Contoh-contoh Ikrar Syawalan Saat Halal Bihalal dalam Bahasa Jawa Singkat 2024

Contoh-contoh Ikrar Syawalan Saat Halal Bihalal dalam Bahasa Jawa Singkat 2024 – Pada saat lebaran orang berkunjung ke rumah saudara, rekan, orang tua untuk meminta maaf atas setiap kesalahan yang telah diperbuat serta untuk mempererat jalinan tali silaturahmi.

Pada saat itu, mereka yang datang akan dijamu dengan beragam santapan khas lebaran yang lezat serta senyum ramah dan hangat dari yang punya rumah.

Memahami Ikrar Syawalan Saat Halal Bihalal

wikimedia.org

Obrolan hangat di saat lebaran seringkali terjadi. Beberapa obrolan akan dilakukan supaya pertemuan itu terkesan dan menyenangkan bagi semua pihak.

Namun, kebanyakan sebelum memulai obrolan, ada ikrar yang diucapkan secara bersama dengan harapan apa yang diniatkan dapat dikabulkan Tuhan.

Contoh-contoh Ikrar Syawalan Saat Halal Bihalal 2024

Pada artikel ini Mamikos akan kasih kamu beberapa contoh-contoh ikrar syawalan saat halal bihalal dalam bahasa Jawa yang dapat kamu gunakan pada saat halal bihalal 2024 yang sudah ada di depan mata.

Contoh-contoh Ikrar Syawalan Saat Halal Bihalal 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Mugya sedaya puji ugi sokur tansah konjuk dhumateng Ngarsa Dalem Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring kathah sanget kanikmatan dhumateng kita sedaya.

Saengga ing titi wanci ingkang endah punika kita taksih saged nindakaken sembahyang Idul Fitri 1445 Hijriyah kanthi lancar tanpa wonten setunggal alangan punapa.

Mugya sholawat saha salam mugi tansah dipuntetepaken Allah dhumateng Kajeng Nabi Agung Rosulullah Muhammad SAW, para kaluwarga, ugi para sahabat, sarta sedaya penderekipun ingkang tansah mituhu dhumateng sedaya piwulangipun.

Para bapak ugi Ibu ingkang kula bekteni sarta kula khurmati, keparenga kula ing ngriki jumeneng kagem marak sowan ing marang panjenengan sami, ingkang saperlu nderekaken panjenengan sedaya kagem nindakaken ikrar halal-bihalal ing titi wanci punika.

Salajengipun kula ingkang badhe matur supados panjenengan sedaya kersa anniroaken napa kemawon ingkang badhe kula ucapaken.

Saderengipun kita wiwiti adicara punika, becikipun kita wiwiti kanthi maos basmallah kanthi sesarengan, sumangga kula wiwiti kanthi sesarengan.

Bismillahirahmanirahim

Asyhadu alla ilaaha illallah.

Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Kepareng kula matur, dhumateng para bapak lan ibu sarta sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula tindakaken sungkem pangabekti mugi tansah katur ing ngarsa panjenengan sedaya.

Dhumateng bapak ugi ibu sederek sedaya ingkang langkung enem, kula ngaturaken salam memitran mugia tansah katur ing ngarsa penjenengan.

Salebnetipun dinten riyaya Idul Fitri punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna wa minkum.

Mugia Gusti Allah tansah kersa nampi sedaya amal ibadah sarta kesaenan kita ingkang sampun kita tindakaken ing wulan Ramadhan kala wingi.

Salajengipun kula nyuwun pangaksama saking sedaya kalepatan kula, kanthi tulus trusinng batin, kanthi tandes dumugi manah, saestu kula nyuwun agunging pangaksama mugia panjenengan kersa paring pangaksama marang kalepatan kula.

Sematen ugi, bilih panjenengan ingkang kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi lila sarta ikhlasing batin kula sampun apura kalepatan panjenengan sedaya.

Mugya Gusti Ingkang Maha Wikan tansah paring ijabah sarta paring pangaksama saking kalepatan kita sedaya.

Amin, amin, Ya robbal ‘alamin.

Mekaten sarta cekap semanten rumiyin ikrar syawalan ingkang saged kita aturaken. Menawi wonten lepating pangucap sarta wonten tumindak kula ingkang diraos kirang mranani salebeting penggalih, saestu kula nyuwun agunging pangaksama.

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

Contoh-contoh Ikrar Syawalan Saat Halal Bihalal 2

Bismillaahirrahmaanirrahiim.

Asyhadu alla ilaaha illallah.

Waasyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Kepareng kula matur, dhumateng Ibu ugi Bapak sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula badhe ngaturaken sungkem pangabekti, mugi tansah saged katur dhumateng  ngarsa panjenengan.

Kagem para ibu ugi bapak sarta para sederek sedaya ingkang langkung enem, kula badhe ngaturaken salam memitran mugia katur ing ngarsa penjenengan.

Ing dinten riyaya Idulfitri ingkang kebak pangaksama 1445 H punika, kula kepengin ngaturaken taqabalallahu minna wa minkum, sugeng riyadi kagem sedaya kemawon

Mugia Gusti Allah tansah kersa nampi sedaya amal ibadah lan amal kabecikan kita ing wulan Ramadan kala wingi.

Dhateng kalodhangan punika, kula badhe estu nyuwun pangaksama saking sedaya kalepatan inkang kula tindakaken kathi tulusing manah.

Mugya panjenengan sedaya tansah kersa paring pangaksama dhumateng sedaya kalepatan ingkang nate kula tindakaken, kosok wangsulipun dhateng kalodhangan punika kula ugu sampun iklas sarta paring pangaksama dhumateng sedaya kalepatan panjenengan.

