Advertisement
Source : unsplash.com/id/@ismaelparamo

Contoh Doa Malam Tirakatan 17 Agustus 2026 dalam Bahasa Jawa Simple dan Penuh Makna

Apakah kamu sedang membutuhkan contoh doa malam tirakatan 17 Agustus 2026 dengan menggunakan bahasa Jawa yang simple dan penuh makna? Yuk, temukan contohnya hanya di sini!

10 Agustus 2026 Zuly Kristanto

Seperti tahun-tahun sebelumnya, perayaan kemerdekaan Indonesia tidak hanya dimeriahkan dengan berbagai lomba-lomba 17 Agustusan, tetapi juga dimeriahkan dengan Malam Tirakatan.

Di berbagai daerah, khususnya di wilayah Jawa Tengah, Jawa Timur dan DI Yogyakarta acara Malam Tirakatan diadakan dengan menggunakan bahasa Jawa. Mulai dari sambutan bahasa Jawa, sampai dengan doa dengan menggunakan bahasa Jawa.

Nah, kalau kamu sedang membutuhkan contoh doa Malam Tirakatan dengan menggunakan bahasa Jawa yang simple dan penuh makna. Silakan temukan pilihan doanya hanya di artikel terbaru Mamikos berikut ini, ya! 🙂🤲

Contoh Doa Malam Tirakatan 17 Agustus 2026 dalam Bahasa Jawa

contoh doa malam tirakatan 17 agustus 2026 dalam bahasa jawa
unsplash.com/id/@ismaelparamo
65 Soal Cerdas Cermat 17 Agustus 2026 dan Jawabannya untuk Kegiatan Lomba yang Seru

Berikut ini beberapa pilihan doa malam tirakatan 17 Agustus 2026 dalam bahasa Jawa yang bisa kamu jadikan pilihan.

Contoh 1 Doa Malam Tirakatan Bahasa Jawa

Contoh Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus Singkat di Desa yang Berkesan

Alhamdulillahirobilalamin

Dhuh Gusti kawula ingkang ngreksa jagad, kawula sowan kanthi ngaturaken sedaya raos puji sokur wonten ngrasanipun Panjenengan.

Amargi namung saking dayanipun Panjenengan kita sedaya saged kempal wonten papan ngriki tanpa kekirangan setunggal punapa.

Dhuh Gusti ingkang maha kuwaos, ing dalu punika sedaya warga Indonesia mliginipun warga RT [Nama Wilayah], nyuwun agunging pangaksama tumrap sadaya lepat ingkang sampun katindakaken, ugi badhe nyuwunaken pangaksama tumrap sedaya kalepatanipun sedaya pahlawan bangsa ingkang samenika sampun sowan ing ngarsanipun Paduka.

Awit saking kersanipun Paduka ugi saking perjuwanganipun para pahlawan kita ingkang samenika wonten alam padhang saged gesang kanthi mardika.

Mugi-mugi arwahipun para kusumaning bangsa tansah pikantuk pangaksama, tinarima sedaya amal kesaenanipun, sarta tansah dipun papanaken wonten papan ingkang murwat mungguhing Gusti Ingkang Minulya.

Dalu punika, kawula ugi kagungan panyuwunan mugi Gusti Ingkang Akarya Jagad tansah kersa paring kekiyatan murih kita saged saged njagi kamardhikan punika saking sedaya cecongkrahan ingkang saged ngrusak nagari.

Salajengipun, kawula ugi nyenyuwun mugia sedaya pejabat ingkang kadunungan sipat angkara, remen korupsi, remen ngadu sapadhaning masyarakat pikantuk pidana ingkang ageng. Supados sedaya masyarakat Indonesia saged gesang kanthi tentrem, ayem, bingah ingkang turah. Amin, allahumma amin.

81 Kata-kata Harapan Kemerdekaan Bangsa Indonesia Singkat tapi Penuh Makna

Contoh 2 Doa Malam Tirakatan Bahasa Jawa

Dhuh Gusti Allah, Gusti Kawula Ingkang Maha Wikan,

Kawula manembah kanthi ngaturaken sedayanipun raos sokur, mugia bumi Indonesia tansah pinaringan karaharjan, kasantosan, ugi tinebihna saking sedaya bebaya sarta sambikala.

Mugi-mugi sedaya para pangarasanipun nagari tansah pinaringan manah ingkang suci, tansah saged dados patuladan ingkang sae tumrap rakyatipun.

Kawula uga nyenyuwun mugia sedaya rakyat Indonesia tansah pinaringan bagas waras, santosa gesangipun, gampil anggenipun nyekapi kabutuhan saben dinten, diparingi gampil anggenipun nyambut damel, asilipin nyambut damel ndadosaken manah bingah.

Dene tumrap warga ingkang dereng mengku damel enggal dipun paringi pendamelan ingkang asilipun boten nguciwakaken.

Boten kesupen mugi-mugi sedaya ingkang mapan wonten wewengkon Indonesia tansah saged nindakaken lampah saged ngrumangsani sarta ngajeni sesamining gesang. Amin ya rabbal alamin.

