kiriman, regane sing dibayar uga luwih larang.
Isih ana ngelmu anyar sing ditampa dening Widya rikala ndherek ibune menyang kantor pos.
Wektu kuwi sawise milih jinis kiriman lan ditimbang bobote kiriman. Mripate Widya mblalak kalane ngulati angka sing kudu dibayar dening ibune.
Masia rada eman nanging rasa sing kaya mangkono disingidake ing njero atine. Ana rasa ora ikhlas kang dirasakake dening Widya sabubare ngerti biaya kirim paketane.
Ing njero mobil Widya rada protes marang pilihan jinis kiriman sing dipilih dening ibune.
“Bu, wau kok milih ingkang cepet ta, Bu, Upami milih sing sanese lak saged radi murah?”
Ibune mesem sithik.
“Ndhuk, sedulur-sedulure dhewe sing kena musibah kae butuhe bantuan ora kena dipenggak. Dadi ora ana salahe yen paketan mau tekane luwih cepet. Siji-sijine cara supaya tekane cepet ya mung nganggo jinis kiriman kaya pilihan ibu mau.”
Widya isih katon gela.
“Wis ta ndhuk, awake dhewe iki yen nduwe niat nulungi liyan ora usah dietung untung-rugine. Sing luwih baku iku rasa ikhlas kang ana ing ati.”
Mireng apa sing dikandhakake dening ibune kang kaya ngene Widya mung meneng. Dheweke rumangsa salah merga wis etung-etung sajrone anggene tetulung.
Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa 4
Sepur Telat, Dolan Ora Keri
Liburan semester wingi aku diajak bapak lan ibu dolan menyang Yogyakarta kanggo ngancani sepupuku sing ngadani wisuda. Esuke, jam lima kurang sakedhap aku wis tangi amarga jadwal sepurku mangkat jam pitu. Bapak wis bola-bali ngelingake supaya ora alon-alon awan bisa keri sepur.
Sanadyan aku wis siyap luwih dhisik, ibuku isih wae ngingeti, “Rik, dahare wis dipak gak? Aja nganti kowe lara nengen sepur.” Aku mung manthuk, senajan atiku rada gronjal amarga tas sing takgawa uga wis abot banget.
Nalika tekan stasiun, jebule ana woro-woro yen sepur sing arep taktumpaki telat teka luwih saka sakjam. Aku langsung ndemek bathuk, “Halah, piye iki? Wis ora keri nanging malah ngenteni suwé.” Bapak mung mesem lan ngomong, “Sabar, rik. Liburan kuwi kudu manut aturan kahanan.”
Ana ing bangku ngenteni, aku ketemu bocah cilik sing nggawa balon warna abang. Dheweke ndelok aku bola-bali nganti aku takon, “Jenengmu sapa, le?” Dheweke wangsul karo polos, “Bagas. Arep dolan neng Malioboro.”
Wektu tanpa karasa liwat nalika aku ngobrol karo Bagas lan ibune. Sawisé sepur teka, aku pamitan. “Ati-ati ya, le. Mugo-mugo balone ora mbladus nganti tekan Yogya.” Bagas ngguyu cekikikan.
Nalika tekan Yogya, rasa keselku ilang sakwisé ketemu kera-kera lucu ing alun-alun lan mangan wedang ronde anget sing digawe simbah. Esuke, aku melu sepupuku ing upacara wisuda. Nalika dheweke nganggo toga, aku rumangsa bangga banget.
Liburan kuwi ora mung dolan, nanging uga ngelingake yen kesabaran lan keceriaan cilik bisa nggawe dina sing biasane dadi luwih berarti.
Halaman:

