Advertisement
Source : Pexels/Suvan Chowdhury

5 Contoh Sambutan Malam Tirakatan Bahasa Jawa 17 Agustus 2026

Apakah kamu sedang mencari contoh sambutan acara malam tirakatan 17 Agustus 2026 dengan menggunakan bahasa Jawa? yuk, silakan temukan berbagai pilihan sambutan bahasa Jawa yang menarik hanya di sini!

12 Agustus 2026 Zuly Kristanto

Supaya susunan acara malam tirakatan 17 Agustus 2026 dapat berjalan dengan lancar dan khidmat, diperlukan adanya sambutan yang ditujukan untuk tamu undangan.

Jika acara malam tirakatan dilaksanakan dengan menggunakan bahasa Jawa, maka ada baiknya sambutan yang digunakan juga menggunakan bahasa Jawa.

Nah, di bawah ini Mamikos telah menyediakan sambutan bahasa Jawa yang diperuntukkan untuk acara malam tirakatan 17 Agustus 2026. Jadi, silakan kamu pilih sambutan bahasa Jawa yang sesuai dengan tema malam tirakatan yang kamu adakan, ya! 🗣️🎙️

Referensi Sambutan Malam Tirakatan Bahasa Jawa 17 Agustus 2026

contoh sambutan malam tirakatan 17 agustus 2026 bahasa jawa
unsplash.com/id/@tinasihgusti
Contoh Doa Malam Tirakatan 17 Agustus 2026 dalam Bahasa Jawa Simple dan Penuh Makna

Berikut ini beberapa pilihan sambutan malam tirakatan dalam bahasa Jawa yang bisa kamu jadikan rujukan untuk kegiatan perayaan tujuh belasan di tempatmu.

Contoh 1 Sambutan Malam Tirakatan Bahasa Jawa Formal

15 Contoh Surat Undangan Malam Tirakatan 17 Agustus 2026 untuk Warga, Download Gratis!

Assalamualaikum warrahamatullahi wabarakatuh.

Ingkang kinurmat bapak/ibu kepala desa [Nama Wilayah], para perangkat desa [Nama Wilayah], para sesepuh, sarta para warga [Nama Wilayah]. Sugeng dalu ugi sugeng rawuh.

Kapisan, sumangga kita konjukaken raos sokur dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Wikan, awit namung saking rahmatipun kita taksih saged kempal dalu punika wonten papan ngriki tanpa kekirangan setunggal punapa.

Salajengipun, mugia sholawat ugi salam tansah konjuk dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita rantos wonten yaumul kiamah samangke.

Para rawuh ingkang tansah dipun tresnani Allah SWT.

Dalu punika kita kempal wonten [Nama Tempat] boten namung kagem fomalitas kagem mapag dumuginipun pengetan dinten kamardhikan ingkang taun punika sampun ngancik 81 warsa kemawon, nanging adicara tirakatan punika minangka wujud raos sokur tumrap nikmat kamardhikan ingkang sampun dipun paringaken Gusti Allah Ingkang Murbeng Jagad tumrap bangsa ugi nagari kita.

Wonten adicara dalu punika, kita badhe ngirimaken donga tumuju para pahlawan bangsa, awit saking lelabuhanipun para pahlawan ingkang sapunika sampun kondur dhateng alam kalanggengan kita saged ngraosaken nikmat gesang wonten nagari ingkang mardhika.

Mugi-mugi lantaran donga ingkang kita kirimaken, Gusti Allah Ingkang Maha Pangaksama kersa paring sedaya kalepatan ingkang sampun dipun tindakaken para pahlawan kita. Saengga arwahipun para pahlawan saged mapan wonten papan ingkang sae mungguhing Gusti Pengeran.

Para rawuh ingkang kawula khurmati.

Wonten wekdal dalu punika, sumangga kita ugi nindakaken refleksi dhiri supados saged manggihi sisip ingkang taksih asring kita tindakaken, sarta nyawijikaken tekad kagem sesarengan ngisi kamardhikan puniki kanthi tumindak sae, ingkang wose saged ndadosaken lestarining kamardhikan sarta gesang ingkang langkung tentrem.

Para rawuh ingkang kawula tresnani.

Minangka salah satunggiling cara supados kita saged langkung ngajeni punapa ingkang sampun para pahlawan tindakaken, dalu punika kita bakal sesarengan mirsani film perjuangan pahlawan, kanthi mirsani film punika mugia saged dados srana kagem ningkataken raos nasionalisme wonten manah kita sedaya.
Pungkasaning atur, kula ngaturaken matur nuwun sampun dipun paringi wekdal kagem paring sambutan Malam Tirakatan.

Mugia lampahing adicara dalu punika saged lancar tanpa wonten pepalang. Kita sami-sami ndedonga, mugia kamardhikan niki sageda lestari salaminya. Nyuwun agunging pangaksama bilih wonten tembung ingkang kirang mranani penggalih. Wassalamualaikum warrahamatullahi wabbarakatuh.

Halaman:

Advertisement