Contoh 3 Doa Malam Tirakatan Bahasa Jawa

Gusti Allah Ingkang dados sesembahan kula.

Dalu punika kawula warga [Nama Wilayah] ngaturaken puji sokur dhumateng ngarsanipun Paduka, awit taksih dipun paringi kasarasan saengga saged nindakaken Malam Tirakatan RI ingkang kaping 81.
Gusti Allah, Gusti Sesembahan Kawula.

Wonten wekdal punika kawula hanggadhahi panyuwunan mugia tansah pinaringan kekiyatan kagem nglampahi gesang ingkang tansaya rekaos.

Mugi-mugi lumantar konjukipun donga wonten dalu punika, Gusti Allah saged paring pepadhang tumrap para pamengkuning praja supados saged nengenaken nasibipun kawula alit ingkang tansaya kesrakat gesangipun.

Gusti Allah, Gusti Sesembahan Kawula.

Dalu punika, kawula ugi kagungan panyuwunan mugia bangsa ugi nagari Indonesia tansaha lestari salaminya sarta kawulanipun tansah dipun paringi bagya mulya.

Boten kesupen kawula ugi nyenyuwun wonten ngrasanipun Paduka murih sedaya masyarakat Indonesia tansaha rukun, boten wonten serik ugi cecongkrahan.

Amargi tanpa wontenipun kerukunan sapadhaning kawula, kamardhikan bakal rinaos sepa sarta boten bakal lestari kanthi wekdal ingkang lami.

Gusti Allah, Gusti Ingkang Murwat Jagad.

Kawula ugi nyuwun dipun paringi kekiyatan supados saged njagi lestarining nagari saking sedaya pihak ingkang kagungan niyat nglebur negari punika.

Mugia sedaya pihak ingkang sapunika taksih kasusupan pepeting wonten manahipun enggal pikantuk pepadhang saengga kersa tobat saking tumindakipun ingkang lepat.

Dhuh Gusti Allah, Gusti Ingkang Minulya.

Kawula ugi kagungan panyuwunan mugi-mugi sedaya arwahipun para pahlawan ingkang sampun merjuwangaken kamardhikanipun bangsa punika tansah pinaringan pangaksama saking sedaya kalepatanipun sarta dipun papanaken wonten papan ingkang murwat ing sisihing Paduka.

Gust Allah, Gusti Sesembahan Kawula.

Kawula boten kesupen ugi badhe nyenyuwun mugia tansah pinaringan kekiyatan supados saged nderek njagi kamardhikan ingkan Paduka titipaken murih saged lestari dumugi putra ugi wayah. Amiin ya rabbal alamin.

5 Contoh Teks Pembawa Acara 17 Agustus di Kampung Bahasa Sunda

Contoh 4 Doa Malam Tirakatan Bahasa Jawa

Dhuh Gusti Allah, Gusti Ingkang Maha Wikan Saha Maha Asih.

Wonten dalu punika, kawula ingkang sami nindakaken Malem Tirakatan, kawula sami tumungkul sinambi nyadhong kridha lumahing asta kagem ngonjukaken raos sokur ingkang ageng tumrap nikmat kamardhikan ingkang sampun dipun paringaken tumrap bangsa Indonesia.

Kamardhikan ingkang Paduka titipaken punika mujudaken nikmat ingkang boten kinira, awit bangsa Indonesia sampun uwal saking panindhesanipun para penjajah.

Gusti Allah, kawula nyuwun agunging pangaksama awit kawula taksih asring boten saged ngraos sokur paringanipun Panjenengan.

Mugi-mugi Paduka tansah kersa paring pepiling bilih kawula kesupen nindakaken sokur saking sedaya nikmat gesang wonten kahanan ingkang mardhika.

Gusti Allah Ingkang Maha Asih.

Kawula nyuwun dipunparingi kekiyatan sarta kawaskitan supados tansah saged mbedakaken pundi ingkang sae ugi pundi ingkang awon, saengga saged nebihi sedaya pihak ingkang kagungan watak angkara murka, ingkang kagungan gegayuhan ngrusak tataning nagari.

Mugi-mugi Paduka tansah paring kekiyatan tumrap sedaya bangsa Indonesia murih saged njagai kamardhikan punika lestari salaminya. Aminn ya rabbal alamin.

Contoh 5 Doa Malam Tirakatan Bahasa Jawa

Dhuh Gusti Ingkang Ngreksa Jagad sarta Isinipun.

Dalu punika kawula sumarah nyenyuwun sedaya sih ugi rahmatipun panjenengan. Mugia bumi nuswantara punika tansah pinaringan kaberkahan tumrah sedaya ing gesang wonten nginggilipun, tansah gemah ripah loh jinawi, saged nyekapi sedaya kabetahanipun rakyat.

Mugiya samudra, pertiwi, lan ngangkasa sageda lestari boten risak mergi tumindakipun manungsa ingkang kadunungan sifat srakah. Paringana sedaya rakyat Indonesia ugi para pamangku praja raos cekap, kebak welas asih, sarta tansah nindakaken lampah utami supados kamardhikan puniki saged lestari.

