5 Contoh Sambutan Malam Tirakatan Bahasa Jawa 17 Agustus 2026
Apakah kamu sedang mencari contoh sambutan acara malam tirakatan 17 Agustus 2026 dengan menggunakan bahasa Jawa? yuk, silakan temukan berbagai pilihan sambutan bahasa Jawa yang menarik hanya di sini!
Contoh 2 Sambutan Malam Tirakatan Bahasa Jawa Singkat Semi-Resmi
Assalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.
Sugeng dalu bapak/ibu sarta para warga [Nama Wilayah].
Kula [Nama Pemberi Sambutan] minangka ketua pania PHBN [Nama Wilayah] ngaturaken matur nuwun sanget bapak/ibu saha para warga ingkang sampun ngluwangaken wekdal kagum ngrawuhi adicara malam tirakatan dalu punika.
Saderenge mlebet dhumateng punjering adicara, sumangga kita konjukaken raos sokur dhumateng Gusti Allah SWT rumiyin, awit namung saking rahmatipun kita saged kempal kagem nindakaken adicara malam tirakatan dalu punika tanpa alangan ugi kekirangan satunggal punapa.
Salajengipun mugia sholawat ugi salam tansah katur dhumateng junjungan kita sedaya, Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita antu-antu wonten yaumul kiyamah.
Para rawuh, dalu punika kita nindakaken adicara malam tirakatan kagem ngeling-eling agenge lelabuhan ingkang sampun dipun tindakaken para pahlawan bangsa.
Panjenengane sampun lila ngurbanaken jiwa ugi raganipun kagem ngrebut kamardhikan Indonesia saking para penjajah.
Saperangan ageng para pahlawan bangsa punika sampun marak sowan ing ngrasanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad. Boten wonten ingkang saged kita tindakaken kagem males jasa-jasa panjenengane kejawi ngirimaken donga.
Mugi-mugi kanthi donga ingkang kita kirimaken saged ndadosaken arwahipun para pahlawan saged pikantuk pangaksama sarta dipapanaken wonten papan ingkang sae.
Sasenese niku, dalu punika, kula minangka ketua adicara PHBN [Nama Wilayah] badhe ngajak dhumateng sedaya rawuh kagem paring bebungah dhumateng bapak [Nama Orang] minangka salah satungguling veteran ingkang pidalem ing desa kita.
Kala wingi, kula sampun ngempalaken dana bantuan saking para warga ingkang tujuanipun bakal kagem bedah rumah dalemipun bapak [Nama Orang] ingkang nate ndherek perang kagem merjuangaken kamardhikan Indonesia.
Dhana ingkang sampun kakempal, sampun dipuntumbasaken maneka bahan bangunan lan sampun siyap kagem dipun pasang. Pramila bapak lan mas-mas ingkang kagungan wekdal longgar, sumangga kita sesarengan nindakaken gotong royong kagem ndandosi dalemipun pejuang kita.
Punapa ingkang bakal kita tindakaken, mesthinipun boten sababag kaliyan perjuwangan ingkang sampun panjenengane tindakaken kagem ngrebut perjuwanganipun nagari kita. Senaosa sekedhik mugia punapa ingkang badhe kita tindakaken saged dados kagem bebungah kagem panjenengane.
Para rawuh ingkang kula tresnani.
Dalu punika kita ugi bakal ngawontenaken tetandhingan alit-alitan supados adicara malam tirakatan saged langkung rinaket.
Tetandhingan ingkang badhe dipun tindakaken inggih punika dolanan tradhisional ingkang menawi generasi mudha sampun kathah ingkang kesupen. Kanthi nindakaken dolanan tradhisional punika mugia saged dados srana kagem ngraktekaken paseduluruan sesamining warga.
Kula kinten cekap semanten rumiyin atur kula, bilih wonten tumindak saha tembung ingkang kirang mranani dhumateng penggalih panjenengan saestu kula nyuwun pangaksama.
Kula ugi boten kesupen ngaturaken matur nuwun dhumateng sedaya pihak ingkang nyengkuyung lampahing adicara punika. Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.
Contoh 3 Sambutan Malam Tirakatan Bahasa Jawa Singkat Bermakna
Assalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.
Alhamdulillahi rabbilalamin, sumangga kita sesarengan ngonjukaken raos sokur dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit saking kanugrahanipun kita sedaya taksih pinaringan wekdal kagem ngestreni adicara malam tirakatan dalu punika tanpa kekirangan setunggal punapa.
Salebeting adicara malam tirakatan dalu punika, kita badhe ngeling-eling sepinten agenge lelabuhanipun para pahlawan bangsa ingkang sampun ngrebut kamardhikanipun Indonesia saking gegemanipun para penjajah ingkang awatak angkara murka.
Kula ngaturaken matur nuwun sanget dhumateng sedaya panitia, tokoh masyarakat, ugi para warga ingkang sampun paring panyengkuyung tumrap adicara punika.
Miugi-mugi kanthi kantindakaken adicara punika saged dados pepiling tumrap kita wigatose njagi kamardhikan kanthi ngraketaken persatuaning bangsa. Sumangga kita tansah cancut tali wanda, gotong royong, sarta tansah rukun supados bangsa niki tansah lestari.
Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.
Halaman:

