Advertisement
Source : Pexels/Karola G

7 Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa Singkat 2025

Kamu dapat membuat cerita berbahasa Jawa dengan berdasarkan pengalaman selama liburan sekolah.

19 November 2025 Zuly Kristanto

Liburan merupakan saat yang paling dinanti oleh siswa sekolah.

Selama liburan kamu dapat mencoba berbagai hal-hal baru yang tidak hanya menyenangkan, tetapi dapat mendatangkan pengalaman baru.

Adanya pengalaman-pengalaman baru tersebut bisa menjadi modal bagimu untuk menulis sebuah cerita berbahasa Jawa, lho! 📖😊✨

Menulis Cerita Liburan

Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa Singkat
Pexels/Karola G
27 Contoh Pantun Bahasa Jawa Berbagai Tema beserta Artinya Lengkap

Supaya pengalaman yang kamu peroleh selama liburan tidak sia-sia. Ada baiknya kamu mengabadikan pengalamanmu ke dalam cerita berbahasa Jawa dengan tema liburan.

Namun, sebelum memulai menulis suatu cerita berbahasa Jawa. Ada beberapa hal yang harus kamu jadikan perhatikan.

40 Contoh Slogan Bahasa Jawa Tentang Lingkungan, Pendidikan, Kesehatan dan Budaya

Beberapa Hal yang Perlu Diperhatikan

  • Pemilihan tema
  • Pemilihan judul
  • Gaya bercerita
  • Narasi cerita
  • Paragraf pembuka dan paragraf penutup
  • Surprise
  • Dan bisa dinalar

Supaya memudahkanmu mengenai bagaimana menulis cerita bahasa Jawa singkat menarik yang diangkat dari pengalaman selama liburan.

Mamikos akan memberikan contohnya di bawah ini. Jadi simaklah baik-baik.

Contoh Undangan Bahasa Jawa Singkat dan Cara Membuatnya yang Benar

Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa 1

Ah… Emane

Liburan wingi aku dolan menyang daleme simbahku kang pidalem ing Salatiga. Ing sawijining sore aku pikantuk pesen Wa saka nomer anyar.

Untunge nomer sing ngirimi pesen iku ana jenenge. Aku kaget banget bareng ngerti sapa ngirim.Aku babar pisan ora ngira dheweke bakal ngirim pesen WA kaya ngono menyang nomerku.

Aku ora selak yen seneng karo dheweke, ning senengku marang dheweke kuwi angel digambarake nganggo tetembungan.

Aku dhewe uga durung ngerti senengku iki sawates seneng utawa dadak linambaran nganggo tresna. Awit aku sadhar sapa aku lan sapa dheweke.

Dheweke kuwi dakbayangake kaya dene lintang ing langit. Kang cumlorot cahyane saguh aweh katentreman sarta pituduh tumrap pawongan kang lelayaran.

Dene aku? Ah, aku iki apa? Mung sawates remukan gorengan. Sasuwene iki anggenku sesambungan klawan dheweke mung daktindakake sacara on-line.

Ana akeh alesan kena ngapa tekan seprene aku isih durung wani nemoni utawa ngajak dheweke sapatemon sacara langsung.

Saliyane merga kapisah jarak kang adoh. Aku ing Tulungagung. Dene dheweke ing Salatiga. Aku uga ngrasa mindher karo kahananku.

Gara-gara kahananku iki aku kerep ngrasa wedi. Jalaran akeh pawongan kang dakarepake dadi kembange ati sing dumadakan medhot tali kekancan lan mblokir nomerku samungkure ngerti kahananku kang sanyatane.

Wusanane dina sing paling takwedeni teka. Dheweke ngajak aku ketemuan ing sawijing kedai kopi ing kutha.

Blaka wae ora gampang kanggoku nyembadani panjaluke. Jalaran aku durung siap saupama nomerku diblokir karo dheweke.

Dheweke kuwi jenenge Okta. Dheweke kuwi mujudake siswa ing salah siji sekolahan favorit ing kuthaku, Solo.

Kenalku karo dheweke kuwi kapetung unik. Ngenani kepriye bisaku kenalan karo dheweke. Kapan-kapan wae dakcritake.

“Sampeyan wis budhal, Mas?” takone Okta wengi kuwi.

“Wis iki lagi tekan parkiran. Sampeyan wis tekan, Mbak?” wangsulanku sinambi ganti takon.

“Sekedhap, Mas. Sampeyan nganggo klambi sing piye?”

“Aku nganggo jemper ireng sing ana gambare remukan gorengan.”

“Oke, Mas.”

Wiwit tepungan tekan saiki aku pancen durung ngerti kepriye pawongan sing jenenge Okta kuwi kaya ngapa. Semono uga Okta.

Dheweke uga durung ngerti aku iki piye. Aneh pancen. Nanging iki pancen sengaja. Aku lan Okta sengaja ora ijol-ijolan foto jalaran kepengin ngrasakake sensasi jaman biyen sadurunge ana medsos.

Kira-kira limalas menit candhake. Ana wanita sing lungguh ing ngarepku sinambi nggawa es kopi susu sing mentas dheweke pesen.

Pasuryane wanita sing lungguh ing ngarepku iki ayu lan nyenengke kanggo disawang. Wektu aku arep takon. Dheweke malah ndhisiki takon, “Mas Sinung, nggih?” takone sinambi ngelungake tangan.

Tangan sing dielungake kuwi banjur daktampani sinambi mangsuli pitakone, “Leres, Mbak. Niki Mbak Okta, nggih?”

Dheweke banjur manthuk kanthi alon sinambi nyawang wewujudanku.

“Modyar,” batinku.

Ing wektu iku aku wis siyap ngadhepi kasunyatan sing paling pait. Nanging nyatane apa sing nate daksumelangake kuwi ora dumadi.

Sing dumadi malah suwalike. Dheweke bisa nampa karo kahananku lan sesambunganku karo dheweke terus lumaku tekan seprene.

Wektu dheweke nyedhekake sirahe ing pundhakku. Dumadakan..glubuk… aku ceblok saka dhipan. Pranyata lelakon endah sing mentas dakalami iku mung sawates ngimpi.

Ah… emane.

Contoh Cerita Liburan Sekolah Bahasa Jawa 2

Krudung abu-abu

Senajan wayahe liburan. Nanging gandhenge wis kelas telu kang sedhela maneh bakal ngadhepi ujian kelulusan SMA. Aku sakanca diwajibake les ing sekolahan.

Biyasane lese wayah sore sabubare mulih sekolah. Nanging gandhenge dina iku sekolahe libur. Les sing dianakake ing sekolahku kuwi mlebune esuk.

Esuk kuwi sadurunge mlebu les. Aku luwih dhisik lungguhan ana treteg lor sekolahan bebarengan karo David lan Imam.

Jenenge wae bocah rada ndableg sithik, maneka tetembungan sing sejatine ora pantes kaucapake kanthi enteng wae kabeh padha kinucap.

Apa maneh nalika ana bocah wedok ayu sing liwat, mesthi daksuwit-suwit. Yen disuwit-suwit noleh aku lan kancaku mau padha nggeguyu ngakak lan ngrasa lanang tenan.

Kebeneran dina kuwi sina senin. Kaya padatane saben dina senin ing sekolahanku mesthi nganakake upacara. Nanging dina iki arep melu upacara rasane kok males banget.

Kegawa rasa males kuwi mau kang tansah aku kepengin ora melu upacara kuwi kanthi cara singidan ana ing warunge Pak Tris, warung mangan langgananku.

Pak Tris wis apal marang kelakuane bocah sekolah sing mbolos ana ing warunge kuwi. Sejatine Pak Tris dhewe bola-boli menehi ngerti lan kadhang nglapurake marang guru.

Saengga bocah-bocah sing mbolos ana ing warunge kuwi pikantuk ukuman. Senajan kaya mangkono tetep wae ana sing mbolos ana ing warunge.