Mugi-mugi Gusti Allah kersa ngijabahi saha paring kawelasan dhumateng kita sedaya ingkang rawuh dhateng adicara dinten punika.

Amin ya robbal ‘alamin.

Mekaten ikrar Syawalan cekak ingkang sampun kita aturaken. Menawi taksih kathah kalepatan saha wonten tumindak kula kirang mranani ing penggalihipun para rawuh, saestu kula nyuwun agungipun pangaksama.

Waalaikumsalam warrahmatullahi wabbarakatuh

Contoh-contoh Ikrar Syawalan saat Halal Bihalal 3

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bismillah alhamdulillah la haula wala quwwata illa billah amma ba’du

Para rawuh ingkang tansah satuhu kinurmatan, keparenga ing ngriki kula dherekaken kanthi sesarengan ngonjukaken sedaya raos puji sarta puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT.

Dene punapa kula dalah lan panjenengan sami saget nyawiji raos ing adicara Syawalan kagem ngregengaken duginipun Idul Fitri 1445 H menika kanthi kebak nikmat ingkang tanpa pepindan, sehat bregas waras tanpa wonten kirang setunggal punapa.

Samangke, kula ingkang badhe maca, dene panjenengan ingkang sedaya kula ajab lan suwun supados ngambali ingkang kula ucap kanthi sesarengan

Bismillaahirrahmaanirrahiim.

Asyhadualla ilaaha illallah. Waasyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Saderengipun nuwun sewu, kula nyuwun wekdalipun sekedhik kagem matur. Kapisan kagem para kadang sepuh, mugia sungkem pangabekti kula tansah saged dipuntampi dening panjenengan sedaya.

Kaping kaleh kagem para sederek kula ingkang langkung anom lsarta sesami, kawula namung badhe ngaturaken salam taklim dhumateng penjenengan sami.

Ing dinten riyadin punika, inggih dinten Idul Fitri menika, kula badhe matur, taqabalallahu minna wa minkum.

Mugia sedaya amal kesaenan ingkang sampun kita tindakaken sadangunipun wulan Ramadhan saged dipuntampi dening Allah SWT.

Ing kalodhangan dinten punika, ingkang dados wigati, kawula badhe nyuwun aksama saking sedaya kalepatan kula, lahir ugi batin, kanthi raos ikhlas ing salebeting manah, satuhu nyadong pangaksama mugia panjenengan sedaya kersa paring pangapunten dhumateng lepat kula.

Kosok wangsulipun, mbok bilih menawi panjenengan hanggadahi kelepatan dhateng kula, kanthi ikhlas saking lebeting batin kula sampun paring pangaksama dhumateng panjenengan sedaya.

Mugia Gusti Allah kersa paring ijabah saha ampunanipun dhumateng kita sedaya. Amin, amin, Yaa robbalaalamiin.

Mekaten ingkang saged kawula derekaken, nyuwun agunging sih samudraning pangaksami, kawula namung saderma manungsa limrah ingkang kasinungan lepat sarta kekirangan.

Ing Wasana cekap semanten rumiyin saking kula, Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh-contoh Ikrar Syawalan saat Halal Bihalal 4

Bismillahirrahmanirrahiim

Dhuh Gusti Allah Pangeran kula,

Sedaya puji sykuru mygya tansah konjuk wonten ngarsa Paduka ing dinten menika, kula sami silaturrahmi, Saperlu Halal Bihalal apura ing apuran,

Dhumateng bapak ugi ibu ingkang rawuh, kula ngaturaken sembah sungkem pangabekti kula,

Dhumateng para kadag sesami kula ngaturaken salam takdzim kula,

Dhumateng adhik-adhik ingkang langkung mudha, kula ngaturaken raos tresna kula.

Ing dinen riyadin fitri punika, kula nglenggana sedaya kalepatan saha khilaf kula dhumateng panjenengan sedaya.

Awit saking menika, kanthi tulusipun manah, lahir dumugi batos, kula nyuwun samudraning pangaksami dhumateng panjenengan sedaya.

Sawangsulipun, panjenengan sedaya kagungan kalepatan saha khilaf dhateng kula. Saestu kanthi dhangang lan ikhlasing manah, kula sampus paring pangapunten dhateng sedaya kalepatan panjenengan sedaya.

Mugi Allah SWT, tansah kersa paring pitedah saha kawelasan sarta asihipun dhumateng kita sedaya, saengga kita tansah saged njaga iman ugi takwa kita.

Ibadah sarta amal becik kita. Mugi Allah SWT tansah nampi amal ibadah kita, tansah paring aksama dhateng sedaya lepat , tansah nampi tobat kita, tansah paring ijabah dhateng sedaya ingkang dados panyuwunan kita.

Rabbana atina fiddunya hasanah, wa fill akhiroti hasanah. Waqina adza bannar.

Penutup

Demikianlah contoh-contoh ikrar Syawalan saat Halal Bihalal dalam bahasa Jawa yang dapat kamu gunakan pada saat lebaran nanti. Semoga artikel ringkas ini ada manfaatnya.


Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu:

Kost Dekat UGM Jogja

Kost Dekat UNPAD Jatinangor

Kost Dekat UNDIP Semarang

Kost Dekat UI Depok

Kost Dekat UB Malang

Kost Dekat Unnes Semarang

Kost Dekat UMY Jogja

Kost Dekat UNY Jogja

Kost Dekat UNS Solo

Kost Dekat ITB Bandung

Kost Dekat UMS Solo

Kost Dekat ITS Surabaya

Kost Dekat Unesa Surabaya

Kost Dekat UNAIR Surabaya

Kost Dekat UIN Jakarta