Advertisement
Source : Canva/@zurijeta

10 Contoh Ikrar Halalbihalal Bahasa Jawa 2026 Singkat untuk Berbagai Tempat Acara

Apakah kamu sedang mencari contoh ikrar Halalbihalal dalam menggunakan bahasa Jawa yang singkat dan bisa digunakan untuk berbagai acara? Yuk, temukan contoh referensinya hanya di sini!

13 Maret 2026 Zuly Kristanto

Ikrar Halalbihalal merupakan sebuah tradisi yang hampir tidak bisa dipisahkan dengan momentum lebaran.

Biasanya sebelum menyantap menu lebaran, terlebih dulu orang melakukan ikrar Halalbihalal ini dengan menggunakan bahasa daerahnya untuk membuat ikrar Halalbihalal menjadi lebih bermakna.

Nah, di artikel ini Mamikos akan memberikan informasi tentang contoh ikrar Halalbihalal bahasa Jawa 2026 singkat yang bisa digunakan untuk berbagai tempat acara. Jadi, pastikan untuk membaca artikelnya sampai selesai, ya! 😉👍

Contoh Ikrar Halalbihalal Bahasa Jawa 2026 Syawalan

Contoh Ikrar Halalbihalal Bahasa Jawa
Canva/@zurijeta
7 Sunnah sebelum Shalat Idul Fitri dan Cara Mengamalkan untuk Umat Islam

Halalbihalal di waktu lebaran tidak hanya berkutat dengan pakaian lebaran terbaru dan sajian makanan yang menggugah selera, tetapi juga dengan ikrar yang penuh makna.

Berdasarkan laman kemenag.go.id Halalbihalal sendiri merupakan sebuah tradisi umat muslim di beberapa daerah termasuk di Indonesia yang dilaksanakan pada saat lebaran tiba.

Dalam tradisi ini ada sebuah tindakakn seseorang mengucapkan sumpah atau ikrar saat meminta maaf atas segala kesalahan dan kekihlafan yang pernah dilakukannya.

Ikrar sendiri bisa dilaksanakan dengan menggunakan bahasa apa saja termasuk menggunakan bahasa Jawa.

Hanya saja kalau kamu menggunakan bahasa Jawa, usahakan pergunakan bahasa Jawa yang pas saat ikrar dilaksanakan.

Sebelum Shalat Idul Fitri Makan atau Tidak? Ini Anjuran dan Hikmahnya

Misalnya kalau kamu melaksanakan ikrar dengan orang yang lebih tua atau mereka yang secara sosial lebih tinggi kedudukannya, sebaiknya kamu menggunakan bahasa Jawa Krama.

Sedangkan kalau posisi orang yang kamu ikrar ini setara atau usianya lebih muda, tidak ada salahnya kalau kamu menggunakan bahasa Jawa Ngoko Lugu.

Dalam melakukan ikrar Halalbihalal yang paling penting adalah tercapainya tujuan ikrar yakni menjaga silaturahmi dan membersihkan diri dari dosa.

Biasanya ikrar sendiri merupakan salah satu rangkaian kegiatan lebaran yang setelah melakukan ikrar ini dilanjutkan dengan sungkeman dan menyantap hidangan lebaran.

Nah, di bawah ini Mamikos akan memberikan beberapa contoh ikrar Halalbihalal bahasa Jawa 2026 untuk berbagai tempat acara. Silakan pilih yang cocok dengan tempat acara yang dikunjungi saat lebaran, ya! 

1. Contoh Ikrar Halalbihalal di Keluarga Sendiri

10 Ucapan Selamat Hari Raya Idul Fitri untuk Crush yang Berkesan

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Bismillahirrahmanirrahim

Asyhadu alla ilaha illallah, wa asyhadu anna Muhammadar Rasulullah.
Kanthi nyadhong ridhonipun Gusti Allah Ingkang Maha Wikan,, kita sedaya ingkang ngestreni adicara punika samesthinipun sami kagungan raos ngrumaosi bilih kita sami-sami hanggadhahi kalepatan tumrap sasami.

Kanthi wontenipun suraos ingkang kados punika, kita kedah kanthi ikhlas ngikrarken Halalbihalal kanthi pangajab sageda hanglebur sedaya kalepatan ingkang nate katindakaken.

Ingkang sepuh dhumateng ingkang enem, semanten ugi kosok wangsulipun ingkang enem dhumateng ingkang sepuh, sami-sami paring saha nyuwun sarta paring pangaksama murih Gusti Ingkang Maha Kuwaos sageda paring kaberkahan tumrap kita sedaya.

Minal ‘Aidin wal-Faizin.
Mugia kita sedaya tansah saged wangsul dhumateng kahanan ingkang fitrah, suci saking sedaya kalepatan.

Ing perangan sanes mugia Allah Swt. tansah paring pitedah dhumateng kita sedaya saengga kita tansah lumampah ing margi ingkang becik sarta tebih saking kadurakan.
Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh

2. Contoh Ikrar Halalbihalal di Keluarga Besar

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Sedaya puji mugiya tansah konjuk dhumateng Allah ingkang sampun nggihaken kita wonten ing wulan Syawal ingkang kebak rahmat punika.

Wonten ing dinten ingkang suci punika, kita badhe nyuwun agunging pangaksama ingkang tulus saking telenging manah awit sedaya kalepatan ingkang sampun katindakaken wontyen dinten-dinten kepungker.

Kita badhe ngaturaken ikrar supados saged langkung sabar anggenipun ngadhepi wonten bentenipun pamanggih, njagi pocapan ugi tumindak supados mboten natoni penggalih.

Ing perangan sanes sasampunipun ikrar punika kalampahan sarta tumurunipun pangaksama saking panjenengan sageda  ndadosaken paseduluran salebeting kulawarga ageng punika tansaya rumaket.

Mugia kanthi kaikhlasan manah anggenipun panjenengan paring pangaksama saged dados sarana pambukaning kori kabegjan saking Allah SWT.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

3. Contoh Ikrar Halalbihalal di Kantor

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Katur dhumateng Bapak/Ibu Pimpinan saha para mitra sedaya, keparenga kula minangka sesulih saking kanca-kanca tim (nama tim atau bagian di kantor) kagungan niyat ingkang tulus wonten dinten riyading ingkang kebak ampunan puinika:

Sepisan, keparenga kula ngaturaken Sugeng Riyadi, Idul Fitri 1447 H. Taqabbalallahu minna wa minkum, mugi Gusti Ingkang Maha Agung nampi sedaya amal ibadah kita.

Kaping kalihipun, kanthi saestu, kula badhe nyuwun agunging pangaksami dhumateng Bapak, Ibu, saha para mitra sedaya. Bilih ing dinten-dinten ingkang sampun kalampahan, wonten pocapan kula uga tumindak ingkang kirang tata saengga ndadosaken manah panjenengan duka ugi cuwa.

Mugi lumantar silaturahmi punika, kita saged manunggalaken tekad sarta ngraketaken paseduluran supados saged makarya kanthi rukun, semangat, saha berkah kagem kemajengan kantor kita.

Kula ugi kanthi tulus lahir batos ngaturaken pangapunten dhumateng sedaya kemawon. Mugia, kondur saking papan ngriki kahanan kita saged bali suci kados dene bayi ingkang nembe mijil saking garbaning ibunipun.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Halal Bi Halal ATAU Halal Bihalal Mana yang Benar? Ini Tulisan Latin Sesuai KBBI, Arab, dan Artinya

4. Contoh Ikrar Halalbihalal di Sekolah

Assalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh

Ingkang kinurmat bapak/ibu guru (Sebutkan nama sekolah)
Sumangga kita tansah ngaturaken raos sokur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kasarasan tumrap kita, saengga kita saged kempal ing ngestreni adicara Halalbihalal kanthi boten kekirangan setunggal punapa.

Salajengipun kita bakal maosaken lumampahipun adicara ikrar Halalbihalal 2026 sekolah (sebutkan nama sekolah).

Kaping pisan, sedaya siswa sekolah (nama sekolah) ngaturaken sugeng riyadi Idul Fitri (sebutkan tahun hijriah) kagem bapak/ibu guru ugi para staf (nama sekolah).

Kaping kalihipun kita sedaya siswa (nama sekolah) nyuwn agunging pangaksama bilih sadangune niki sampun hanggadhai tumindak ingkang kira tata saengga ndadosaken bapak/ibu guru sarta staf (nama sekolah) ngraos cuwa.

Kaping tiga, kita sedaya (nama sekolah) tansah ngonjukaken donga supados bapak/ibu guru sarta staf (nama sekolah) tansah pinaringan kasarasan ugi diparingi gampil anggenipun nggulawenthah kita.

Mugiya punapa ingkang sampaun bapak/ibu guru sarta para staf (nama sekolah) sageda dados amal sae ingkang saged dipun panen ing akherat benjing.

Cekap semanten ikrar Halalbihalal ingkang saged kita tindakaken, menawi wonten kirangipun, kita nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamualaikum warrahamatullahi wabbarakatuh

5. Contoh Ikrar Halalbihalal kepada Wali Kelas

Assalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh

Bapak/ibu (sebutkan nama) wali kelas,
Pak/Bu, menika (sebutkan namamu) badhe nyuwun pangaksama saking sedaya kalepatan ingkang sampun nate kula tindakaken.

Ing dinten ingkang fitri punika kula badhe ngaturaken ikrar boten badhe ngambali tumindak kula ingkang sampun ndadosaken bapak/ibu ngraos cuwa.

Mugya berkah lebaran punika sageda sumrambah dhumateng bapak/ibu sakulawarga ugi kaluwarga kula sarta kula nyuwun supados bapak/ibu tansah kersa nggulawenthah kula supados dados pribadhi ingkang lankung sae.

Waalikumsalam warrahmatullaabarakatuh

6. Contoh Ikrar Halalbihalal di Lingkungan RT

Bismillahirrahminrahim

Kita minangka wara (nama kampung) RT (sebutkan nama RT) badhe nyuwun pangaksama lahir terusing batin dhumateng sedaya warga RT (sebutkan nama RT).

Mugya kita tansah pinaringan kasarasan, katentreman, kabegjan sarta ditebihaken saking sedaya bebaya tuwin sukerta. Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh.

7. Contoh Ikrar Halalbihalal di Lingkungan RW

Assalammualaikum warahmatullaahi wabarakatuh

Kita brayat ageng saking (nama RW) sngestreni adicara punika, amargi hanggadhahi suraos lepat sarta kepengin ngakeni sedaya kalepatan ingkang dipunsengaja utawa sing boten disengaja.

Amarga niku, kita sedaya sami nywun pangaksama dhumateng panjenengan sedaya. Kairing donga, mugya Allah SWT kersa paring pangaksama tumrap sarta nampi amal kita sedaya. Aamiin.

8. Contoh Ikrar Halalbihalal di Keluarga via WA

Bismillahirramanirrahim

Kita minangka kaluwarga saking (sebutkan nama keluarga), badhe nyuwun pangaksama saking sedaya kalepatan ingkang sampun katindakaken, ingkang sengaja punapa boten.

Mugya Gusti Allah SWT tansah kersa paring pangaksama tumrap kita, saengga kabagyan sarta tali silaturahmi tansah jinaga dumugi puputing mangsa.

9. Contoh Ikrar Halalbihalal Berkesan Trah Ageng

Assalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh

Sedherek sedaya anggota Trah Ageng [Nama Trah], kula minangka sesulih saking kulawarga anem ngaturaken sugeng riyadi.

Wonten pepanggihan dinten punika, kita nggadhahi niyat badhe nglebur dosa antawisipun sedherek setunggal lan sanesipun.

Kula nyuwun pangapunten dhumateng para sesepuh, pinisepuh, lan sedherek sedaya menawi wonten salah khilaf.

Mugi kanthi ananing Halalbihalal punika, sesambungan pasedherekan kita tansah kiyat langkung rumaket kados dene balung pisah ingkang sampun kepanggih.

Sumangga kita rukunaken malih pasedherekan punika kagem keraharjanipun trah kita sedaya. Mugi Gusti Allah paring barokah dhumateng trah punika selaminipun.

10. Contoh Ikrar Halalbihalal di Karang Taruna

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bismillahirrahmanirrahim

Alhamdulillahirabbilalamin, wonten kalodhangan punika kita saged kempal dhateng papan ngriki kagem mapag dumuginipun wulan Syawal.

Salajengipun kita badhe nindakaken Halalbihalal Karangna (nama desa) kagem hangresiki sedaya dosa ugi kalepatan kita setunggal warsa kepengker.

Wonten ing adicara ingkang kebak kabagyan saha rahmat punika sumangga kita sampun kesupen ngaturaken puji sokur dhumateng ngarsanipun Allah SWT.

Ngengeti wigatosipun wekdal punika, mugi-mugi para rawuh sedaya sami maos ikrar Halalbihalal ingkang isinipun:

Bismillahirrahmanirrahim

Dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring nikmat kesehatan, sumangga kita aturaken puji syukur ingkang agung. Mugi-mugi saged ngginakaken maneka warni berkah ingkang sampun panjenengan paringaken kanthi sae.

Wulan Ramlan sampun kalampahan, ssamenika sampun dumugi wancinipun ngrayakaken kemenangan wulan Syawal.

Ing wekdal punika sumangga kita sami nyuwun pangaksama dhumateng sedaya undangan ingkang rawuh.

Para rawuh ingkang kawula tresnani, mugia panjenengan sedaya saged paring pangaksama  sedaya kalepatan ingkang kula lampahi.

Kagem dhiri pribadhi, kawula janji ora bakal badhe ngambali tumindak ala ingkang wingi taksih kawula lampahi.

Mekaten ugi ikrar syawalan utawi ikrar Halalbihalal ingkang saged kawula aturaken. Sedaya kekirangan saha kaluwihan kula nyuwun agunging pangaksama.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Semoga rekomendasi contoh ikrar Halalbihalal bahasa Jawa 2026 singkat untuk berbagai tempat acara ini membantu mereka yang membutuhkannya. 😉👍

Referensi:


Klik dan dapatkan info kost di dekatmu:

Kost Jogja Murah

Kost Jakarta Murah

Kost Bandung Murah

Kost Denpasar Bali Murah

Kost Surabaya Murah

Kost Semarang Murah

Kost Malang Murah

Kost Solo Murah

Kost Bekasi Murah

Kost Medan Murah

Advertisement