Gandhenge wis ngrasa jeleh ngandhake bocah-bocah sing ndableg klebu aku kuwi. Wekasane Pak Tris mung meneng wae yen ana bocah sing singidan ing warunge pinuju upacara bendera katindakake.

Sadurunge mbolos ing warunge Pak Tris luwih dhisik aku ngenteni kancaku sakelas sing jenenge Astri.

Bocah kuwi mungguhku ayu banget. Lan saben dakgodha mesthi dadi nesune. Iki sing nyebabake aku seneng banget nggodha dheweke.

Bareng dakenteni sawetara wektu saka kadohan aku weruh wewayangane Atri. Sawise cedhak bocah ayu kuwi banjur dakuncali dolanan ula-ulanan.

Mesthi wae Astri mbengok keweden merga dikirane ula tenan. Bareng ngerti yen ula sing dakucalake iku mung ula-ulanan.

Astri nesu banget lan kegawa rasa nesune iku mau Astri banjur nyandhak sepedhahe lan nabrakake sepedhahe menyang papanku nyangkruk.

Amarga ora ngira yen Astri tumindak kaya mangkono. Aku dalah kancaku langsung wae mencolot menyang njero kalen.

Untung wae wektu kuwi kaline ora ana banyune. Weruh aku lan kancaku nyemplung ana ing kalen kuwi. Astri nggeguyu kanthi kebak kemenangan.

“Awas, titenana mengko yen wis nang njero kelas!” pangancamku sajroning batin.

Jam ing kelas wis nuduhake jam setengah wolu. Sedhela maneh les dina iki bakale diwiwiti. Sadurunge gurune mlebu kelas. Aku nyedhaki bangkune Astri.

“Kowe mau kena apa arep nabraka aku?” takonku.

“Iseng wae, ngapa ora trima ta?” wangsulane lan takone genti.

“Ora.”

“Yen,ora njalukmu piye? Aja kok kira merga aku bocah wedok banjur ora wani karo kowe,” kandhane Astri.

“Kowe, ki…,” bengokku sinambi arep ngepelake tanganku.

Rikala tanganku dakkepelake kuwi dumadakan tanganku dicandhet dening tangan kang alus banget.

Bareng daktoleh jebule tanganku dicandhet dening Tika, ketua kelasku.

“Diterusake, awas! Tak laporake Pak Joko, ancame  Tika.

Rikala Tika ngomong kaya ngono embuh aku kok dadi blangkeman.

“Edan! Lagi iki aku kentekan omong ing ngarepe bocah wadon,” batinku.

Amarga ora bisa nindakake bales dendam aku banjur bali menyang bangkuku. Sawise lungguh aku banjur mikir.

“Kena apa aku iki, kena apa mung dicandhet tanganku dening Tika, atiku dadi trataban kaya mangkene. Apa iki? Ah, ora,ora mungkin,” batinku.

Kedadeyan kuwi pancen wis rada suwe lan saka kedadeyan kuwi tansah nyebabake anane sethithik owah-owahan sajroning uripku.

Aku saiki wis nglereni tumindak nakalku. Bareng daksetitekake sing jenenge Tika iki pancen bedha karo bocah wadon liyane. Dheweke pinter dhisiplin tur pacakane ora neka-neka.

Saliyane kuwi dheweke nganggo krudung abu-abu, werna kesenenganku. Lan sing paling dakelingi sarta nyebabake anggenku leren saka tumindakku yaiku merga kandhane Tika ing sawijining wektu.

“Awake dhewe iki wis kelas 3 SMA, sedhela maneh bakal ngadhepi ujian nasional. Mula saka kuwi wiwit saiki awake kudu nyepakake apa wae sing dibutuhake  kanggo ngadhepi ujian kasebut. Yen ora dicepakake saka saiki bisa-bisane bijine awake dhewe bakale ajur. Lan kanthi ajure bijine awake dhewe bisa-bisa masa dhepan awake dhewe melu ajur,” kandhane Tika sawijining wektu.

Ya, apa sing nate dikandhakake dening Tika marang aku kuwi kang tansah ngelingake supaya aku ora nakal maneh. Matur nuwun ya Tik!

Halaman:

Advertisement