Advertisement
Source : Pexels/Suvan Chowdhury

5 Contoh Sambutan Malam Tirakatan Bahasa Jawa 17 Agustus 2026

Apakah kamu sedang mencari contoh sambutan acara malam tirakatan 17 Agustus 2026 dengan menggunakan bahasa Jawa? yuk, silakan temukan berbagai pilihan sambutan bahasa Jawa yang menarik hanya di sini!

12 Agustus 2026 Zuly Kristanto

Contoh 4 Sambutan Malam Tirakatan Bahasa Jawa untuk Acara Karang Taruna

49 Pantun tentang Hari Kemerdekaan RI 17 Agustus 2026 Lucu 2 dan 4 Bait

Assalamualaikum warrhamatullahi wabbarakatuh.

Sugeng dalu kanca-kanca anggota Karang Taruna [Nama Wilayah].

Matur nuwun panjenengan wis gelem ngluwangake wektu kanggo rawuh ing adicara malam tirakatan HUT RI kang kaping 81.

Kanca-kanca sing daktresnani, wengi iki awake dhewe nglumpuk ing kene ora mung kanggo nindakake malem tirakatan wae, nanging uga karo ngrembug adicara apa wae sing bakal katindakake kanggo ngregengake pengetan HUT RI kang kaping 81.

Saliyane kuwi, awake dhewe uga bakal ngirimake donga marang para pahlawan bangsa kang wis kondur sowan marang ngarsanipun Gusti Allah Kang Maha Wikan.

Kanggo nyigeg adicara, sumangga kita sesarengan maos bismillah kanggo ngawiti adicara malam tirakatan iki. Muga-muga lakuning malem tirakatan wengi iki bisa lancar lan kalis saka sakehing rubeda.

Dakkira cukup semene anggenku matur, yen ana tembung sing kurang trep, aku nyuwun agunge pangaksama.

Wassallamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

Contoh 5 Sambutan Malam Tirakatan Bahasa Jawa untuk Santai untuk Acara Sendiri

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Alhamdulillahirabbilalamin, sumangga kita ngonjukaken raos matur nuwun dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung amarga kita taksih diparingi kesehatan, kekiyatan, sarta wekdal kagem kempal ing adicara malam tirakatan wonten dalemipun bapak [Nama yang Mengadakan Acara].

Kula minangka sesulihing ingkang kagungan kersa ngaturaken sugeng rawuh saha matur nuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang kersa rawuh dhateng adicara dalu punika.

Wonten dalu punika bapak [Nama yang Mengadakan Acara] nyuwun supados panjenengan sedaya rawuh dhateng ngriki kagem nindakake malem tirakatan.

Lampahing adicara punika bakal dipun wiwiti kanthi kirim donga dhumateng para arwahipun para pahlawan ingkang sampun sowan wonten ngrasanipun Gusti Allah SWT.

Sasampunipun niku, adicara bakal dibacutaken kanthi rembugan pemilihan peserta lomba 17 Agustusan ingkang badhe kalampahan wonten desa kita.

Dene sampun rampung, adicara bakal dibacutaken kanthi kembul boga dhahar sekul liwet ugi jajan pasar ingkang sampun dipun cawisaken dening ingkang mengku damel.

Kagem ngringkes adicara sarta boten kedalon anggene adicara niki purna, sumangga kita sesarengan maos bismillahiramanirahim kagem miwiti adicara malam tirakatan dalu punika.

Mugi-mugi Gusti Allah Ingkang Maha Wikan tansah njangkung punapa kita tindakaken dalu punika. Saengga adicara ingkang badhe kalampahan punika saged lumampah kanthi lancar, aman, sarta kalis saking sedaya rubeda.

Saderenge kula pungkasi, bapak [Nama yang Mengadakan Acara] badhe nyuwun pangaksama menawi anggenipun nampi rawuhipun panjenengan kirang mranani wonten penggalih.

Semanten ugi kula, menawi wonten tutur sarta tumindak kula ingkang kirang trep sarta ndadosaken manah panjenengan runtik, saestu kula nyuwun pangaksama. Cekap semanten saking kawula. Wassalamu alaikum warahmatullahi wabarakatuh.  

Demikian contoh sambutan Malam Tirakatan Bahasa Jawa yang dapat Mamikos berikan untuk kamu jadikan referensi. Semoga membantu, ya! 😉👌🏻


Halaman:

Advertisement