Dhuh Gusti Ingkang Ngreksa Jagad.

Kawula kagungan panyuwunan mugi-mugi para pamangkuning praja saged dados patuladhan ingkang becik tumrap warga.

Sasenese punika, kawula ugi kagungan panyuwunan mugi-mugi sedaya rakyat Indonesia tansah saged rukun, boten gampil congkrah, sarta saged cancut tali wanda njagi kamardhikan ingkang sampun Paduka titipaken.

Kawula ugi nyenyuwun supados sedaya warga negara Indonesia tansah pinaringan kawicaksanan supados saged ngreksa alam kanthi kebak welas saha asih, saengga alam titipanipun generasi ingkang badhe dugi tansah lestari. Amin ya rabbal alamin.

Contoh 6 Doa Malam Tirakatan Bahasa Jawa

Dhuh Gusti Ingkang Nguwasani Gesang, kawula nyenyuwun mugia arwahipun para pahlawan ingkang sampun kondur wonten alam kelanggengan sageda dipunaksama sedaya lepatipun sarta diparingi margi ingkang padhang, saha dipunsukani papan ingkang murwat wonten sisihing Gusti Ingkang Maha Wikan.

Dhuh Gusti, kawula ugi nyenyuwun mugi sedaya pihak ingkang remen ndamel congkrah, remen ndamel rakyat susah, remen ndamel bangsa menika nandang kapitunan enggal dipunparingi emut utawi pidana ingkang imbang kaliyan kalepatan ingkang sampun dipuntindakaken.

Dhuh Gusti Kawula Ingkang Maha Linuwih, kawula nyenyuwun mugia sedaya rakyat Indonesia ingkang taksih nandang kekirangan mugia tansah dipunparingi cekap kabetahanipun. Dene ingkang dereng mengku damel ingkang asilipun murwat, saged dipun sukani pendamelan ingkang asilipun saged ndadosaken manah bingah.

Dhuh Gusti Kawula Ingkang Maha Agung, kawula nyenyuwun supados tansah dipun paringi kakiyatan supados saged tetulung tumrap sapadhaning titah ingkang mbetahaken.

Dhuh Gusti Kawula Ingkang Murbeng Dumadi, kawula tansah nyenyuwun supados tansah dipunsukani kekiyatan kagem njagi lestarining kamardhikan punika dumugi puputing jagad. Amin ya rabbal alamin

Contoh 7 Doa Malam Tirakatan Bahasa Jawa

Dhuh Gusti Allah, Junjungan Kawula, wonten wekdal punika kawula ngonjukaken sedaya raos sokur saking sedaya nikmat kamardhikan ingkang sampun Paduka paringaken. Mugi-mugi Paduka tansah paring emut tumrap kawula supados saged ngraos sokur gesang wonten nagari ingkang sampun mardhika punika.

Dhuh Gusti Allah, Pengeran Kawula, wonten malam tirakatan punika, kawula warga [Nama Wilayah], nyenyuwun supados tansah dipunparingi kekiyatan, kerukunan, ugi kasarasan supados saged nyengkuyung lestaring nagari.

Dhuh Gusti Allah, mugia Gusti tansah kersa paring njangkepi sedaya kekirangan punapa kemawon ingkang kawula raosaken, nebihaken sedaya bebaya saking kawula warga [Nama Wilayah], saha njagi lestarining bangsa Indonesia.

Dhuh Gusti Allah Ingkang Ngreksa Jagad saha isinipun, mugia Paduka tansah kersa paring pangakasama tumrap sedaya kalepatanipun para pahlawan ingkang sampun merjuwangaken kamardhikanipun bangsa Indonesia, ingkang samenika sampun kondur wonten alam kalanggengan.

Mugia sedaya arwahipun para pahlawan tansah tinampi sedaya amal kasaenanipun, tansah pinaringan papan ingkang jembar saha padhang marginipun.

Dhuh Gusti Ingkang Maha Wikan, kula nyenyuwun mugia sedaya warga Indonesia ingkang sapunika taksih nandang kacingkrangan gesangipun, mugia tansah dipunparingi linangkung kathah rejekinipun saengga saged ngraosaken bingah gesang wonten nagari ingkang mardhika.

Dhuh Gusti Allah, kawula ugi nyenyuwun mugi-mugi para pangarsaning praja tansah pinaringan manah ingkang suci saengga saged dados patuladhaning kawula. Amin ya rabbal alamin.

Demikian contoh referensi doa Malam Tirakatan 17 Agustus 2026 Bahasa Jawa yang simpel dan penuh dengan makna. 🤲🤗

Referensi:


Klik dan dapatkan info kost di dekatmu:

Kost Jogja Murah

Kost Jakarta Murah

Kost Bandung Murah

Kost Denpasar Bali Murah

Kost Surabaya Murah

Kost Semarang Murah

Kost Malang Murah

Kost Solo Murah

Kost Bekasi Murah

Kost Medan Murah

Advertisement